Tampilkan postingan dengan label Wigati. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Wigati. Tampilkan semua postingan

Rabu, 14 November 2012

Lestarine Lingkungan, Lestarine Banyu


Mangsa ketiga dawa akeh wong kangelan golet banyu. Apamaning neng panggonan sing pancen dhasare angel banyune. Mangsa ketiga dawa nyebabna kali, sumur, belik utawa tuk padha sat. Kanggone masrakat sing pedinane goli nganggo banyu ngendelna maring sumur utawane belik banget rekasane merga banyu pancen dadi plekara sing wigati tumrape wong urip. Ora mung kuwe, mangsa ketiga uga akeh pelanggan banyu ledheng padha ngangluh jere miline angger wengi thok. Wis kaya kuwe banyune uga ithir-ithir.

Jaman gemiyen senajan mangsa ketiga ora patiya kangelan golet banyu. Apamaning angger ketigane ora suwe. Ya ana, ning mung nggon-nggonan, kena deetung. Neng mangsa rendheg banyu uga dadi plekara wigati. Tekane mangsa udan jaman siki cokan dadi mala. Akehe banyu kejaba marekena blabur uga bisa dadi jalaran gugure lemah sing cokan nggawa kurban.

Mangsa ketiga utawa mangsa rendheng kanggone kaum tani neng jaman siki padha-padha bisa dadi jalaran rusake tanduran. Angger neng mangsa ketiga tandurane garing, parine puso merga kurangen banyu. Lah angger mangsa rendheng tandurane bosok merga keblaburen. Banyu kejaba bisa dadi berkah, manpangati tumrap menungsa uga bisa dadi mala sing ngrugekna penguripan.

Pitakonane; kenangapa banyu sing kudune dadi berkah malah dadi mala? Unen-unen angger mangsa ketiga ora bisa cewok, mangsa rendheng ora bisa ndhodhok bisa kedadeyan neng ngendi bae. Neng kota sing jaman ganu ora tau kenang blabur, neng jaman siki udan sekrayakan paribasane bisa njalari sedawane dalan kebek banyu.

Banyu pancen banget wigatine tumrape menungsa. Neng sejarah uga kecrita akeh peradaban manungsa sing lestari ngetutna sumbere lan iline banyu. Bangsa Mesopotamia sing ketelah dadi pembukane peradaban modern uga manggon neng antarane kali Tigris lan Euphrates. Mesopotamia miturut etimologi asale sekang tembung Mesos sing artine tengah lan Potamos sing artine kali. Anane kali Euphrates sing dawane 2.815 km lan kali Tigris sing dawane 2.045 km dadi piyandel sing utama tumrap ngrembakane bangsa Mesopotamia. Dhaerahe nggo tetanen sing banget subure, tlatahe antarane Laut Tengah nganti butul Teluk Persia. Kewentar dearani “daerah subur bulan sabit” utawa neng basa inggrise dearani “the fertile crescent“, merga dhaerah kuwe wujude kaya wulan tanggal enom.

Peradaban bangsa Mesir Kuna uga gemantung maring kali Nil. Bangsa India banget goli ngendelna maring kali Gangga. Umat Hindu sing ana neng India nganti nganggep kali Gangga dadi panggonan suci sing kramat. Banyune kali Gangga deanggep bisa nggo ngumbah dosa-dosane menungsa. Peradaban bangsa Tiongkok utawa Cina uga thukul sekang pinggir kali sing dearani kali Yang Tse Kiang lan kali Hoangho. Semana uga akeh pusat pemrentahan jaman kerajaan neng Nusantara sing madege milih neng pinggir kali utawane segara.

Nah, jaman siki banyu sing maune dadi piyandel kemajuane peradaban wis owah merga lakune menungsa. Banyu sing ana sajrone bumi pancen bisa uga enteke esih ewonan utawa jutaan taun maning. Ning babagan lahan pertanian sing kurangen banyu, kurange banyu sing bresih lan sehat siki wis derasakena.
Saben-saben mangsa ketiga teka akeh dhaerah metu werta kurangen banyu. Kaum tani rebutan banyu nggo ngileni sawah, malah-malah bisa ana kedadeyan wong tani dadi congkrah merga rebutan banyu ngieni tanduran. Wong tani gedhe banget pengarep-arepe maring pemrentah gageyan mbrantas pleraka kurange banyu.

Semana uga sing neng kota, angger teka mangsan terang dawa krasa pisan rekasane. Banyu resik sing nggo nyukupi kebutuhan pedinan sing ngendelna PDAM sengasaya ngithir cilik iline. Padahal angger wong kota akeh-akehe wis ora padha ngingu sumur. Tuku banyu ideran kejaba madan larang uga kewatir mbokan banyune goli ngangsu sekang kali sing wis kenang cemar limbah. Sarwa-sarwine angger mangsan terang dawa kangelan babagan banyu resik ora nang kota ora ndesa.

Bagen banyu resik sing dewatesi, cemare banyu sajrone bumi, sengsaya sudane sumber-sumber banyu dadi sebab gari kurange banyu resik. Tekan mangsane mengko temen-temen ana kedadeyan banyu dadi barang sing banget larang regane. Sing njalari owahe banyu sekang gawe manpangat dadi bebaya kuwe merga lakune menungsa dhewek. Kejaba masalah jumlah menungsane sing terus tambah akeh sudane banyu resik uga merga rusake lingkungan. Abrasi kisik njalari mrembese banyu segara maring daratan. Kiye dadi sebab banyu sing neng njero lemah terkontaminasi. Goli padha ator wit-witan gedhe, nggugrugi gunung sing cokan sekarepe dhewek uga dadi sebab ilange banyu. Goli padha mbuwang runtah lan mbuwang limbah pabrik maring kali uga njalari banyu dadi kotor lan mbebayani angger dekonsumsi.

Miturut lembaga Wold Water Assesment Programe (WWAP), taun 2025 sepertelon penduduk bumi bakale manggon neng tlatah sing kurangen banyu. Merga krisis banyu sing nemen pisan dadi jalaran thukule pirang-pirang prenyakit. Merga krisis banyu sing parah bakale akeh negara penduduke padha kencoten. Saking rumite babagan banyu akeh sing ngomongna mengko ana titimangsane akeh wong padha congkrah, malahane perang mung rebutan banyu kaya siki padha perang rebutan sumber energi minyak utawa gas bumi.

Inyong rika padha siki wis mangsane kudu mikirna, ngada-ada, ngupayani kepriwe carane ora kentekan sumber banyu utamane banyu resik. Mayuh padha molahi seneng nandur wit-witan lan mandheg goli ngguguri gunung. Mbuwang runtah neng kali, laku boros banyu uga kudu delereni. Nganggo banyu secukupe. Lestarine lingkungan, lestarine banyu. [04]

Lewih Lengkape

Sabtu, 13 Oktober 2012

Nekmate Ngampuranan



Prekara aweh pangapuran pancen gampang deomongna, ning abot goli ngiklasna. Bisa bae lambene ngomong “Iya, tek ngampura sekabehane keluputane rika,” Ning, senjerone ati urung kinaruhan. Pancen, babagan keluputane wong liya sing butul ati temenanan ora gampang goli arep iklas ngapurani. Turane sing aran gelem ngapurani maring lupute wong liya kuwe klebu dalan baline ketentramane batin, mulyane urip brayan.

Merga klebu dadi srana mbalekna tentreme batin, aweh pangapura klebu plekara wigati. Bisa bae ora aweh ngampura maring wong sing gawe salah, wong kuwe uga hak. Ning angger kepengin rasa sing tentrem ya aja weya, gageyan delakoni. Kabeh menungsa duwe potensi kenang prenyakit ati sing jenenge satron, dhendham utawa ngincim. Ora mung neng jaman siki sing cara apa-apane pancen onjon-onjonan. Kawit jaman nabi Adam uga wis ana. Sedawane sejarah uga akeh wong padha mungsuhan, incim-inciman nganti gutul paten-patenan. Goli padha dhendham ora mung sedina rong dina, malah nganti ana sing nganti butul pitung turunan.

Neng kitab Pararaton kecrita lamona dhendham uga sing nglambari mletike sumpahe Empu Gandring. Merga sumpah kuwe njuran kerise Mpu Gandring mangan korban tekan pitung turunan. Mulabukane merga Empu Gandring dadi kurban keris gaweane dhewek. Empu Gandring mati merga Ken Arok, wong sing mrentah gawe keris, nujlebna kerise maring dhadhane sing gawe. Empu Gandring ipat-ipat maring Ken Arok; “Keris kiye bakal mbaluki, Ko, nganti anak putu pitung turunan kenang tulahe keris kiye.”

Neng cerita Mahabharata, ngincim uga sing njalari murube perang Bharatayuda. Angger ora ana dhendham neng atine Dewi Gendari merga kuciwa maring Raden Pandu ndeyan Kurawa ora bakal satru bebuyutan karo anak-anake Pandu yakuwe Pandawa. Kedadeyan perang gedhe rebut bener Bharatayuda nggambarna Dewi Gendari rumangsa marem atine merga wis bisa males ukum maring anak turune Raden Pandu. Pirang-pirang sing kudu dadi kurban males ukume Dewi Gendari. Ana-anake dhewek sing ketelah Kurawa uga melu dadi kurban. Neng perang Bharatayudha antarane Kurawa lan Pandawa sing jane esih sedulur padha congkrah. Paseduluran bubrah merga Dewi Gendari ora bisa aweh pangapura maring Raden Pandu.

Anane ukara sapa nandur bakale ngundhuh, sapa gawe bakale nganggo, sapa nyilih mbalekena, lan sapa utang kudu nyaur dadi bukti lamona kabeh pancen ana piwalese. Utang bandha nyaur bandha, utang pati nyaur pati kuwe dadi pengeling-eling urip kudu sing ngati-ati. Pitakonane, apa enggane selawase kudu ana males ukum? Apa enggane ora bisa aweh pangampura maring wong sing gawe salah-luput?

Ana crita liya sing mesthine bisa dadi tuladha tumrap wong sing agi duwe dhendham. Jenenge Mpu Bharadah sing deprentah dadi Duta Sraya neng Raja Airlangga. Tugase kon mateni Calon Arang sing deanggep wis ngrusak ketentremane negara. Calon Arang sing jeremonge sekti mandraguna njuran bisa depateni neng Empu Bharadah. Ning merga Mpu Bharadah duwe rasa welas asih njuran Calon Arang deuripna maning. Calon Arang dewulang barang bener lan kebecikan supayane bisa muksa. Calon Arang rumangsa bungah pisan merga wis detidhoki dalan maring swarga. Sawise kabeh piwulange rampung, Calon Arang njuran depateni maning neng Mpu Bharadah. Jisime njuran deobong. Muride Calon Arang sing jenenge Woksirsa lan Mahisawadhana uga detampa dadi muride Empu Bharadah.

Mpu Bharadah goli gelem nguripi lan gelem mulang barang bener maring Calon Arang semuride pancen iklas. Ancase ora liya kon Ratna Manggali, anake Calon Arang, lan Bahula muride Calon Arang bisa meneb, atine padhang, pikirane ora ngewulani hawa nepsu incime. Pancen ora gampang mbuwang watek satru dhendham. Inyong rika padha kudu bisa ngrumangsani lamona dhendham mung arep gawe kapitunan. Gelem aweh pangampura lan njagani aja nganti wong liya duwe rasa dhendham, kuwe lewih mulya. Andum katresnan lan welas asih maring sapa bae klebu maring wong sing wis nglarani, duwe keluputan, gawe gela maring inyong rika padha bisa dadi jalaran kebukake lawang swarga.[04]

Ujare Inyong:

Lutfiani Kurnia D
Mahasiswa STIKES Harapan Bangsa, Purwokerto
Urip brayan batiran konsupayane langgeng ya kudu gelem ngakoni angger pancen luput, njuran pasrah keluputan njaluk ngapura. Semana uga angger ana kanca batir sing pasrah keluputan ya dhewek kudu gelem ngapurani kanthi ikhlas, ora mung lamisan neng lambe. Cara inyong tah ora angel angger luput ngakoni keluputane njuran jaluk ngapura. Uga sewalike. Pokoke gari apa niate lah.



Rusli Ansorulloh
Manggon neng Kota Malang, Jawa Timur
Kepriwe arep mikir liane sing lewih wigati angger ketungkul padha satru bebuyutan. Kejaba dendam marekena dadi prenyakit, cara inyong dendam uga marekena suda dalan pangane. Mbokan kepenak-kepane wong angger bisa guyub rukun karo sapaha bae. Sing uwis ya uwis, sing urung aja delakoni. Aja padha niru jenate wong-wong kuna sing cokane goli dendam nganti butul anak putune. Muga-muga inyong rika padha ora duwe sipat pendendam.



Susi Susilowati
Swasta mannggon neng Cikarang, Jakarta Barat
Satru bebuyutan klebu watek sing ora apik. Neng jaman siki wis ora mangsane maning dendam-dendaman. Angger tembung ndilalah gegoh karo wong liya ya gagean njaluk ngapura utawa aweh pangapura. Masalah bisa derampungi nganggo cara sing apik yakuwe musawarah. Ana rembug ya derembug.

Lewih Lengkape

Selasa, 28 Februari 2012

Basa Banyumasan Nang Jagat Maya

Wis suwe masrakat Banyumas decireni nganggoistilah ”wong ngapak-ngapak”. Apamaning, bahasa ”ngapak-ngapak” uga cokan deenggoguyonan neng para pelawak sing biasa metu neng TV. Mulane basa lan masrakat Banyumasansengsaya goli katon asor drajate. Basa banyumasan deanggep mung dadi basa dhagelan.Wis kaya kuwe, akeh wong Banyumas, utamane angger wis dadi pegawe rumasa asor anggergoli ngomong nganggo basa jawa banyumasan. Para pegawe lewih seneng lan rumasalewih pengaji angger goli ngomong nganggo basa bandhek, basa jawa wetanan
Banyumas sing tau dadi jajahane Majapahit,Pajang, Mataram nganti gutul Surakarta lan Landa pancen ndadekna wongpenginyongan sengsaya keseser minggir adoh. Unen-unen; adoh ratu perek watunggo nyireni wong banyumas dadi bukti lamona wong Banyumas lair lan degedheknaneng masrakat tani, masrakat wong cilik. Merga urip neng masrakat wong cilikndadekna wong Banyumas dadi masrakat sing egaliter, ora mbedak-bedakna langelem nampa sapa bae sing teka. Neng babagan laku pedinan, masrakat banyumasanora mentingna unggah-ungguh. Goli ngomong uga cablaka, apa anane. Spirit budayaBanyumas sing merakyat bisa nggo pawitan mbangun demokrasi neng Indonesia.
Sing mlebu wewengkon budaya banyumasan rupaneKabupaten Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, lan Kabupaten Cilacap. Nengjaman Orde Lama lan Orde Baru, wong banyumasan uga esih urung medeka. Nengjaman kuasane Orde Baru sing nganggo politik lan budaya feodal Jawa keraton,masrakat Banyumas tambah sengsaya goli desepelekna nganggo istilah ”wongngapak-ngapak”. Basane wong Banyumas sing ngoko, unine jeremonge kasar lanmedhok deanggep lewih asor tenimbang basa Jawa keraton Solo utawa Yogyakarta. Ning basa”ngapak-ngapak” sing decap asor, nyatane sebenere malah klebu Basa Jawa singasli. Ujare Budiono, neng buku Banyumas: Sejarah, Budaya, Bahasa, dan Watak(LKIS, 2008), basa banyumasan utawa “basa Ngapak” desebut klebu Jawidwipa utawabasa Jawa wiwitan. Basa banyumasan sing esih nganggo akhiran vokal ”a”, padhakaro unen-unen aksara hanacaraka. Konsonane deucapna cetha lan teges. Neng basabanyumasan, kosakatane ora nganggo adhah-andhahan, ngoko lugu. Beda karo basaJawa Solo lan Yogyakarta (Basa Jawa Anyar) sing ngaggo akhiran swara ”o”.
Gerakan reformasi taun 1998 ndadekna bangsaIndonesia lewih bebas utamane neng babagan politik lan budaya. Molahi taun 90-an,lair pirang-pirang paguyuban Banyumasan, contone Paguyuban Serulingmas [SeruanEling Banyumas], Paguyuban Kerukunan Keluarga Banyumas [KKB], Pakudimas [PaguyubanKeluarga Dialek Banyumas], Keluarga Mahasiswa Banyumas. Kabeh paguyuban,kelompok sing ana tujuane nguri-uri budaya lan basa penginyongan Banyumas.

Anane kemajuan teknologi lan informasi demanfangatnabocah enom nggo mujudna rasa tresna maring budayane. Neng Banyumas sekubengeuga neng kota-kota gedhe kaya Jakarta akeh radio sing wani siaran nganggo basaBanyumasan nganti nglairna Paguyuban Pendengar Penyiar Radio Banyumas[P3RB]neng jakarta.
Neng duniamaya uga akeh blog lan situs singnganggo basa banyumasan. Sing lagi kewentar ana situs www.kayakiye.comminangka situs pertemanan singniru Facebook. Situs kayakiye.com degawe ancase pancen nggo ngumpulna masrakatpenginyongan lan nglestarekna basa banyumasan. Neng menu tampilane nganggotembung banyumasan upamane: Ngarepan (Home),Goleti (cari teman), Gim-giman (game), mlebu (Log-in), metu (Log-out).Uga ana fitur unik sing ora nana neng facebook, yakuwe fitur “melu” kaya fitur “follow” nang situs twitter.
Neng situs www.kayakiye.com uga ana fasilitas sing dejenengi kamus ngapaknggo nggampangna para pengguna sing ora bisa basa banyumasan. Mung sayange nengdunia maya esih akeh sing padha nganggo istilah ngapak lan ora paham lamonalaire istilah ngapak sejatine ngemu surasa sing ora ngepenaki.
Neng situs jejaring sosial Facebook akehpisan acount group banyumasan,contone Portal Blakasuta Bali, Ngapak-ngapak Banyumasan, GerdhuSedulur Banyumas, Java Ngapaks Lover Club,kabeh tujuane ngumpulna wong banyumasan.
Bocah nom-noman sing padha duwe akun twitter uga akeh pisan sing padha nganggo basabanyumasan. Contone akun @Nga_pak, @Banyumasiana, @NgapakVanJava, @Parikanngapak, @GembelNgapak. Akun-akun kiye saben dinane rajin pisan gawe statusnganggo basa banyumasan.
Basa banyumasan sing jeremonge ndesa siki wisdeenggo neng bocah nom-noman sing padha kuliah neng Jakarta, Bandung utawaneJogja. Siki jamane wis beda. Basa Banyumasan wis molahi moncer ora mung neng wongtuwa thok ningen nom-noman uga wis gelem ngomong nganggo basa Banyumasan sabendinane.
Sikimasrakat banyumas tambah regeng goli nglakoni dadi wong penginyongan. Bahasa”ngapak-ngapak” utawa basa banyumasan sing jaman ganu decap asor jebule basasing lewih tuwa lan lewih perek karo basa Jawa sing asli. Basa Jawa singdeanggep adiluhung nyatane jebule basa anyaran, owah-owahan sekang basa Jawaasli. Basa Jawa Solo lan Jogjakarta anane molahi akhir jaman Kerajaan Pajang [abadke-16].
Gregahe budaya lan basa Banyumasan bisa dadijalaran merdekane wong penginyongan sekang penjajahan budaya kraton. Kanthilaku lan basa sing cablaka, apa anane, masrakat banyumasan nemu jatidirine:masrakat sing presaja, beda karo budaya kraton sing feodal, eufimistis, lan rumangsapengaji dhewek.[@AgusMukti2]

UJARE INYONG:

Darsono
Wlahar Wetan Rt.03. Rw.01, Kalibagor
Carainyong basa banyumasan bisa dadi basa pergaulan, bisa denggo ning endi bae. Inyongmelu bungah angger bocah nom-noman padha ora isin nganggo basa banyumasan.Apamaning angger neng dunia maya, internet. Ngulinakena nganggo basa banyumasannengendi bae padha karo wis gelem nganguri-uri basane dewek.


Manyar Sawitri
Pangukan, Tridadi, Sleman,Yogyakarta.
Inyong ora isin ngomong nganggo basa banyumasan senajan jereangger derungokna wong liya pating blekutuk. Angger ana reunian karo kanca smputawa karo kanca bathir unsoed kabeh nganggone uga basa banyumasan senajan wispadha nyebar negendi ora. Pokoke angger agi ngumpul sing maune bandekan utawabasa liane kabeh dadi banyumasan.


Subhan Asy’ari
Desa Moluo, Kec,Kwandang, GorontaloUtara, Gorontalo
Wismangsane wong banyumasan bali maring budaya lan basane dewek. Senajan sing aslipenginyongan mung ramane inyong, ning inyong uga blajar basa banyumasan lan oraisin ngomong karo basa banyumasan. Neng internet akeh pisan wong banyumasansing ora isin-isin gelem ngango basa banyumasan. Kanggone inyong sing agiblajaran anane wong banyumasan neng internet mbantu pisan. Uga kena kena nggotamba kangen maring dulur-dulur sing ana neng tlatah banyumas.

Ismy Althofunnisa
Adiwerna, Tegal.
Inyong aslinesekang Tegal. Tau sekolah neng Purakerta. Inyong rumangsa prihatin merga esihakeh wong banyumasan sing rumangsa isin angger goli ngomong ngapak-ngapak. Jerebasa banyumasan katro,ndeso, ora gaul. Ning inyong ora isin ngomong nganggobasa banyumasan senajan cokan ana sing moyoki jere angger ngomonge karo basabanyumasan dadi ilang ayune. Angger ana sing ngomongna lamona basa banyumasanderungokna lucu cara inyong malah kebeneran. Tegese bisa nggo nglipur kancabatir sing agi sedih. Kejaba kuwe, cara inyong neng basa banyumasan akehistilah sing unik-unik.
Lewih Lengkape

Selasa, 08 November 2011

Aja Ngasi Sing Nang Kubur Padha Nelangsa

Saben tanggal 10 Nopember Bangsa Indonesia mengeti Hari Pahlawan. Pengetan Hari Pahlawan deanakena nggo ngemut-emut jasane para pahlawan sing wis ngurbana dunya nganti nyawane merga berjuang mbelani kemerdekan. Tanggal 10 November depilih dadi Hari Pahlawan merga neng tanggal kuwe 66 taun sing wis kliwat para pejuang kita perang tohpati nglawan tentara Inggris neng Surabaya. Pejuang Indonesia dekomandani neng Bung Tomo. Nggo ngormati jasane para pahlawan sing wis sumareh, masrakat kon padha masang gendera merah putih sedhina nutug. Para PNS lan bocah sekolah biasane uga kon padha melu upacara gendera neng alun-alun utawane neng sekolahane dhewek-dhewek.
Pancen inyong rika padha ora melu korban nyawa kaya para pejuang sing neng perang Surabaya jaman kalasemana. Pengetan Hari Pahlawan kayane saben taun sengsaya suda regenge. Acara sing deanakena mung dadi seremoni rutin merga kaya-kaya mung netepi padatan.
Neng wulan Nopember taun kiye uga ngepasi karo tekane dina riaya Idul Adha. Tumprap umat Islam sing mampu duwe kewajiban nglakoni ngibadah haji lan nyembeleh kewan kurban. Mulabukane ana prentah qurban merga gemiyen Nabi Ibrahim AS, deprentah neng Gusti Allah konsupayane nyembeleh anake dhewek sing paling detresnani, yakuwe Ismail. Anane prentah sing kaya kuwe, ndadekna Nabi Ibrahim kudu ngadhepi pilihan sing ora gampang. Arep tundhuk karo Gusti Allah banjur nyembeleh anak sing paling detresnani utawa arep mbalela lan melu bujukane setan. Pancen pilihan sing angel, ora gampang delakokni angger Nabi Ibrahim ora duwe iman lan taqwa maring Gusti Allah. Senajana Nabi Ibrahim degodha neng setan konsupayane aja nglakoni prentahe Gusti Allah,ning merga Ibrahim duwe tekad madhep mantep maring dhawuhe Gusti Allah dheweke ihlas niat arep nyembeleh Ismail nggo qurban. Ndilalah kersaning Allah, jalaran keihlasan lan imane Nabi Ibarahim sing jejeg, banjur Ismail sing maune arep desembelih deganti karo wedus gibas.
Peristiwa perang Surabaya lan kurbane Nabi Ibrahim esih kena nggo tuladha tumrap inyong padha. Uga kena nggo pertakonan maring awake dhewek, apa sing wis delakoni nggo tandha bekti maring Gusti Allah lan Negara Indonesia.
Angger neng jaman siki ana wong sing wateke kaya Bung Tomo utawane Nabi Ibrahim, kayane mung arep dadi guyon kanca batir, malah bisa dearani ora waras merga deanggep ngrugekna awake dewek. Ning dekayangapa roh, tekad, jiwa lan rasa kepahlawanan tetep kudu ngrembaka lan murub neng atine kabeh wong sing rumasa urip neng Indonesia,utamane kanggo nom-noman.
Ngisi kamardekan lan maknani kepahlawanan dadi tugase inyong rika padha sing urip neng jaman siki. Goli maknani kepahlawanan ora mung nganggo upacara-upacara ning kita uga kudu bisa dadi pahlawan neng bidhange dhewek-dhewek. Pahlawan bisa demaknani wong sing pinunjul merga duwe prestasi, wani mbelani barang bener lan gelem ngurbane apa bae nggo kepentingane wong akeh.
Ngadepi kahanan bangsa Indonesia sing cara apa-apane agi ora apik akeh wong sing duwe pengarep-arep laire pahlawan jaman siki. Bangsa Indonesia agi mbutuhna wong-wong sing gelem nggatekna lan mentingna kebutuhane masrakat utamane masrakat miskin. Indonesia lagi mbutuhna pahlawan-pahlawan nggo mujudna cita-cita Indonesia sing makmur,adil lan demokratis. Indonesia mbutuhna pahlawan-pahlawan, neng babagan apa bae.
Angger jiwa kapahlawanan tukul neng atine kabeh masrakat Indonesia, ora bakal ana koruptor, teroris, maling lan liya-liyane. Angger gemiyen goli berjuang ngurak penjajah karo bedhil, granggang, panah, bendho lan apa bae. Angger siki goli berjuang kudhu bisa nolak wujud apa bae sing gawe kapitunan maring masrakat. Hukum kudu madeg jejeg aja mbelani wong sugih lan ngidek cengele wong mlarat. Aja nganti ana kedadean sing duwe duwit mbregengeng, sing mlarat dadi pendeng.
Pancen ora gampang dadi pahlawan sing sebenere. Akeh wong sing kepengin dadi pahlawan ning pog-pogane mung dadi pahlawan kesiangan. Pahlawan sing ngaku-aku melu berjuang, rumasa duwe jasa sewise perjuangan nglawan kahanana sing sarwa-sarwine angel wis kliwat.
Anane pengetan Hari Pahlawan lan tekane dina riaya qurban dadi titi mangsa sing wigati tumrap kita bangsa Indonesia sing agi akeh cobane. Kemiskinan, pengangguran, kasewenang-wenangan para “penggedhe”, kaadilan sing urung bisa mujud tumrap sakabehing rakyat; tingkah polah para koruptor ngrampoki dunya Negara, pendidikan sing esih urung pen lan gedhong-gedhong sekolah sing padha ambruk, wong tani sing urung sejahtera, tenaga kerja sing neng luwar negri urung duwe jaminan perlindungan, babagan wates karo Negara liya, bentrokan antar masrakat, rasa nasionalisme sing wis luntur, rasa persatuan lan paseduluran sing madan nguwatiri, lan lia-liane kudu temen-temen dedandani. Aja nganti para pahlawan padha ngresula neng alam kubur ndeleng kahanan Indonesia dina kiye. Pancen ora gampang mujudna, ningen angger kita nyawiji tekade, mesti bisa kaleksanan. Amin.[04]

UJAR INYONG:
Soetardjo
Pejuang ’45,mantan Anggota BKR [Barisan Keamanan Rakyat],
Desa Kalimanah Wetan, Purbalingga.

Pahlawan kuwe wong sing gelem nglakoni pegaweyan nggo kepentingane wong akeh. Pahlawan ora tau takon goli nyambet gawene arep debayar apa ora, sing penting wong liya seneng karo kepenak. Neng jaman siki wis langka wong sing bener-bener duwe watek gelem berjuang,berkurban nggo kepentingan masrakat. Jaman siki akehe jere makili kepentingane rakyat ning esih gotak angger ora debayar. Padha ora gelem nyambet gawe angger ora genah bayarane. Malah jere makili masrakat karo nggawa aspirasi masrakat, ning angger neng TV padha ngomonge gelem gawe Undang- undang utawane Perda kudu ana dhuwite, angger ora nana dhuwite njuran padha ngambek, mutung, malah ngancam bubar, kuwe tegese ya pahlawan lomboan. Inyong percayaa angger masrakat mestine kepengine wakil rakyat sing ngepenakena masrakat, udu wakil rakyat sing ngepenakna awake dewek.

Lewih Lengkape

Jumat, 30 September 2011

Sukses Pilkada Banjarnegara


"BAR AYON-AYONAN KARI REGENG BRAYAN"

Limang taun sepisan neng saben kabupaten ana mbaranggawe pemilihan kepala daerah utawa Pilkada. Ora semendhing wong sing maune batir njuran dadi padha ayon-ayonan melu nyalon Bupati lan Wakil Bupati. Kabeh calon ngrekadaya konsupayane olih dhukungan sekang masrakat. Molahi sekang gawe tim sukses nganti masangi werna-werna spanduk lan gambar calon delakoni senajana wragade uga ora semending.
Kahanan masrakat mangsan kampanye sing maune tentrem merga ngadepi pilihan dadi mandan anget. Neng masrakat uga akeh kedadeyan tim sukses padha cokrah rebutan pendhukung karo tim sukses calon liya. Seriuse tim suksen cokan ngalahna seriuse calon sing dedhukung. Kaya angger neng bal-balan, penontone goli gisus ngungkuli sing agi dolanan bal neng lapangan.
Kabupaten Banjarnegara wis rampungan goli mbaranggawe Pilkada. Neng wulan Oktober kiye rencanane Bupati karo Wakil Bupati anyar arep delantik. Rampungan mbaranggawe Pilkada kudune ora ninggali masalah nganti tumeka dadi neng nengan apamaning mungsuhan. Wis lumrahe neng saben pemilihan mesti kudu ana sing menang lan kudu ana sing kalah. Ning aja nganti ana kedadiyan calon utawa tim sukses sing menang moyoki sing kalah. Semono uga sing kalah kudu legawa.
Pancen ora gampang nrima utawane legawa ngakoni menange calon liya. Kacek swara sing ora sepiraha cokan dadi jalaran cokrahe masrakat. Akeh conto, calon sing kalah merga rumangsa decuresi njuran ora trima nganti kedawan gagang tekan dadi masalah hukum.
Sapaa bae sing menang lan kepilih dadi Bupati mesthine udu wong sembarangan. Sing kepilih mesthine putra dhaerah sing paling apik lan mercayani. Sing dadi Bupati anyar uga mbutuhna kerja sama lan dhukungan sekang kabeh masrakat ora kejaba pendhukung calon sing dadi saingane. Kabeh potensi sing ana kudu dekukup deraup neng sing kepilih, nyewiji niyat ndandani kahanan konsupayane dadi lewih apik. Angger kabeh calon seuwise pilkada njuran bali dadi guyub maning kaya maune sing dadi rakyat uga melu bungah lan duwe pengarep-arep kahanan sing arep teka bisa dadi lewih temata.

ANCAS Nomer 19//Taun 2 Oktober 2011
Senajan goli Pilkada Kabupaten Banjarnegara klebune tentrem, ning dekayangapa rekonsiliasi kudu tetep ana merga jumlah wong sing rumasa kalah lewih akeh tenimbang sing rumasa menang. Rekonsiliasi klebu bab sing wigati kanggo nepungna maning antarane kandidat, tim sukses lan masrakat pemilih. Rekonsiliasi sewise pemilihan kudu dadi budaya merga rekonsiliasi bisa dadi lantaran baline guyub rukun wong sing bar ayon-ayonan.
Rekonsiliasi bisa mlaku angger debarengi karo laku adil. Sing menang lan sing kalah kudu padha-padha duwe niat sing ikhlas, padha-padha omber atine. Tegese,angger rekonsiliasi pulitik mestine ana rembugan konsupayane kabeh rumasa deregani. Bisa uga merga anane rekonsiliasi sing kalah karo sing menang rumangsa marem njuran bisa bareng-bareng mikirna masa depan rakyate. Sing menang ora kegedhen endhase [kehormatane] lan sing kalah uga ora kelangan endhas[kehormatane].
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (Pengarang : Pusat Bahasa) rekonsiliasi tegese mbalekna kahanan sing kaya maune. Rekonsiliasi uga bisa demaknani aweh pangampura maring sing deanggep salah. Gelem aweh pangapura mamfangate kanggo kesehatan gede pisan. Gampang aweh pangapura bisa nukulna energi positif lan dadi sebab sehate awak lan pikiran. Wong sing gelem ngapurani ora kemrungsung uripe, ora gampang stress angger ana masalah.
Miturut ilmu Psikologi angger wong terus ngengken nepsu, angel aweh pangapura, duwe watek drengki, iri bisa dadi jalaran thukule pirang-pirang prenyakit. Kejaba kuwe, pengunek-unek sing desimpen neng ati ndadekna menungsa gampang wedi sing ora semesthine, gampang curiga maring wong liya. Akibate uripe ora jenjem, kaya-kaya kabeh dadi mungsuh.
Mulane seuwise Kabupaten Banjarnegara duwe bupati anyar sing maune padha ayon-ayonan mayuh padha bali maning kaya maune. Bupati sing anyar ora bakal bisa mbangun kanthi apik angger ora dedukung neng kabeh warga Kabupaten Banjarnegara.[AgusMukti]


UJAR INYONG:
Ki Anom Sarjohno, BA
Dalang Wayang Kulit manggon neng Semarang Kidul,Banjarnegara
Pemilukada Banjarnegara tumrape inyong wis cukup maen pelaksanaane. Rakyat bener-bener teyeng nglakoni hake milih kanti bebas. Angger esih ana perselisihan, gesekan, kuwe lumrah. Jenenge bae negara demokrasi, beda pendapat ya ora papa. Malah angger ora beda pendapat keton wagu. Ning kudu deeling, senajan negara demokrasi ningen Demokrasi Pancasila sing mikul dhuwur nilai-nilai spiritual, persatuan, keadilan lan kebersamaan. Mulane sing wingi padha congkrah, mayuh pada balen maning sing akur. Sing padha kompak, lan kompak. Neng tatanan pemrentahan semana uga, mangga padha rekonsiliasi, goli batiran bali maning kaya maune konsupayane bisa dadi tuladha tumrap rakyat Banjarnegara.
Mayuh padha nyambut pemimpin anyar lan nyengkuyung program-programe utawa janjine sejerone kampanye wingi konsupayane bisa kelaksanan lan masrakat ora gela. Merga kepemimpinan wingi wis apik, muga-muga siki lan seteruse Banjarnegara lewih moncer, Gilar-Gilar. Murah sandang pangan, papan kecukupan lan sejahtera. Kuwe jane sing dikarepna.

Susanto Wong Aboge
Cibangkong RT 3 RW 2 Kecamatan Pekuncen, Kabupaten Banyumas
Kaya inyong sing dadi rakyat kepengine teyeng nyawang para wakil rakyat lan pamong prajane padha guyub rukun,akur. Contone ana kedadiyan neng sewijine kabupaten wakil rakyat karo bupatine padha rebut bener bab APBD 2011, akibate masrakat angel gawe KTP merga blangko KTP-ne entong merga duwit anggaran APBD sing kudune nggo tuku blangko KTP urung bias dejiot. Mestine sebubare Pilkada mbuh sama sing menang, apa bae partene, golongane, status, agamane kabeh kudu bali nyewiji nunggal karep makmurna rakyate. Kabeh kudu akur maning lan sing neng 'ndhuwur' kudu bisa aweh conto maring rakyate. Aja mikir wudele dhewek thok. Aja seneng rebut bener, kawula rakyat sing neng ngingsor ujar-ujare ora tau ndelengna si ndean yah?. Imam sembahyang bae angger salah kena deelingna, semana uga imam kabupaten karo wakil-wakil rakyate.
Lewih Lengkape

Sabtu, 27 Agustus 2011

Kanjeng Nabi Paling Gedhe Ngapurane

Ana riwayat neng kota Madinah nalika jaman Nabi tau ana kere Yahudi sing matane picek,manggon neng pasar. Saben dina kere kuwe ngomong maring kabeh wong pasar lamona sing jenenge Muhammad mung tukang sihir, tukang nglombo, bathire setan lan omongan ala liyane. Ning kosok baline, Kanjeng Nabi Muhammad saben esuk maring pasar mung andon njujugi panganan nggo kere Yahudi kuwe. Kanjeng Nabi ora tau ngomongna sejatine dheweke sapa nganti penjenengane seda.
Sewise Kanjeng Nabi seda, kabeh para sahabate kepengin niru. Sahabat Abu Bakar r.a senajana klebu wong sing wis niru lan ngetutna kabeh lakune kanjeng nabi uga melu nggoleti lakune kanjeng nabi sing urung tau delakoni neng dheweke. Sahabat Abu Bakar nganti takon maring anake Aisyah, sing dadi garwane Kanjeng Nabi. Aisyah nidhoki lamona Kanjeng Nabi saben esuk maring pasar njujugi panganan maring kere Yahudi picek sing gawene ngala-ala penjenengane.
Abu Bakar esuk muput mangkat maring pasar. Tekan pasar Abu Bakar weruh ana wong picek dadi tukang jaluk sing agi ngorong-ngorong ngala-ala Kanjeng Nabi Muhammad. Abu bakar gumun, kenangapa Kanjeng Nabi malah kersa aweh panganan maring kere Yahudi kuwe. Ning merga niyate ikhlas ngetutna lakune Kanjeng Nabi, Abu Bakar njuran ngewehna panganane lan detampa. Si kere Yahudi njuran takon maring Abu Bakar,“Ko sapa?”. Sahabat Abu Bakar njawab,“Inyong sing biasa.” Si kere Yahudi ngomong maning,“Kowe udu sing biasane teka, merga sing biasa angger teka tangane inyong deselehna maring pundhake. Dheweke njuran ndulang inyong karo pangananan sing uwis demamahna sisan kon supayane inyong gampang goli ngeleg. Dadi inyong mesti ngerti ko udu sing biasa.”



Wafiqul Umam
Wafiqul Umam
Buntu,Kemranjen,Banyumas
Ngapura neng Basa Arab desebut afwu, tegese mbusek,kebusek. Ngapurani liyan ngemu pengerten mbusek, ngilangna lara sing ana neng ati. Ngapurani salahe wong tegese sing maune goli kekancan lan paseduluran crah bisa guyub maning merga lara sing ana neng ati wis mari.
Islam mrentahna kabeh wong kon nduweni watek gampang ngapurani, kaya sing wis dedhawuhna neng Gusti Allah [QS 7: 199]. " Dadiya ko kabeh gampang aweh pangapura lan ajek wong kon nglakoni barang apik, uga ngedhohi wong-wong sing bodo "


Bareng krungu critane Si Kere sahabat Abu Bakar ora bisa nahan luh. Abu Bakar nangis njuran ngaku dheweke pancen udu sing biasa teka. Abu Bakar njuran nyritakna wong sing biasa teka lan ndulang kere kuwe jenenge Muhammad, siki wis ninggal. Sewise krungu critane sahabat Abu Bakar, Si Kere Yahudi picek melu nggembor nangis, lan ngrasa banget ghede lupute maring wong sing jenenge Muhammad. Wong aben dina deina, defitnah ning ora tau jengkel lan saben esuk malah njujugi panganan. Si Kere Yahudi njuran njaluk ngapura maring sahabat Abu Bakar lan dheweke syahadat mlebu Islam ngakoni lamona sing jenenge Muhammad pancen menungsa pilihan sing dadi utusane Gusti Allah.Kedadeyan Kanjeng Nabi Muhammad karo tukang ngemis Yahudi mau ngemu tuladha lamona dadi menungsa aja gampang nyatru maring liya senajana wong liya kuwe lakune ala. Sipate Kanjeng Nabi Muhammad sing gampang aweh pangapura kudu detiru neng sapaha bae sing wis sahadat, ngakoni lamona Muhammad kuwe utusane Gusti Alloh.
Sipat gampang aweh pengapura mbuktekna Kanjeng Nabi goli dadi menungsa wis bisa ngalahna ego utawa awake dhewek. Gampang aweh pangapura uga nglairna sifat tawadu, andap asor lan ngregani maring liyan. Wong sing duwe sifat tawadu uripe samadya, adil lan jembar atine. Omongane wong sing duwe sifat tawadu bisa dadi dalan sing nylametna maring wong akeh merga omongane ora tau gawe larane liyan.



Bintoro Pras
Bintoro Pras
Manggarai,Jakarta
Kabeh menungsa bisa kenang godha nglakoni temindak salah sing ngrugekna wong akeh. Cara inyong, ora bener angger ana wong agi kenang coba njuran depoyoki. Dhewek sing agi ora nglakoni keselahan kudu mbukak ati gelem ngapurani utawane emut sapaha bae bisa kenang coba nglakoni temindak salah.
Goli duwe watek gampang aweh ngapura jalaran thukule iman, takwa lan kawruh islame. Gampang ngapura uga nguntungna maring kesehatan jiwa. Ora duwe watek wadheh maring wong sing wis nyalahi marekna jiwane tentrem lan ayem. Wong sing nduweni watek angel aweh pangapura, gampang satron ndadekna uripe srungsang-srungsung, angas pogpogane dadi prenyakit.


Gampang aweh pengapura dadi jalaran thukule guyub-rukun lan nambah peseduluran. Gelem nampa lan ngapurani keluputane wong liya tegese gelem mbusek prekara lan barang ala sing uwis keliwat.
Njaluk ngapura lan aweh ngapura pancen gampang deomongna,ning cokan angel delakoni kanthi ihlas, rila sing tukul sekang njero ati. Aweh ngapura ora mung sedrema salaman lan pengucape lisan ning uga kudu dewujudna neng laku.
Seuwise wong Islam padha nglakoni puasa sewulan muput njuran ketekanan dina bada Idul Fitri. Kudune sipat gemede, takabur, utawa sombonge ilang. Puasa sing dadi kawah candradimukane kudune bisa mbersihna sangkrah lan res-res sing ana neng ati sanubarine menungsa. Puasa uga dadi terapi kanggone wong-wong sing kenang prenyakit ati, umpamane sipat drengki.
Kanggone wong sing nglakoni puasa bungah pisan angger bisa menangi dina riyaya Idul Fitri. Goli bungah ora mung merga mligi bisa nutuge puasa. Goli bungah uga merga ngrasa olih pitulungan bisa ngalahna nepsune dhewek.[AgusMukti-04]
Lewih Lengkape

Kamis, 04 Agustus 2011

Wong Merdeka Wani Urip Bener


Saben wulan Agustus masrakat Indonesia mengeti dina kemerdekaane. Molahi sekang wong desa nganti butul kota kabeh padha gisus nganakena kegiatan. Seurunge biasane padha nganakna kerigan bersih lingkungan sing deterusna karo kegiatan masang bendera. Kabeh dalan lan lurung sing ana padha depasangi hiasan. Kegiatan werna-werna lomba uga deanakena. Ana sing nganakena lomba bal-balan,balap karung,tarik tambang,kasti nganti lomba masak sing delakoni neng para bapak.
Akehe acara mesthine mbutuhna wragad ora semendhing. Biasane masrakat ora kabotan angger dejaluki urunan nggo mragadi acara pitulasan. Goli padha regeng nyiapna acara pitulasan lan padha gelem melu lomba ora merga ngarep-arep kanugrahan. Kabeh goli gelem melu nyengkuyung nggo mujudna rasa tresna maring Negara Indonesia. Seliyane kuwe uga nggo nguntabna rasa sukur maring Gusti Allah merga wis deparingi kemerdekaan.
Kemerdekan tumrape wong akeh deartekna mung mligi ngrembug kemerdikan wadhag. Mulane neng pengertian kiye angger wong sing lagi kenang plekara njuran dekunjara deanggep wong sing lagi kelangan kemerdekane. Inyong rika padha teyeng ngrasakna kepriwe rasane wong dekunjara,debui neng njero panggonan sing cara apa-apane dewatesi.

Salam
Penyiar Radio Banyumasan
Kalibaru Rt.03/03 No.35, Depok 16414

Jere siki wis jaman merdeka ning inyong sing dadi rakyat urung bisa ngrasakna merdeka sing temenanan. Saben-saben ngadepi wulan puasa mesthi kabeh rega padha mundhak. Ana maning, urung mlebu wulan puasa acan karcis sepur sing nggo dina riyaya wis pada entong deborong neng wong sing akeh duwite. Inyong wong cilik sing cara apa-apane esih kurang dadi cokan takon,merdeka jane nggo sapa.


Setleraman kemerdekan angger degandhengna karo makna puasa ana pengertian sing madan beda. Angger inyong rika padha klebu menungsa sing merdeka tegese wong sing ora gelem depenjara. Kosok baline, ngibadah puasa bisa dearteni ngrilakna seblegere awak mlebu maring “penjara” sewulan lawase. Puasa meksa menungsa sing iman dadi ”narapidana”, kon nahan hawa nepsune menjarakna sipat alane. Sarwa-sarwine deatur lan dekurangi, contone mangan,nginum utawane kembul bojo neng wektu awan.
Njur apa iya, ilange “kemerdekaan” wong sing nglakoni puasa mung mligi arep olih upah kencot karo ngoklok?. Mesthine ana maksud liya sing lewih mulya. Puasa kudune bisa dadi dalan kon supayane menungsa bisa luwar sekang penjajahan nepsune sing wis menjarakna lan misahna menungsa karo Gusti Allah.

Winda Purwaningsih
Purbadana,Kembaran, Banyumas 53182

Miturut inyong merdeka tegese dewek dejamin kebebasane, ora nana rasa wedi saben dina anane mung ngrasa tentrem uga ngrasa sejahtera. Pitakonane,apa siki wis merdeka? Cara inyong siki bangsa Indonesia urung bener-bener merdeka merga esih akeh wong sing ora bisa sekolah, nganggur, pada korupsi. Kudune rakyat Indonesia wis makmur merga jeremonge sugih potensi alame. Ning nyatane potensi alame sing nggunakna malah wong Negara lia. Cekake dewek uga esih dejajah neng wong lia.




Merga nglakoni puasa weteng dadi kencot gulune ngoklok kepengin nginum, njuran dhewek nduweni krenteg kepengin mangan lan nginum. Akal banjur nuntun golet panggonan singkur kon supayane ora katon neng wong akeh. Dhewek nduweni kemerdekaan milih antarane nerusna goli puasa utawa arep medhot puasane. Angger milih nerusna goli puasa nganti wektune buka, sejatine dhewek wis gelem ngetutna nurani lan mliara fitrah kemenungsane, milih dadi “juru selamat” kanggo awake dhewek.
Menungsa bisa deanggep merdeka angger lakune bener. Gelem nglakoni barang bener lan ngedohi barang sing ala tegese setiya lan patuh maring hukume Gusti Allah lan hukum Negara. Laku ala mbuktekna lamona menungsa sing jeremonge wis merdeka ning sejati urung merdeka dejajah neng hawa nepsune. Pancen angger bisa nglakoni kabeh sing dekarepna katone merdeka, ning sejatine wong kuwe esih dejajah dekunjara daning nepsu merga ngabdi maring seliane sing kudune debekteni, Gusti Allah.

Mohamad Ningamullah:
Konsultan Keuangan Syariah
Perum Telaga Pasiraya Garden Jl.Lohan 3 blok B04/007 Sukasari,Serang Baru, Bekasi 17330 Email: m.ningamullah@gmail.com
Agustusan taun siki ngepasi neng wulan puasa. Mestine goli padha gawe acara pitulasan mandan beda,ora mung seneng-seneng tok ning ana liyane upamane deisis karo pengajian lan sukuran. Inyong dadi kemutan karo omongane sahabate kanjeng nabi sing unine:”Sapa wonge ngibadah mung andon ngarep-arep ganjaran kaya wong dodolan ngibadah. Angger goli ngibadah merga wedi karo siksa kuwe ibarate kaya budak, ningen ngibadah merga nyukuri nikmate Gusti Allah kuwe klebu ngibadahe wong sing merdeka temenanan”. Muga-muga inyong rika padha goli mengeti pitulasan tahun kiye sisan nglakoni puasa bener-bener nggo nyukuri nikmate GustiAlloh, merga esih bisa deparingi umur dawa nganti menangi jaman sing sumringah kiye. Moga-moga inyong rika padha klebu wong sing bener-bener merdeka.

Goli puasa taun kiye ngepasi dina pengetan 66 taun Kemerdekaan Indonesia. Kemerdekaan sing dadi tujuane perjuangan mesthine ora mligi mung demaknani menange politik lan kekuasaan. Hakikate kemerdekan sejatine nuntun menungsa kon supayane bali maring fitrah. Angger kaya kuwe, penjara “ketidakmerdekaan” nalika nglakoni puasa tegese menungsa kon eling lamona hakekat kemerdekaan sing wis dadi fitrah menungsa ora bisa depisahna sekang gusti sing maringi kemerdekan. Tekane dina riyaya Idul Fitri dadi pengarep-arep tuwuse kesadharan maring fitrah menungsa kon supayane dadi menungsa sing merdeka ucul luwar bebas sekang penjajahan, penindhasan penjara nepsu.[04]
Lewih Lengkape

Selasa, 12 Juli 2011

Kudu Isin Angger Ora Bener

“Ora denger isin”. Omongan kuwe metu sekang wong sing lagi nonton tv ndeleng brita derangkete oknum jaksa,hakim,pulisi utawane pejabat lia merga padha korupsi utawa nampa dhuit sogokan. Omongan kuwe uga kewetu angger lagi mlaku njuran weruh bocah nom padha alak-aluk [ngemis] neng dalan bodol. Ana maning kabar bocah sesekolahan goli ujian kon padha nyonto neng gurune merga wedi mbok padha ora lulus. Pancen jaman siki akeh pisan menungsa sing ora duwe isin, wis ilang wirange. Seurunge dedakwa korupsi wong esih sehat waras ning bareng deumumna njuran ndadak mriyang terus api-api mertamba maring luwar negri.
Korupsi sing neng basa inggris desebut corruption, seringe degandhengna karo mental utawa aten-atene pejabat pemerintah uga para politisi. Mulane akeh pejabat, pegawai, aparat hukum sing padha khianat, nyugihna awake dhewek nganggo cara sing ora bener. Laku nyogok, nyathil, nyolong, nepotisme, nampa preweweh sing ora genah asal-usule, lan ngumpetna barang sing udu hake wis denggep lumrah.
Istilah kleptokrasi -kleptocracy-, nggambarna kahanan negara sing deatur neng para pemimpin sing duwe watek maling, utawane maling sing nguwasani negara. Pemrentah angger wis desebut kleptokrasi deupamakna kaya wong kenang prenyakit kanker ganas, mlebu stadium akhir sing ora bisa dearep-arep marine, gari nunggu tekane pati. Sing lewih mbahayani angger nganti korupsi wis dadi budhaya. Sing nglakoni korupsi ora mung para pejabat lan politisine, ning uga rakyat padha melu nglakoni korupsi.
Mesthine goli padha ngartekna korupsi ora mung ngrembug babagan nyolong dhuite negara. Korupsi mesthine uga demaknani tindakan sing ngrusak sekabehane. Pancen korupsi goli ngrusak temenanan. Apamaning angger kabeh wong nganggep apa-apane lagi kangelan, ora bisa mbedakna endi sing salah endi sing bener. Korupsi dadi prenyakit kangker ganas sing nggrogoti pengarep-arep lan keprecayaane masrakat.

Agus Maryono
Pengurus PWI Jateng VI, lan Wakil Ketua Lajnah Ta'lif wa An-nashr PCNU Banyumas.
Perwira, wis jelas sifat luhur sing dewulangna neng para leluhure inyong rika padha . Sapa sing bisa nyekeli bakale melu ketularan sifat luhure. Senajan wis ora populer ning lewih apik ngalah, luhur wekasane, tetimbang deadohi kanca lan dulur tau depenjara. Esih pengaji deadohi neng kanca jalaran nyekeli sipat perwira.
Jaman siki kayane wis langka wong sing duwe sifat perwira. Angger neng dunia politik, ana sing sok perwira bisa-bisa ndarani kemlithak lan bakalan ora duwe kanca. Sing gelem perwira dearani politikus sing bodho,sing ora duwe posisi tawar. Ya, arep kepriwe maning, genah nyatane kaya kuwe. Tembung jujur ajur wis banget berlakune neng jaman edan, nek ora nggemblung malah bingung. Mung gari kepriwen sing nglakoni, tekan ndi pada goli ngati-ati nyekeli waton lan planggeran. Ana paribasan "Kaya kue ya kaya kue, tapi ora kaya kue".



Dra. Sri Wahyuni, MA, MA TESOL
(Kandidat Doktor neng University of Canberra, Australia).
Alamat : 51 Braine Street Page ACT 2614 Australia.

Inyong kemutan tembang dolanan sing dewulangna neng rama biyung gemiyen. Unine kaya kiye: Inyong weling ngger-angger, mumpung urung kedlarung, marenana ngger-angger; luwih ala luwih ala melik dhuweke wong liya.


Ujare inyong, sing marekna wong padha korupsi merga ilange watek apik, wateg prewira, watek sing jujur lan gelem mbelani barang bener. Kaya sing detulis neng tembang ndhuwur kuwe, seala-alane laku kuwe nek gelem melik dhuweke wong liya. Merga korupsi melik dhuweke wong liya, korupsi klebu tumintak sing paling ala. Sing dadi masalah, siki ketone watek prewira wis ilang sekang atine wong akeh. Mulane korupsi ngrembaka. Lha siki kepriwe carane konsupayane aja padha korupsi? Salah sijine kudu padha ngemutna sing agi kelalen uga gelem mulang lan nyontoni laku sing prewira.





Umi Hani'ah
Jl. A. Yani No. 100A Purwareja Klampok, Banjarnegara 53474
Cara inyong neng jaman sekiye esih ana wong sing gelem jujur lan isin nglakoni temindhak sing ora bener. Isen-isene dunya pancen werna-werna. Ana ala ana apik, ana kencot ana wareg, ana abang ana ireng lan sepiturute. Merga ana kejahatan kudune menungsa gelem sinau lan nglakoni barang bener.



Tsurono
Setu, Bekasi
Jaman siki akeh wong padha ora duwe isin. Ajamaning detawani, ora detawani bae njaluk, malah cokan njiot dhewek. Apamaning angger urip neng kota, akehe padha demen saingan banda dunya. Mulane akeh wong ora isin padha jaluk neng ndalan, senajan awake esih seger buger. Sejen karo wong kuna, lewih duwe rasa isin, tur wonge seneng aweh. Contone sing jaman kuna; bar kesambat ngedegna umah, nek baline desangoni, mesti detolak senajan sebenere mbutuhna. Bener ngendikane kanjeng nabi "...tangan neng nduwur lewih apik tenimbang tangan nengisor. ".
Ujare ramane inyong, sing jenenge prewira kuwe gelem ikhlas lillahi ta'ala, duwe watek satria. Rame ing gawe sepi ing pamrih mboten ngarep ngarep imbalan. Kayane nek alam saniki ya gur Sewu Siji

Yayat Banyumas Gèll
Bobotsari RT 01 RW 04, Purbalingga 53353
Merga pancèn godhane wong urip jaman sekiye werna-werna, akibate akeh sing padha golet dunya-brana nganggo cara apa singora. Dodolan pirang-pirang, banjuran menungsa degawe kon supayane butuh, nganti padha golet dalan apa bae konsupayane supaya bisa duwe. Akibate akeh sing banjur padha ninggal pitutur lan piwulang luhure. Pog-pogané ‘keharmonisan’ neng masrakat ora patiya deprelokna maning.
Sing jenengé korupsi neng endi bae ana, merga sing jane ora butuh njuran degawe kon supayane padha butuh. Sing duwe wateg tegel banjur gelem nganggo dalan ora semesthine, mung merga arep ngoyok kepenginan. Anane bakul sing padha promosi nyata-nyata wis ndadekna menungsa padha kepanjingan prenyakit konsumerisme. Ora gelam kreatif, mung kepengine tuku. Angger wis kaya kuwe banjur ilang rasa prewira-ne. Moga-moga bae kahanan sing kaya kuwe ora kebacut tekan jamne anak-putu.


Rusake aturan lan tatanan masrakat merga subure budaya korupsi ndadekna menungsa Indonesia kelangan jati dhirine. Sing maune bangsa Indonesia esih nyekeli bobot kebatinan utawa iman njuran ganti padha melik maring kedunyan, dadi kewulane bandha dunya, gumun lan demen maring kemewahan. Sipat jujur dadi barang sing regane larang merga tujuan uripe menungsa mligi ngurusi bab dunya. Akeh pejabat padha ngasorna drajate dhewek merga esih cokan ngarep-arep preweweh. Para pejabat sing kudune padha duwe sipat prewira malah dadi sewalike merga ngangep dheweke wong sing kudu “decaosi”.
Nggo ngadepi bahayane korupsi sing wis mbalungsungsum lan dadi budhaya, bangsa Indonesia kudu watek prewira. Tegese bangsa Indonesia kudu duwe sipat jujur, adil, mandiri, lewih seneng aweh tenimbang nampa preweweh, guyub rukun lan siap ngrewangi maring sapaha bae sing agi butuh bantuan uga mercayani.
Istilah perwira pancen kewentar dadi jeneng kepangkatan sing ana neng tentara utawane pulisi. Ning nyatane ora kabeh pulisi lan tentara sing pangkate perwira padha duwe watek prewira. Neng jaman siki akeh brita pulisi sing pangkate perwira ning esih gelem nyathil duwite Negara utawane nampa duit sing tujuane nggo nglancarna urusane wong sing lagi kenang prekara. Kosok baline, senajan pangkate prajurit utawane bintara ning angger duwe watek jujur,adil lan mercayani bisa dearani perwira.
Keprewiran mesthine bisa thukul neng babagan apa bae. Neng babagan olah raga bisa dearani perwira angger sportif. Neng babagan ilmu bisa dearani ilmuwan sing perwira angger apa sing deomongna obyektif. Neng babagan agama sapaha bae sing gelem nglakoni ajaran agamane uga desebut perwira lan sepiturute.
Watek perwira bisa tukul angger duwe sipat jujur. Sing padha dadi pemimpin utamane aparat hukum kudune duwe sipat jujur merga jujure pemimpin ndadekna thukule masrkat sing adil. Adil dadi hakekate hukum, angger ora adil hukum ora bisa mlaku. Jujur lan adil kudu mlaku bareng.
Bangsa Indonesia angger kepengin maju kudu dadi bangsa sing prewira, gentleman; krasa isin angger pancen nglakoni barang sing ora bener.[04]
Lewih Lengkape

Senin, 11 Juli 2011

Deyakini, Debelani, Deamalna

Dina Rebo Kliwon tanggal 1 Juni 2011 genep sewidak nem taun Ir. Soekarno pidato ngomongna Pancasila neng Sidang I BPUPKI [Badan Penyelidik Usaha-usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia]. Ujare Ir. Soekarno Negara Indonesia deibaratna kaya umah gedong, nek kepengin kuwat goli ngadeg pondasine uga kudu dekuwati. Pondasi sing demaksud neng Soekarno kuwe sing dearani Dasar Negara. Mr. Soepomo lan Mr. M. Yamin sing dadi anggota BPUPKI uga ngomongna lima prekara sing bisa dadi Dasar Negara, rupane Ketuhanan, Kemanusian, Persatuan, Demokrasi, lan Kemakmuran/Kesejahteraan. Lima prekara sing deusulna njuran mbabar dadi Pancasila sing siki dadi dasar Negara Indonesia.
Umur sewidak enem taun cara menungsane wis udu bocah maning. Mestine neng umur sing ora semending cara ngapa-apane wis ora prelu debumboni maning. Bangsa Indonesia goli sinau Pancasila wis cukup gari-garine goli arep ngejigna.
Pancasila lair seurunge Negara Kesatuan Republik Indonesia deproklamasikna. Madege Negara duwe ancas ndadekna masrakat sejahtera, makmur lan sentosa. Negara sing duwe kwasa ngatur, duwe kwajiban gawe bungah maring rakyate. Anane Pancasila depilih dadi dasar Negara Indonesia duwe tujuan nggo ngumpulna pirang-pirang paham sing ana.


Aan Rohaeni
Ketua KPU Kabupaten Banyumans

Kanggone inyong siji-sijne ideologi Negara ya mung Pancasila. Sing padha kawogan dadi aparatur Negara wajib mbelani Pancasila. Pancen Pancasila sering kenang coba. Tau ana sing kepengin ngganti pancasila karo syari’at Islam, ana sing kepengin ngganti karo ideologi komunis lan liya-liyane. Mulane penting pisan angger ajaran Pancasila degiatna maning maring jiwane wong Indonesia.


Ngomongna babagan Pancasila jane wis ora kurang-kurang goli padha nyinauni. Jaman gemiyen tau ana penataran P4 sing kudu delakoni neg kabeh bocah sekolah. Neng sekolahan uga ana pelajaran Pendidikan Moral Pancasila [PMP]. Ning nyatane senajana wis ora kurang-kurang goli mulangna babagan Pancasila, esih bae akeh masrakat utawane pejabat sing temindake padha nglanggar Pancasila.
Ora bisa deenyang maning. Inyong rika padha pancen wajib ngrumati lan njaga persatuan. Ning nek ngomongna Pancasila njuran mung urusan njagani persatuan padha bae nganggep sepele maring Pancasila. Akeh prekara sing bisa dadi jalaran dearani ngglanggar Pancasila.
Gisus anane gerakan Negara Islam Indonesia, bom sing padha njemblug, gelutan antarane kelompok siji lan sijine, pejabat lan politisi sing padha korupsi,wong mlarat padha ora bisa nyekolahna anake mbuktekna lamona Pancasila siki agi kenang lara. Sing klebu temindak nglawan pancasila ora mung prekara sing mbahayani persatuan lan keamanan Negara. Watek masrakat sing seneng nyolong, korupsi, ngejorna tangga teparo sing kencoten, ora akur karo kelompok suku lan agama liya uga klebu prekara sing nglanggar Pancasila.


Dewi Christianti,
alamat Hradec Kralove,Czech Republik.
Piwulang Pancasila siki wis akeh wong sing padha ninggalna merga padha sibuk ngurusi kebutuhane dhewek-dhewek. Gotong royong sing dadi salah sijine ciri wanci pengamalan Pancasila wis ilang. Pirang-pirang wong korupsi, mbabadi alas sekarepe dewek, rakyat angel goli padha pahal merga pemrentah Ndean anane globalisasi, kebukake informasi dadi jalaran bangsa Indonesia molaih kelalen maring Pancasila.


Sapa bae bisa dearani nglanggar Pancasila. Negara lan para pemimpin uga bisa dearani nglanggar Pancasila nek kebijakane ngrugekna wong akeh. Pemimpin sing pancasilais kudu bisa ngayomi lan ngrumati rakyate. Angger ana pemimpin sing ora gelem nggatekna nasibe sing depimpin kuwe uga klebu ora cocog karo sing dekarepna neng Pancasila.
Anane sila Ketuhanan yang Maha Esa mbuktekna Bangsa Indonesia nyetujoni lamona kabeh tingkah lakune menungsa Indonesia ora bisa ucul sekang hukume Gusti Allah. Kabeh rakyat Indonesia duwe kewajiban nglakoni apa sing deprentah neng agamane dhewek-dhewek lan ngedoih apa sing delarang. Watek drengki, gumede, seneng nyolong, seneng nglarani wong liya, ngrusak lingkungan kudune ora delakoni neng wong sing wis ngakoni Pancasila utamane sila Ketuhanan Yang Maha Esa.
Neng sila Ketuhanan yang Maha Esa uga mbuktekna lamona Negara Indonesia ora mligi mung nganggo dasar kekuasaan hukum Negara lan demokrasi, ning ana kekuatan moral sing kudune dadi bahan pertimbangane pemerintah. Upamane, Pancen sah ngundakna gaji pegawe pemerintah lan anggota DPR, uga nambaih fasilitase. Ning ora patut merga esih akeh rakyat sing padha rekasa lan kenang bencana.
Akeh sing ngomongna anane temindak sing nglawan hukum lan Negara merga bangsa Indonesia padha urung bisa mujudna sila pertama neng ati sanubarine. Tangehlamon arep bisa duwe laku adil lan beradab, bersatu, guyub rukun nek neng njero atine ora duwe keyakinan lamona kabeh lakune menungsa arep dejaluki tanggungjawa neng Gusti Allah.




Yahya Karomi SH
Lembaga Konsultasi Bantuan Hukum [LKBH] NU Cilacap.
Jaman siki wis ora ana penataran P4 kaya jaman gemiyen. Senajana penataran jaman ganu mung nggo ritual ning tetep ana hal apik sing bisa detampa neng masrakat. Ndean kiye sing dadi masalah kenangapa akeh wong sing padha mbedal sekang piwulang Pancasila njuran padha golet dalan benere dhewek-dhewek. Pendidikan sing ana uga mligi ming golet biji,Pancasila urung dedadekna ruh pendidikan karakter bangsa.



Mengeti dina laire pancasila mayuh bareng-bareng kabeh rakyat Indonesia padha ngelingi apa sing dekarepna neng para Founding Fathers bangsa Indonesia. Cita-cita dadi bangsa sing merdeka, bersatu, berdaulat, adil lan makmur [Pembukaan UUD 1945 alenia II] kudu desengkuyung neng kabeh masrakat Indonesia ora ndeleng agama lan sukune.
Warisane Founding Fathers rupane Pancasila wis kudune delakoni sing bener,ora mung nggo lamisan utawane dadi paesan sing detempel neng tembok kantor-kantor lan dewaca neng kegiatan upacara bendera.[04]
Lewih Lengkape