Dina Rebo Kliwon tanggal 1 Juni 2011 genep sewidak nem taun Ir. Soekarno pidato ngomongna Pancasila neng Sidang I BPUPKI [Badan Penyelidik Usaha-usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia]. Ujare Ir. Soekarno Negara Indonesia deibaratna kaya umah gedong, nek kepengin kuwat goli ngadeg pondasine uga kudu dekuwati. Pondasi sing demaksud neng Soekarno kuwe sing dearani Dasar Negara. Mr. Soepomo lan Mr. M. Yamin sing dadi anggota BPUPKI uga ngomongna lima prekara sing bisa dadi Dasar Negara, rupane Ketuhanan, Kemanusian, Persatuan, Demokrasi, lan Kemakmuran/Kesejahteraan. Lima prekara sing deusulna njuran mbabar dadi Pancasila sing siki dadi dasar Negara Indonesia.
Umur sewidak enem taun cara menungsane wis udu bocah maning. Mestine neng umur sing ora semending cara ngapa-apane wis ora prelu debumboni maning. Bangsa Indonesia goli sinau Pancasila wis cukup gari-garine goli arep ngejigna.
Pancasila lair seurunge Negara Kesatuan Republik Indonesia deproklamasikna. Madege Negara duwe ancas ndadekna masrakat sejahtera, makmur lan sentosa. Negara sing duwe kwasa ngatur, duwe kwajiban gawe bungah maring rakyate. Anane Pancasila depilih dadi dasar Negara Indonesia duwe tujuan nggo ngumpulna pirang-pirang paham sing ana.
Aan Rohaeni
Ketua KPU Kabupaten Banyumans
Kanggone inyong siji-sijne ideologi Negara ya mung Pancasila. Sing padha kawogan dadi aparatur Negara wajib mbelani Pancasila. Pancen Pancasila sering kenang coba. Tau ana sing kepengin ngganti pancasila karo syari’at Islam, ana sing kepengin ngganti karo ideologi komunis lan liya-liyane. Mulane penting pisan angger ajaran Pancasila degiatna maning maring jiwane wong Indonesia.
Ngomongna babagan Pancasila jane wis ora kurang-kurang goli padha nyinauni. Jaman gemiyen tau ana penataran P4 sing kudu delakoni neg kabeh bocah sekolah. Neng sekolahan uga ana pelajaran Pendidikan Moral Pancasila [PMP]. Ning nyatane senajana wis ora kurang-kurang goli mulangna babagan Pancasila, esih bae akeh masrakat utawane pejabat sing temindake padha nglanggar Pancasila.
Ora bisa deenyang maning. Inyong rika padha pancen wajib ngrumati lan njaga persatuan. Ning nek ngomongna Pancasila njuran mung urusan njagani persatuan padha bae nganggep sepele maring Pancasila. Akeh prekara sing bisa dadi jalaran dearani ngglanggar Pancasila.
Gisus anane gerakan Negara Islam Indonesia, bom sing padha njemblug, gelutan antarane kelompok siji lan sijine, pejabat lan politisi sing padha korupsi,wong mlarat padha ora bisa nyekolahna anake mbuktekna lamona Pancasila siki agi kenang lara. Sing klebu temindak nglawan pancasila ora mung prekara sing mbahayani persatuan lan keamanan Negara. Watek masrakat sing seneng nyolong, korupsi, ngejorna tangga teparo sing kencoten, ora akur karo kelompok suku lan agama liya uga klebu prekara sing nglanggar Pancasila.
Dewi Christianti,
alamat Hradec Kralove,Czech Republik.
Piwulang Pancasila siki wis akeh wong sing padha ninggalna merga padha sibuk ngurusi kebutuhane dhewek-dhewek. Gotong royong sing dadi salah sijine ciri wanci pengamalan Pancasila wis ilang. Pirang-pirang wong korupsi, mbabadi alas sekarepe dewek, rakyat angel goli padha pahal merga pemrentah Ndean anane globalisasi, kebukake informasi dadi jalaran bangsa Indonesia molaih kelalen maring Pancasila.
Sapa bae bisa dearani nglanggar Pancasila. Negara lan para pemimpin uga bisa dearani nglanggar Pancasila nek kebijakane ngrugekna wong akeh. Pemimpin sing pancasilais kudu bisa ngayomi lan ngrumati rakyate. Angger ana pemimpin sing ora gelem nggatekna nasibe sing depimpin kuwe uga klebu ora cocog karo sing dekarepna neng Pancasila.
Anane sila Ketuhanan yang Maha Esa mbuktekna Bangsa Indonesia nyetujoni lamona kabeh tingkah lakune menungsa Indonesia ora bisa ucul sekang hukume Gusti Allah. Kabeh rakyat Indonesia duwe kewajiban nglakoni apa sing deprentah neng agamane dhewek-dhewek lan ngedoih apa sing delarang. Watek drengki, gumede, seneng nyolong, seneng nglarani wong liya, ngrusak lingkungan kudune ora delakoni neng wong sing wis ngakoni Pancasila utamane sila Ketuhanan Yang Maha Esa.
Neng sila Ketuhanan yang Maha Esa uga mbuktekna lamona Negara Indonesia ora mligi mung nganggo dasar kekuasaan hukum Negara lan demokrasi, ning ana kekuatan moral sing kudune dadi bahan pertimbangane pemerintah. Upamane, Pancen sah ngundakna gaji pegawe pemerintah lan anggota DPR, uga nambaih fasilitase. Ning ora patut merga esih akeh rakyat sing padha rekasa lan kenang bencana.
Akeh sing ngomongna anane temindak sing nglawan hukum lan Negara merga bangsa Indonesia padha urung bisa mujudna sila pertama neng ati sanubarine. Tangehlamon arep bisa duwe laku adil lan beradab, bersatu, guyub rukun nek neng njero atine ora duwe keyakinan lamona kabeh lakune menungsa arep dejaluki tanggungjawa neng Gusti Allah.
Yahya Karomi SH
Lembaga Konsultasi Bantuan Hukum [LKBH] NU Cilacap.
Jaman siki wis ora ana penataran P4 kaya jaman gemiyen. Senajana penataran jaman ganu mung nggo ritual ning tetep ana hal apik sing bisa detampa neng masrakat. Ndean kiye sing dadi masalah kenangapa akeh wong sing padha mbedal sekang piwulang Pancasila njuran padha golet dalan benere dhewek-dhewek. Pendidikan sing ana uga mligi ming golet biji,Pancasila urung dedadekna ruh pendidikan karakter bangsa.
Mengeti dina laire pancasila mayuh bareng-bareng kabeh rakyat Indonesia padha ngelingi apa sing dekarepna neng para Founding Fathers bangsa Indonesia. Cita-cita dadi bangsa sing merdeka, bersatu, berdaulat, adil lan makmur [Pembukaan UUD 1945 alenia II] kudu desengkuyung neng kabeh masrakat Indonesia ora ndeleng agama lan sukune.
Warisane Founding Fathers rupane Pancasila wis kudune delakoni sing bener,ora mung nggo lamisan utawane dadi paesan sing detempel neng tembok kantor-kantor lan dewaca neng kegiatan upacara bendera.[04]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar