Rabu, 14 November 2012

Lestarine Lingkungan, Lestarine Banyu


Mangsa ketiga dawa akeh wong kangelan golet banyu. Apamaning neng panggonan sing pancen dhasare angel banyune. Mangsa ketiga dawa nyebabna kali, sumur, belik utawa tuk padha sat. Kanggone masrakat sing pedinane goli nganggo banyu ngendelna maring sumur utawane belik banget rekasane merga banyu pancen dadi plekara sing wigati tumrape wong urip. Ora mung kuwe, mangsa ketiga uga akeh pelanggan banyu ledheng padha ngangluh jere miline angger wengi thok. Wis kaya kuwe banyune uga ithir-ithir.

Jaman gemiyen senajan mangsa ketiga ora patiya kangelan golet banyu. Apamaning angger ketigane ora suwe. Ya ana, ning mung nggon-nggonan, kena deetung. Neng mangsa rendheg banyu uga dadi plekara wigati. Tekane mangsa udan jaman siki cokan dadi mala. Akehe banyu kejaba marekena blabur uga bisa dadi jalaran gugure lemah sing cokan nggawa kurban.

Mangsa ketiga utawa mangsa rendheng kanggone kaum tani neng jaman siki padha-padha bisa dadi jalaran rusake tanduran. Angger neng mangsa ketiga tandurane garing, parine puso merga kurangen banyu. Lah angger mangsa rendheng tandurane bosok merga keblaburen. Banyu kejaba bisa dadi berkah, manpangati tumrap menungsa uga bisa dadi mala sing ngrugekna penguripan.

Pitakonane; kenangapa banyu sing kudune dadi berkah malah dadi mala? Unen-unen angger mangsa ketiga ora bisa cewok, mangsa rendheng ora bisa ndhodhok bisa kedadeyan neng ngendi bae. Neng kota sing jaman ganu ora tau kenang blabur, neng jaman siki udan sekrayakan paribasane bisa njalari sedawane dalan kebek banyu.

Banyu pancen banget wigatine tumrape menungsa. Neng sejarah uga kecrita akeh peradaban manungsa sing lestari ngetutna sumbere lan iline banyu. Bangsa Mesopotamia sing ketelah dadi pembukane peradaban modern uga manggon neng antarane kali Tigris lan Euphrates. Mesopotamia miturut etimologi asale sekang tembung Mesos sing artine tengah lan Potamos sing artine kali. Anane kali Euphrates sing dawane 2.815 km lan kali Tigris sing dawane 2.045 km dadi piyandel sing utama tumrap ngrembakane bangsa Mesopotamia. Dhaerahe nggo tetanen sing banget subure, tlatahe antarane Laut Tengah nganti butul Teluk Persia. Kewentar dearani “daerah subur bulan sabit” utawa neng basa inggrise dearani “the fertile crescent“, merga dhaerah kuwe wujude kaya wulan tanggal enom.

Peradaban bangsa Mesir Kuna uga gemantung maring kali Nil. Bangsa India banget goli ngendelna maring kali Gangga. Umat Hindu sing ana neng India nganti nganggep kali Gangga dadi panggonan suci sing kramat. Banyune kali Gangga deanggep bisa nggo ngumbah dosa-dosane menungsa. Peradaban bangsa Tiongkok utawa Cina uga thukul sekang pinggir kali sing dearani kali Yang Tse Kiang lan kali Hoangho. Semana uga akeh pusat pemrentahan jaman kerajaan neng Nusantara sing madege milih neng pinggir kali utawane segara.

Nah, jaman siki banyu sing maune dadi piyandel kemajuane peradaban wis owah merga lakune menungsa. Banyu sing ana sajrone bumi pancen bisa uga enteke esih ewonan utawa jutaan taun maning. Ning babagan lahan pertanian sing kurangen banyu, kurange banyu sing bresih lan sehat siki wis derasakena.
Saben-saben mangsa ketiga teka akeh dhaerah metu werta kurangen banyu. Kaum tani rebutan banyu nggo ngileni sawah, malah-malah bisa ana kedadeyan wong tani dadi congkrah merga rebutan banyu ngieni tanduran. Wong tani gedhe banget pengarep-arepe maring pemrentah gageyan mbrantas pleraka kurange banyu.

Semana uga sing neng kota, angger teka mangsan terang dawa krasa pisan rekasane. Banyu resik sing nggo nyukupi kebutuhan pedinan sing ngendelna PDAM sengasaya ngithir cilik iline. Padahal angger wong kota akeh-akehe wis ora padha ngingu sumur. Tuku banyu ideran kejaba madan larang uga kewatir mbokan banyune goli ngangsu sekang kali sing wis kenang cemar limbah. Sarwa-sarwine angger mangsan terang dawa kangelan babagan banyu resik ora nang kota ora ndesa.

Bagen banyu resik sing dewatesi, cemare banyu sajrone bumi, sengsaya sudane sumber-sumber banyu dadi sebab gari kurange banyu resik. Tekan mangsane mengko temen-temen ana kedadeyan banyu dadi barang sing banget larang regane. Sing njalari owahe banyu sekang gawe manpangat dadi bebaya kuwe merga lakune menungsa dhewek. Kejaba masalah jumlah menungsane sing terus tambah akeh sudane banyu resik uga merga rusake lingkungan. Abrasi kisik njalari mrembese banyu segara maring daratan. Kiye dadi sebab banyu sing neng njero lemah terkontaminasi. Goli padha ator wit-witan gedhe, nggugrugi gunung sing cokan sekarepe dhewek uga dadi sebab ilange banyu. Goli padha mbuwang runtah lan mbuwang limbah pabrik maring kali uga njalari banyu dadi kotor lan mbebayani angger dekonsumsi.

Miturut lembaga Wold Water Assesment Programe (WWAP), taun 2025 sepertelon penduduk bumi bakale manggon neng tlatah sing kurangen banyu. Merga krisis banyu sing nemen pisan dadi jalaran thukule pirang-pirang prenyakit. Merga krisis banyu sing parah bakale akeh negara penduduke padha kencoten. Saking rumite babagan banyu akeh sing ngomongna mengko ana titimangsane akeh wong padha congkrah, malahane perang mung rebutan banyu kaya siki padha perang rebutan sumber energi minyak utawa gas bumi.

Inyong rika padha siki wis mangsane kudu mikirna, ngada-ada, ngupayani kepriwe carane ora kentekan sumber banyu utamane banyu resik. Mayuh padha molahi seneng nandur wit-witan lan mandheg goli ngguguri gunung. Mbuwang runtah neng kali, laku boros banyu uga kudu delereni. Nganggo banyu secukupe. Lestarine lingkungan, lestarine banyu. [04]

Lewih Lengkape

Ngunggahna Drajat Sekolah Desa


Sekolah favorit, maju, mapan, prestasine akeh pancen dadi karepane sapa bae. Ora wong tuwa ora siswa. Kabeh-kabeh kepengin nang sekolah favorit. Pitakonane “ora kabeh sekolah kuwe favorit, kan?” Pitakonan kuwe dadi jamu kanggone Bangun Pracoyo, S.Pd, M.Pd. Kepala SMP Negeri 3 Bukateja, Purbalingga. Sebab dheweke olih tugas kon ngepalani sekolahan sing klebu biasa, udu favorit. Dheweke siki bisa mbuktekna lamon sekolah biasa bisa dadi sekolah favorit. Dadi sekolah sing nggo uberan wong tuwa lan anake angger mangsan taun ajaran anyar senajan panggonane adohe 15 kilo sekang pusat kota Purbalingga.

Siki SMP Negeri 3 Bukateja wis langganan dadi juwara. Taun 2010 dadi Juara I Lomba Sekolah Sehat Tingkat Jawa Tengah sing njuran maju maring tingkat nasional. Taun 2012 kiye malah lulus dadi Sekolah Adiwiyata, duwe kolam renang sekolah dhewek, sekolahane keton ijo, bresih, subur, akeh wit-witane.

“Sebab kabeh warga SMP Negeri 3 Bukateja padha nyengkuyung program mulane inyong kasil dadi Juara I Kepala Sekoah Teladan Tingkat Jawa Tengah,” ujare Pak Bangun Pracoyo nyritakna pengalamane olih nugraha tingkat propinsi nang taun 2012 kiye.

“Alhamdulillah kawit sekang murid, wong tuwa murid, guru, staff lan komite padha kompak kepengin mujudna sekolah sing dadi unggulane masrakat Bukateja khususe lan Purbalingga umume,” imbuhe Pak Bangun Pracoyo.

Semangate murid nang jagad pesinaon dadi modal utama ningkatna prestasi akademik sekolah. Kompake kabeh warga SMP Negeri 3 Bukateja uga dadi ningkate sarana prasarana sekolah, lingkungan lan kelengkapan liyane. Rakhmawati Tri Wahyuni, S.Pd sing dadi bojone melu aweh pengalaman. Bojone pancen nembe sekitar 5 taun dadi kepala sekolah. Ning angger wis lagi nyambet gawe nang sekolahan, kaya-kaya ora kemutan umah.

“Tegese, bapak konsentrasi full maring kemajuane sekolahan,” angen-angene Bu Tri.
Bu Tri Wahyuni uga nyritakna, saben-saben kon mimpin sekolahan, Pak Bangun Pracoyo duwe pengarep sing gedhe khususe maring para guru. Wujude jiwa enterpreunership. Udu fokus bisnise, ning cara lan semangate angger ngadhepi murid. Guru kudu duwe ide sing brilian tur ora gampang nyerah.

Karire Bangun Pracoyo  dewiwti dadi guru nang SMP Negeri 1 Bojongsari. Lawase 6 taun njuran nampa amanah rupa SK Pengangkatan Kepala Sekolah nang SMP Negeri 3 Kutasari. Panggonane nang Desa Karangjengkol sing pancen sekolahan anyar mung nembe ana gedhong karo meja kursi. Muride ana 28. Guru, TU ya urung ana. “Mulane ya jan temandang sekang nol temanan,” kaya kuwe pengalamane Pak Bangun Pracoyo.

Sawise njabat 2 taun njuran nampa SK maning. Geser maring SMP Negeri 3 Bukateja nganti seprene. Nang sambutan pertamane maring warga sekolah, pak Bangun Pracoyo ngajak supaya sekolahane bisa dadi pengandele warga Bukateja lan Purbalingga.
“Pokoke kaber warga SMP Negeri 3 Bukateja kudu percaya diri, ora usah mindher, ora usah isin,” kalimat kuwe dadi penyemangat kabeh warga sekolah. Tela, ora nganggo taun njuran kasil Juara III lomba gawe synopsis tingkat kabupaten. Supaya muride padha semangat, wakil sing olih juwara miki njuran dewei bebungah nang sekolahan Rp. 600 ewu.

Siki sekolahane wis keton temata. Ana Kantin Kejujuran, Jaminan Pelayanan Kesehatan Siswa, Kebonan, Apotik Hidup uga ngolah pupuk organik nggo nyukupi kebutuhan wit-witan nang lingkungan sekolahan.  [Djoko Triwinarso]
Lewih Lengkape

Kepengin Dadi Dokter Sing Ramah


“Sing jenenge murid nang endi baen mesti ngadhepi masalah pirang-pirang. Kadhangan masalah sekang umah urung rampung, ketemu maning masalah nang sekolah, nang pergaulan. Malah ketambahan kudu ngadhepi ulangan sing pirag-pirang. Pokoke sing aran masalah ora ana rampunge. Ning anane masalah kuwe ora njuran dejorna, tapi derampungi. Supaya ora mumet ya karo mesem goli ngadhepi,”

Kaya kuwe tinemune Anisa Faedatul Warohmah utawa sing sering deundang Nisa. Siswa kelas VIII SMP Negeri 3 Bukateja kiye dadi ranking 1, rata-rata bijine 89. Kawit nang SD bijine uga apik.

“Angger kabeh masalah deadhepi karo mesem, ora grusa-grusu, ora kesusu, ora kemrungsung emperen masalah kuwe bisa rampung,”

Nisa pancen bisa dearani bocah ndesa sebab pancen asline bocah desa. Nisa lair nang Desa Kebutuh, Bukateja. Sugito Ali Miftahudin lan Rahmawati sing dadi rama biyunge mung buruh tani. Senajan wong tuwane mung buruh tani, Nisa ora mungkret goli duwe cita-cita. Dokter. Ya, Nisa kepengin dadi dokter sing bisa tulung sepadha-padha, maring wong ora mampu, lewih-lewih maring wong desa sing pancen esih kurang wigaten maring babagan kesehatan.

Bijine apik bocahe aktip. Nisa pancen sregep nang organisasi sekolahan, ana OSIS, PMR, Pramuka uga KKR. Sebab pancen dheweke ketua PMR nang sekolahan, mulane angger ana lomba PMR ya Nisa kon makili. Maju lomba PMR Teladan Tingkat Kabupaten kasil Juara I, Tingkat Propinsi dadi Juara Harapan I. Lomba Pramuka Perwira Adventure Tingkat Kabupaten olin Nomor I, Lomba BFAI Tingkat Kabupaten ya Juara I lan esih akeh prestasi liyane maning.

Nalikane Nisa dejaluki penemu ngenani akehe tawuran sing detayangna TV dheweke semaure entheng. “Alhamdulillah nang SMP 3 Bukateja Kepala Sekolah wis gawe tim khusus. Tugase ana sing ngemutna murid saben arep mlebu sekolahan, ana sing tugase ngecek tas ngantisipasi murid ana sing nggawa macem-macem. Seliyane kuwe, murid lan wong tuwane uga dekumpulna bareng nang sekolahan saprelu njelasna platuran lan tata tertib sekolah. Sing lewih tegas kuwe; murid SMP 3 mbuh sapa bae angger terlibat gelut utawa tawuran mesthi bakal langsung detokna.” Semaure Nisa ndrubul mungkasi dopokan. (Kang Narso)
Lewih Lengkape

Rejeki Ilen Kali Klawing


Purbalingga duwe kali Klawing sing ngliwati pirang-pirang desa lan kecamatan. Tuk kali Klawing nang Gunung Slamet iring wetan njuran mili adoh tempuk maring kali Srayu nang kecamatan Somagede, Banyumas. Kali Klawing nduweni pirang-pirang crita sing ngemu sejarah. Malah ana kemungkinan dadi salah sijine pusat peradaban neolitikum antarane 5000-10.000 taun kepungkur. Data nang Museum Purbalingga wis ana 24 situs sejarah sedawane kali Klawing. Ana 21 jejak sejarah, 8 watu menhir uga 42 ewu alat watu liyane sing wujud gelang, sisir, beliung lan sepenunggale. Mung bae urung nemu rangka menungsa nggo nguwatna temuan barang-barang jaman purba kuwe.

Saliyane ngemu sejarah kali Klawing uga pirang-pirang potensine. Ana potensi ekonomi rupa pasir sing biasa dejukut nggo mbangun gedhong, iwak kali sing gurih tur legi, krikil utawa watu  sing bisa nggo gawe mata ali-ali, bandhul kalung utawane liontin. Ana watu le sang du christ, pancawarna, badar besi, biduri lumut, naga sui, kinyang uga ana fosil kayu.

Malah winginane ana tim sekang Museum Geologi Bandung teka saprelu nganakna penelitian anane potensi batu mulia rupa le sang du crist utawa watu kristus. Alesane watu kiye dadi goletane para kolektor watu sing ora nang dalam negri thok malah tekan Prancis mbirengan. Dadi pihak Museum Geologi Bandung kudu duwe koleksi lan rinciane.

Potensi iwak ana nang sedawane kali Klawing, werna-werna rupane tur enak rasane. Ana melem, tawes, baceman lan sapanunggale. Mulane angger liwat pinggiran kali Klawing gampang pisan ketemu wong jejer-jejer nunggoni walesan utawane padha njala. Debet banyune uga akeh. Mulane kawit taun 2010 debangun Bendungan Slinga nang kecamatan Kaligondang sing anggarane 47 milyar lewih. Bendungan kiye mengko-mengkone bisa ngileni sawah nganti 6.727 hektar. Dadi masrakat bisa ngumat sawah ora kangelan banyu. Sawise rampung gawe bendungan kuwe njuran arep ana Tahap II sing rupa pembangungan jaringan irigasi nggo 3 kecamatan; Bojongsari, Purbalingga lan Kemangkon sing ngileni sawah antarane 6 ewu hektar sing ngentekna biaya 50 milyar sekang APBN.

Seliyane nggo ngileni sawah, nang desa Palumbungan, Bobotsari uga arep debangun bendung mikrohidro nggo gawe pembangkit listrik tenaga air kapasitas 5 miga watt sing biayane 25 milyar murni investasi swasta. Angger watu utawa krikil sing regane larang tah nang sekitaran kecamatan Bobotsari, Karanganya lan Mrebet. Mulane akeh uga mahasiswa sing padha nganakna penelitian nggo tugas kuliah nang kali Klawing.

Malah siki nang ndhuwure kali Klawing lagi degawe proyek gedhe, Jembatan Linggamas. Anggaran gawe brug kiye Rp 16,7 milyar paroan karo kabupaten Banyumas. Purbalingga 9,3 milyar, Banyumas 7,4 milyar. Seliyane nggo nggampangna transportasi masrakat jembatan kiye mengko-mengkone uga arep dadi jalur utama maring Bandara Wirasaba nang desa Wirasaba, kecamatan Bukateja. Rencana debukake bandara nggo penerbangan komersial kiye lagi deseriusi temenan.

Program kiye uga desengkuyung kabupaten tangga; Banyumas, Banjarnegara, Wonosobo uga Kebumen. Para bupati kompak duwe pinemu lamon Lanud Wirasaba debukak nggo komersil bisa aweh manpangat gedhe tumrap ningkate perekonomian, niaga uga wisata. Sing kaya kiye genah bisa gawe efek domino sing positip maring pembangunan sekabehane.

Nggo njaga lestarine kali Klawing, Pemda Purbalingga uga nganakna normalisasi rupa masang bronjong, pengerukan uga gawe tanggul nggo nahan abrasi sekang bendung slinga nganti tempuran kali Srayu. Moga-moga kali Klawing tetep aweh berkah sumrambah minangka ningkate sejahtera lan makmure masrakat sekaehane. Klilan. (03)
Lewih Lengkape

Pesta Ngadeg


Warti nampa uleman sekang batire neng Jakarta. Amplop wernane abang tuwa, kertase kandel pisan. Ambune wangi kaya desogi kembang melati. Tulisane nganggo mangsi kuning emas. Ana gambare calon penganten sing tangane agi padha cekelan karo mesem pandeng-pandengan. Warti goli gumun ora mandheg-mandheg. Gawe undangan koh maen temen, sepira regane, njuran ngesuk arep kondangan pira pantese?

Nampa uleman kaya kuwe batine Warti niyat arep teka maring Jakarta senajan sangune kudu akeh. Dheweke ya kemudu-kudu teka wong wis dewanti-wanti nang Surti, angger dheweke ningkahan Warti kudu teka. Pancen dhasare kawit cilik Warti karo Surti kuwe batir sing ruket. Sekang SD gutul SMP, bocah loro kuwe bareng terus. Ya dolan, ya sekolah, mesthi bareng-bareng. Neng endi papan ana Warti mesti ana Surti. Warti lan Surti kaya sedulur sinarawedhi.

Mung bareng wis lulus SMP bocah loro kuwe banjur pisah. Warti milih neng urip neng desa. Surti jere arep golet pengalaman neng Jakarta. Senajan kaya kuwe bocah loro ora tau pedhot goli batiran. Surti sering SMSan karo Warti. Angger bada Surti ya mesthi bali lan ora kelalen nggawakna jajan bada nggo Warti.
***
Selawase neng Jakarta, Surti sing dhasare pancen ayu lan pinter jeremonge ngodhe dadi pelayan toko. Ndilalah juragane seneng karo penggaweyane Surti. Mulane Surti kon sekolah maning. Bareng wis lulus SMA, Surti njuran kon nerusna kuliah neng bagian komputer. Suwe-suwe juragane kepencut gutul ati. Si Juragan nganti niat arep mbojo Surti. Pancen wis dadi tulise ndeyan. Surti uga gelem debojo nyatane dheweke meneng-meneng uga seneng maring juragane. Apa maning dheweke ya kepengin ngubah nasibe.

Ningkahane Surti karo juragane wis detemtokna wektune. Goli resepsi neng gedhong neng dhaerah Pasar Senen. Undhangan wis desebar kabeh nganti butul Warti. Warti nyepur maring Jakartane. Gutul Jatinegara Warti SMS adhine sing neng Jakarta kon methuk. Warti nginep neng kontrakane Parno, adhine. Ngesuke dheweke teka maring nggon pesta ningkahane Surti debatiri Parno.

Warti mlebu gedhung karo Parno. Senajan mangkate gasik ning jebule dhayohe wis akeh sing teka. Warti karo Parno antri saprelu nyalami penganten.
“Selamat ya. Ti. Ko siki wis dadi wong sugih. Ning aja kelalen karo inyong, ya,” Warti ngrisiki Surti.
 “Ya War, inyong ya tetep batire Ko. Inyong ora bakal kelalen.” Ujare Surti karo mesem katon bungah pisan.
Pancen si Surti praupane ayu, dedandani sandhangan penganten ya tambah keton murub ayune. Kabeh dhayoh sing teka ngalem maring Surti.
“Trims ya War, ko bisa ngeneh nekani ijabe inyong,” Ujare Surti.
Rampung goli salaman Warti desengi Parno maring nggon panganan.
“Mayuh, Yu, arep mangan apa? Gari milih sekarepe rika” Warti mung ngetutna adhine mubang-mubeng bingung ndeleng panganan pirang-pirang. Warti tambah ora mudheng bareng ndeleng tamu semana akehe goli padha mangan karo ngadeg merga pancen ora desediani kursi nggo njagong. Wis kaya kuwe tamune umyek akeh pisan.
Warti wadul karo Parno. ”Lha, wong padha mangan koh karo mlaku-mlaku karo dopokan. Kiye sih anu kepriwe deneng ora nana jagongane, No,” Warti takon adhine.
 “Yu, kiye arane standing party. Cara jawane pesta ngadeg. Siki umume wong mbaranggawe neng kota ya kaya kiye,” Parno semaur karo nerangna lamon pesta ngadeg wis dadi lumrahe wong mbaranggawe neng kota gedhe kaya Jakarta.
“Ngeneh, Yu. Arep mangan sing endi. Arep nyicipi kambing guling, apa?” Parno nawani mbokayune sing esih keton gumun maring kahanan sing ana.
“Mengko dhisit, No. Inyong tek ndeleng-ndeleng dhisit, panganan koh akeh temen”.
Warti terus mlaku-mlaku karo Parno. Warti tambah bingung bareng maca neng saben gubugan ana jeneng panganane. Pokoke werna-werna pisan. Ana Tempura, Sukiyaki, Korean Barbeque, Zupa Zup, Kambing Guling terus mbuh apa maning saking akehe.
Wong semana akehe goli padha mangan katon dhokoh pisan. Kabeh karo ngadeg, karo guyon.
“Korean Barbeque si apa, No,” Warti takon maring adhine.
“Oh, kuwe daging panggang, Yu. Arep nicipi apa?”
“Lha, mangan daging thok ora nganggo sega?”
“Ya ora, angger arep mangan sega, ya kae nang kana”.
“Lha angger Zupa Zup kae apa?”
“Carane dhewek goli ngarani ya sop. Kae ndhuwure ana rotine njero ana sope”.
“Ya inyong tek njajal sop bae lah,” Warti njukut sop sing ndhuwure ana rotine. Rotine desogi saos terus decemplungna maring sop. Bareng rotine wis decampur sop, Warti nyendhok. Warti kaget, jebule sope esih panas. Warti ora sida mangan sop. Warti ndeleng Parno sing keton wis pengalaman neng Jakarta. Sawernane panganan neng Parno decicipi, ketone enak pisan. Warti mbatin; “Apa Parno ora kewlakaren, apa-apa depangan?”
Warti mereki Parno. “No, Angger ko wis rampung goli mangan mayuh padha gageyan bali bae. Inyong ora bisa mangan neng kene”.
“Kenaangapa si, Yu?” Parno takon semune mandan ora cocog krungu omongane mbekayune.
“Ilate inyong ora teyeng mangan panganan kaya kiye, No. Apamaning goli mangan karo ngadeg. Inyong ora teyeng. Inyong kemutan welinge mamake angger mangan karo nginum kon kudu njagong,”
“Rika lah ndeos temen lah, Yu. Siki toli jaman wis modern,” ujare Parno kayong mbelani kahanan sing ana.
“Ya, modern kena bae, No. Ning angger ora nglanggar sopan santun. Lha, angger apa-apa modern mesthi deconto mengko ya uripe ora karu-karuan. Lha, wong mangan karo mlaku-mlaku apa patut si? Kuwe ya udu mung jere wong tuwa thok, neng agama ya delarang angger mangan karo ngadeg utawa mlaku-mlaku. Pokoke iyong ora bisa melu-melu kemajuan jaman kiye sing ora pas karo budayane dhewek,” Warti goli ngomong maring parno madan dawa tur keton madan kesuh. “Angger goli mangan wis rampung, mayuh padha bali” Sidane Warti ora mangan apa-apa nang pestane Surti. Warti urung bisa nampa budaya-budaya sing jere modern, ninggal tata krama.
***
Gutul kontrakane Parno si Warti ngejog wedang kopi mau esuk sing urung deinggirna. Gedhang goreng karo munthul sing tuku mau esuk sisan desaut njuran depangan. Kanggone Warti, munthul karo gedhang goreng senajan wis adhem lewih enak rasane tenimbang mangan panganan sing jeremonge enak-enak ning goli mangan karo ngadeg. Batine Parno ngrundel, “Dhasar wong ndesa dejaki mangan enak ya malah kakehen cangkem”.
Sumilir, Mei 2012

Kusbarlinah, S.Pd.SD.
Sumilir Rt 03/I, Kec. Kemangkon, Purbalingga
Lewih Lengkape

Pating Plethak


Kaki Tohidi ngadeg nyawang sawah sing mablak-mablak padha garing. Lemahe wis pating plethak sebab wis pirang-pirang sasi ora nana udan babar blas. Saluran siyer ya wis ora nana banyune, kaline baen banyune wis ora mili paribasane. Senajan ora kur dheweke thok sing ngrasakna kahanan kaya kiye, ning jalaran penguripane ya mung sekang ngolahi sawah Kaki Tohidi ya nggrentes atine. Mulane, bubar sembayang maghrib neng tajuge Kyai Patekur dheweke njuran ngangluh maring kyaine.

“Nek sewulan malih tetep mboten jaweh tah brabeh, Kyai,” kaya kuwe ujare Kaki Tohidi.
Kyai Patekur manthuk-manthuk krungu Kaki Tohidi ngangluh. Ora mung Kaki Tohidi jamangah liyane uga padha melu bae. Ana sing ngomong jere sumure sat, ana sing jere arep adus baen kudu mlaku nganti rong kilometer. Ana maning sing jere ngangsune adoh maring belik pinggir kali, kuwe bae mung seember kudu nunggu bening nembe bisa decidhuk maning.

“Kyai, kepripun nek nanggap cowongan mawon men udane gageyan teka?” Nini Tarilem nylemod sekang mburi.
“Ngontenaken ujungan mawon, Kyai, dadi rame,” Daryoto, bocah enom melu urun rembug. “Tirose, ujungan saged ngundang jaweh.”
“Sedulur-sedulur,” Kyai Patekur molahi ngendika. “Mengko dhisit, sing sabar. Kabeh-kabeh ya lagi padha ngangluh sebab udane ora teka-teka. Ana sing ngramalaken ketiga siki arep nganti sasi Nopember. Malah jere ana sing lewih dawa maning. Padhahal inyong rika padha wis kangelan nggolet banyu. Nganti entong polahe, udane ora teka-teka. Mulane inyong paham, Nini Tarilem usul jere kon nanggap cowongan, Daryoto usul nanggap ujungan jere udane kon gagiyan mudhun. Kaya kuwe mbokan?”

“Leres, Kyai,” jamangahe semaur kompak.
“Pancen menungsa kuwe wajib nyuwun maring Gusti Allah, maring Sing Gawe Urip, nganggo cara apa baen. Ningen rika padha kudu ngerti, hak ngijabahi dongane menungsa kuwe ana neng Gusti Allah. Liyane Gusti Allah ora nana sing bisa ngijabahi dongane menungsa. Mulane nganggo cara apa baen, sing nomer siji, inyong karo rika gole nyenyuwun kuwe maring Gusti Allah. Aja maring liyane. Aja duwe penganggep yen lamona sing marekaken udan kuwe dhukun cowongan utawa dhukun ujungan. Dudu. Sing ngijabahi tetep Gusti Allah. Kabeh mung srana, mung marga lantaran. Dongane kyai uga mung marga lantaran thok.”

Jamangah padha meneng. Ana sing ndingkluk.“Mulane siki tugase inyong karo rika kuwe mula-mula ya mayuh padha mertobat maring Gusti Allah. Tobat sing bener, tobat nasukha. Angger mertobat maring Gusti Allah kuwe aja nganggo tembung ‘mbok jere sapa’ awake dhewek akeh dosane. Sebab nek esih nganggo tembung kaya kuwe, tegese inyong karo rika durung bener-bener ngakoni dosa. Padhahal wis jelas menungsa kuwe mesthi kedhunungan luput, salah lan dosa. Mulane, nek ngadhep maring Gusti Allah ya ngaku baen nek inyong karo rika kuwe pancen menungsa sing pirang-pirang dosane, nyuwun dengampura Gusti Allah.”

Kyai Patekur unjal ambekan sedhela, banjutan ngendika maning. “Lha, sawise mertobat mayuh inyong rika padha ndandani cara urip, aja ngetutaken hawa nepsu. Atine detata, jiwane detata. Mulane sing padha sregep ngaji, tegese ngatur jiwane dhewek-dhewek. Lha, angger wis kaya kuwe nembe nyuwun maring Gusti Allah supayane gageyan deparingi udan.”
“Kalih nanggap cowongan nggih, Kyai?”
“Ya kena,” si Kyai semaur. “Ningen angger inyong pancen wis niyat arep nganakna salat istisqa. Sembayang sing tujuane nyuwun maring Gusti Allah supaya gageyan deparingi udan. Kuwe cara sing decontokna Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para Sunan, para Ulama kawit gemiyen. Sebab wis dijelasaken neng Al Quran ‘Gusti Allah sing ngedunaken banyu sekang langit, kanthi udan mau Gusti Allah nuwuhaken tanduran, woh-wohan minangka rejeki tumrap menungsa, mulane sira aja padha gawe sesembahan liya seliyane Gusti Allah’ (QS Al Baqarah:22). Sebab sing demadi lan teka maring menungsa wujud apa baen, kuwe sekang kersane Gusti Allah.”

“Dados mboten kenging nanggap cowongan utawi ujungan, Kyai ?” Kaki Tohidi takon.
Kyai Patekur mandheg sedhela. Unjal ambekan, banjur nerusaken ngendikane.
“Sing arep nganakna ya olih-olih baen. Kuwe kabeh mujudaken budaya, utawa cara sing tau delakokna para leluhur sadurunge wong padha ngerti ana salat istisqa. Sing penting padha dengerteni udu cowongane lan udu ujungane sing marekaken udan, ningen Gusti Allah. Cowongan, ujungan, salat istisqa kuwe mung srana nyenyuwun maring Gusti Allah. Lha inyong rika kabeh jamangah tajug ngkene ngesuk dina Ahad Kliwon mayuh padha nganakna salat istisqa neng lapangan desa. Anak bojone padha deiridna kabeh, angger sing duwe wedhus utawa sapi ya kena degawa maring lapangan. Mayuh padha nyuwun maring Gusti Allah supayane gageyan temurun udan sing nggawa berkah tumrap menungsa.”
Jamangahe padha manthuk-manthuk.

“Lha sedurunge dina Ahad Kliwon, inyong karo rika mayuh padha mertobat dhisit, toli padha janji maring Gusti Allah arep ninggalaken kabeh laku ala, deganti laku sing becik.”
“Nggih, Kyai...” jamangah kompak semaur. (Fatchurahman)


Lewih Lengkape

Cowongan


Mangsa ketiga nang endi bae gawe rekasa. Sing paling ngrasakna sedulur tani. Sawah, kebon, pekarangan garing padha nela. Nandur apa bae ora kambon banyu akeh ora kasile. Arep liwet bae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune. Sing ana neng pinggir kali Serayu esih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan esih bisa metu banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa akeh sing sambat.

Sapa maning sing bisa nekakna udan angger udu Sing Kewasa? Mulane padha ngrekadaya nyuwun maring Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan maring bumi. Salah sijine upacara nyuwun udan sing ana neng tlatah Banyumas dearani cowongan. Nganakna cowongan biasane merga mangsa ketigane liwat sekang patang wulan lawase. Utawane lemah wis padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat, tanduran padha garing, mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supayane nekakna sukmane Dewi Nawangwulan mbantu nekakna udan nggo nelesi bumi sing garing.

Dewi Nawangwulan kuwe sapa?
Critane, Dewi Nawangwulan kuwe widadari sekang kahyangan. Wektu mudhun maring bumi karo batir-batire adus nang tlaga. Klambine deumpetna neng Jaka Tarub. Mesthi bae ora bisa bali maring kahyangan. Banjur neng Jaka Tarub si widadari dejek bali. Nawangwulan banjur dedadekena bojo urip kaya menungsa lumrahe.

Bareng duwe anak dejenengi Nawangsih, klambi sing deumpetna Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan banjur mabur maring kahyangan anake detinggal neng ngisor wit gedhang raja. Mulane Nawangsih nggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing deanakena neng ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwe critane upacara mau niru Jaka Tarub.

Cowongan ora kena sembarangan. Ddhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu padha tirakat suwene pitung dina pitung wengi. Ancase nggo ngresiki jiwa lan raga. Sawise tirakat dhukun lan sing detugasi upacara siap ngundang tekane Nawangwulan sing ketelah dearani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase sekang cumplung awake sekang pring njuran deklambeni kaya putri sing ayu rupane.

Lakune upacara Cowongan panggonane neng ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jere kon mbantu nyuwun maring Gusti Allah nekakna udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat, tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong deobahna kaya lagi nyuwun udan maring Gusti Allah. Ning kasembadan orane gemantung Kersane Gusti Allah.

Nah, siki udan wis temurun. Godhong-godhong wis keton ijo. Bumi sing nela rapet maning. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure. Kabeh obahing jagat kiye neng Kewasane Gusti Allah. Demareni goli sambet angger selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh mahluk wajib bekti maring sing gawe urip sedawane esih ambekan, esih bisa nyawang srengenge madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah penting, anane berkah udan kiye njuran aja dadi mala. Aja mbuwang runtah janji ber men dalan banyu ora mampet.*

Drs. Siswandi Dwi Hadi
Kepala SDN 4 Wangon, Redaktur Tamu ANCAS


Lewih Lengkape

Permen Davos


Seprane-seprene wong Jawa Tengah lan sakubenge wis ora pangling karo permen Davos. Wujude gepeng, putih rasane semriwing. Lah, angger Dawos kiye asli weton Purbalingga?. PT Slamet Langgeng depimpin daning Bapak Siem Tjong An kawit taun 1961 nganti taun 1968, lan taun 1968 jabatan pimpinan perusahaan deweken maring Bapak Toni Siswanto Hardi merga Bapak Siem Tjong An nutugna sinau maring Belanda. Bapak Toni Siswanto Hardi mimpin PT Slamet Langgeng nganti akhir wulan Juni 1983 merga dheweke tilar dunya. Kawit kuwe perusahaan depimpin Ibu Corie Sumadibrata nganti Mei 1985. Merga umur, jabatan pimpinan deweken maring Bapak Budi Handoyo Hardi kawit tanggal 1 Juni 1985 nganti siki.

Davos kuwe jeneng kutha hawane adhem sing ana neng Swiss. Kutha cilik nang pegunungan Alphen kuwe dadi insprirasine PT Slamet Langgeng njenengi permen rasa methol kiye lan sing pertama ana neng Indonesia. Merga wis dadi perusahaan sing nglegenda mestine udu prekara entheng nggo ngupakara supaya tetep eksis.

Angger ngomongna permen Davos sing wujude buder putih debungkus kertas biru tuwa. Apamaning permen Davos pancen ketelah dearani kembanggulane wong tuwa. Nggo ngrubah image kiye perusahaan nganakna pirang-pirang terobosan salah sijine diferensiasi produk. Rasa permen Davos pancen beda karo permen liyane. Seger alami tur semriwing. Pancen kiye istimewane permen Davos angger debandhingna karo permen-permen liyane. Mula ora gumun senajan merk permen wis ora etungan ning permen Davos nganti siki akeh pelanggane.

Miturut Nicodemus Hard, Managing Director PT. Slamet Langgeng, lagi jaman Jepang perusahaane nglakon bangkrut. Njuran menyat maning sawise taun 1945. Jeneng perusahaane deganti dadi PT Slamet Langgeng & Co. sing mroduksi Permen Mint Davos, Kresna, Aplina lan Davos Lux. Seliyane mroduksi kembang gula uga ana produk liya kayadene limun lan biskuit merk Slamet. Ningen kawit taun 1973 Biskuit Slamet leren produksi merga kangelen bahan baku. Jeneng Slamet Langgeng dejukut sekang aran Gunung Slamet. Langgeng kuwe supaya usahane ora mandheg. Banjur Davos inspirasine sekang jeneng kota sing hawane adem neng Swiss nggo nggambarna adem lan semriwinge kembang gula kiye.

Bahan sing nggo gawe permen Davos 98 persen gula pasir. Bahan liyane mentol lan zat pengikat. Permen Davos ora ngango zat pewarna, pengawet lan pemanis liyane. Bisa desimpen nganti 1,5 taun malah 2 taun lawase. Produk pertama Davos werna-werna rupane, ana Davos Roll sing bungkuse werna wungu. Sebungkus isi 10 blindhi regane Rp. 1000,-. Kejaba kuwe, nggo nyukupi konsumen lan ngetutna perkembangan jaman uga deproduksi Davos Lux sing bungkuse werna ijo regane Rp. 500,- nganti Rp. 1000,-. Njuran ana Davos Klasik, Rp 100,- saben blindhine. Uga ana Davos Mild lan Davos Mini.

Taun 2009 PT Slamet Langgeng gawe produk anyar, rupane Permen Koffie. Kembang gula rasa kopi kiye sebungkuse isi 50, regane Rp. 4000,-.Nicodemus Hardi ngakoni lamon konsumen sing wis klangenan karo semriwinge permen Davos utawa permen produksi PT Slamet Langgeng liyane bakal angel ucule. Senajan konsumen kuwe wis njajal permen liyane ning akhire balik maning maring permen Davos.

Kejaba kuwe Davos arep ngetokna produk inovasi liyane nggo nuruti perkembangane kebutuhan lan selera pasar. Kayadene permen nggo bocah-bocah lan nom-noman lan permen sugar free. Nggo ndhukung pemasaran Davos uga nganggo pirang-pirang konsultan pemasaran nggo ndhukung Above the Line lan uga Brand Activation. Kejaba kuwe Davos uga nganggo tagline anyar “Cara Baru Menikmati Davos”. (Joko TW)
Lewih Lengkape

Mbangun “JALIRIS”


Udan pirang-pirang dina kayong desorna sekang langit. Menungsa padha seneng, tanduran wit-witan nglilir ijo royo-royo. Dalan-dalan ilang bledhuge. Wedhus, sapi lan kebo uga bregas maning merga sukete wis mulai akeh lan lemu-lemu. Kanggone kadhang tani molai ngrumat sawah, kebon lan tegalan sebabe lemah wis amoh gampang depaculi lan depanja. Ning ana seperangan menungsa sing ngresula merga umahe borot, gendenge padha mlorod lan talange bocor.

Neng wulan ber-ber kaya wulan Oktober, Nopember lan Desember biasane mangsan udah. Neng wulan Desember jeremonge agi gedhe-gedhene sumber (sumur) alias akeh banyu. Angger mengko neng wulan Januari jeremonge hujan sehari-hari alias ndina-ndina udan marekna banjir bandhang. Agi nglogog neng teras umah, jajane medang lawuh jalabia lan mendhoan, inyong krungu swarane Kang Bino ngorong-ngorong seru pisan. Kang Bino nyeluk anake sing nembe 6 taun umure kecehan lan icak-icik neng latar sing lemahe ngembeng banyu udan. Grimise uga esih pating tlethik.

“Wartoooo! Ko kepengin mriyang apa?, ngonoh angger watuk pileg sing nggo wragad mertamba dhuwit sekang endhi”, Kang Bino ngorong-ngorong lewih seru kambi mlayu ngoyok anake lanang sing agi kecehan.

“Kang Bino… ngeneh mampir dhisit, lha wong jaragan bocah cilik agi seneng-senenge icak-icik, angger bubar kecehan terus dedhusi karo banyu anget toli ora mriyang”, inyong aruh-aruh konsupayane jengkele Kang Bino ora kedhawan gagang.

“Iya… ya, inyong jamane esih cilik uga seneng udhan-udhanan, seneng kecehan apa maning bocah lanang,. Bedane inyong ganu ora tau watuk pileg angger jaman siki gampang pisan tekane prenyakit lho kang,” ujare Kang Bino mandan lerem atine ora ngorong-ngorong maning kaya Toa speker mesjid, seru pisan.

“Mengko angger neng rapat RT inyong njaluk rika aweh ular-ular lan wawasan bab nglestarekena tanduran lan sumber banyu ya Kang Bambang”, ujare kang Bino seuwise nggered anake kon bali.
 “Iya… kang mengko derembug bareng-bareng, musyawaroh aja nganti kedhadean ganu debaleni maning, angger mangsan terang akeh warga sing rekasa. Nggolet suket nggo ngempani ingon-ingon uga kangelan. Inyong nyanggupi sebabe wis tau nggagas program “JALIRIS” wektu njabat camat.

Program JALIRIS yakuwe cekakan: J tegese Jalan lan jemtaran, A = air bersih nggo masak lan nggo MCK, L = Listrik masuk desa nganti grumbul sing terpencil. I= Iirigasi nggo tetanen lan perikanan. R  yakuwe Rumah sehat lan layak huni. I yakuwe Ibadah lan mbangun sarana ibadah. S yakuwe sekolah lan mbangun gedhung sekolahan konsupayane Wajar 9 taun bisa keleksanan. Neng program “JALIRIS” uga nyakup bab nglestarekena sumber banyu yakuwe belik, tuk lan sumur.

Mbengine, inyong klebu Kang Bino lan warga RT liyane kumpulan mirunggan. Acarane ngrembug bab banyu lan mangsan pancaroba sing biasane akeh prenyakit merga owah-owahan mangsan terang maring mangsan udan.

Inyong sing jeremonge depacak dadi sesepuh RT aweh ular-ular lamona mangsan udan kabeh warga kudhu waspada, utamane neng babagan prenyakit sing dituwuhna sekang lemud. Inyong uga aweh wawasan lamona neng pekarangan aja nganti ana kaleng, blokeng lan ember bodhol mlumah lan bisa nggo umah lemud.

Neng babagan liya uga kabeh warga gumolong karep arap gawe luwang resapan sekang duk, gawe tandhon banyu lan luwangan cilik sing ketelah “Biopori”. Kabeh nggo ngupayani nyimpen banyu lan ora kabeh banyu entek mili bablas maring kali. Malah ana kawruh sepala jeremonge tapis wiring belik lan sumur apike detanduri wit Sukun. Wt kiye duwe oyod sing mrambat lan nyimpen banyu konsupayane belik, banyu tuk uga sumur terus mili senajan mangsan terang.

Nang rapat RT uga ana keputusan, ora kena negor wit segeleme dhewek lan aja ngguwang runtah neng selokan. Keputusan liyane warga kon giat maning mbratas umah lemud liwat program PSN (Pemberentasan Sarang Nyamuk) sing wis suwe deprogramna pemrentah.

Menungsa pancen wajib njaga lestarine alam, klebu belik, tuk, situ lan wit-witan. Mulane aja nganti ana gunung lan alas degundhuli. Angger butuh suluh ya pange bae sing cilik-cilik. Wite aja detegor segluntung. Inyong setuju banget kambi programe sedhulur-sehulur neng tlatah Banyumas lan Pekalongan sing neng paguyuban “SETAN BALONG”, yakuwe Serikat Tani Hutan  Banyumas dan Pekalongan sing majibena warga igir gunung Slamet dejaga lestarine. Angger arep tetanen aja negori wit-witan konsupayane ora gampang gugrug lemahe. Bisaha tetep nandur wit-witan neng antarane tanduran liya.

Angger kabeh warga kaya “SETAN BALONG” ora bakal ana alas kobong, lemah longsor lan wong negor wit segeleme dhewek. Mayuh sedhulur-sedhulur neng tlatah Banyumas Raya, mulai siki padha gawe tandhon banyu, gawe luwang biopori lan njaga sumber banyu kanthi wicaksana. Klilan.[Bambang S Purwoko]
Lewih Lengkape