Tampilkan postingan dengan label Dopokan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Dopokan. Tampilkan semua postingan

Rabu, 14 November 2012

Mbangun “JALIRIS”


Udan pirang-pirang dina kayong desorna sekang langit. Menungsa padha seneng, tanduran wit-witan nglilir ijo royo-royo. Dalan-dalan ilang bledhuge. Wedhus, sapi lan kebo uga bregas maning merga sukete wis mulai akeh lan lemu-lemu. Kanggone kadhang tani molai ngrumat sawah, kebon lan tegalan sebabe lemah wis amoh gampang depaculi lan depanja. Ning ana seperangan menungsa sing ngresula merga umahe borot, gendenge padha mlorod lan talange bocor.

Neng wulan ber-ber kaya wulan Oktober, Nopember lan Desember biasane mangsan udah. Neng wulan Desember jeremonge agi gedhe-gedhene sumber (sumur) alias akeh banyu. Angger mengko neng wulan Januari jeremonge hujan sehari-hari alias ndina-ndina udan marekna banjir bandhang. Agi nglogog neng teras umah, jajane medang lawuh jalabia lan mendhoan, inyong krungu swarane Kang Bino ngorong-ngorong seru pisan. Kang Bino nyeluk anake sing nembe 6 taun umure kecehan lan icak-icik neng latar sing lemahe ngembeng banyu udan. Grimise uga esih pating tlethik.

“Wartoooo! Ko kepengin mriyang apa?, ngonoh angger watuk pileg sing nggo wragad mertamba dhuwit sekang endhi”, Kang Bino ngorong-ngorong lewih seru kambi mlayu ngoyok anake lanang sing agi kecehan.

“Kang Bino… ngeneh mampir dhisit, lha wong jaragan bocah cilik agi seneng-senenge icak-icik, angger bubar kecehan terus dedhusi karo banyu anget toli ora mriyang”, inyong aruh-aruh konsupayane jengkele Kang Bino ora kedhawan gagang.

“Iya… ya, inyong jamane esih cilik uga seneng udhan-udhanan, seneng kecehan apa maning bocah lanang,. Bedane inyong ganu ora tau watuk pileg angger jaman siki gampang pisan tekane prenyakit lho kang,” ujare Kang Bino mandan lerem atine ora ngorong-ngorong maning kaya Toa speker mesjid, seru pisan.

“Mengko angger neng rapat RT inyong njaluk rika aweh ular-ular lan wawasan bab nglestarekena tanduran lan sumber banyu ya Kang Bambang”, ujare kang Bino seuwise nggered anake kon bali.
 “Iya… kang mengko derembug bareng-bareng, musyawaroh aja nganti kedhadean ganu debaleni maning, angger mangsan terang akeh warga sing rekasa. Nggolet suket nggo ngempani ingon-ingon uga kangelan. Inyong nyanggupi sebabe wis tau nggagas program “JALIRIS” wektu njabat camat.

Program JALIRIS yakuwe cekakan: J tegese Jalan lan jemtaran, A = air bersih nggo masak lan nggo MCK, L = Listrik masuk desa nganti grumbul sing terpencil. I= Iirigasi nggo tetanen lan perikanan. R  yakuwe Rumah sehat lan layak huni. I yakuwe Ibadah lan mbangun sarana ibadah. S yakuwe sekolah lan mbangun gedhung sekolahan konsupayane Wajar 9 taun bisa keleksanan. Neng program “JALIRIS” uga nyakup bab nglestarekena sumber banyu yakuwe belik, tuk lan sumur.

Mbengine, inyong klebu Kang Bino lan warga RT liyane kumpulan mirunggan. Acarane ngrembug bab banyu lan mangsan pancaroba sing biasane akeh prenyakit merga owah-owahan mangsan terang maring mangsan udan.

Inyong sing jeremonge depacak dadi sesepuh RT aweh ular-ular lamona mangsan udan kabeh warga kudhu waspada, utamane neng babagan prenyakit sing dituwuhna sekang lemud. Inyong uga aweh wawasan lamona neng pekarangan aja nganti ana kaleng, blokeng lan ember bodhol mlumah lan bisa nggo umah lemud.

Neng babagan liya uga kabeh warga gumolong karep arap gawe luwang resapan sekang duk, gawe tandhon banyu lan luwangan cilik sing ketelah “Biopori”. Kabeh nggo ngupayani nyimpen banyu lan ora kabeh banyu entek mili bablas maring kali. Malah ana kawruh sepala jeremonge tapis wiring belik lan sumur apike detanduri wit Sukun. Wt kiye duwe oyod sing mrambat lan nyimpen banyu konsupayane belik, banyu tuk uga sumur terus mili senajan mangsan terang.

Nang rapat RT uga ana keputusan, ora kena negor wit segeleme dhewek lan aja ngguwang runtah neng selokan. Keputusan liyane warga kon giat maning mbratas umah lemud liwat program PSN (Pemberentasan Sarang Nyamuk) sing wis suwe deprogramna pemrentah.

Menungsa pancen wajib njaga lestarine alam, klebu belik, tuk, situ lan wit-witan. Mulane aja nganti ana gunung lan alas degundhuli. Angger butuh suluh ya pange bae sing cilik-cilik. Wite aja detegor segluntung. Inyong setuju banget kambi programe sedhulur-sehulur neng tlatah Banyumas lan Pekalongan sing neng paguyuban “SETAN BALONG”, yakuwe Serikat Tani Hutan  Banyumas dan Pekalongan sing majibena warga igir gunung Slamet dejaga lestarine. Angger arep tetanen aja negori wit-witan konsupayane ora gampang gugrug lemahe. Bisaha tetep nandur wit-witan neng antarane tanduran liya.

Angger kabeh warga kaya “SETAN BALONG” ora bakal ana alas kobong, lemah longsor lan wong negor wit segeleme dhewek. Mayuh sedhulur-sedhulur neng tlatah Banyumas Raya, mulai siki padha gawe tandhon banyu, gawe luwang biopori lan njaga sumber banyu kanthi wicaksana. Klilan.[Bambang S Purwoko]
Lewih Lengkape

Sabtu, 13 Oktober 2012

Aja Mbrengkunung


Rapat RT wulan awal Oktober kiye kayong sejen karo rapat-rapat seurunge sing adem ayem. Kabeh padha pur-puran jalaran ana acara silaturahmi. Ning nembe debukak sepuluh menit, urung ana pelapuran sekang bendahara lan seksi-seksi wis akeh warga sing ancang-ancang ngomong, usul lan maido maring pengurus RT. Kang Pitra sing nembe ngemben tugas dadi Ketua RT rong wulan katon semlengeren semu gumun. Deneng wargane akeh sing omonge aos ora kena deselani tur ngarah menange dhewek?

Ketua RT kepeksane mbukak acara usul, saran lan pinemu maring kabeh warga. Kabeh pengurus RT siap karo nyathet nampung usulan utawa uneg-unege warga. Cempuleke pancen akeh kedadeyan sing prelu derempug bareng.

“Kula ajeng lapur Pak RT, mpun sering kula aruh-aruh angger mbucal runtah ampun teng dalan banyu. Ningen kula taksih semerep kiyambak nika Nggayu Teblo meh saben enjing lan sonten mbucale runtah teng saluran, angger deluruhi kayong mrina,” Ujare Kang Badri ngawiti lapuran maring RTne.

“Wonten malih Pak RT, warga RT mbok kecathet 45 KK ning angger rapat mirunggan kados dinten niki koh mung separo sing teka. Malah wonten warga sing sejrone setaun teka mung ping pindo?” Kang Marno nambahi werta lamona warga sing mbrengkunung ora gelem rapat RT, kerigan lan rondha kon de dhendha bae, mbayar nggo kas RT.

Kuwe prenyakit lawas, Kang. Inyong uga arep aweh lapuran lamona jogan, senthong lan latare umahe inyong kebek tembelek pitik sing deumbar. Mbokyaha angger ngingu ayam padha dekurungi. Sukurbage sisan degawekna kandhang supayane ora jag-jagan maring umahe tanggane, jan ngesuhi pisan,” ora gelem kalah karo warga liyane, Kang Bino uga nglapurna kahanan sing jane bisa derempungi bareng-bareng.

Ketua RT lan inyong sing jeremonge dadi sesepuh RT nengahi lan ngadhemna swasana. Angger ora depenggal cepet-cepet malah gagang ora nana poge. Inyong njuran aweh wawasan lamona urip neng lingkungan RT ora bisa segeleme dhewek, ana platuran sing wajib detaati. Angger mbuwang runtah aja neng saluran got sing marekena blabur lan sarang prenyakit. Sing duwe ingon-ingon wedhus utawa pitik ya aja deumbar, gawekna kandhang sing mapan. Kewan sing gedhe kaya kebo lan sapi apike kandhange aja kepereken umah. Sing kadhung senthonge jejer karo kandhang sapi utawa kebo angger bisa ya deowahi.

Bab rapat RT sing kur sewulan sepisan utawa kerigan sing ora mesthi saben minggune, pengurus RT uga sepakat, sapa bae sing ora mangkat lan ora nana alesan bakal kenang dhendha sepuluh ewu. Sing ora gelem kerigan kon mbayar limalas ewu perak nggo kas RT. Jan-jane angger kabeh guyub rukun ora prelu ana sing kenang  dhendha aliase sregep mangkat. Ning angger wis kebangeten pancen prelu ana  dhendha nggo ndhidhik disipline warga.

Pancen angger depikir sing jero, wong urip brayan neng masrakat aja cokan padha ngarah benere dhewek. Anane Rukun Tetangga (RT) kuwe nggo madahi kabeh plekara lan pinemu sing ana neng masrakat. Ancase supaya wargane guyub rukun. Angger ana warga sing temindak ora bener, ora gelem deatur bisa cokan kenang sangsi sosial, dekucilna tangga teparone, sering nggo grundhelan lan sing ora ngepenakna ati angger ana warga sing ora lumrah deparabi “wong mbrengkunung” jan paribasan sing paling ala tumrape wong neng tlatah Banyumas Raya.

Wong mbrengkunung kuwe ngemu surasa lamona wong kuwe ora gelem deatur, ora gelem musawarah, senenge njawal, ngarah menange dhewek, ora gelem nampa pinemu wong liya, sombong lan aja dumeh. Jan ala banget wateke malah angger kebablasen cokan deparabi maning karo tembung “mbentongor” sing ngemu surasa lamona wong kuwe atine kaku, arogan, ora ramah tur kemlithak.

Akeh pinemu lamona urip neng RT angger bisa rukun ngungkuli rakete sedulur, ana sing cokan tukar masakan, munjung, malah ngemong anakae angger agi repot, nyilihi duwit uga pitulungan liyane sing urung mesthi olih karo sedulure dhewek.

Urip neng lingkungan RT angger delakoni kanthi tulus lan niyat apik akeh manpangate, sing baku yakuwe gelem rapat mirunggan saben wulane kerigan lan rondha mbengi tibane seminggu sepisan lan angger tarikan dhuwit nggo pembangunan ya gelem nyengkuyung.

Miturut tatanan pemrentahan, Ketua RT kuwe cuwilane presiden, mangsude tugas lan wewenange neng ngisor dhewek ngatur masrakat lan depilih langsung daning masrakat. Mula ana sing ngomongna tugas RT abot urut-urutane sekang Presiden, Gubernur, Bupati/Walikota, Camat, Kades terus maring RT/RW sing tugase ngatur pemrentahan lan ngatur warga sing paling ngisor.

Angger ana warga nyepelekna maring RT kuwe salah gedhe. Ngonoh jajal angger arep ngurus KTP, surat keterangan mlarat, ngedegna usaha, utang bank, ningkahan, pegatan, gawe KK lan liyane angger ora nana tandha tangan keterangan RT mesthi detolak daning pemrentahan nduwure kaya RW, kantor desa/kelurahan lan Kecamatan. Inyong sing dhongkolan Camat jaman semana nglakon mbalekna warga, mbalekna berkas sing ora ana keterangane sekang RT. Mula mayuh sedulur-sedulur penginyongan nang endi baen bisaha aweh pakurmatan maring ketua RT saperangkate, aja cokan nyepelekna mbok malah cilaka. Klilan. (Bambang S Purwoko)
Lewih Lengkape

Selasa, 11 September 2012

Siap Sajen, Sowan, Sungkem


Wulan September kiye bar badha masrakat utamane umat Islam wis molahi makarya maning kaya adat sabene. Sing bakul rames wis molahi bukak. Sing dadi pegawe kantoran goli mangkat uga wis gasik. Kaum tani goli meng sawah sedina muput. Sing padha ngode angger wulan puasa langka medangan, siki a uwis padha olih medangan maning. Langgar, Tajug lan Mesjid akeh-akehe bareng wulan puasane wis rampung uga semending maning sing jamangah.
Ana maning owah-owahan neng babagan ronda. Angger wulan Puasa gerdune kebek merga sing ronda uga karo nunggu wektu saur, siki bali kaya maune maning sing ronda mung separo be ora genep. Sing padha ronda wis tekane madan kewengen, nembe dog teka njuran nglegoso jere kemlakaren dadi ngantuki. Angger regune inyong kaya kang Dulah, kang Pitra lan kang Sarwo esih mandan giras ning yakuwe sanguine wedang kopi jahe karo rokoke rong contong.
“Wah kang Dulah rika rampungan nglakoni puasa kayong dadi lewih sehat, wis ora ngangluh boyoke kumat. Kae kang Pitra uga bobote jere suda patang kilo. Inyong uga melu seneng, rampungan puasa watuke kang Sarwo ora grak-grek kumat manig” inyong nyobati karo mertakna keslametan.
“Ya…ya..ya bener kang, wong puasa angger deniati ikhlas lan ngibadah ana bae ganjarane. Kaya inyong siki wis ora kumat rematike merga goli mangan ora jor-joran. Emping mlinjo, jeroan lan kacang tek ilari temenan. Pancen bener ujare Pak dokter, angger puasane temenanan, ngatur mangan bisa ndadekna sehat waras” ujare kang Dulah pamer lamona siki rematike wis mari. Semana uga kanca batir liyane rumangsa lewih waras seuwise nglakoni puasa sewulan muput.
“Angger prenyakite inyong ilang, ana kahanan sing ora ilang-ilang ya kang Bambang, kaya bab kurupsi, rega-rega padha mundak, akeh kacilakan nengendi ora, maling rampog merajalela” Kang Pitra nyelani kambi ngresula bab kahanan sing ora ngepenakena neng jaman siki.
“ Lha …rika koh kaya juru werta akeh temen infone, kayonge uga bener kabeh. Mulane neng jaman siki kudhu akeh iguh pertikele konsupayane ekonomine ora morat-marit. Aja boros, angger bisa ya nyelengi ora ketang seperak rong perak” Inyong melu aweh wawasan semedhing babagan ngatur ekonomi neng jaman siki.
“Angger Inyong sejen maning Kang, dela maning desane dhewek arep ana pilkades. Jago sing uwis kluruk jeremonge ana lima. Ningen pilihan kurang telung wulan ning urung ana gatrane, esih sepi. Malah ana jago sing uwis ngetung-etung ora arep gawe tratag lan ora arep nyuguh angger ana warga sing teka ndengkeng. Jere marekna bojrot. Ning uga ana calon sing uwis wani ngumbar janji jeremonge saben pemilih arewp desangoni Rp. 25 ewuan. Plekara mangan lan udud wis deagani kabeh, sing arep ndengkeng gari njembreng wudhele bae”, Ujare Kang Sarwo ndrememel dawa pisan.
Lha…kiye sing kudhu ngati-ati. Warga sing duwe hak pilih aja padha nggegemangsa. Aja ngiler angger ana sing ngiming-imingi duwit. Aja lena angger ana sing njanjeni muluk-muluk. Dedeleng disit program kerja lan visi misine. Akeh bae calon sing ora duwe program apamaning visi lan misi. Akehe calon padha kemrungsung kepengin gageyan dadi ratu njagong neng kursi empuk” inyong ngemutna kanca bathir sing akeh-akehe padha kepencut karo janji-janjine calon Kades uga calon-calon liyane kayata calon Bupati, Walikota, Gubernur lan Presiden.
“Iya..kang, inyong krungu kabar sekang tangga desa jeremonge nggo nyalon kades ora semending wragade. Ana sing ngomong entenge nganti atusan juta. Wong kadar mung kepengin nyalon ulu-ulu utawane kayim bae ana sing entong nganti jut-jutan. Lah angger njago pilihan Bupati sependuwur sih etenge pira?” ujare Dulah ora kalah goli ngetuprus babagan wragad sing ora semending angger kepengin dadi pemimpin.
“Yakuwe rika kabeh, masrakat kon maklum jaman repormasi lan alam demokrasi kaya kuwe kedadeane. Jeremonge ahli piker, demokrasi kuwe larang regane. Sebab ana perangan UU sing ngatur bab pemilihan langsung nggo ndadekna pemimpin” Inyong nambahi wawasan adhedasar pengalaman lan kedahadean sing uwis mlaku kawit taun 1998.
Anger depikir sing jero, calon Kades sependuwur nyatane kudu siap 3 S sing wujude SAJEN: sing rupane pawitan dhuwit nggo wragad nyalon. SOWAN: yakuwe sregep nemoni masrakat utamane tokoh masrakat sing duwe pengaruh gedhe. SUNGKEM: njaluk pangestu maring para sepuh, uga kulak tutur lan sembur.
Ningen sing lewih penting maning, calon Kades sing menang kudu duwe program sing trewaca, temata bisa derasakena neng masrakat. Pirang-pirang sing bisa delakoni,upamane: Pelayanan sing cekat-ceket lan ora ana pungli, Lembaga Desa kaya LKMD, PKK, Karang Taruna, Kelompok Tani lan RT-RW defungsikna. Sing uga prelu degatekna babagan keamanan, nyengkuyung industry kreatif nggo penguripan warga, ngusahakena wajar 9 tahun, nguripna jiwa gotong royong warga lan ndidik masrakat patuh hokum.
Sing lewih wigati maning, poma-depoma angger wis kepilih Kades lan sepamong-pamonge aja padha kurupsi bandha desa, raskin, PBB, PNPM lan liyane sing marekena bisa dadi plekara neng pulisi utawane kejaksaan. Klilan.[BSP]

Lewih Lengkape

Minggu, 09 September 2012

Akeh Wong Ngaku Mlarat


Ora kaya adat sabene brayat pengurus RT lan RW neng wulan Juli – Agustus taun kiye padha gisus banget, ibarate ora kober kathokan acan. Esuk sore akeh warga ndilir padha njaluk keterangan mlarat utawa sing ketelah Surat Keterangan Miskin. Goli padha njaluk surat keterangan kuwe seperlu nggo ndaftarna anake sing arep padha sekolah neng SMP, SMA lan sekolah liyane. Jeremonge surat keterangan miskin bisa nggo ngentheng-enthengi wragad sekolah.

Umume wong tuwa padha ngangluh, jeremonge wis ana dana BOS, dana pendidikan sekang APBD lan APBN ning esih bae detariki. Sekolahan goli padha nariki jeremonge nggo uang gedung, seragam, perlengkapan lan ubarampe liyane. Jumlahe nganti juta-jutaan. Malah ana neng salah sijine sekolah majibna bocah kon tuku IPAD sing regane uga juta-jutaan.

Gisuse pengurus RT lan RW uga tambah maning merga ngurusi raskin sing jeremonge siki suda jatahe. Akeh warga masrakat sing protes.

Sing njaluk surat keterangan miskin nggo ngurus Jamkesda, Jampersal nggo mertamba maring rumah sakit. Sing arep nggo ngurus utang maring bank uga ana. Dhasare dadi pengurus RT lan RW kerjane pengabdian ora nampa bengkok, deniyati ngibadah mbantu warga sing kecingkrangan.

“Wahh..kang Dulah, rika dadi sekretaris RT kayonge melu ketularan sibuk, ngalor ngidul nyangking map kaya pegawe bae,” inyong ngluruhi kambi ngledhek maring Seretaris RT sing esih payu tanda tangane sebab Ketuane lagi ndhandheng mandan suwe.

“Ya. . . kiye sing jeneng pengabdian, ora debayar ya tetep iklas, ningen mumete urung mari. inyong nembe ketekan warga sing maune nampa bagen raskin 10 kilo siki mlongo decoret neng pemrentah Desa. Tenimbang reyang jatah wong telu sing 30 kilo tek bagi 6 tibane 5 kiloan. Siki kayong mandan adhem ora reyang” Ujare Kang Dulah nerangna lamona jatah raskin sing maune detampa neng 6 warga decoret sing 3 jere wis ora mlarat maning.

“Iya. . .ya jan jaman siki esih akeh wong kecingkrangan, kodhen langka rega-rega arep puasa malah munggah sekayange. Neng wulan Juli-Agustus akeh warga mumet ngrasakna larange bayaran mlebu sekolah, sembako mundhak derasakna sapa baen,” inyong nambahi info lamona warga kudu preyatin ngadhepi jaman sing agi ora kepenak kaya siki.

Esih gayeng lan buket goli dopokan, liwat Nggayu Ritah, tangga RT. Praumpane mandan buthek ora kaya adhat sabene sing sumringah lan gemrapyak.

“Lho. . .Yu, Ritah koh kayong ora bombong temen, ana apa sing marakna rika buthek raine. Jere nembe panen mandan lumangyan kasile, gabah ya regane wis mundhak,” inyong nyobati semu ngledhek maring wong sing lewih tuwa.

“Kiye-kiye sing marakna mumet, kadaran nglebokna bocah sekolah maring SMK swasta sing ora patiya kondhang bae kudu mbayar Rp 3 juta. Jere nggo kepentingan sekolah, praktek, alat-alat lan liyane. Wong kaya pengiyongan njuran arep kepriwe.”

“Lha. . . rika ora dhewek Yu, akeh tunggale, ningen angger rika gelem musawarah karo Komite Sekolah toli mandan entheng, jajal deenyang apa decicil mbokan olih.”

“Ora kaya kuwe thok Kang. Inyong uga arep njaluk layang ketrangan mlarat, mbok jere ana kawigaten,” Yu Ritah nyelani karo mlaku gipyak maring pengurus RT.

Jan. . .nembe jaman siki bae akeh warga sing ngaku mlarat. Angger desawang sekang njaba pancen keluwarg

ane Yu Ritah ora pantes ngaku ora duwe. Garapan sawah bae long sewidak ambane, duwe pit motor, tipine gedhe lan umahe kramikan. Ningen ya kuwe jalaran mumet siki akeh wong padha ngaku mlarat.

Pengurus RT-RW ora tegel nolak, anane mung ngelus dhadha. Sedhulur. . .sedhulur mayuh mawas diri. Angger esih mampu, esih dhuwe iguh pertikel lan usaha ya aja cokan ngaku dadi wong mlarat, mbok mlarat temenan. Ya, poma depoma. Klilan [BSP].


Lewih Lengkape

Kamis, 22 Desember 2011

Biyung Aja Nyupatani Anak

Dina Ahad sore neng awalwulan Desember inyong ketemu Ibu-ibu PKK sing nembe kumpulan neng Bali Desa. Ketonesemringah banget, kayane ana bab wigati sing nyenengna. Inyong uluk salam kambitakon ana bab apa deneng Ibu-ibu katon beger, semringah lan padha guyon kayanembe olih lotre.

“Wah… kadingaren temenIbu-ibu PKK, kabeh padha bombong nganti kelalen urung padha masak nggo nyorekluarga,” iyong nyobati kambi semu gumun lan kepengin ngerti apa jalarane kohrombongan Ibu-ibu PKK cekakak cekikik kayong gembira temen.

“Lha…kiye kebeneran ana wonglanang, mayuh padha deterangna sing terwaca,” ujare Bu Marni karo Ibu-ibuliyane, ana Bu Darwan, Bu Kampi, Bu Rani, Bu Kisem, Karo Bu Dawin padha merekiinyong jere ana bab wigati.

“Lho…ana apa, deneng inyongnggo sasaran? Kiye mesti bab tarikan nggo kas PKK sing jere mines ya,” inyong ngledhekkambi njaluk alesan deneng kabeh padha ngudhag maring inyong.
“Rika mesthi klalen apapancen nglalen ya? Kiye mbokan wulan Desember kabeh Ibu-ibu duwe niyat arepngrayakna Hari Ibu 22 Desember, ogep ora masak, ora ngumbahi klambi lan orabecer. Ngonoh padha dewakili bapak-bapak kadaran setaun sepisan ikih. Jajal apa padha sanggup?” ujare BuMarni menjap-menjep maring kaum bapak. Ibu-ibu liyane ngamini kambi nambahilamona Hari Ibu, wong wadon aja dekethiplak terus.

“Wah kiye sing jenengekemajuan apa kemajon? Deneng agep padha mogok kerja neng tanggal 22 Desemberpas Hari Ibu? Kuwe ora pener lan ora bener. Lha bapak-bapak mesthi ora sanggup angger kabeh pegawean dekabrukna maring wonglanang,” Inyong nerangna kambi aweh wawasan lamona makna Hari Ibu kuwe ora nggoleha-leha para Ibu lan nggo jalaran ora kerja.
“Lha angger kaya kuwe apamakna Hari Ibu?” ujare Bu Darwan

“Yah…sebisa-bisa inyong awehwawasan. Hari Ibu saben tanggal 22 Desember kuwe mujudna pakurmatan lanpenghargaan jasa-jasane kaum Ibu sing ora bisa depisahna karo sejarahperjuangan Bangsa Indonesia. Wis puluhan taun kaum Ibu mujudaken bukti nyata lan pengurbanan neng wektu perang kemerdekaan. Kaum Ibu sing dadi sumber insani pembangunan bisanggalang persatuan lan kesejahteraan. Kaum Ibu sing ora ninggalna kodrate wis bisandhidhik generasi anyar sing kon nduweni budi pekerti sing luhur adhedhasar welasasih,” Inyong nambahi kawruh sebisane, kiye pengalamane inyong sing dhongkolanKabag Kesra Kabupaten Banyumas.

Angger depikir sing jero, pancen Ibu utawa biyungkudu dewehi pekurmatan sing gedhe. Wong wadon sing nyandhang predikat Ibu sanggahe pancen abot banget. Apamaningsing wis tau nglairna anak, sering deibaratna “jihad” delakoni toh pati.Nggulawentah anak, ndhidhik budi pekerti ya udu prekara gampang.

Malahan jan-jane para Ibu duwetugas nyithak generasi penerus. Ujare para ulama “Sewarga anane neng tlapakane Biyung”.Kuwe ngemu mangsud lamona para ibu duwe sembur lan tutur sing mandi, apa singdeucap lan kewetu omongane sering dadi kasunyatan.

Dadi wong tuwa utamane Ibuangger jengkel aja pisan-pisan cokan nyupatani maring anake. Bocah cilik utawabocah tanggung pancen ngesuhna lan marajubel. Ana sing ora gelem rewangpegaweane wong tuwa, senenge dolan lan dus-dusan nganti ora gelem sinauapamaning ngaji. Wong tuwa sing ora keblinger kudu wicaksana.

Sering keprungu wong tuwaklebu para Ibu-ibu angger kesuh anake pit-pitan terus alok “ngonoh pit-pitanbaen mengko tiba sikile dengkol”. Kuwe klebu nyupatani. Ana maning angger anabocah ora pinter lan bijine ala terus, wong tuwa ujar “Bocah bodho banget kayakebo”. Ana maning agger anake nakal, kiye sing merguyokna ningen ora becik.“Bocah nakal kaya kethek”. Utawa ”Bocah ora lumrah kaya setan, ndhok kurwok”.Lha kiye sing aneh maning, ana biyung ngger kesuh klalen karo sapa singdeadhepi “ Ko…jane anake sapa?” lha wis ngerti anake dhewek esih takon anakesapa? Uga aja nganti keprucut tembung “dadi godhong moh nyewek, dadi banyu mohnyawuk” kuwe tembung sing ndrawasi. Jajal angger sibocah ndilalah dadi jendralutawa Bupati apa ya ora ngalem ngaku utawa nganggep anake dhewek?

Mulane dadi biyung ora kenanyupatani anak. Kejaba kuwe jaman siki kaum Ibu detuntut supaya wasis ndongengnggo anak putune, budaya nsongeng wis langka sebabe wong tuwa padha pasrahbongkokan maring sekolah, Bapak-Ibu Guru lan TPQ, anggep wis mbayar ikih ngonohurusan pendidikan lan budhi pekerti kuwe urusan guru lan sekolahan.

Tanggal 22 Desember kiyepengetan Hari Ibu. Wong tuwa utamane Ibu sing debantu dening kaum bapak kudu terusnggulawentah anak-anake kon padha benersupaya bangsa Indonesia gagiyan maju.Klilan. (BP).

Lewih Lengkape

Selasa, 08 November 2011

Kaki MIdan Nguda Rasa

Bambang S. Purwoko
Dina Ahad esih esuk uput-uput inyong ketekan dhayoh pensiunan saradadu pangkate Kapten. Umure wis lewih 85 taun ketelah deceluk Kaki Midan. Senajan wis tuwa ningen angger crita bab perjuangan neng perang kemerdekaan esih cetha wela-wela. Kaki Midan berjuang neng tlatah Banyumas Raya bola-bali melu ngadhang lan nggempur tentara Landa sing arep njajah maning neng Indonesia.
Nembe grok njagong, Kaki Midan wis ndrememel kayong mandan kesuh. Mergane masrakat siki padha ora patiya ngormati jasa-jasane pahlawan bangsa.
“Lho… Ki, deneng rika kayong dina kiye ora bombing? Mbokan sedhela maning tanggal 10 Nopember arep ana pengetan Hari Pahlawan? Biasane rika gagah pisan melu upacara neng alun-alun Puraketa.” Inyong nyobati kambi ulung tangan karo manggakaken njagong neng jogan umah.
“Lah… sing jenenge upacara pengetan inyong wis mlbenger. Jane sing lewih penting ana kawigaten karo para pejuang, bekas saradadu, janda pahlawan, janda perintis kemerdekaan lan veteran sing esih urip. Kuwe tunjangan hari tuwa lan jaminan sosial mestine prelu deundhakna,” ujare Kaki Midan semangat banget. Dheweke mbandingna karo pejabat siki sing jor-joran, uripe mewah, kayong kelalen maring sing gemiyen berjuang.
“Oh… angger tekan maring jaminan sosial inyong ora kawogan ngomong. Muga-muga ana kawigaten gedhe sekang pemrentah siki,” inyong mbombongi kambi nawakna wedang kopi sing esih panas kemebul nggo anget-anget awak sing mulai ringkih gemeter.
“Kiye… ana maning sing marakna atine inyong gela,” Kaki Midan nambahi, titeni mengko angger pas pengetan dina pahlawan 10 Nopember apa kabeh umah padha masang gendera? Taun ganu sing masang gendera kena deetung. Lha… wong kadaran setaun sepisan kon masang gendera bae koh abot alot,” Kaki Midan kesuh maning. Praupane mrekabak abang mertandakna goli jengkel temenanan.
“Wah… iya ya. Ningen inyong masang gendera lo Ki. Muga-muga masrakat ora abot alot maning. Malah gemiyen ana acara hening cipta semenit nggo aweh pakurmatan maring para pahlawan,” inyong ngadhem-adhemi Kaki Midan sing ora mari-mari kesuhe.
“Ya sukur. Ko bisaha dadi tuladha nggo tangga teparo, gelem pasang gendera.”
Pancen angger depikir, aweh pakurmatan maring para pahlawan jane dadi kwajiban gedhe tumrape bangsa Indonesia. Kayane para pahlawan neng alam kubur padha ngangluh, “Hai bangsa Indonesia, siki wis merdika 66 taun, apa buktine? Deneng esih akeh masrakat sing mlarat, esih bodho, akeh wong nganggur, akeh wong korupsi, lan masrakat adil makmur urung bisa dewujudna. Debandhing negara tangga bae Indonesia kalah adoh.”
Miturut Kamus Lengkap Bahasa Indonesia karangane William H. Isman MB. Ali sing dearani pahlawan kuwe, pejuang yang gagah berani, orang yang mengorbankan dirinya demi kepentingan orang lain. Angger detlisik sing lewih jero, pahlawan wong sing temen-temen duwe karep mulya, ora mentingna awake dhewek lan bisa nggo tuladha.
Mulane bener omonge Kaki Midan, ngormati pahlawan intine padha ngupaya njujug maring tujuan kemerdekaan. Yakuwe ngadege masrakat sejahtera, adil, lan makmur. Ning saiki akeh wong sing padha nggayuh makmure dhewek, kepincut maring dunya, pangkat, lan wadon, mongkar lan ngrusak tujuan kemerdekaan. Dadi upamane wong kuwe melu upacara mengeti Hari pahlawan, sejatine dheweke ambeg-sia maring para pahlawan. Klilan. [BP]
Lewih Lengkape

Jumat, 30 September 2011

Kalah Menang Tetep Kandang


Kang Bambang Purwoko
Krigan warga RT neng desane inyong sasi Oktober, sewulan lewih seuwise dina bada mandan sejen karo adat sabene, akeh sing padha pamit lan kenang lara. Mulane ora kaget angger sing melu krigan bersih-bersih mung separo warga. Nembe bras-bres bersih-bersih lingkungan urung nganti bedug wis padha reyang jaluk ngaso. Malah ora nerusna krigan ketungkul dopokan ngalor ngidul crita kahanan siki sing werna-werna lan narik kawigaten masrakat.
Warga RT sing umure sepantaran karo inyong kaya Kang Simin, Kang Pardi, Kang Sepul, lan Kang Mingad nglegosor gelaran godhong gedang kambi nyuled rokok. Inyong mbukak dopokan kambi nyobati semu mengen deneng krigan wulan kiye kayong ora semangat.
“Esih padha lemes ya, Kang?” inyong mertakokna.
“Lha… semangat kepriben, inyong wulan September wing uwis ora nampa gaji debayar wulan Agustus enthok nggo badan, njajal apa ora mumet,” Kang Mingad pegawe kelurahan molahi crita lamona nggo mangan wulan September kepeksa utang-utang.
“Angger inyong ndase bengel mikirna kahanan siki sing akeh kedadean ora nyenengna. Jajal angger rika maca Koran, ngrungokna lan ndeleng acara tivi ben dinane mung nyiarna bab korupsi, kacilakan mudik dina bada lan tambah akeh masrakat sing kangelan nggolet banyu bersih. Ana maning bab wong padha nganggur uga kemlaratan sing urung bisa debrantas tuntas kaya janjine pemrentah,” ujare Kang Sepul ngomong mandan semu kesuh.
“Wah jan rika wis pantes dadi pengamat klas RT ya Kang Sepul, koh akeh temen info sing decritakna kanthi terwaca. Inyong melu bungah esih ana warga sing titen nlisik kahanan sing ora genah jluntrunge agep rampung,” inyong ngalembana maring warga sing demen maca Koran kambi nonton tivi nggo nambah wawasan.
Sejen maning sesorahe Kang Pardi karo Kang Simin, wong sakloron urun info lamona bada taun kiye akeh kacilakan. Tekan wulan September 2011 kiye bae kecatet sing tiwas lewih 800 jiwa, sing tatu abot atusan, kuwe sing delapurna lan kewenangan. Kacilakan seperengan gedhe wong sing numpak pit montor lan mobil sing padha ugal-ugalan ora taat karo praturan lalu lintas. Bada donge nggo seneng-seneng malah marekna sengsara.
Pancen angger depikir sing jero, wong mudik arep badan bae kudu detilalahi toh nyawa, delakoni boncengan pit montor nganti papat : biyung, rama, lan anake loro sing esih cilik-cilik. Jajal angger numpak sepur utawa bis ndean akeh slamete. Malah angger gelem nahan ora bali ndesa kirim bae SMS utawa tilpun malah aman ningen ya kuwe wis tradisi jere.
Kanca batir RT uga mengen angger maca koran lan ndeleng tivi, seprana seprene esih kisruh lan gawe ontran-ontran merga Pilkada ngati tekan nuwuhna kurban jiwa kaya sing neng Papua, Sumatra lan Sulawesi. Inyong sekanca rumasa bungah ndeleng sedulur neng tlatah Banjarnegara senajana nembe rampung Pilkada ning ora ana ontran-ontarn kejaba mung lapuran tekan MK. Jeremonge malah Bupati lan wakil Bupatine delantik neng wulan Oktober kiye. Jan… brayat neng Banyumas Raya melu bungah ana tanggane wis padha akur ora regejegan maning.
Mulane mayuh sesanthi sing tau depasang neng balihone bakal calon bupati lan wakil bupati Banjarnegara ganu sing unine “MENANG AJA UMUK, KALAH AJA NGAMUK” dehayati kanthi terwaca ora mung nggo slogan lan lamisan. Inyong uga weling maring masrakat Banjarnegara tetep rukun, gumolong dadi siji maning mbangun tlatah aja nganti keri karo kanca batir lan tangga kabupaten. Sugeng ngayahi tugas kagem Pak Tejo lan Pak Peno.
Sing menang uga kudhu ngrangkul sing kalah, masrakat aja dedu wedhus. Para pamong lan punggawa pemrentahan uga kudu gumolong karep karo Bupati lan Wakil Bupati sing wis kepilih neng rakyat, aja nganthi ana blok-blokan sing marakna pelayanan umum kisruh.
Sedela maning neng taun 2012 uga ana Pilkada neng tlatah Clacap, kahanan uga wis mulai anget, akeh bakal calon sing wis wara-wara lan ngenalna liwat spanduk, selebaran lan baliho. Muga-muga mengkone uga tetep tentrem, ora nana kisruh angger kabeh bakal calon lan tim suksese padha legawa angger urung kasil. Masrakat uga kudu pinter milih pemimpine nggo 5 taun mengarep, aja janji coblos baen, aja kepincut karo janji-janji lamis sing ora genah jluntrunge.
Nang wulan Oktober kiye uga ana pringatan Hari ABRI utawa TNI lan pringatan Hari Sumpah Pemuda, mayuh warga Banyumas Raya lan sing neng endi bae melu bangga lamona TNI wis kasil ngawal Negara (NKRI) kanthi aman lan wutuh. Tumrape bangsa Indonesia uga kudu emut karo Sumpah Pemuda sing isine gumolong karep ngakoni bertumpah darah satu, tanah air Indonesia, berbangsa satu bangsa Indonesia, dan berbahasa satu bahasa Indonesia. Muga-muga bangsa Indonesia tetep jaya, duwe TNI sing kuwat lan netepi Sumpah Pemuda kanthi tulus, ikhlas,lan amanah. Klilan. [BP]
Lewih Lengkape