Udan pirang-pirang dina kayong desorna
sekang langit. Menungsa padha seneng, tanduran wit-witan nglilir ijo royo-royo.
Dalan-dalan ilang bledhuge. Wedhus, sapi lan kebo uga bregas maning merga sukete
wis mulai akeh lan lemu-lemu. Kanggone kadhang tani molai ngrumat sawah, kebon
lan tegalan sebabe lemah wis amoh gampang depaculi lan depanja. Ning ana
seperangan menungsa sing ngresula merga umahe borot, gendenge padha mlorod lan
talange bocor.
Neng wulan ber-ber kaya wulan Oktober,
Nopember lan Desember biasane mangsan udah. Neng wulan Desember jeremonge agi
gedhe-gedhene sumber (sumur) alias akeh banyu. Angger mengko neng wulan Januari
jeremonge hujan sehari-hari alias
ndina-ndina udan marekna banjir bandhang. Agi nglogog neng teras umah, jajane
medang lawuh jalabia lan mendhoan, inyong krungu swarane Kang Bino ngorong-ngorong
seru pisan. Kang Bino nyeluk anake sing nembe 6 taun umure kecehan lan
icak-icik neng latar sing lemahe ngembeng banyu udan. Grimise uga esih pating
tlethik.
“Wartoooo! Ko kepengin mriyang apa?,
ngonoh angger watuk pileg sing nggo wragad mertamba dhuwit sekang endhi”, Kang
Bino ngorong-ngorong lewih seru kambi mlayu ngoyok anake lanang sing agi
kecehan.
“Kang Bino… ngeneh mampir dhisit, lha
wong jaragan bocah cilik agi seneng-senenge icak-icik, angger bubar kecehan
terus dedhusi karo banyu anget toli ora mriyang”, inyong aruh-aruh konsupayane
jengkele Kang Bino ora kedhawan gagang.
“Iya… ya, inyong jamane esih cilik uga
seneng udhan-udhanan, seneng kecehan apa maning bocah lanang,. Bedane inyong
ganu ora tau watuk pileg angger jaman siki gampang pisan tekane prenyakit lho
kang,” ujare Kang Bino mandan lerem atine ora ngorong-ngorong maning kaya Toa
speker mesjid, seru pisan.
“Mengko angger neng rapat RT inyong
njaluk rika aweh ular-ular lan wawasan bab nglestarekena tanduran lan sumber
banyu ya Kang Bambang”, ujare kang Bino seuwise nggered anake kon bali.
“Iya…
kang mengko derembug bareng-bareng, musyawaroh aja nganti kedhadean ganu
debaleni maning, angger mangsan terang akeh warga sing rekasa. Nggolet suket
nggo ngempani ingon-ingon uga kangelan. Inyong nyanggupi sebabe wis tau nggagas
program “JALIRIS” wektu njabat camat.
Program JALIRIS yakuwe cekakan: J tegese
Jalan lan jemtaran, A = air bersih nggo masak lan nggo MCK, L = Listrik masuk
desa nganti grumbul sing terpencil. I= Iirigasi nggo tetanen lan perikanan. R yakuwe Rumah sehat lan layak huni. I yakuwe Ibadah
lan mbangun sarana ibadah. S yakuwe sekolah lan mbangun gedhung sekolahan konsupayane
Wajar 9 taun bisa keleksanan. Neng program “JALIRIS” uga nyakup bab
nglestarekena sumber banyu yakuwe belik, tuk lan sumur.
Mbengine, inyong klebu Kang Bino lan
warga RT liyane kumpulan mirunggan. Acarane ngrembug bab banyu lan mangsan
pancaroba sing biasane akeh prenyakit merga owah-owahan mangsan terang maring
mangsan udan.
Inyong sing jeremonge depacak dadi
sesepuh RT aweh ular-ular lamona mangsan udan kabeh warga kudhu waspada, utamane
neng babagan prenyakit sing dituwuhna sekang lemud. Inyong uga aweh wawasan
lamona neng pekarangan aja nganti ana kaleng, blokeng lan ember bodhol mlumah lan
bisa nggo umah lemud.
Neng babagan liya uga kabeh warga gumolong
karep arap gawe luwang resapan sekang duk, gawe tandhon banyu lan luwangan
cilik sing ketelah “Biopori”. Kabeh nggo ngupayani nyimpen banyu lan ora kabeh
banyu entek mili bablas maring kali. Malah ana kawruh sepala jeremonge tapis
wiring belik lan sumur apike detanduri wit Sukun. Wt kiye duwe oyod sing
mrambat lan nyimpen banyu konsupayane belik, banyu tuk uga sumur terus mili
senajan mangsan terang.
Nang rapat RT uga ana keputusan, ora
kena negor wit segeleme dhewek lan aja ngguwang runtah neng selokan. Keputusan
liyane warga kon giat maning mbratas umah lemud liwat program PSN
(Pemberentasan Sarang Nyamuk) sing wis suwe deprogramna pemrentah.
Menungsa pancen wajib njaga lestarine
alam, klebu belik, tuk, situ lan wit-witan. Mulane aja nganti ana gunung lan
alas degundhuli. Angger butuh suluh ya pange bae sing cilik-cilik. Wite aja
detegor segluntung. Inyong setuju banget kambi programe sedhulur-sehulur neng
tlatah Banyumas lan Pekalongan sing neng paguyuban “SETAN BALONG”, yakuwe
Serikat Tani Hutan Banyumas dan
Pekalongan sing majibena warga igir gunung Slamet dejaga lestarine. Angger arep
tetanen aja negori wit-witan konsupayane ora gampang gugrug lemahe. Bisaha
tetep nandur wit-witan neng antarane tanduran liya.
Angger kabeh warga kaya “SETAN BALONG”
ora bakal ana alas kobong, lemah longsor lan wong negor wit segeleme dhewek.
Mayuh sedhulur-sedhulur neng tlatah Banyumas Raya, mulai siki padha gawe
tandhon banyu, gawe luwang biopori lan njaga sumber banyu kanthi wicaksana.
Klilan.[Bambang S Purwoko]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar