Tampilkan postingan dengan label Ujar. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ujar. Tampilkan semua postingan

Rabu, 14 November 2012

Cowongan


Mangsa ketiga nang endi bae gawe rekasa. Sing paling ngrasakna sedulur tani. Sawah, kebon, pekarangan garing padha nela. Nandur apa bae ora kambon banyu akeh ora kasile. Arep liwet bae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune. Sing ana neng pinggir kali Serayu esih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan esih bisa metu banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa akeh sing sambat.

Sapa maning sing bisa nekakna udan angger udu Sing Kewasa? Mulane padha ngrekadaya nyuwun maring Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan maring bumi. Salah sijine upacara nyuwun udan sing ana neng tlatah Banyumas dearani cowongan. Nganakna cowongan biasane merga mangsa ketigane liwat sekang patang wulan lawase. Utawane lemah wis padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat, tanduran padha garing, mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supayane nekakna sukmane Dewi Nawangwulan mbantu nekakna udan nggo nelesi bumi sing garing.

Dewi Nawangwulan kuwe sapa?
Critane, Dewi Nawangwulan kuwe widadari sekang kahyangan. Wektu mudhun maring bumi karo batir-batire adus nang tlaga. Klambine deumpetna neng Jaka Tarub. Mesthi bae ora bisa bali maring kahyangan. Banjur neng Jaka Tarub si widadari dejek bali. Nawangwulan banjur dedadekena bojo urip kaya menungsa lumrahe.

Bareng duwe anak dejenengi Nawangsih, klambi sing deumpetna Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan banjur mabur maring kahyangan anake detinggal neng ngisor wit gedhang raja. Mulane Nawangsih nggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing deanakena neng ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwe critane upacara mau niru Jaka Tarub.

Cowongan ora kena sembarangan. Ddhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu padha tirakat suwene pitung dina pitung wengi. Ancase nggo ngresiki jiwa lan raga. Sawise tirakat dhukun lan sing detugasi upacara siap ngundang tekane Nawangwulan sing ketelah dearani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase sekang cumplung awake sekang pring njuran deklambeni kaya putri sing ayu rupane.

Lakune upacara Cowongan panggonane neng ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jere kon mbantu nyuwun maring Gusti Allah nekakna udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat, tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong deobahna kaya lagi nyuwun udan maring Gusti Allah. Ning kasembadan orane gemantung Kersane Gusti Allah.

Nah, siki udan wis temurun. Godhong-godhong wis keton ijo. Bumi sing nela rapet maning. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure. Kabeh obahing jagat kiye neng Kewasane Gusti Allah. Demareni goli sambet angger selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh mahluk wajib bekti maring sing gawe urip sedawane esih ambekan, esih bisa nyawang srengenge madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah penting, anane berkah udan kiye njuran aja dadi mala. Aja mbuwang runtah janji ber men dalan banyu ora mampet.*

Drs. Siswandi Dwi Hadi
Kepala SDN 4 Wangon, Redaktur Tamu ANCAS


Lewih Lengkape

Sabtu, 13 Oktober 2012

Pancen Plural


Indonesia kuwe dadi bangsa lan negara sing desepakati bareng. Udu sebab wong siji sing bisa ngraketna kaya critane Gajahmada jaman Majapahit. Sing ndadekna siji kuwe antarane sejarah lan kondisi dejajah bareng nang Landa. Semenane, taun 1926, deanakna Kongres Pemudha I sing ngrembug masalah arah lan tujuan perjuangan pemudha-pemudha sing nganggo jeneng dhaerah lan kelompok utawa golongan, kaya dene Jong Java, Jong Sunda, Jong Ambon, Jong Celebes, Jong Sumatera utawa Andalas, Jong Islamiten Bond. Kongres mau antarane ngrembug arah lan tujuane perjuangan sing nganggo jeneng dhaerah lan golongane dhewek-dhewek. Nang Kongres mau desepakati deanakna Kongres Pemudha II lan sepakat denadekna siji wadah pemudha, Pemuda Indonesia.

Nang Kongres Pemudha II 28 Oktober 1928 akhire sepakat bertumpah darah satu, berbangsa satu, lan berbahasa satu Indonesia lan cukup gerakan Pemuda Indonesia. Kawit anane kesepakatan mau sing dejenengi Sumpah Pemuda isine kesepakatan telu perkara kae mau njuran lair bangsa Indonesia. Dadi bangsa Indonesia lair udu karepe wong siji sing kuwat. Ning kesepakatan kabeh masrakat Indonesia sing dewakili nang para pejuang muda. Mulane Indonesia dearani negara sing plural utawa Bhinneka Tunggal Ika.

Bhinneka Tunggal Ika kuwe semboyane Indonesia. Frasa bahasa kiye pancen asale sekang basa Jawa Kuna. Bhinneka artine "werna-werna utawa beda-beda", tunggal artine "siji", lan ika artine "kuwe”. Dadi, bhinneka tunggal ika artine werna-werna utawa beda-beda ning siji anane. Mangsude senajan bangsa Indonesia werna-werna isine, beda suku, beda adat, beda agama, beda keyakinan, beda unggah-ungguhe ning karepe padha utawa mung siji. Ya, dadi bangsa lan negara Indonesia. Mulane kudu degatekna Indonesia isine werna-werna ning wis dadi kesepakatan; urip bareng, brayan.

Kalimat bhinneka tunggal ika kewentar awit kuna mekuna. Jaman Majapahit nang buku anggitane Mpu Tantular sing jenenge Kakawin Sutasoma, sekitar abad 14, deajarna ngenani tepa salira (toleransi, tasamuh) antara umat Hindu Siwa karo umat Buddha.
Kitab Kakawin Sutasoma bagian pupuh 139, bait 5 njelasna:

“Rwāneka dhātu winuwus Buddha Wiswa,
Bhinnêki rakwa ring apan kena parwanosen,
Mangkang Jinatwa kalawan Śiwatatwa tunggal,
Bhinnêka tunggal ika tan hana dharma mangrwa.”

(deartekna bebas : “decritakena Buddha lan Siwa kuwe zat loro sing beda,
Senajan beda, ning kudu dekenali loro-lorone,
Sebab benere Jina (Buddha) lan Siwa kuwe siji anane;
Beda-beda ning mung siji anane. ora nana kerancuan nang kabeneran.”).

Indonesia sing pancen werna-werna anane utawa isine mau wis desadhari para tokoh bangsa sing akhire dedadekna lendhesan negara rupane Pancasila khususe sila 3; “Persatuan Indonesia”. Nggo negesna Indonesia kuwe isine werna-werna, Sultan Hamid II sekang Pontianak sing deawasi nang Presiden Soekarno nggawe lambang sing njuran dejenengi Garuda Pancasila. Lambang kiye ngemu perlambang heraldic (ngelmu ngenani asal-usul, perkembangan, utawa makna lambang) nang gegere Garuda ana lambang sila-sila Pancasila. Cakar Garuda nyekel pita sing ana tulisane werna ireng, “Bhinneka Tunggal Ika”. Nang Presiden Soekarno lambang Garuda Pancasila dedadekna lambang negara lan semboyan negara tanggal 11 Februari 1950. Njuran detetepna nganggo Peraturan Pemerintah Nomer 66 Tahun 1951, dedadekna undang-undang nang Tambahan Lembaran Negara Nomor 176 Tahun 1951 PADA 28 November 1951.

Wektu ana perubahan UUD 1945 taun 2000, Lambang Negara Garuda Pancasila sing ana semboyane Bhinneka Tunggal Ika deangkat dadi Pasal 36 A UUD 1945, Lambang Negara ialah Garuda Pancasila dengan semboyan Bhinneka Tunggal Ika.

Sawise deangkat lan dedadekna salah sijine pasal konstitusi, ndadekna semboyan bhinneka tunggal ika duwe posisi kuat, kudu desadhari lan dedadekna landhesan urip bareng nang Indonesia. Mulane masrakat ora kena mbeda-mbedakna utawa ngece siji lan sijine mung sebab beda werna keturunan (ras), suku, agama lan keyakinan, golongan, lan liyane. Bangsa Indonesia kuwe bangsa sing plural. Paham pluralisme (ngregani perbedaan) kudu decekel nang bangsa Indonesia. Sikap sing ora kena detawa sing mujudna paham pluralisme antarane kudu ngregani, ngormati, tenggang rasa, lan tepa salira (tasamuh/toleransi) maring sepadha-padha warga Indonesia.

Drs. Fuad Aljihad, MH.
Guru SMA Negeri 1 Cilacap, Ketua MGMP PKn SMA/MA Kabupaten Cilacap.

Lewih Lengkape

Selasa, 11 September 2012

Aja Cokan Sulaya

Sulaya miturut kamus dialek Banyumas, tegese: tidak cocok, salah mengerti, berbeda, pe-an, bertengkar, cekcok. Kedadeyan sing katon, wektu siki gawe dhewek tambah mamang maring anane pembrantasan korupsi neng negeri kiye. Sekang sisi penegakan hukum, sering padha gumun weruh putusan pengadilan sing ora pas kanggone para koruptor.

Sing nggelani maning ana koruptor sing deputus bebas utawane sing devonis entheng. Ana maning koruptor-koruptor sing esih buron bebas kluyuran neng luar negeri nikmati hasil jarahan. KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi) ora tedheng aling-aling goli bakal nglakokna kewajiban mbrantas para durjana sing ngrugekna duit negara. Ora ndeleng wong pusat apa wong dhaerah kabeh angger salah bakale detindak. Bakale delandrat neng pengadilan TIPIKOR pusat utawa dhaerah.

Ning sing dadi hakim engganua goli nglakoni kwajiban ngadili kudu jejeg lan bener. Goli aweh putusan hukum aja nyidrani rasa keadilane masrakat. Angger pancen luput ya kudu deukum, aja malah debebasna. Angger hakim goli aweh pengadilan bisa jejeg saora-orane bisa dadi pelajaran tumrape masrakat.

Akeh crita hakim sing kena dearani nyulayani tugas kwajibane goli njejegna rasa keadilan. Akeh kedadean plekara sing uwis deputusi njuran didadekna perkara maning neng Mahkamah Agung mergan hakim sing mutusi deanggep ora mercayani lan tumindak nyalahi hukum.

Anane suap menyuap sekang wong sing kena plekara mau sing marekena dadi rakyat padha pesulayan, deneng kaya kuwe goli nglakoni kwajibane. Ora cocog karo sumpah janjine. Sulaya, tegese ora cocog, salah pangerten, beda pendapat pancen jaman siki wis dadi tumindak sing kena dearani padha karo murang tata. Wis ora duwe rasa tanggung jawab sing mercayani.

Pancen ora gampang ngowahi pakulinan sing ora apik. Kudu mbutuhna kesabaran uga ketlatenan. Babagan ngowahi pakulinan ala neng para penegak hukum klebune plekara sing wigati. Negarane bisa ndandani kahanan sing wis morat marit angger aparate uga apik. Sapa baen jane teyeng ndandani kahanan sing agi ora apik.

Sapaha bae, klebune masrakat jane duwe kewajiban lan bisa ndandani kahanan. Sing penting kudu duwe krenteg niat kuwat lan gelem nglakoni.  Utamane para tokoh masrakat lan para pejabate uga aweh tuladha sing apik. Aja mung mikirna butuhe dhewek-dhewek. Gelem ngrumangsani menawa tumindak sulaya kuwe ora bener tumrape urip sing nduweni gegayuhan tumuju maring rasa keadilan.

Neng endi ana masrakat, neng kono ana planggeran (hukum, aturan). Adigium (pepesthen) mau wis dengerteni daning kabeh ahli hukum. Soale, sing jenenge planggeran kuwe anane sawise ana kumpulan manungsa (Ancas: 28, 3 Juli 2012).

Mergane anane planggeran, negara ora kena sewenang-wenang maring rakyate. Sing mangku negara kudu nganggo planggeran konsupayane rakyate uga melu disiplin hukum. Goli njalana kwajiban nganggo planggeran sing maton nggo landhesan nyejahterakena masrakat, ora mung kanggo awake dhewek.

Banget preyatine angger ndeleng kasus korupsi neng Indonesia. Angger depikir wong-wong sing keblinger kuwe wong sing kelangan jatidirine, ucul sekang karakter budhayane. Pancen karakter kuwe larang regane. Mbangun karakter butuh wektu lan komitmen. Ora mung depercayakena maring wong-wong sing uwis duwe pengalaman lan ngelmu. Kabeh mlaku bareng ndandani kahanan.

Mulane mayuh padha demolahi sekang awake dhewek-dhewek. Aja padha mung bisane prentah ning uga kudu bisa nuladhani. Aja cokan demen gawe sulaya. Angger wis wani janji ya kudu detepati. Disiplin neng babagan apa bae, hukum utamane banget wigatine. Laku alane wong-wong nduwur sing seneng korupsi aja detiru.
Kebumen, 27 Agustus 2012

A M B I J O
Jl. HM. Sarbini 40 Kebumen
Lewih Lengkape

Padha Dadia Teplok

Ana wong picek wengi-wengi ngendong njuran pamitan bali. Sing duwe umah prentah kon nggawa teplok nggo obor. Si tamu sing matane picek ora gelem nampa teploke merga deweke rumangsa ora weruh, nggawa teploka ya percumah. Tujuane sing duwe umah prentah kon nggawa teplok jane konsupayane angger neng ndalan sing peteng papagan karo wong liya ora nganget-kageti lan tubrukan. Merga depeksa, tamune sing matane picek njuran gelem nggawa teploke.

Temenan, urung adoh goli mlaku, wong sing matane picek detabrak neng wong lia merga dalane pancen peteng “Mlaku pecicilan apa ora duwe mata?”. Merga rumangsa salah, sing nabrak meneng baen ora semaur apa-apa, klius nerusna mlakune. Tembung ndilalah, nembe mlaku pirang jangkah wong picek mau detabrak maning neng wong sejene. Sing detabrak ngumpa-umpa ”Apa ko picek ya? Apa ora ndeleng? Inyong goli nggawa teplok toli konsupayane ko bisa weruh inyong.” Sing detabrak ora trima dearani wong picek, njuran mangsuli ”Rika sing picek! Apa rika ora ngreti angger teploke ora murub?. Basan ngreti sing detabrak pancen wong picek, sing nabrak banjur njaluk ngapura. Sing detabrak uga gelem ngapurani lan nerusna mlakune.

Pancen dasare dalane peteng ndedet, ndilalah wong piceke detabrak maning neng wong sejene. Ning wis ora jengkel malah takon maring sing nabrak apa teploke mati. Semana uga sing nabrak uga takon maring sing wong picek apa deweke nggawa teplok.

Wong sekeloron meneng kabeh. Ndilalah kaya ana sing mrentah njur bareng-bareng takon ”Pangapurane apa rika wong ora weruh ?”. Wong sekeloron uga bareng-bareng njawab ”ya”. Jebule wong loro padha piceke. Wong loro wengi-wengi neng petengan padha ngguyu cekakakan banjur padha nggoleti teploke sing tiba. Lagi padha gramakan nggoleti teplok, ana maning wong liwat meh bae nabrak wong loro mau. Wong sing nembe liwat mbatin ”Pancen angger mlaku mbengi kudu nggawa teplok, konsupayane bisa weruh dalan tur wong liya ya dadi weruh angger ana wong liwat.”

Sekang crita neng nduwur mau ana piwulang lamona “lampu teplok“ kuwe bisa gawe padhang, lan kewicaksanan urip. Tegese wong urip kudu bisa gawe padhang lan kudu duwe kewicaksanan sing gedhe. Bisaha goli dadi menungsa nglindungi menungsa liane sekang kedadean lan kahanan sing ora dekarepena.

Wong sing picek nomer siji perlambang watek kemlungkung, gumedhe, gampang jengkel, senenge nyalahena wong liya. Deweke ora rumangsa jane akeh kekurangane. Ning merga olih pitulungan banjur ngrumangsani, bisa dadi wong sabar, ora gumedhe, lan dadi seneng aweh pangapura maring wong liya.

Sebanjure, gambaran wong sing nabrak sepisan, kuwe nggambarena angger siki akeh wong sing padha ora preduli karo wong liya. Neng jaman siki akeh wong sing ngreti hukum ning uga nglanggar hukum. Jane ngreti korupsi kuwe salah ning tetep bae padha korupsi. Mula neng jaman siki akeh sarjana hukum lan para penegak hukum sing dekunjara merga nglakoni korupsi.

Wong sing nabrak kepindone nggambarena wong sing seneng cang-cung salahe wong liya. Padahal kabeh menungsa bisa kepanggonan salah. Engganua angger ana wong liya sing agi kepanggonan salah aja cokan maido. Salahe wong liya mestine bisa dadi kacabenggala. Sapa sing gelem kepanggonan salah. Sapa sing gelem nguja-uja dadi wong picek. Mestine wong sing agi ora weruh dalan detulungi neng wong sing weruh. Gelem padha tulung tinulungan lewih mulya tenumbang mung andon golet salahe wong liya.

Wong sing picek kepindhone nggambarena, kepriwe arep aweh pitulungan maring wong liya wong dheweke baen ora weruh utawane ora ngreti. Mulane saben menungsa engganua seurunge nyalahena wong liya jajal padha ndeleng githoke dhewek disit. Aja padha rumangsa bener lan pintera dhewek. Maling ora kecekel-kecekel pemrentahe sing dealak-alakena, jere ora becus nyambut gawe. Basan kecekel nang luar negeri jere wis ana kong-kong kalikong.

Wong sing liwat keri dhewek nggambarena lamona menungsa kudu duwe kewicaksanan sing gedhe. Angger kepengin uripe migunani maring wong liya kudu bisa jembar ati lan pikirane. Apamaning angger agi deprecaya makili rakyat aja mung mligi mikirna golongane. Aja padha mung senenge nyalahena pemretah sing dadi mitrane. Sing agi deprecaya mimpin pemrentahan uga goli nyambutgawe sing temenanan. Kudu bisa gawe ukara sing sekirane kabeh rakyat padha bisa melu ngrasekena kepenake.

Ana unen-unen ”Sewu obor bisa murub sekang obor siji, lan obor sing nggo ngurubena ora bakal urube dadi sudha”. Gotongroyong, guyub rukun lan padha gelem bagen karo liyane ora bakal marekna suda. Sapa sing gelem mbantu maring wong liya bakale olih pinwales sing lewih gedhe.

Angger mata ora nana sing nutupi dadine weruh, kuping ora nana sing nyumpel dadine krungu, cungur ora nana sing mithet dadine bisa ngambung. Pikiran angger ora ana sing ngaling-alingi dadine thukul kewicaksanaan. Mayuh goli nggolet pepadhang, blajar laku wicaksana aja mandeg konsupayane goli dadi menungsa bisa mampangati tumrap menungsa liyane.

Sri Indriyati, SPd*
Mulang neng SDN 1 Kedungwuluh, Kalimanah, Purbalingga

Lewih Lengkape