Mangsa
ketiga nang endi bae gawe rekasa. Sing paling ngrasakna sedulur tani. Sawah,
kebon, pekarangan garing padha nela. Nandur apa bae ora kambon banyu akeh ora kasile.
Arep liwet bae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune. Sing ana neng pinggir
kali Serayu esih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan esih bisa metu
banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa akeh
sing sambat.
Sapa
maning sing bisa nekakna udan angger udu Sing Kewasa? Mulane padha ngrekadaya nyuwun
maring Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan maring bumi. Salah sijine
upacara nyuwun udan sing ana neng tlatah Banyumas dearani cowongan. Nganakna cowongan
biasane merga mangsa ketigane liwat sekang patang wulan lawase. Utawane lemah wis
padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat, tanduran padha garing, mati.
Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supayane nekakna sukmane Dewi Nawangwulan
mbantu nekakna udan nggo nelesi bumi sing garing.
Dewi
Nawangwulan kuwe sapa?
Critane,
Dewi Nawangwulan kuwe widadari sekang kahyangan. Wektu mudhun maring bumi karo batir-batire
adus nang tlaga. Klambine deumpetna neng Jaka Tarub. Mesthi bae ora bisa bali maring
kahyangan. Banjur neng Jaka Tarub si widadari dejek bali. Nawangwulan banjur dedadekena
bojo urip kaya menungsa lumrahe.
Bareng
duwe anak dejenengi Nawangsih, klambi sing deumpetna Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan
banjur mabur maring kahyangan anake detinggal neng ngisor wit gedhang raja.
Mulane Nawangsih nggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing deanakena neng
ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwe critane upacara mau niru Jaka Tarub.
Cowongan
ora kena sembarangan. Ddhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu padha
tirakat suwene pitung dina pitung wengi. Ancase nggo ngresiki jiwa lan raga. Sawise
tirakat dhukun lan sing detugasi upacara siap ngundang tekane Nawangwulan sing ketelah
dearani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase sekang cumplung awake
sekang pring njuran deklambeni kaya putri sing ayu rupane.
Lakune
upacara Cowongan panggonane neng ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra
ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jere kon mbantu nyuwun maring Gusti Allah
nekakna udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat,
tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong deobahna kaya
lagi nyuwun udan maring Gusti Allah. Ning kasembadan orane gemantung Kersane Gusti
Allah.
Nah,
siki udan wis temurun. Godhong-godhong wis keton ijo. Bumi sing nela rapet
maning. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure.
Kabeh obahing jagat kiye neng Kewasane Gusti Allah. Demareni goli sambet angger
selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh mahluk wajib
bekti maring sing gawe urip sedawane esih ambekan, esih bisa nyawang srengenge
madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah penting,
anane berkah udan kiye njuran aja dadi mala. Aja mbuwang runtah janji ber men
dalan banyu ora mampet.*
Drs.
Siswandi Dwi Hadi
Kepala
SDN 4 Wangon, Redaktur Tamu ANCAS
Tidak ada komentar:
Posting Komentar