Tampilkan postingan dengan label Laras. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Laras. Tampilkan semua postingan

Rabu, 14 November 2012

Pating Plethak


Kaki Tohidi ngadeg nyawang sawah sing mablak-mablak padha garing. Lemahe wis pating plethak sebab wis pirang-pirang sasi ora nana udan babar blas. Saluran siyer ya wis ora nana banyune, kaline baen banyune wis ora mili paribasane. Senajan ora kur dheweke thok sing ngrasakna kahanan kaya kiye, ning jalaran penguripane ya mung sekang ngolahi sawah Kaki Tohidi ya nggrentes atine. Mulane, bubar sembayang maghrib neng tajuge Kyai Patekur dheweke njuran ngangluh maring kyaine.

“Nek sewulan malih tetep mboten jaweh tah brabeh, Kyai,” kaya kuwe ujare Kaki Tohidi.
Kyai Patekur manthuk-manthuk krungu Kaki Tohidi ngangluh. Ora mung Kaki Tohidi jamangah liyane uga padha melu bae. Ana sing ngomong jere sumure sat, ana sing jere arep adus baen kudu mlaku nganti rong kilometer. Ana maning sing jere ngangsune adoh maring belik pinggir kali, kuwe bae mung seember kudu nunggu bening nembe bisa decidhuk maning.

“Kyai, kepripun nek nanggap cowongan mawon men udane gageyan teka?” Nini Tarilem nylemod sekang mburi.
“Ngontenaken ujungan mawon, Kyai, dadi rame,” Daryoto, bocah enom melu urun rembug. “Tirose, ujungan saged ngundang jaweh.”
“Sedulur-sedulur,” Kyai Patekur molahi ngendika. “Mengko dhisit, sing sabar. Kabeh-kabeh ya lagi padha ngangluh sebab udane ora teka-teka. Ana sing ngramalaken ketiga siki arep nganti sasi Nopember. Malah jere ana sing lewih dawa maning. Padhahal inyong rika padha wis kangelan nggolet banyu. Nganti entong polahe, udane ora teka-teka. Mulane inyong paham, Nini Tarilem usul jere kon nanggap cowongan, Daryoto usul nanggap ujungan jere udane kon gagiyan mudhun. Kaya kuwe mbokan?”

“Leres, Kyai,” jamangahe semaur kompak.
“Pancen menungsa kuwe wajib nyuwun maring Gusti Allah, maring Sing Gawe Urip, nganggo cara apa baen. Ningen rika padha kudu ngerti, hak ngijabahi dongane menungsa kuwe ana neng Gusti Allah. Liyane Gusti Allah ora nana sing bisa ngijabahi dongane menungsa. Mulane nganggo cara apa baen, sing nomer siji, inyong karo rika gole nyenyuwun kuwe maring Gusti Allah. Aja maring liyane. Aja duwe penganggep yen lamona sing marekaken udan kuwe dhukun cowongan utawa dhukun ujungan. Dudu. Sing ngijabahi tetep Gusti Allah. Kabeh mung srana, mung marga lantaran. Dongane kyai uga mung marga lantaran thok.”

Jamangah padha meneng. Ana sing ndingkluk.“Mulane siki tugase inyong karo rika kuwe mula-mula ya mayuh padha mertobat maring Gusti Allah. Tobat sing bener, tobat nasukha. Angger mertobat maring Gusti Allah kuwe aja nganggo tembung ‘mbok jere sapa’ awake dhewek akeh dosane. Sebab nek esih nganggo tembung kaya kuwe, tegese inyong karo rika durung bener-bener ngakoni dosa. Padhahal wis jelas menungsa kuwe mesthi kedhunungan luput, salah lan dosa. Mulane, nek ngadhep maring Gusti Allah ya ngaku baen nek inyong karo rika kuwe pancen menungsa sing pirang-pirang dosane, nyuwun dengampura Gusti Allah.”

Kyai Patekur unjal ambekan sedhela, banjutan ngendika maning. “Lha, sawise mertobat mayuh inyong rika padha ndandani cara urip, aja ngetutaken hawa nepsu. Atine detata, jiwane detata. Mulane sing padha sregep ngaji, tegese ngatur jiwane dhewek-dhewek. Lha, angger wis kaya kuwe nembe nyuwun maring Gusti Allah supayane gageyan deparingi udan.”
“Kalih nanggap cowongan nggih, Kyai?”
“Ya kena,” si Kyai semaur. “Ningen angger inyong pancen wis niyat arep nganakna salat istisqa. Sembayang sing tujuane nyuwun maring Gusti Allah supaya gageyan deparingi udan. Kuwe cara sing decontokna Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para Sunan, para Ulama kawit gemiyen. Sebab wis dijelasaken neng Al Quran ‘Gusti Allah sing ngedunaken banyu sekang langit, kanthi udan mau Gusti Allah nuwuhaken tanduran, woh-wohan minangka rejeki tumrap menungsa, mulane sira aja padha gawe sesembahan liya seliyane Gusti Allah’ (QS Al Baqarah:22). Sebab sing demadi lan teka maring menungsa wujud apa baen, kuwe sekang kersane Gusti Allah.”

“Dados mboten kenging nanggap cowongan utawi ujungan, Kyai ?” Kaki Tohidi takon.
Kyai Patekur mandheg sedhela. Unjal ambekan, banjur nerusaken ngendikane.
“Sing arep nganakna ya olih-olih baen. Kuwe kabeh mujudaken budaya, utawa cara sing tau delakokna para leluhur sadurunge wong padha ngerti ana salat istisqa. Sing penting padha dengerteni udu cowongane lan udu ujungane sing marekaken udan, ningen Gusti Allah. Cowongan, ujungan, salat istisqa kuwe mung srana nyenyuwun maring Gusti Allah. Lha inyong rika kabeh jamangah tajug ngkene ngesuk dina Ahad Kliwon mayuh padha nganakna salat istisqa neng lapangan desa. Anak bojone padha deiridna kabeh, angger sing duwe wedhus utawa sapi ya kena degawa maring lapangan. Mayuh padha nyuwun maring Gusti Allah supayane gageyan temurun udan sing nggawa berkah tumrap menungsa.”
Jamangahe padha manthuk-manthuk.

“Lha sedurunge dina Ahad Kliwon, inyong karo rika mayuh padha mertobat dhisit, toli padha janji maring Gusti Allah arep ninggalaken kabeh laku ala, deganti laku sing becik.”
“Nggih, Kyai...” jamangah kompak semaur. (Fatchurahman)


Lewih Lengkape

Sabtu, 13 Oktober 2012

Geger Genjik


Kyai Patekur karo bojone lagi kayong bingung ora etung. Esuk-esuk jeput ketekan dhayoh, si Tebok, tur goli teka karo mingseg-mingseg nangis. “Ana apa, Tebok. Deneng teka-teka nangis kaya kiye,” Nyai Patekur takon karo nyekeli pundhake si Tebok. Sing detakoni ora semaur, malah ngabruk neng pangkone si Nyai krasa melas senajan urung ngerti dhodhok selehe perkara sing deadepi.

“Tebok,” si Nyai ngarih-arih bocah wadon sing esih nangis neng pangkone. “Angger ana rembug ya derebug. Ana masalah apa jere, koh teka-teka terus nangis kaya kiye? Jajal ngomong sing cetha. Angger inyong karo Kyaine bisa ngrewangi ya mengko tek rewangi.”
“Wis meneng, Tebok,” Kyai Patekur nambahi. “Istighfar, Bok, nyebut...nyebut...”
Tebok unjal ambekan ping kopang-kaping. Ora let suwe banjutan tebok goli nangis molai leren. Gari mingseg-mingsege sing urung ilang. Nyai Patekur ngiling banyu kendhi kon deinum si Tebok.
“Wis, siki jajal ko crita karo inyong, ana apa deneng teka-teka ngabruk nangis,” Kyai Patekur ngendika.
“Kula sedhih, Kyaine... “
“Sedih kepriwe ?”
“Biyunge kula kalih ramane badhe sami pegatan,” Tebok semaur.
“Astaghfirullahaladziiiim... kenangapa deneng ujug-ujug ana kedadian kaya kuwe?”
“Kirangan, Kyai.” Tebok semaur mbari gedheg, “Kula jan rungsing sanget, enjang sonten ngrungokna biyung kalih bapane kula sami gegoh mawon. Mulane kula sowan Kyaine badhe nyuwun tulung, cobi dengendikani nika rama-biyunge kula, Kyai...”

Kyai Patekur unjal ambekan. Nyawang bojone sedhela, banjur ngendika, “Ya wis mayuh Nyaine, padha maring nggone Tebok.” Wong telu banjutan padha mlaku bareng. Ora nana sing cemuit sedawane dalan. Kabeh padha mikir deneng koh ujug-ujug ana kedadeyan Kaki Tisun karo bojone padha geger genjik arep pegatan. Turan sepenyawange Nyai Patekur, Kaki Tisun karo bojone katon guyub rukun ora nglakon padu. Lah, koh siki jeremonge arep padha pegatan.

Lah temenan, basa tekan umahe Kaki Tisun, wong loro katon esih padha pating prengut. Kaki Tisun njagong neng jogan karo klepas-klepus udud banter. Bojone njagong neng pedangan. “Kiye ngeneh padha njagong neng kene, Sun,” Kyaine ajek Kaki Tisun. “Tebok, jajal biyunge kon ngeneh.” Tebok mlebu. Ora let suwe njuran metu karo biyunge. “Ngeneh padha jagongan,” Kyai Patekur mbukak rembug. “Ana apa-apa kuwe derembug. Angger rembugan aja padha rebut bener. Ora usah padha otot-ototan. Goli ngomong gentenan. Angger sing siji ngomong, liyane ngrungokna dadi mengko ngerti apa karepe.”

Kaki Tisun karo bojone padha meneng ora kemecap. “Kiye si Tebok maring umah inyong karo nangis, bingung jalaran rika sekloron padha padudon, rebut menang, ora nana sing gelem ngalah. Jajal siki crita karo inyong, anu kepriwe jane?” Kaki Tisun ngomong jere wis pirang-pirang dina kiye bojone ora tau gelem nggawekena wedang clebek. Ujare Kaki Tisun, wong kadaran mung wedang clebek ora mawi nganggo lawuh medang, sepira abote. Angger detakoni, mbekayu Tisun goli semaur nyengak, kaya jangkrik mbagag.

Mbekayu Tisun ngomong jere siki apa-apa larang, sing lanang goli ngodhe mlondho. Pekolihe ora sepiraha. Nggo madhang baen kurang. Engganua kaki Tisun goli udud karo medang clebek delong semendhing merga akeh kebutuhan liya sing lewih penting.
“Njur, rika njaluk pegatan ?” si Kyai Takon.
“Lha enggih, Kyai. Nggo ngapa wong lanang ora nana gunane.”
“Lha ko priwe, Sun ?”
“Kula tah mendel mawon, Enggane kula ngiyani mengkin talake dhawah, Kyai.”
Kyai Patekur manthuk-manthuk.
“Kiyeh padha dengertiya ya. Siki pancen kahanan lagi angel. Apa-apa larang, ora nana panen, akeh tanduran pari padha puso merga ora nana banyu. Sing angel uripe ora kur ko sekloron. Saben wong ya ngadhepi plekara sing ora beda. Sebab, kahanan ekonomi sing angel kiye lagi kedadian neng endi ora. Dadi, ora usah padha gegoh. Inyong weling telung plekara. Urip kuwe, sepisan kudu ikhlas. Ngadepi apa baen sing ikhlas karana Allah. Nomer loro, urip sing bener. Tegese bener kuwe ngetutna paugeran agama lan pemrentah. Nomer telu, urip sing sabar. Tegese sabar kuwe kuwat ngadhepi kahanan. Angger lagi gampang ya kudu sabar, aja boros. Angger lagi angel ya lewih-lewih goli kudu sabar, aja gampang kesuh utawa ngresula. Dadi, ikhlas, bener, sabar.”

Kaki Tisun karo bojone padha ndingkluk ngrumangsani.
“Wis siki padha salaman. Ora usah padha rebut bener, melas Tebok. Ora patut wong wis kaki nini arep padha pegatan. Mengko malah deguyu kadhal-cbancet.” (Fat)
Lewih Lengkape

Selasa, 28 Februari 2012

"Ana Gajah Deblangkoni"

Fatchurrahman
Medang kopi pait karonyandhing gula Jawa, rasane kayong mewah pisan. Gula Jawane deemut semendhing,kopi paite sing esih panas desruput, jan seger ora etung. Tumrap Kyai Patekursing tau ngalami jaman angel, nyruput kopi debatiri gula Jawa telung templikdadi nostalgia sing larang pisan regane.
“Kiye budine singderawun, Kyai,” si Nyai teka nggawa budin rawun sing esih kemebul.
“Ora sida dibenem?”si Kyai takon.
“Mangsan udan, suluhepadha teles. Lah, padha baen kemebul ikih,” si Nyai semaur mbari njagong nengrisban lan ijig-ijig si Nyai nylemod.“Inyong lagi madan mengen, Kyai”.
“Mengen kepriwe?”
“E,jere siki lagipirang-pirang plekara sing marekna wong padha udreg-udregan, bithen, malah anasing nganggo clurit karo bedhil mbirengan. Wong ujarku padha-padha sedulur,padha-padha wong Indonesia koh dadi padha bengkerengan kaya kuwe. Cara kunatoli jere, ana rembug ya derembug. Iya toli.”
Kyai Patekur gemuyu.
“Deneng si gemuyu?”
“Ujarku lha rika oranggatekna kabar sing kaya kuwe, sebab inyong weruhe ndina-ndina sing deimplengmung sinetron.” Si Kyai semaur.
“Uwis ora susahglewehan, Kyai, wong inyong lagi kepengin ngerti koh.”
Kyai Patekur nyruputkopine nggo nyentor budin rawun sing kayong nyangkol neng gulu sebab degawa ngguyu.
“Pancen siki lagijaman owah-owahan, Nyi,” si Kyai ngendika. “Jere wong pinter, kiye sing dearaniera demokratisasi. Ngerti demokratisasi? Demokratisasi kuwe jane usaha mbaleknahak-hake rakyat. Ningen siki njutan kebablasen. Ujar-ujare demokrasi kuwe apa-apakena sekarepe dhewek. Bebas ngomong apa baen, bebas temindak apa baen.”
“Mulane si nengngendi-endi akeh wong padha bengkerengan, cekcok, ngamuk, ngojel utawa ngrusak.Kuwe jane miki-mikine kepriwe?”
Si Kyai nyruputkopine sing wis molahi adhem, terus ngendika, “ya mula bukane mung sebab kiye,”karo nyekel lambene dhewek. “Katone tah mung lambe nduwur karo lambe ngisorsing obah, ningen akibate bisa dadi mala. Anane wong ngrasani, mitenah, padukuwe ya pegaweyane lambe ngisor karo lambe ndhuwur. Anane wong kotbah, mulang,aweh pitutur becik kuwe ya pegaweyane lambe ngisor karo lambe ndhuwur.”
“Sing apik sekanglambe, sing ala uga sekang lambe. Kaya niku?”
“Iya. Mulane KanjengNabi Muhammad SAW ngendika, angger arep ngomong, ngomonga sing apik sing nggawamampangat. Nek ora bisa aluwung meneng.”
“Lha niku Kyai,angger wis ana sing molahi ngrasani ya banjutan nganah-ngeneh padha melunambahi. Sing mikine cilik semendhing, dadi gedhe lan mambrah-mambrah.”
“Kuwe arane kricikandadi grojogan. Dadi senajana mung perkara ngomong, sing katone mung janji lambengisor karo lambe ndhuwur obah, ningen dudu prekara sing entheng. Semana ugapara wartawan lan juru tulis. Aja nulis kabar palsu utawa gorohan supaya koranuatawa bukune payu. Kudu emut pegawean apa bae arep detagih tanggung jawabeneng akherat. Kemutan apa ora critane Kanjeng Nabi lagi mi’raj maring langitkepitu? Panjenengane mriksani ana wong sing ngguntingi lambene dhewek? Kuwegambarane wong sing seneng ngrasani, seneng mitenah, seneng ngumpa-umpa lanseneng padu.”
Nyaine meneng baenkaro ndingkluk.
“Kenang apa?” Kyainetakon. Si Nyai mung gedheg sebab kemutan esih sok sering ngomongaken perkarasing ora perlu. Ngrasani, umpamane, kuwe jan banget gampange. Angel gole arepmandheg angger wis labuh ngomong alane wong liya.
“Sing paling penting,”Kyai Patekur ngendika maning, “Antarane ngomong karo temindak kuwe kudu klop.Ngomong perkara sing becik, kuwe penting. Ning sing lewih penting, nglakoni apasing deomongna. Mulang ngaji, ceramah agama kuwe penting sebab ngajak wong konpadha taat karo Gusti Allah. Ningen sing lewih penting aweh tuladha sing awujudtemindak kaya sing deomongna. Aja dadi gajah deblangkoni.”
“Usa, ana gajah deblangkoni,mpun sok glewehan lha Kyai,” Nyaine semaur.
“Gajah deblangkonitegese pinter kojah ora pinter nglakoni.”
“Sanes jarkoni ?”
“Padha baen.” Wongloro padha gemuyu dhewek. (FAT)
Lewih Lengkape

Jumat, 30 Desember 2011

Ana Bocah Takon Bapa

Bambang Wadoro
Bocah lair neng dunyakiye merga ana bapa lan biyunge. Kayane ora nana, bocah lair kur merga ana bapautawa biyunge thok. Lan apik-apike bocah lair, dekantheni sahe jejodhoan utawa nikahe bapa biyung. Sah mungguhagama lan sah mungguh aturan negara, Undang-UndangRI Nomor 1 Tahun 1974, tentang Perkawinan .
Kenang apa ana bocahtakon bapa? Bisa sebab dheweke urung tau weruh utawa ora tau ketemu bapane.Kaya dene bocah cilik sing urung emut detinggal mati bapane, selot gedhedheweke mesthi takon bapa maring biyunge. Semana uga bocah sing detinggal lungabapane. Mbuh lunga merga minggat, utawane lunga merga pegatan. Wis mesthi bocahkuwe mengkone arep takon endi lan sapa bapane.
Ning ana bocah sabendina ketemu lan urip bareng karo bapane. Bareng wis gedhe dheweke mikir lanngemat-ematna bapane. ” Deneng bapane inyong ora memper inyong?” Apa maning anggerketambahan crita tangga teparone. ”Bapane ko toli dudu bapa sing sebenere.”Biyunge detakoni, gole mangsuli bingung. Merga nikahe biyunge kuwe nikah tembelan utawa nikah nutup wirang. Urung nikah wis metengdhisit. Wong lanang sing metengi ora tanggung jawab. Njur nikah karo wonglanang sejen sing paribasane urung nyenggol-nyenggola. Mulane si bapa oramemper si bocah.
Ujare biyunge, najandudu bapane, mengko bocah lair ana bapane. Bener wirange biyunge maring tanggateparo bisa ketutup. Ning wirange lan rasa salahe maring bocah ora gadhangilang. Mulane kanggone bocah wadon padha sing ngati-ati. Melas bocah, duwe bapaning dudu bapa biologise.
Ana maning bocah macaakte utawa surat kelairane dadi kaget. Neng ngkono jenenge bapa ora detulis.Monine kur anak dari seorang ibu....Jane bapane aben dina ketemu neng umahe. Biyunge uga wis nudhokna wong lanangkuwe bapane. Ning bareng ana kedadian kaya kuwe dheweke bingung. Jere duwebapa, deneng ora detulis neng akte. Dheweke njur takon karo biyunge. Biyungeuga bingung gole mangsuli. Merga nikahe bapa-biyung kur nikah agama utawa nikah siri thok.
Duwe bojo lewih sekangsiji pancen deolihena neng agama. Ning angger PNS, TNI utawa Polisi kudunganggo aturane negara. Jane wis padha ngerti. Ning mbuh kepriwe, kepeksaneesih akeh sing padha nglanggar. Mulane nikahe ora kecathet neng negara lan oraduwe surat nikah. Akhire akte kelairane anake jeneng bapa ora detulis. Hak-hakperdhatane bocah sekang bapa uga ora bisa deurus.
Bocah takon bapa kuwelumrah. Mulane kepriwe carane kudu bisa dewangsuli. Biyung sing bener, wangsulaneora mung asal mangsuli. Ning akeh biyung padha nglomboni. Gole anak-anak wisora bener, ketambahan nglomboni. Angger depikir biyung-biyung sing kaya kuwe,genah akeh dosane. Dadi sing kotor biyunge dudu bocahe. Bocah lair neng dunyakiye tetep suci (kulu mauludin ngalalfitrah). Gusti Allah adil lan welas asih. Bocah-bocah sing lair sekangbiyung ora bener, tetep dewehi dalan urip. Neng negara ora debeda-bedakena,hak-hake padha karo bocah liya. Gari-garine nasibe bocah karo wong tuwane bisandhidhik apa ora. Kanggone sing wis kebanjur, biyunge kudu bisa ndhidhik.Amrihe bisa dadi wong sing apik lan migunani tumrap liyan.
Bocah-bocah lair singora dekantheni nikah, (anak lahir di luarnikah) jerene tetep beda. Kayangendikane Pak Dr. Djamaludin Ancok, bocah-bocah mau akeh gangguane. Ngendikanesing keganggu kuwe, kecerdasan, sosialemosional, prestasi sekolah lan seksual. Mulane bocah-bocah wadon sing dadicalon biyung padha sing eling. Aja kur mburu seneng thok, emut mburi kerine.Duwea anak sing dekantheni nikah sing bener. Bener mungguhe agama lan benermungguhe aturane negara. Dadi angger anake takon bapa semaure ora bingung. Goleumah-umah ayem tentrem. (Bador Kayu)
Lewih Lengkape

Kluyur-Kluyur Padha Bali Nganah Ngidul

"Kluyur-kluyur,
padha bali nganah ngidul,
Ilo..gondhang…Banyumasan"

Tembunge biasa kaya parikan liyane, gampangdetirokena. Ning jane tembung-tembung neng tembang kuwe ora mung asal metu. Mesthinengemu teges lan surasa, sing isen-isene bisa piweling, wewarah utawa kaweruh.Inyong padha, kayong arang gelem mikir-mikir bab kuwe. Kayane langka wektunenggo mikir-mikir bab kuwe. Merga kuwe kabeh, mulane mbok jere sapa, tulisankiye ana gunane. Syukur-syukur bisa nangekena pikirane rika padha. Jerene singngarang tembang kuwe Kyai Kasan Ngali sekang Desa Weren sewetan Banyumas. Bener lupute mbuh orangerti, sing genah siki arep deudhal. Dejajal depas-pasena karo kahanan jamansiki.
Kluyur-kluyur tegese mlaku karo alon-alon. Angger ndelenglan ngrasakena kahanan jaman siki pancen mumeti.Wong tuwa wis ora nganggobudhaya lan kepribadene dhewek. Kelalen maring asal-usule. Adoh sekang jati dhirine. Sing enom uga nganggosekarepe dhewek. Padha ora ngerti lan wis ora nganggo unggah-ungguh babarpisan. Akeh bocah enom sing wis ora bisa lan gelem nganggo Basa Jawa. Dhewekepadha lewih seneng nganggo Basa Indonesia lan Basa Inggris. Siki wis ora perlunggoleti sapa sing salah. Najan mlakune alon-alon, siki temandanga nggolestarine budhayane dhewek. Ngganua siki tek jaluk wong-wong tuwa padha eling.Alon-alon mbok iyaha anak putune padha dewarahi lan deweruhi budhayane dhewek.Ora ketang semendhing, mbok jere sapa anak putu gelem nggugu. Lan syukur-syukurpisan padha gelem nganggo.

Karina K Rumiko, Lengger sekang Jepang
Padha bali nganah ngidul, karepe ngelingena inyong padha. Angger asale sekang kidul, baliamengidul. Tegese inyong padha kon padha eling lan bali maring asal-usul lanbudhayane dhewek. Mergane neng jaman sekiye wis akeh wong sing ninggalena budhayane dhewek. Budhaya mancadebangga-banggakena. Budhayane dhewek detinggalena, cuek mbebek ora open oragaten. Lha arep keprimen angger kaya kuwe ? Akeh wong sing padha keblinger. Ngaku bener, rebut bener tawuran nengendi ora. Wong mateni wong ora etungan kaya anu barang biasa. Sing dadi pejabattandang tanduke akeh sing wis ora bisa nggo tuladha. Padha korupsi mangandhuwit rakyat nggo nyugihena awake dhewek. Neng tivi sing akeh isine kur beritapejabat padha korupsi. Bola-bali beritane kaya kuwe. Perkara korupsi singndhisit urung rampung, krungu maning pejabat liyane korupsi. Ora mumetikeprimen angger kaya kuwe ? Mulane siki ayuh padha tangia, eling ! Ayuh padhabali nganah ngidul, bali maring kepribadhen lan budhayane dhewek. Mbok jeresapa bisa ngurang-ngurangi kahanan sing ora apik kuwe. Alon-alon asal klakon,mbok jere sapa bisaa dadi apike neng mburi kerine.
Ilo, asale sekang tembung ngilo (ngaca ). Angger wong ngilo, kuwe mesthi weruh maring gambar awake dhewek. Singdekarepena ora kur ndeleng awak thok. Ngiloneng kene, karepe inyong padha gelema nggramak awak utawa instrospeksi. Dhingin-dhingine ndeleng laku temindak lankepribadhene dhewek. Esih nganggo kepribadhen lan budhayane dhewek apa ora.Salah sijine laku tepa slira. Apainyong padha esih duwe lan nganggo tepa slira ? Nggramak awak, angger deciwitlara, apa esih gelem nyiwit wong liya ? Angger dhewek nganggone kaca pengilon,sing keton ya awake dhewek kiye.
Ning kanggone wong akehkaca pengilon mesthi bae ora cukup. Nggo ndeleng wong akeh kudu nganggo kacasing gedhe.

Landa Calungan, wong Jawa padha karokean.


Angger wong padhangomong kaca gedhe kuwe kaca benggala. Siki jajal padha ngilo nganggo kacabanggala. Mesthi arep keton rupa, laku temindak lan kahanane wong akeh.Gambarane wong akeh seurunge wis deomongene neng dhuwur mau. Kaya-kayanepemrentah wis ngilo lan weruh kahanan sing ana siki. Bangsane dhewek dedelengwis mandan nyimpang sekang budhaya lan jati dhirine. Mulane pemrentah sikinggalakena Pendidikan Karakter dan BudayaBangsa kanggo bocah-bocah.
Gondhang : telak, gorokan (tenggorokan).Panggonane neng gulu. Gunane kanggo ngeleg lan ngomong. Ngemu karep inyongpadha bisaa ngeleg panganan sing khalal. Ngelega panganan sekang kasile dhewekutawa sekang krenget getihe dhewek. Mangan lan ngelega panganan sekang rejekising olihe nganggo cara sing bener. Dudu sekang gole korupsi, colong jukut, ngunthet, ngiwung lan liya-liyane. Anggerngomong sing temata. Aja waton ngomong, ning ngomonga sing nganggo waton.Ngomonga sing nganggo bukti. Ora ngadu-adu, ora mitnah, lan ora nglarani ati.
Banyumasan, tegese budhaya sing ana neng tlatah utawa wewengkon Banyumas. Khususebudhaya sing dadi ciri wancine wateke wong Banyumas, yakuwe cablaka. Bab kiye wara wiri wisdeomongena. Cablaka tegese : jujur, terus terang lan ora nutup-nutupi. Jujurneng omongan, jujur neng ati lan jujur neng lakune. Ngomonge apa anane lan oratedheng aling-aling. Ora ngaling-ngalingi utawa nutup-nutupi laku ala lan lakusalah. Ora ngaling-ngalingi utawa nutup-nutupi wong sing duwe keluputan. Janewatek cablaka kuwe ora debutuhena kur nggo wong Banyumas thok ora. Ning ngganuawatek kiye bisaa
denggo wongse-Indonesia. Wong-wong Banyumas sing ana neng endi papan bisaa dadi tepatuladha. Apa bae jabatane lan gaweane watek cablaka aja ngosih detinggalna.Ayuh, padha bali alon-alon maring budhaya lan jati dhirine dhewek. Angger orasiki arep kapan, angger udu inyong padha sapa.

Atmono
Seniman/Budayawan Banyumas.
Lewih Lengkape

Kamis, 22 Desember 2011

Kelangan Suwarga

Kyai Patekur
Wong setajug padha kaget krunguana sewara wong nangis selagine Kyai Patekur medhar piwulang bab bekti maringwong tuwa, khususe bekti maring biyung. Kabeh pada nylingak maring pojok tajug,sebab sekang pojok kuwe kepurungu suwara tangis mau. Kyai Patekur banjutan mandheggoli ngendika. Milang-miling kepengin ngerti sapa sing nangis.
“Kyai, anu, niki Siwer singnangis,” Kang Dulatip sing njagong neng jejere Siwer ngomong mandan seru.
“Jajal detakoni, deneng ujug-ujugnangis,” Kyai Patekur ngendika. “Eh, mbok menawa ana omongane inyong singmarekna dheweke nangis.”
Kang Dulatip mbari ngrangkul Siwertakon, “Ana apa si rika, deneng ujug-ujug nangis ?”
Siwer karo esih mingseg-mingsegsemaur, “ Inyong wis ora bakal olih suwarga, Kang.”
“Usa, deneng si … ?”
“Suwargane inyong wis ilang, Kang….” Ngomong kaya kuwe Siwer banjutan nggembor maning.
Wong sing ana neng tajug, malahuga wong se desa ngerti sapa kuwe Siwer. Jenenge jan-jane dudu Siwer. Ujarewong tuwane, jenenge sing bener jane Mardi.Ningen banget nakale, banjutan deceluk Siwer ngantri gutul tuwa. Persasat oranana sing wani aruh-aruh apamaning gelut karo Siwer, merga bocahe nekad tur oranana wedine babar blas. Mulane padha aluwung ngalah. Wong-wong padha ngomongjere sing waras sing ngalah.
Mulane agi Siwer ujug-ujug tekamaring tajug, akeh wong sing padha kaget, ningen ora nana sing wani cemuwitngomong. Kyai Patekur seneng ora etung weruh Siwer teka melu sembayang nengtajug.
“Alhamdulillah, slamet rikaMardi?” Kyai Patekur takon. Sedesa mung kyaine thok sing ngundang dhewekenganggo aran sing asli.
“Pangestune, Kyai.”
“Lawas temen, sekang ngendi baen?”
“Lah buara mados pangan, Kyai,teng kota.”
Kyai Patekur manthuk-manthuk karongelus-elus pundhake Siwer. Sing deelus-elus kayong rikuh pisan jalaran mungKyai Patekur sing ora tau ngusik-usik kelakuane. Mulane senajan dekaya ngapabrangasane, angger ketemu Kyaine, Siwer ora wani molah sing werna-werna.Malahan, mung karo kyaine, Siwer angger ngomong basane mlepes pisan. Wong sedesasing banget deurmati neng Siwer ya mung Kyai Patekur.
“Mardi,” Kyai Patekur ngendikasauwise Siwer goli nangis mandan leren. “Jajal, crita karo inyong deneng kongomong jere kelangan suwarga, kuwe kepriwe larah-larahe?’
“Wau Kyaine ngendika jere suwarganiku neng tlapakane biyung,” Siwer semaur. “Lha niku sing marekna kula nlangsaKyai. Kula niki toli goli nakal kawit alit. Banget nakale nganti biyunge kula mriangampeg dumugi pejahe. Lha, seniki kula saweg kepengin mertobat, e mbok menawaGusti Allah paring pangapura. Kula nggih kepengin angsal suwarga Kyai, ningenangger biyunge kula mpun pejah, lha kepripun …..”
Jamangah liyane padha ndomblongkrungu pangudarasane Siwer.
“Suwarga kuwe neng tlapakanebiyung,” Kyai Patekur ngendika maning sauwise unjal ambegan. “Kuwe singngendika Kanjeng Nabi, dadi inyong karo rika padha kudu percaya lan padha emanmaring biyung sing wis nglairna. Goli percaya kuwe ya nganggo akal sing temata.Tegese, ora koh suwarga kuwe pancen nyata-nyata neng tlapakane biyung, kaya denebakyak sing deenggo neng biyunge. Kuwe ora kaya kuwe. Mulane mayuh padhadepikir, padha derenungaken kanthi ati sing wening.”
“Tlapakan nggone neng sikil,” siKyai nerusna wejange. “ Senajan tangan uga bisa dearani tlapakan, ningen umumewong ngarani karo tembung epek-epekan. Lha, tlapakan sing panggonane nengsikil, kuwe gunane nggo temapak konsupayane wong bisa ngadeg jejeg tur kuwat.Sikil uga minangka piwulang lamona wong urip kuwe kudu temindak, kudu duwepenjangkah, kudu duwe laku. Angger lakune utawa temindake becik kasile arepbecik. Kosok baline angger temindake ala kasile banjutan arep ala.”
“Dados tlapakan niku mung dadosparibasan nggih Kyai ?” Paman Darsiman nyelmod sekang mburi.
“Iya, bener. Ningen, kenang apa koh Kanjeng Nabi ngendika suwarga kuwe nengtlapakane biyung? Biyung kuwe perlambang bumi. Sing neng njero utawa nengnduwure bumi pirang-pirang banget rahmate Gusti Allah. Kabeh kudu deuri-uri, dejagautawa demanpangatna lumantar temindak utawa laku sing bener. Aja derusak, ajadebodol, mbok mengko lemahe dadi cengkar ora bisa ngasilana apa-apa.”
“Dados mangsude suwarga tengtlapakane biyung niku kepripun, Kyai ?”
“Kuwe pangajake kanjeng NabiMuhammad saw maring inyong karo rika padha kon ngrumat bumi sing bener. Uripneng nduwur bumi kudu sing bener. Aja seneng congkrah, aja gawe gendra, mbokkenang denda kenang prekara sekang Gusti Allah, sing wujude banjir, longsor lanbumi sing ora bisa ngasilna apa-apa”.[Fat]
Lewih Lengkape

Jumat, 30 September 2011

Sedulur Untu Ilat


Kyai Patekur
Wis pirang-pirang dina kiye Kyai Patekur kayong ora bombong. Senajan Si Kyai tetep ngimami neng tajug, aweh tausiah bakda salat maghrib, ningen ana sing beda karo adat sabene. Kyaine lagi mandan sering ngalamun, nganti Nyai Patekur takon, jan-jane Kyaine lagi kenang apa koh deneng dadi kaya kuwe.
“Inyong ora ngalamun, Nyai,” Kyai Patekur semaur. “Inyong mung lagi urung bisa ngreti, wong ujarku maune ya ora ana apa-apa, koh deneng siki banjutan padha jothakan. Gemiyen lagi arep nyalon dadi lurah neng Desa Dawetayu wis padha janji jere arep ora gawe gendra. Sapa baen sing menang, sing penting bisa marekaken desa dadi maju, makmur lan sejahtera. Sebab pembangunan dadi bisa deleksanakaken bareng-bareng”
Kyai Patekur gedheg-gedheg. Ora nyana babar pisan mung jalaran pilihan lurah banjuran ana sedulur padha jothakan. Malah ana sing lapor sedulure sing menang kuwe merga nakal, wuwure akehe ora etung lan liya-liyane.
Pirang-pirang pisan sing padha teka maring umahe Kyai Patekur, usul supaya Si Kyai melu cawe-cawe. Paling ora ya aweh nasehat, pitutur, sembur sing supayane gole padha regejegan kon padha derampungi.
“Inyong mandan ewuh, sedulur,” kaya kuwe ngendikane Kyai. “Nganah-ngeneh sedulur. Angger mengko salah ngomong, bisa-bisa salah sijine ngarani inyong emban cinde emban ciladan, ora adil”
“Ningen angger dejorna baen mengko ya tambah ndladrah, Kyai” Uwa Madroji aweh pamrayoga.
“Lha kuwe sing marekaken ewuh,Wa. Lewih-lewih siki akeh wong sing lagi kenang prenyakit kamidemokrasien. Ithik-ithik jere lagi jaman demokrasi koh. Inyong ya duwe hak takon karo nglaporaken angger ana kecurangan. Angger deomongi malah mbagag, malah kadhangan ana sing nglurug nggawa batir banjutan pada temindak manut karepe dhewek, ngrusak apa baen sing bisa derusak.”
“Dados Kyaine ajeng mendel mawon ?” si Guplo takon.
“Ya ora kaya kuwe, Guplo. Inyong lagi istikharoh nyuwun pituduh maring Gusti Allah kepriwe murih becike.”
Dayohe Kyai Patekur padha manthuk-manthuk. Kabeh ya padha rumangsa, perkara kiye pancen dudu perkara sing gampang, senajan uga dudu perkara sing angel. Kabeh mau jan-jane ya gemantung maring iktikade sing lagi padha jothakan. Lha wong neng papan ngendi baen, angger sing aran lurugan utawa pilihan ya mesthi ana sing kalah, ana sing menang. Ora bakal kalah kabeh utawa menang kabeh.
Kyai Patekur banjutan mak nyet, ngadeg karo nabok pupune dhewek nganti si Nyai ngrajug bate kaget.
“Ana apa Kyaine?”
“Mumpung lagi puasa ….” semaure si Kyai mbari mlangkah metu sekang ngumah.
**
Jamangah tajuge Kyai Patekur padha kaget, sebab kadingaren pisan ana manten jago lurah padha katon sembiyang traweh neng tajug. Senajan padha kepengin ngerti, ningen ora nana sing cemuwit. Jamangahe Kyai Patekur percaya, mengko si Kyai mesthine arep ngendika ngudar piwulang sauwise traweh.
“Sedulur sing tek tresnani,” Kyai Patekur ngendika sauwise uluk salam. “Inyong njaluk ngapura sing gedhe pisan, khususe inyong nyuwun ngapura karo sedulurku papat sing winginane tes padha nyalon lurah neng Desa Dawetayu kiye. Inyong mung arep ndongeng semendhing, sebab mau esuk lagi saur demadakan ilate inyong kecokot untu, jaan perih ora etung.”
“Lha, inyong ya sering kaya kuwe, Kyai,” Paman Miraji nylemod sekang mburi.
“Ningen apa rika padha ngerti, ilat kecakot untu kuwe jan-jane piwulange Gusti Allah sing penting banget?” si Kyai ora gageyan nerusaken ngendikane. Wong padha clingukan kayong nganeh-anehi temen Gusti Allah koh mulang nganggo pasemon ilat kecakot untu. “Lha si temenan, rika padha durung ngerti piwulang penting kuwe mbok ? Hehehe … untu karo ilat kuwe manggon neng nggon siji toli ? Kaya inyong karo rika toli padha manggon neng desa siji. Awit kuna mekuna ya neng kene, ana sing nyambut gawe dadi junjang, tani, ana sing ngodhe neng kota, werna-werna pisan penguripane inyong karo rika. Ana kalane, lagi mangan enak, kemutan tangga banjutan ngirim. Senajan mung jangan bening ya dekirimaken jalaran sekang tresnane maring sedulur. Ningen, ana kalane si ilat kecokot untu sing marekaken perih. Kuwe ora sebab untu njarag nyokot ilat, ningen sebab saking semangate gole mangan kiriman jangan bening.”
Jamangah tajug padha pating gleges krungu dongenge Kyai Patekur. Manten calon lurah ya pada gemuyu.
“Enggane bisaha si ilat kepengin pindhah sekang panggonane,” si Kyai nerusaken. “Ningen ora bisa wong pancen kudu manggon neng kono. Semana uga lambe sing kadang-kadang uga kecokot untu, ya tetep neng kono baen. Senajan perih, ningen angger mangsane kudu madhang, ya ora nana sing protes ora gelem nyambut gawe. Kuwe paseduluran untu, lambe, ilat sing padha manggon neng panggonan siji. Peseduluran kuwe pancen ana kalane sok ana benthik semendhing, kuwe lumrah, padha karo lumrahe ilat kecokot untu. Perih sewetara, ningen bar kuwe njur perihe ilang toli goli mangan banjutan enak maning mbok?”.
Jamangah padha manthuk-manthuk. Lewih-lewih mbarang weruh manten jago lurah padha salaman metu sekang tajug.[fat]

Lewih Lengkape

Sabtu, 27 Agustus 2011

Gelaran Klasa



Kyai Patekur
WARGA desa esuk-esuk wis gemridig mangkat maring baledesa sebab jere arep deanakena silaturahim. Pak Lurah wis ngumumna lewat para Kadus, saben warga tuwa enom, gedhe cilik, lanang wadon, kabeh kon padha mangkat maring baledesa.
“Aja padha kelalen, angger padha mangkat lawang,jendela pada detegi sing rapet, dekonceni. Kompor apa jere pawon padha desipet genine,” kaya kuwe para Kadus gole wara-wara maring warga.
Mulane esuk kiye, dalan desa jan semanger pisan. Warga padha mangkat maring baledesa padha nganggo klambi bada sing esih anyar. Ketemu neng gili pada salaman terus mbari dopokan mlaku maring baledesa. Sing dadi bahan dopokane werna-werna pisan. Angger ketemu karo warga sing nembe padha bali buara neng kota gedhe sing decritaknana prekara urip neng kota. Ana sing reka-reka ngomong bahasa Betawian, ana sing bandhekan senajan pating ngglathuk ora kepenak derungokna.
Tekan baledesa wong padha kaget sebab ora nana meja utawi kursi. Neng pendhapa baledesa mung degelari klasa sepirang-pirang. Hansip karo junjang sing dadi panitia sibuk pisan. Neng corong dela-dela ana pengemuman sing supayane warga padha mlebu, njagong neng gelaran klasa. Dadi senajan padha kangelan ya padha mlebu terus jagongan neng klasa.
“Ujarku koh nganeh-anehi temen,” Pak Prawiro, sing anak-anake padha urip kepenak dadi wong sugih neng Jakarta, grundelan. “Mbok ya kaya biasane baen, njagong neng kursi.”
Wong-wong padha mlirik krungu grundelane Pak Prawiro sing goli teka ngiridakna anak putune sing goli ngomong padha nganggo basa Betawian. Jan-jane ora mung Pak Prawiro sing bekah-bekuh, ningen sing liyane mung trima meneng. Kadar ora saben ndina ikih goli lekoran neng klasa. Pak Kades uga ngendika kaya kuwe.
“Inyong ngerti, sampeyan padha bingung, deneng goli silaturahmi koh pada lekoran neng klasa,” kaya kuwe sesorahe pak Kades. “Mulane inyong njaluk ngapura sing akeh mumpung esih badan sebab kahanan sing kaya kiye. Ora-orane desa ora bisa nyewa krosi, ningen ana mangsude, kenang apa koh inyong karo rika padha jagongan neng klasa. Mengko toli arep deterangna neng Kyai Patekur. Kabeh bakal dedhudhah neng hikmah silaturahmi.”
“Ujarku koh, ana-ana baen Kyai siji kiye,” Paman Miraji sing biasa jamangah neng tajuge Kyai Patekur ngudarasa dhewek.
“Assalamuangalaikum warohmatullahi wa barokatuh,”. Kyai Patekur uluk salam. Wong-wong sing maune rame padha gisus dopokan dhewek mak cep padha meneng. Kabeh padha nyawang Kyai gering sing jenggote wis putih.
“Mayuh padha muji syukur maring Gusti Allah sing wis paring pitulungan maring inyong karo rika kabeh,”. Kyaine nerusakna pangandikane. “Inyong karo rika padha bisa teka maring baledesa, njagong barang-bareng neng klasa kiye angger ora detulungi neng Gusti Allah tangeh lamon kon bisa neng kene. Mulane aja padha liren goli muji syukur maring ngarsaning Pangeran, nggih sedulur ….”
“Nggiiiihhh …” warga sing kumpul neng baledesa padha semaur bareng.
“Sedulur,wis kawit mau inyong krungu jere ujarku koh nganeh-anehi temen pertemuan silaturahmi warga desa neng Baledesa koh gole njagong neng klasa. Pak Kades wis ngendika, ora jalaran desa ora duwit nggo nyewa krosi, ningen Pak Kades kagungan pamrayoga, kepriwe mungguh neng suasana silaturahmi kiye,kabeh wong padha dhuwure, padha senenge, padha rekasane. Mulane banjur deputusna pendhapa baledesa degelari klasa. Ora nana kursi, apa maning kursi sing empuk. Kabeh njagong neng klasa. Kadese njagong neng klasa, para pejabat sing dadi warga desa kene uga padha njagong neng klasa. Sing sugih, mlarat, sing juragan, sing kuli ari kabeh njagong neng klasa. Ora debedak-bedakena.”
Warga desa padha manthuk-manthuk.
“Sedulur,klasa kuwe degawe sekang godhong pandhan. Ambune wangi senajan ana erine. Goli gawe kudu tlaten. Kuwe mujudna ajarane Gusti Allah angger menungsa kuwe kudu sabar. Wong sabar kuwe demelasi neng Gusti Allah. Innalloha ma’as shobirin. Kasile kesabaran wujud klasa sing kena nggo werna-werna. Kena nggo jagongan, kena nggo degelar neng langgar lan liya-liyane. Mulane aja nganggep entheng plekara klasa kiye. Jajal sih, apa rika cokan padha menggalih, klasa kuwe wujud anam-anaman. Nek mung ler-leran thok ora deanam ora nana gunane utawa ora mampangati. Ning angger deanam bisa dadi wujud klasa sing migunani. Lha anam-anaman kuwe mujudna gambaran lamona neng menungsa, inyong karo rika kabeh bisa ngraketna peseduluran, gotongroyong nyambut gawe bareng, kasile arep migunani tumrap wong akeh.”
Kyai Patekur mandeg sedela. “Sedulur,rika ora kelalen mbok,ana lelagon sing monine .. e dayohe teka, e gelarna klasa, e klasane bedhah …. Lha klasa bedhah kuwe gambaran pesedularan sing agi rusak. Para wali prentah klasa sing bedhah kuwe kon dedandani. Lha, neng suasana silaturahmi kiye penting banget tumrap wong penginyongan padha nembel klasa bedhah, padha ndandani peseduluran. Mulane pesamuan kiye gola padha njagong neng klasa kon supayane ora nana sing rumangsa lewih dhuwur utawa lewih endep. Inyong karo rika kabeh, jalaran njagong neng klasa kiye jane deprentah kon padha praktek sikap tawadlu’. Tawadlu’ kuwe tegese andhap asor,ora jumawa,ora takabur. Tawadlu’ kuwe kepribadiane para nabi lan rasul. Padha gelem neladani kepribadiane nabi lan rasul apa ora ?”
“Puruuuuun “
“Alhamdulillahirobbil’alamin, wassalmu’alaikum warohmatullahi wa barokatuh”[FAT]
Lewih Lengkape

Senin, 28 Februari 2011

Umahe Inyong Swargane Inyong



Kyai Petekur
Bibi Rubingah sawise ngrungokena ngendikane Kyai Patekur bab umah sing dadi suwargane wong seanak-bojo, banjutan tangane ngacung karo ngomong, “nuwun sewu, Kyai, kula dadi nlangsa krungu ngendikane kyaine. Maen temen ndeyan ari umahe inyong bisa dadi suwarga nggo inyong sekeluarga.”
Kyai Patekur semaur, “lha siki neng umahmu kepriwe, Bi ?”
“Lah, angger deomongaken ngisin-isini, Kyai,” si Bibi semaur. “Bojone kula jenggelek melek ya terus ceklek, nyetel tipi terus njinggleng siaran. Bocahe pating blekera ya ora degubris ketungkul srupat-sruput ngopi karo klepas-klepus udud ora liren-liren. Angger dearuh-aruhi mengko dadi plekara.”
“Pithes baen tipine,” Paman Miraji nylemod.
“O ya sida ana brantayuda si ndeyan,” si Bibi semaur. “Mulane inyong jan ngajog pisan olih arisan nggo tuku tipi. E ujarku, ben bocah ora ketungkul klayaban, terus ramane ya ora nunut nonton bal-balan neng umahe tangga. Siki malah tipine dadi mala.”
“Bi, karo sedulur-sedulur kabeh,” Kyai Patekur ngendika. “samubarang apa baen sing ana neng ngalam ndunya kiye, ana apike ana uga alane. Nonton tipi ya apik, wong siarane ya werna-werna. Ana berita, ana pengajian, ana bal-balan, lan sapiturute. Dadi angger nonton tipi ya depilih acarane, aja janji ceklek terus methongsot njagong neng ngarep tipi awit esuk nganti sandekala. Sebab wong urip uga duwe kewajiban kasab tumrap wong sing wis wajib nggolet. Kasab utawa ikhtiar nggolet rejeki kuwe hukume wajib. Lha tumrape bocah-bocah, ya ana kewajiban sekolah, ngaji, utawa nggolet ilmu. Sebab Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika jere, tholabul ‘ilmi faridhotun ‘ala kulli muslimin wal muslimat. Wajib hukume nggolet ilmu tumrape muslimin lan muslimat awit bayi nganti mati. Sebab wajib, utawa ferdu, mulane kudu delakoni. Angger ora delakoni dosa.”
“Kaya kiye angger bojoku krungu lha ndeyan nembe nggugu,” Bibi Robingah grenengan dhewek.
“Kyai,” Uwa Tamamad nyelani, “tirose teng tipi onten pengajian, onten siaran sing isine piwulang becik. Nek kados niku, nggo ngapa prentah bocah kon padha sekolah, ari wulangane padha karo neng tipi.”
Kyai Patekur mesem. “Uwane kaya kiye ya. Bab pendidikan utawa mulang wuruk maring bocah kuwe nomer siji tanggungjawabe wong tuwa. Aja kur prentah thok, ningen uga kudu aweh conto. Prentah bocah kon sembayang, ya wong tuwane kudu sembayang dhisit. Prentah bocah kon seneng maca, ya wong tuwane kudu sregep maca dhisit. Angger mung prentah thok, ora aweh conto, bocah-bocah mengko arep padha ngomong, alah ramane jarkoni, bisa ngajar ora bisa nglakoni, kuwe kaya kuwe.”
“Eh ujarku wong inyong wis kasab nggolet dhuwit nggo mragadi bocah sekolah ya uwis. Soal bocahe arep pinter apa cubluk kuwe toli dadi tanggungjawabe guru neng sekolahan. Nggo ngapa debayar larang-larang ari bocahe padha bodho ?” Uwa Ta esih ora trima.
“Uwane tah klentu niku ari gadhah pemikiran sing kados niku,” Pak Guru Kirno melu urun rembug. “Guru neng sekolahan kuwe jan-jane padha karo wong gawe tahu. Tegese, ari bahane sing wujud kedele kuwe apik, ya kasile arep apik. Ningen ari kedelene wis padha bubuken, ya kasile ala. Dadi, keluarga utawi tiyang sepuh niku penting banget peranane neng dunia pendidikan. Guru niku kur sederma mbantu bapa-biyunge si murid.”
“Lha kuwe inyong cocog,” ujare Paman Miraji.
“Angger sing ngendika kuwe ahline ya mesthi cocog,” Kyai Patekur ngimbuhi. “Mulane kudu ana sengkuyungan antarane Guru neng sekolahan karo wong tuwa neng ngumah. Bocah kawit cilik decontoni sing becik. Angger dhong bocah kayong arep nakal, ya aja desentak-sentak, ningen diwuruk sing bener. Gole ngomongi ya nganggo tembung sing apik, suara sing alus, semanak, sing marekaken bocah dadi seneng. Enggane saben-saben salah desentak, deglitho karo ngomong “dasar bocah bodho, kaya kuwe bae ora ngerti-ngerti, ora teyeng”. Omongan sing kaya kuwe marekaken bocah dadi nglokro. Pituture leluhur wong Jawa bab pendidikan kuwe ana limang perkara. Nomer siji: mulang bocah kudu dikantheni sifat mulat, tegese ngawruhi utawa paham maring kahanane si bocah. Nomer loro: milala, tegese kudu gawe bombong maring si bocah. Nomer telune: miluta, tegese mbimbing utawa mengarahkan. Nomer papat: palidarma, tegese aweh conto, teladan. Nomer limane: palimarma, tegese kudu seneng aweh pangapura nek bocahe salah utawa durung paham.”
Jamangahe Kyai Patekur padha meneng, ndhingkluk krungu piwulang sing sedherhana ningen pas karo kahanan jaman sekiye, jaman morak-marik sing kudu dedandani bareng-bareng sekang umahe dhewek-dhewek. Umah kudu dadi suwerga, utamane nggo bocah-bocah. Umah inyong, Sewarga inyong. [fat]
Lewih Lengkape