Senin, 28 Februari 2011

Umahe Inyong Swargane Inyong



Kyai Petekur
Bibi Rubingah sawise ngrungokena ngendikane Kyai Patekur bab umah sing dadi suwargane wong seanak-bojo, banjutan tangane ngacung karo ngomong, “nuwun sewu, Kyai, kula dadi nlangsa krungu ngendikane kyaine. Maen temen ndeyan ari umahe inyong bisa dadi suwarga nggo inyong sekeluarga.”
Kyai Patekur semaur, “lha siki neng umahmu kepriwe, Bi ?”
“Lah, angger deomongaken ngisin-isini, Kyai,” si Bibi semaur. “Bojone kula jenggelek melek ya terus ceklek, nyetel tipi terus njinggleng siaran. Bocahe pating blekera ya ora degubris ketungkul srupat-sruput ngopi karo klepas-klepus udud ora liren-liren. Angger dearuh-aruhi mengko dadi plekara.”
“Pithes baen tipine,” Paman Miraji nylemod.
“O ya sida ana brantayuda si ndeyan,” si Bibi semaur. “Mulane inyong jan ngajog pisan olih arisan nggo tuku tipi. E ujarku, ben bocah ora ketungkul klayaban, terus ramane ya ora nunut nonton bal-balan neng umahe tangga. Siki malah tipine dadi mala.”
“Bi, karo sedulur-sedulur kabeh,” Kyai Patekur ngendika. “samubarang apa baen sing ana neng ngalam ndunya kiye, ana apike ana uga alane. Nonton tipi ya apik, wong siarane ya werna-werna. Ana berita, ana pengajian, ana bal-balan, lan sapiturute. Dadi angger nonton tipi ya depilih acarane, aja janji ceklek terus methongsot njagong neng ngarep tipi awit esuk nganti sandekala. Sebab wong urip uga duwe kewajiban kasab tumrap wong sing wis wajib nggolet. Kasab utawa ikhtiar nggolet rejeki kuwe hukume wajib. Lha tumrape bocah-bocah, ya ana kewajiban sekolah, ngaji, utawa nggolet ilmu. Sebab Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika jere, tholabul ‘ilmi faridhotun ‘ala kulli muslimin wal muslimat. Wajib hukume nggolet ilmu tumrape muslimin lan muslimat awit bayi nganti mati. Sebab wajib, utawa ferdu, mulane kudu delakoni. Angger ora delakoni dosa.”
“Kaya kiye angger bojoku krungu lha ndeyan nembe nggugu,” Bibi Robingah grenengan dhewek.
“Kyai,” Uwa Tamamad nyelani, “tirose teng tipi onten pengajian, onten siaran sing isine piwulang becik. Nek kados niku, nggo ngapa prentah bocah kon padha sekolah, ari wulangane padha karo neng tipi.”
Kyai Patekur mesem. “Uwane kaya kiye ya. Bab pendidikan utawa mulang wuruk maring bocah kuwe nomer siji tanggungjawabe wong tuwa. Aja kur prentah thok, ningen uga kudu aweh conto. Prentah bocah kon sembayang, ya wong tuwane kudu sembayang dhisit. Prentah bocah kon seneng maca, ya wong tuwane kudu sregep maca dhisit. Angger mung prentah thok, ora aweh conto, bocah-bocah mengko arep padha ngomong, alah ramane jarkoni, bisa ngajar ora bisa nglakoni, kuwe kaya kuwe.”
“Eh ujarku wong inyong wis kasab nggolet dhuwit nggo mragadi bocah sekolah ya uwis. Soal bocahe arep pinter apa cubluk kuwe toli dadi tanggungjawabe guru neng sekolahan. Nggo ngapa debayar larang-larang ari bocahe padha bodho ?” Uwa Ta esih ora trima.
“Uwane tah klentu niku ari gadhah pemikiran sing kados niku,” Pak Guru Kirno melu urun rembug. “Guru neng sekolahan kuwe jan-jane padha karo wong gawe tahu. Tegese, ari bahane sing wujud kedele kuwe apik, ya kasile arep apik. Ningen ari kedelene wis padha bubuken, ya kasile ala. Dadi, keluarga utawi tiyang sepuh niku penting banget peranane neng dunia pendidikan. Guru niku kur sederma mbantu bapa-biyunge si murid.”
“Lha kuwe inyong cocog,” ujare Paman Miraji.
“Angger sing ngendika kuwe ahline ya mesthi cocog,” Kyai Patekur ngimbuhi. “Mulane kudu ana sengkuyungan antarane Guru neng sekolahan karo wong tuwa neng ngumah. Bocah kawit cilik decontoni sing becik. Angger dhong bocah kayong arep nakal, ya aja desentak-sentak, ningen diwuruk sing bener. Gole ngomongi ya nganggo tembung sing apik, suara sing alus, semanak, sing marekaken bocah dadi seneng. Enggane saben-saben salah desentak, deglitho karo ngomong “dasar bocah bodho, kaya kuwe bae ora ngerti-ngerti, ora teyeng”. Omongan sing kaya kuwe marekaken bocah dadi nglokro. Pituture leluhur wong Jawa bab pendidikan kuwe ana limang perkara. Nomer siji: mulang bocah kudu dikantheni sifat mulat, tegese ngawruhi utawa paham maring kahanane si bocah. Nomer loro: milala, tegese kudu gawe bombong maring si bocah. Nomer telune: miluta, tegese mbimbing utawa mengarahkan. Nomer papat: palidarma, tegese aweh conto, teladan. Nomer limane: palimarma, tegese kudu seneng aweh pangapura nek bocahe salah utawa durung paham.”
Jamangahe Kyai Patekur padha meneng, ndhingkluk krungu piwulang sing sedherhana ningen pas karo kahanan jaman sekiye, jaman morak-marik sing kudu dedandani bareng-bareng sekang umahe dhewek-dhewek. Umah kudu dadi suwerga, utamane nggo bocah-bocah. Umah inyong, Sewarga inyong. [fat]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: