![]() |
Kyai Patekur |
Wis pirang-pirang dina kiye Kyai Patekur kayong ora bombong. Senajan Si Kyai tetep ngimami neng tajug, aweh tausiah bakda salat maghrib, ningen ana sing beda karo adat sabene. Kyaine lagi mandan sering ngalamun, nganti Nyai Patekur takon, jan-jane Kyaine lagi kenang apa koh deneng dadi kaya kuwe.
“Inyong ora ngalamun, Nyai,” Kyai Patekur semaur. “Inyong mung lagi urung bisa ngreti, wong ujarku maune ya ora ana apa-apa, koh deneng siki banjutan padha jothakan. Gemiyen lagi arep nyalon dadi lurah neng Desa Dawetayu wis padha janji jere arep ora gawe gendra. Sapa baen sing menang, sing penting bisa marekaken desa dadi maju, makmur lan sejahtera. Sebab pembangunan dadi bisa deleksanakaken bareng-bareng”
Kyai Patekur gedheg-gedheg. Ora nyana babar pisan mung jalaran pilihan lurah banjuran ana sedulur padha jothakan. Malah ana sing lapor sedulure sing menang kuwe merga nakal, wuwure akehe ora etung lan liya-liyane.
Pirang-pirang pisan sing padha teka maring umahe Kyai Patekur, usul supaya Si Kyai melu cawe-cawe. Paling ora ya aweh nasehat, pitutur, sembur sing supayane gole padha regejegan kon padha derampungi.
“Inyong mandan ewuh, sedulur,” kaya kuwe ngendikane Kyai. “Nganah-ngeneh sedulur. Angger mengko salah ngomong, bisa-bisa salah sijine ngarani inyong emban cinde emban ciladan, ora adil”
“Ningen angger dejorna baen mengko ya tambah ndladrah, Kyai” Uwa Madroji aweh pamrayoga.
“Lha kuwe sing marekaken ewuh,Wa. Lewih-lewih siki akeh wong sing lagi kenang prenyakit kamidemokrasien. Ithik-ithik jere lagi jaman demokrasi koh. Inyong ya duwe hak takon karo nglaporaken angger ana kecurangan. Angger deomongi malah mbagag, malah kadhangan ana sing nglurug nggawa batir banjutan pada temindak manut karepe dhewek, ngrusak apa baen sing bisa derusak.”
“Dados Kyaine ajeng mendel mawon ?” si Guplo takon.
“Ya ora kaya kuwe, Guplo. Inyong lagi istikharoh nyuwun pituduh maring Gusti Allah kepriwe murih becike.”
Dayohe Kyai Patekur padha manthuk-manthuk. Kabeh ya padha rumangsa, perkara kiye pancen dudu perkara sing gampang, senajan uga dudu perkara sing angel. Kabeh mau jan-jane ya gemantung maring iktikade sing lagi padha jothakan. Lha wong neng papan ngendi baen, angger sing aran lurugan utawa pilihan ya mesthi ana sing kalah, ana sing menang. Ora bakal kalah kabeh utawa menang kabeh.
Kyai Patekur banjutan mak nyet, ngadeg karo nabok pupune dhewek nganti si Nyai ngrajug bate kaget.
“Ana apa Kyaine?”
“Mumpung lagi puasa ….” semaure si Kyai mbari mlangkah metu sekang ngumah.
**
Jamangah tajuge Kyai Patekur padha kaget, sebab kadingaren pisan ana manten jago lurah padha katon sembiyang traweh neng tajug. Senajan padha kepengin ngerti, ningen ora nana sing cemuwit. Jamangahe Kyai Patekur percaya, mengko si Kyai mesthine arep ngendika ngudar piwulang sauwise traweh.
“Sedulur sing tek tresnani,” Kyai Patekur ngendika sauwise uluk salam. “Inyong njaluk ngapura sing gedhe pisan, khususe inyong nyuwun ngapura karo sedulurku papat sing winginane tes padha nyalon lurah neng Desa Dawetayu kiye. Inyong mung arep ndongeng semendhing, sebab mau esuk lagi saur demadakan ilate inyong kecokot untu, jaan perih ora etung.”
“Lha, inyong ya sering kaya kuwe, Kyai,” Paman Miraji nylemod sekang mburi.
“Ningen apa rika padha ngerti, ilat kecakot untu kuwe jan-jane piwulange Gusti Allah sing penting banget?” si Kyai ora gageyan nerusaken ngendikane. Wong padha clingukan kayong nganeh-anehi temen Gusti Allah koh mulang nganggo pasemon ilat kecakot untu. “Lha si temenan, rika padha durung ngerti piwulang penting kuwe mbok ? Hehehe … untu karo ilat kuwe manggon neng nggon siji toli ? Kaya inyong karo rika toli padha manggon neng desa siji. Awit kuna mekuna ya neng kene, ana sing nyambut gawe dadi junjang, tani, ana sing ngodhe neng kota, werna-werna pisan penguripane inyong karo rika. Ana kalane, lagi mangan enak, kemutan tangga banjutan ngirim. Senajan mung jangan bening ya dekirimaken jalaran sekang tresnane maring sedulur. Ningen, ana kalane si ilat kecokot untu sing marekaken perih. Kuwe ora sebab untu njarag nyokot ilat, ningen sebab saking semangate gole mangan kiriman jangan bening.”
Jamangah tajug padha pating gleges krungu dongenge Kyai Patekur. Manten calon lurah ya pada gemuyu.
“Enggane bisaha si ilat kepengin pindhah sekang panggonane,” si Kyai nerusaken. “Ningen ora bisa wong pancen kudu manggon neng kono. Semana uga lambe sing kadang-kadang uga kecokot untu, ya tetep neng kono baen. Senajan perih, ningen angger mangsane kudu madhang, ya ora nana sing protes ora gelem nyambut gawe. Kuwe paseduluran untu, lambe, ilat sing padha manggon neng panggonan siji. Peseduluran kuwe pancen ana kalane sok ana benthik semendhing, kuwe lumrah, padha karo lumrahe ilat kecokot untu. Perih sewetara, ningen bar kuwe njur perihe ilang toli goli mangan banjutan enak maning mbok?”.
Jamangah padha manthuk-manthuk. Lewih-lewih mbarang weruh manten jago lurah padha salaman metu sekang tajug.[fat]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar