Kyai
Patekur karo bojone lagi kayong bingung ora etung. Esuk-esuk jeput ketekan dhayoh,
si Tebok, tur goli teka karo mingseg-mingseg nangis. “Ana apa, Tebok. Deneng teka-teka
nangis kaya kiye,” Nyai Patekur takon karo nyekeli pundhake si Tebok. Sing
detakoni ora semaur, malah ngabruk neng pangkone si Nyai krasa melas senajan
urung ngerti dhodhok selehe perkara sing deadepi.
“Tebok,”
si Nyai ngarih-arih bocah wadon sing esih nangis neng pangkone. “Angger ana
rembug ya derebug. Ana masalah apa jere, koh teka-teka terus nangis kaya kiye?
Jajal ngomong sing cetha. Angger inyong karo Kyaine bisa ngrewangi ya mengko
tek rewangi.”
“Wis
meneng, Tebok,” Kyai Patekur nambahi. “Istighfar, Bok, nyebut...nyebut...”
Tebok
unjal ambekan ping kopang-kaping. Ora let suwe banjutan tebok goli nangis molai
leren. Gari mingseg-mingsege sing urung ilang. Nyai Patekur ngiling banyu kendhi
kon deinum si Tebok.
“Wis,
siki jajal ko crita karo inyong, ana apa deneng teka-teka ngabruk nangis,” Kyai
Patekur ngendika.
“Kula
sedhih, Kyaine... “
“Sedih
kepriwe ?”
“Biyunge
kula kalih ramane badhe sami pegatan,” Tebok semaur.
“Astaghfirullahaladziiiim...
kenangapa deneng ujug-ujug ana kedadian kaya kuwe?”
“Kirangan,
Kyai.” Tebok semaur mbari gedheg, “Kula jan rungsing sanget, enjang sonten ngrungokna
biyung kalih bapane kula sami gegoh mawon. Mulane kula sowan Kyaine badhe
nyuwun tulung, cobi dengendikani nika rama-biyunge kula, Kyai...”
Kyai
Patekur unjal ambekan. Nyawang bojone sedhela, banjur ngendika, “Ya wis mayuh
Nyaine, padha maring nggone Tebok.” Wong telu banjutan padha mlaku bareng. Ora
nana sing cemuit sedawane dalan. Kabeh padha mikir deneng koh ujug-ujug ana
kedadeyan Kaki Tisun karo bojone padha geger genjik arep pegatan. Turan
sepenyawange Nyai Patekur, Kaki Tisun karo bojone katon guyub rukun ora nglakon
padu. Lah, koh siki jeremonge arep padha pegatan.
Lah
temenan, basa tekan umahe Kaki Tisun, wong loro katon esih padha pating prengut.
Kaki Tisun njagong neng jogan karo klepas-klepus udud banter. Bojone njagong
neng pedangan. “Kiye ngeneh padha njagong neng kene, Sun,” Kyaine ajek Kaki
Tisun. “Tebok, jajal biyunge kon ngeneh.” Tebok mlebu. Ora let suwe njuran metu
karo biyunge. “Ngeneh padha jagongan,” Kyai Patekur mbukak rembug. “Ana apa-apa
kuwe derembug. Angger rembugan aja padha rebut bener. Ora usah padha otot-ototan.
Goli ngomong gentenan. Angger sing siji ngomong, liyane ngrungokna dadi mengko
ngerti apa karepe.”
Kaki
Tisun karo bojone padha meneng ora kemecap. “Kiye si Tebok maring umah inyong karo
nangis, bingung jalaran rika sekloron padha padudon, rebut menang, ora nana
sing gelem ngalah. Jajal siki crita karo inyong, anu kepriwe jane?” Kaki Tisun ngomong
jere wis pirang-pirang dina kiye bojone ora tau gelem nggawekena wedang clebek.
Ujare Kaki Tisun, wong kadaran mung wedang clebek ora mawi nganggo lawuh medang,
sepira abote. Angger detakoni, mbekayu Tisun goli semaur nyengak, kaya jangkrik
mbagag.
Mbekayu
Tisun ngomong jere siki apa-apa larang, sing lanang goli ngodhe mlondho.
Pekolihe ora sepiraha. Nggo madhang baen kurang. Engganua kaki Tisun goli udud
karo medang clebek delong semendhing merga akeh kebutuhan liya sing lewih
penting.
“Njur,
rika njaluk pegatan ?” si Kyai Takon.
“Lha
enggih, Kyai. Nggo ngapa wong lanang ora nana gunane.”
“Lha
ko priwe, Sun ?”
“Kula
tah mendel mawon, Enggane kula ngiyani mengkin talake dhawah, Kyai.”
Kyai
Patekur manthuk-manthuk.
“Kiyeh
padha dengertiya ya. Siki pancen kahanan lagi angel. Apa-apa larang, ora nana
panen, akeh tanduran pari padha puso merga ora nana banyu. Sing angel uripe ora
kur ko sekloron. Saben wong ya ngadhepi plekara sing ora beda. Sebab, kahanan
ekonomi sing angel kiye lagi kedadian neng endi ora. Dadi, ora usah padha
gegoh. Inyong weling telung plekara. Urip kuwe, sepisan kudu ikhlas. Ngadepi
apa baen sing ikhlas karana Allah. Nomer loro, urip sing bener. Tegese bener
kuwe ngetutna paugeran agama lan pemrentah. Nomer telu, urip sing sabar. Tegese
sabar kuwe kuwat ngadhepi kahanan. Angger lagi gampang ya kudu sabar, aja
boros. Angger lagi angel ya lewih-lewih goli kudu sabar, aja gampang kesuh
utawa ngresula. Dadi, ikhlas, bener, sabar.”
Kaki
Tisun karo bojone padha ndingkluk ngrumangsani.
“Wis
siki padha salaman. Ora usah padha rebut bener, melas Tebok. Ora patut wong wis
kaki nini arep padha pegatan. Mengko malah deguyu kadhal-cbancet.” (Fat)
1 komentar:
Online Casino in India: Best Online Casino in India for Real
Casino India: Best Online Casino in India for Real Money · 1xbet korean 1. Spin Casino: Best in 온카지노 Online Casino for Real Money · 2. Spin Casino: Best for Live 제왕카지노 Casino · 3.
Posting Komentar