Rabu, 14 November 2012

Pating Plethak


Kaki Tohidi ngadeg nyawang sawah sing mablak-mablak padha garing. Lemahe wis pating plethak sebab wis pirang-pirang sasi ora nana udan babar blas. Saluran siyer ya wis ora nana banyune, kaline baen banyune wis ora mili paribasane. Senajan ora kur dheweke thok sing ngrasakna kahanan kaya kiye, ning jalaran penguripane ya mung sekang ngolahi sawah Kaki Tohidi ya nggrentes atine. Mulane, bubar sembayang maghrib neng tajuge Kyai Patekur dheweke njuran ngangluh maring kyaine.

“Nek sewulan malih tetep mboten jaweh tah brabeh, Kyai,” kaya kuwe ujare Kaki Tohidi.
Kyai Patekur manthuk-manthuk krungu Kaki Tohidi ngangluh. Ora mung Kaki Tohidi jamangah liyane uga padha melu bae. Ana sing ngomong jere sumure sat, ana sing jere arep adus baen kudu mlaku nganti rong kilometer. Ana maning sing jere ngangsune adoh maring belik pinggir kali, kuwe bae mung seember kudu nunggu bening nembe bisa decidhuk maning.

“Kyai, kepripun nek nanggap cowongan mawon men udane gageyan teka?” Nini Tarilem nylemod sekang mburi.
“Ngontenaken ujungan mawon, Kyai, dadi rame,” Daryoto, bocah enom melu urun rembug. “Tirose, ujungan saged ngundang jaweh.”
“Sedulur-sedulur,” Kyai Patekur molahi ngendika. “Mengko dhisit, sing sabar. Kabeh-kabeh ya lagi padha ngangluh sebab udane ora teka-teka. Ana sing ngramalaken ketiga siki arep nganti sasi Nopember. Malah jere ana sing lewih dawa maning. Padhahal inyong rika padha wis kangelan nggolet banyu. Nganti entong polahe, udane ora teka-teka. Mulane inyong paham, Nini Tarilem usul jere kon nanggap cowongan, Daryoto usul nanggap ujungan jere udane kon gagiyan mudhun. Kaya kuwe mbokan?”

“Leres, Kyai,” jamangahe semaur kompak.
“Pancen menungsa kuwe wajib nyuwun maring Gusti Allah, maring Sing Gawe Urip, nganggo cara apa baen. Ningen rika padha kudu ngerti, hak ngijabahi dongane menungsa kuwe ana neng Gusti Allah. Liyane Gusti Allah ora nana sing bisa ngijabahi dongane menungsa. Mulane nganggo cara apa baen, sing nomer siji, inyong karo rika gole nyenyuwun kuwe maring Gusti Allah. Aja maring liyane. Aja duwe penganggep yen lamona sing marekaken udan kuwe dhukun cowongan utawa dhukun ujungan. Dudu. Sing ngijabahi tetep Gusti Allah. Kabeh mung srana, mung marga lantaran. Dongane kyai uga mung marga lantaran thok.”

Jamangah padha meneng. Ana sing ndingkluk.“Mulane siki tugase inyong karo rika kuwe mula-mula ya mayuh padha mertobat maring Gusti Allah. Tobat sing bener, tobat nasukha. Angger mertobat maring Gusti Allah kuwe aja nganggo tembung ‘mbok jere sapa’ awake dhewek akeh dosane. Sebab nek esih nganggo tembung kaya kuwe, tegese inyong karo rika durung bener-bener ngakoni dosa. Padhahal wis jelas menungsa kuwe mesthi kedhunungan luput, salah lan dosa. Mulane, nek ngadhep maring Gusti Allah ya ngaku baen nek inyong karo rika kuwe pancen menungsa sing pirang-pirang dosane, nyuwun dengampura Gusti Allah.”

Kyai Patekur unjal ambekan sedhela, banjutan ngendika maning. “Lha, sawise mertobat mayuh inyong rika padha ndandani cara urip, aja ngetutaken hawa nepsu. Atine detata, jiwane detata. Mulane sing padha sregep ngaji, tegese ngatur jiwane dhewek-dhewek. Lha, angger wis kaya kuwe nembe nyuwun maring Gusti Allah supayane gageyan deparingi udan.”
“Kalih nanggap cowongan nggih, Kyai?”
“Ya kena,” si Kyai semaur. “Ningen angger inyong pancen wis niyat arep nganakna salat istisqa. Sembayang sing tujuane nyuwun maring Gusti Allah supaya gageyan deparingi udan. Kuwe cara sing decontokna Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para Sunan, para Ulama kawit gemiyen. Sebab wis dijelasaken neng Al Quran ‘Gusti Allah sing ngedunaken banyu sekang langit, kanthi udan mau Gusti Allah nuwuhaken tanduran, woh-wohan minangka rejeki tumrap menungsa, mulane sira aja padha gawe sesembahan liya seliyane Gusti Allah’ (QS Al Baqarah:22). Sebab sing demadi lan teka maring menungsa wujud apa baen, kuwe sekang kersane Gusti Allah.”

“Dados mboten kenging nanggap cowongan utawi ujungan, Kyai ?” Kaki Tohidi takon.
Kyai Patekur mandheg sedhela. Unjal ambekan, banjur nerusaken ngendikane.
“Sing arep nganakna ya olih-olih baen. Kuwe kabeh mujudaken budaya, utawa cara sing tau delakokna para leluhur sadurunge wong padha ngerti ana salat istisqa. Sing penting padha dengerteni udu cowongane lan udu ujungane sing marekaken udan, ningen Gusti Allah. Cowongan, ujungan, salat istisqa kuwe mung srana nyenyuwun maring Gusti Allah. Lha inyong rika kabeh jamangah tajug ngkene ngesuk dina Ahad Kliwon mayuh padha nganakna salat istisqa neng lapangan desa. Anak bojone padha deiridna kabeh, angger sing duwe wedhus utawa sapi ya kena degawa maring lapangan. Mayuh padha nyuwun maring Gusti Allah supayane gageyan temurun udan sing nggawa berkah tumrap menungsa.”
Jamangahe padha manthuk-manthuk.

“Lha sedurunge dina Ahad Kliwon, inyong karo rika mayuh padha mertobat dhisit, toli padha janji maring Gusti Allah arep ninggalaken kabeh laku ala, deganti laku sing becik.”
“Nggih, Kyai...” jamangah kompak semaur. (Fatchurahman)


Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: