Minggu, 09 September 2012

Akeh Wong Ngaku Mlarat


Ora kaya adat sabene brayat pengurus RT lan RW neng wulan Juli – Agustus taun kiye padha gisus banget, ibarate ora kober kathokan acan. Esuk sore akeh warga ndilir padha njaluk keterangan mlarat utawa sing ketelah Surat Keterangan Miskin. Goli padha njaluk surat keterangan kuwe seperlu nggo ndaftarna anake sing arep padha sekolah neng SMP, SMA lan sekolah liyane. Jeremonge surat keterangan miskin bisa nggo ngentheng-enthengi wragad sekolah.

Umume wong tuwa padha ngangluh, jeremonge wis ana dana BOS, dana pendidikan sekang APBD lan APBN ning esih bae detariki. Sekolahan goli padha nariki jeremonge nggo uang gedung, seragam, perlengkapan lan ubarampe liyane. Jumlahe nganti juta-jutaan. Malah ana neng salah sijine sekolah majibna bocah kon tuku IPAD sing regane uga juta-jutaan.

Gisuse pengurus RT lan RW uga tambah maning merga ngurusi raskin sing jeremonge siki suda jatahe. Akeh warga masrakat sing protes.

Sing njaluk surat keterangan miskin nggo ngurus Jamkesda, Jampersal nggo mertamba maring rumah sakit. Sing arep nggo ngurus utang maring bank uga ana. Dhasare dadi pengurus RT lan RW kerjane pengabdian ora nampa bengkok, deniyati ngibadah mbantu warga sing kecingkrangan.

“Wahh..kang Dulah, rika dadi sekretaris RT kayonge melu ketularan sibuk, ngalor ngidul nyangking map kaya pegawe bae,” inyong ngluruhi kambi ngledhek maring Seretaris RT sing esih payu tanda tangane sebab Ketuane lagi ndhandheng mandan suwe.

“Ya. . . kiye sing jeneng pengabdian, ora debayar ya tetep iklas, ningen mumete urung mari. inyong nembe ketekan warga sing maune nampa bagen raskin 10 kilo siki mlongo decoret neng pemrentah Desa. Tenimbang reyang jatah wong telu sing 30 kilo tek bagi 6 tibane 5 kiloan. Siki kayong mandan adhem ora reyang” Ujare Kang Dulah nerangna lamona jatah raskin sing maune detampa neng 6 warga decoret sing 3 jere wis ora mlarat maning.

“Iya. . .ya jan jaman siki esih akeh wong kecingkrangan, kodhen langka rega-rega arep puasa malah munggah sekayange. Neng wulan Juli-Agustus akeh warga mumet ngrasakna larange bayaran mlebu sekolah, sembako mundhak derasakna sapa baen,” inyong nambahi info lamona warga kudu preyatin ngadhepi jaman sing agi ora kepenak kaya siki.

Esih gayeng lan buket goli dopokan, liwat Nggayu Ritah, tangga RT. Praumpane mandan buthek ora kaya adhat sabene sing sumringah lan gemrapyak.

“Lho. . .Yu, Ritah koh kayong ora bombong temen, ana apa sing marakna rika buthek raine. Jere nembe panen mandan lumangyan kasile, gabah ya regane wis mundhak,” inyong nyobati semu ngledhek maring wong sing lewih tuwa.

“Kiye-kiye sing marakna mumet, kadaran nglebokna bocah sekolah maring SMK swasta sing ora patiya kondhang bae kudu mbayar Rp 3 juta. Jere nggo kepentingan sekolah, praktek, alat-alat lan liyane. Wong kaya pengiyongan njuran arep kepriwe.”

“Lha. . . rika ora dhewek Yu, akeh tunggale, ningen angger rika gelem musawarah karo Komite Sekolah toli mandan entheng, jajal deenyang apa decicil mbokan olih.”

“Ora kaya kuwe thok Kang. Inyong uga arep njaluk layang ketrangan mlarat, mbok jere ana kawigaten,” Yu Ritah nyelani karo mlaku gipyak maring pengurus RT.

Jan. . .nembe jaman siki bae akeh warga sing ngaku mlarat. Angger desawang sekang njaba pancen keluwarg

ane Yu Ritah ora pantes ngaku ora duwe. Garapan sawah bae long sewidak ambane, duwe pit motor, tipine gedhe lan umahe kramikan. Ningen ya kuwe jalaran mumet siki akeh wong padha ngaku mlarat.

Pengurus RT-RW ora tegel nolak, anane mung ngelus dhadha. Sedhulur. . .sedhulur mayuh mawas diri. Angger esih mampu, esih dhuwe iguh pertikel lan usaha ya aja cokan ngaku dadi wong mlarat, mbok mlarat temenan. Ya, poma depoma. Klilan [BSP].


Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: