Jumat, 30 September 2011

Kalah Menang Tetep Kandang


Kang Bambang Purwoko
Krigan warga RT neng desane inyong sasi Oktober, sewulan lewih seuwise dina bada mandan sejen karo adat sabene, akeh sing padha pamit lan kenang lara. Mulane ora kaget angger sing melu krigan bersih-bersih mung separo warga. Nembe bras-bres bersih-bersih lingkungan urung nganti bedug wis padha reyang jaluk ngaso. Malah ora nerusna krigan ketungkul dopokan ngalor ngidul crita kahanan siki sing werna-werna lan narik kawigaten masrakat.
Warga RT sing umure sepantaran karo inyong kaya Kang Simin, Kang Pardi, Kang Sepul, lan Kang Mingad nglegosor gelaran godhong gedang kambi nyuled rokok. Inyong mbukak dopokan kambi nyobati semu mengen deneng krigan wulan kiye kayong ora semangat.
“Esih padha lemes ya, Kang?” inyong mertakokna.
“Lha… semangat kepriben, inyong wulan September wing uwis ora nampa gaji debayar wulan Agustus enthok nggo badan, njajal apa ora mumet,” Kang Mingad pegawe kelurahan molahi crita lamona nggo mangan wulan September kepeksa utang-utang.
“Angger inyong ndase bengel mikirna kahanan siki sing akeh kedadean ora nyenengna. Jajal angger rika maca Koran, ngrungokna lan ndeleng acara tivi ben dinane mung nyiarna bab korupsi, kacilakan mudik dina bada lan tambah akeh masrakat sing kangelan nggolet banyu bersih. Ana maning bab wong padha nganggur uga kemlaratan sing urung bisa debrantas tuntas kaya janjine pemrentah,” ujare Kang Sepul ngomong mandan semu kesuh.
“Wah jan rika wis pantes dadi pengamat klas RT ya Kang Sepul, koh akeh temen info sing decritakna kanthi terwaca. Inyong melu bungah esih ana warga sing titen nlisik kahanan sing ora genah jluntrunge agep rampung,” inyong ngalembana maring warga sing demen maca Koran kambi nonton tivi nggo nambah wawasan.
Sejen maning sesorahe Kang Pardi karo Kang Simin, wong sakloron urun info lamona bada taun kiye akeh kacilakan. Tekan wulan September 2011 kiye bae kecatet sing tiwas lewih 800 jiwa, sing tatu abot atusan, kuwe sing delapurna lan kewenangan. Kacilakan seperengan gedhe wong sing numpak pit montor lan mobil sing padha ugal-ugalan ora taat karo praturan lalu lintas. Bada donge nggo seneng-seneng malah marekna sengsara.
Pancen angger depikir sing jero, wong mudik arep badan bae kudu detilalahi toh nyawa, delakoni boncengan pit montor nganti papat : biyung, rama, lan anake loro sing esih cilik-cilik. Jajal angger numpak sepur utawa bis ndean akeh slamete. Malah angger gelem nahan ora bali ndesa kirim bae SMS utawa tilpun malah aman ningen ya kuwe wis tradisi jere.
Kanca batir RT uga mengen angger maca koran lan ndeleng tivi, seprana seprene esih kisruh lan gawe ontran-ontran merga Pilkada ngati tekan nuwuhna kurban jiwa kaya sing neng Papua, Sumatra lan Sulawesi. Inyong sekanca rumasa bungah ndeleng sedulur neng tlatah Banjarnegara senajana nembe rampung Pilkada ning ora ana ontran-ontarn kejaba mung lapuran tekan MK. Jeremonge malah Bupati lan wakil Bupatine delantik neng wulan Oktober kiye. Jan… brayat neng Banyumas Raya melu bungah ana tanggane wis padha akur ora regejegan maning.
Mulane mayuh sesanthi sing tau depasang neng balihone bakal calon bupati lan wakil bupati Banjarnegara ganu sing unine “MENANG AJA UMUK, KALAH AJA NGAMUK” dehayati kanthi terwaca ora mung nggo slogan lan lamisan. Inyong uga weling maring masrakat Banjarnegara tetep rukun, gumolong dadi siji maning mbangun tlatah aja nganti keri karo kanca batir lan tangga kabupaten. Sugeng ngayahi tugas kagem Pak Tejo lan Pak Peno.
Sing menang uga kudhu ngrangkul sing kalah, masrakat aja dedu wedhus. Para pamong lan punggawa pemrentahan uga kudu gumolong karep karo Bupati lan Wakil Bupati sing wis kepilih neng rakyat, aja nganthi ana blok-blokan sing marakna pelayanan umum kisruh.
Sedela maning neng taun 2012 uga ana Pilkada neng tlatah Clacap, kahanan uga wis mulai anget, akeh bakal calon sing wis wara-wara lan ngenalna liwat spanduk, selebaran lan baliho. Muga-muga mengkone uga tetep tentrem, ora nana kisruh angger kabeh bakal calon lan tim suksese padha legawa angger urung kasil. Masrakat uga kudu pinter milih pemimpine nggo 5 taun mengarep, aja janji coblos baen, aja kepincut karo janji-janji lamis sing ora genah jluntrunge.
Nang wulan Oktober kiye uga ana pringatan Hari ABRI utawa TNI lan pringatan Hari Sumpah Pemuda, mayuh warga Banyumas Raya lan sing neng endi bae melu bangga lamona TNI wis kasil ngawal Negara (NKRI) kanthi aman lan wutuh. Tumrape bangsa Indonesia uga kudu emut karo Sumpah Pemuda sing isine gumolong karep ngakoni bertumpah darah satu, tanah air Indonesia, berbangsa satu bangsa Indonesia, dan berbahasa satu bahasa Indonesia. Muga-muga bangsa Indonesia tetep jaya, duwe TNI sing kuwat lan netepi Sumpah Pemuda kanthi tulus, ikhlas,lan amanah. Klilan. [BP]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: