Sabtu, 13 Oktober 2012

Aja Mbrengkunung


Rapat RT wulan awal Oktober kiye kayong sejen karo rapat-rapat seurunge sing adem ayem. Kabeh padha pur-puran jalaran ana acara silaturahmi. Ning nembe debukak sepuluh menit, urung ana pelapuran sekang bendahara lan seksi-seksi wis akeh warga sing ancang-ancang ngomong, usul lan maido maring pengurus RT. Kang Pitra sing nembe ngemben tugas dadi Ketua RT rong wulan katon semlengeren semu gumun. Deneng wargane akeh sing omonge aos ora kena deselani tur ngarah menange dhewek?

Ketua RT kepeksane mbukak acara usul, saran lan pinemu maring kabeh warga. Kabeh pengurus RT siap karo nyathet nampung usulan utawa uneg-unege warga. Cempuleke pancen akeh kedadeyan sing prelu derempug bareng.

“Kula ajeng lapur Pak RT, mpun sering kula aruh-aruh angger mbucal runtah ampun teng dalan banyu. Ningen kula taksih semerep kiyambak nika Nggayu Teblo meh saben enjing lan sonten mbucale runtah teng saluran, angger deluruhi kayong mrina,” Ujare Kang Badri ngawiti lapuran maring RTne.

“Wonten malih Pak RT, warga RT mbok kecathet 45 KK ning angger rapat mirunggan kados dinten niki koh mung separo sing teka. Malah wonten warga sing sejrone setaun teka mung ping pindo?” Kang Marno nambahi werta lamona warga sing mbrengkunung ora gelem rapat RT, kerigan lan rondha kon de dhendha bae, mbayar nggo kas RT.

Kuwe prenyakit lawas, Kang. Inyong uga arep aweh lapuran lamona jogan, senthong lan latare umahe inyong kebek tembelek pitik sing deumbar. Mbokyaha angger ngingu ayam padha dekurungi. Sukurbage sisan degawekna kandhang supayane ora jag-jagan maring umahe tanggane, jan ngesuhi pisan,” ora gelem kalah karo warga liyane, Kang Bino uga nglapurna kahanan sing jane bisa derempungi bareng-bareng.

Ketua RT lan inyong sing jeremonge dadi sesepuh RT nengahi lan ngadhemna swasana. Angger ora depenggal cepet-cepet malah gagang ora nana poge. Inyong njuran aweh wawasan lamona urip neng lingkungan RT ora bisa segeleme dhewek, ana platuran sing wajib detaati. Angger mbuwang runtah aja neng saluran got sing marekena blabur lan sarang prenyakit. Sing duwe ingon-ingon wedhus utawa pitik ya aja deumbar, gawekna kandhang sing mapan. Kewan sing gedhe kaya kebo lan sapi apike kandhange aja kepereken umah. Sing kadhung senthonge jejer karo kandhang sapi utawa kebo angger bisa ya deowahi.

Bab rapat RT sing kur sewulan sepisan utawa kerigan sing ora mesthi saben minggune, pengurus RT uga sepakat, sapa bae sing ora mangkat lan ora nana alesan bakal kenang dhendha sepuluh ewu. Sing ora gelem kerigan kon mbayar limalas ewu perak nggo kas RT. Jan-jane angger kabeh guyub rukun ora prelu ana sing kenang  dhendha aliase sregep mangkat. Ning angger wis kebangeten pancen prelu ana  dhendha nggo ndhidhik disipline warga.

Pancen angger depikir sing jero, wong urip brayan neng masrakat aja cokan padha ngarah benere dhewek. Anane Rukun Tetangga (RT) kuwe nggo madahi kabeh plekara lan pinemu sing ana neng masrakat. Ancase supaya wargane guyub rukun. Angger ana warga sing temindak ora bener, ora gelem deatur bisa cokan kenang sangsi sosial, dekucilna tangga teparone, sering nggo grundhelan lan sing ora ngepenakna ati angger ana warga sing ora lumrah deparabi “wong mbrengkunung” jan paribasan sing paling ala tumrape wong neng tlatah Banyumas Raya.

Wong mbrengkunung kuwe ngemu surasa lamona wong kuwe ora gelem deatur, ora gelem musawarah, senenge njawal, ngarah menange dhewek, ora gelem nampa pinemu wong liya, sombong lan aja dumeh. Jan ala banget wateke malah angger kebablasen cokan deparabi maning karo tembung “mbentongor” sing ngemu surasa lamona wong kuwe atine kaku, arogan, ora ramah tur kemlithak.

Akeh pinemu lamona urip neng RT angger bisa rukun ngungkuli rakete sedulur, ana sing cokan tukar masakan, munjung, malah ngemong anakae angger agi repot, nyilihi duwit uga pitulungan liyane sing urung mesthi olih karo sedulure dhewek.

Urip neng lingkungan RT angger delakoni kanthi tulus lan niyat apik akeh manpangate, sing baku yakuwe gelem rapat mirunggan saben wulane kerigan lan rondha mbengi tibane seminggu sepisan lan angger tarikan dhuwit nggo pembangunan ya gelem nyengkuyung.

Miturut tatanan pemrentahan, Ketua RT kuwe cuwilane presiden, mangsude tugas lan wewenange neng ngisor dhewek ngatur masrakat lan depilih langsung daning masrakat. Mula ana sing ngomongna tugas RT abot urut-urutane sekang Presiden, Gubernur, Bupati/Walikota, Camat, Kades terus maring RT/RW sing tugase ngatur pemrentahan lan ngatur warga sing paling ngisor.

Angger ana warga nyepelekna maring RT kuwe salah gedhe. Ngonoh jajal angger arep ngurus KTP, surat keterangan mlarat, ngedegna usaha, utang bank, ningkahan, pegatan, gawe KK lan liyane angger ora nana tandha tangan keterangan RT mesthi detolak daning pemrentahan nduwure kaya RW, kantor desa/kelurahan lan Kecamatan. Inyong sing dhongkolan Camat jaman semana nglakon mbalekna warga, mbalekna berkas sing ora ana keterangane sekang RT. Mula mayuh sedulur-sedulur penginyongan nang endi baen bisaha aweh pakurmatan maring ketua RT saperangkate, aja cokan nyepelekna mbok malah cilaka. Klilan. (Bambang S Purwoko)

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: