"BAR AYON-AYONAN KARI REGENG BRAYAN"
Limang taun sepisan neng saben kabupaten ana mbaranggawe pemilihan kepala daerah utawa Pilkada. Ora semendhing wong sing maune batir njuran dadi padha ayon-ayonan melu nyalon Bupati lan Wakil Bupati. Kabeh calon ngrekadaya konsupayane olih dhukungan sekang masrakat. Molahi sekang gawe tim sukses nganti masangi werna-werna spanduk lan gambar calon delakoni senajana wragade uga ora semending.
Kahanan masrakat mangsan kampanye sing maune tentrem merga ngadepi pilihan dadi mandan anget. Neng masrakat uga akeh kedadeyan tim sukses padha cokrah rebutan pendhukung karo tim sukses calon liya. Seriuse tim suksen cokan ngalahna seriuse calon sing dedhukung. Kaya angger neng bal-balan, penontone goli gisus ngungkuli sing agi dolanan bal neng lapangan.
Kabupaten Banjarnegara wis rampungan goli mbaranggawe Pilkada. Neng wulan Oktober kiye rencanane Bupati karo Wakil Bupati anyar arep delantik. Rampungan mbaranggawe Pilkada kudune ora ninggali masalah nganti tumeka dadi neng nengan apamaning mungsuhan. Wis lumrahe neng saben pemilihan mesti kudu ana sing menang lan kudu ana sing kalah. Ning aja nganti ana kedadiyan calon utawa tim sukses sing menang moyoki sing kalah. Semono uga sing kalah kudu legawa.
Pancen ora gampang nrima utawane legawa ngakoni menange calon liya. Kacek swara sing ora sepiraha cokan dadi jalaran cokrahe masrakat. Akeh conto, calon sing kalah merga rumangsa decuresi njuran ora trima nganti kedawan gagang tekan dadi masalah hukum.
Sapaa bae sing menang lan kepilih dadi Bupati mesthine udu wong sembarangan. Sing kepilih mesthine putra dhaerah sing paling apik lan mercayani. Sing dadi Bupati anyar uga mbutuhna kerja sama lan dhukungan sekang kabeh masrakat ora kejaba pendhukung calon sing dadi saingane. Kabeh potensi sing ana kudu dekukup deraup neng sing kepilih, nyewiji niyat ndandani kahanan konsupayane dadi lewih apik. Angger kabeh calon seuwise pilkada njuran bali dadi guyub maning kaya maune sing dadi rakyat uga melu bungah lan duwe pengarep-arep kahanan sing arep teka bisa dadi lewih temata.
![]() |
ANCAS Nomer 19//Taun 2 Oktober 2011 |
Senajan goli Pilkada Kabupaten Banjarnegara klebune tentrem, ning dekayangapa rekonsiliasi kudu tetep ana merga jumlah wong sing rumasa kalah lewih akeh tenimbang sing rumasa menang. Rekonsiliasi klebu bab sing wigati kanggo nepungna maning antarane kandidat, tim sukses lan masrakat pemilih. Rekonsiliasi sewise pemilihan kudu dadi budaya merga rekonsiliasi bisa dadi lantaran baline guyub rukun wong sing bar ayon-ayonan.
Rekonsiliasi bisa mlaku angger debarengi karo laku adil. Sing menang lan sing kalah kudu padha-padha duwe niat sing ikhlas, padha-padha omber atine. Tegese,angger rekonsiliasi pulitik mestine ana rembugan konsupayane kabeh rumasa deregani. Bisa uga merga anane rekonsiliasi sing kalah karo sing menang rumangsa marem njuran bisa bareng-bareng mikirna masa depan rakyate. Sing menang ora kegedhen endhase [kehormatane] lan sing kalah uga ora kelangan endhas[kehormatane].
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (Pengarang : Pusat Bahasa) rekonsiliasi tegese mbalekna kahanan sing kaya maune. Rekonsiliasi uga bisa demaknani aweh pangampura maring sing deanggep salah. Gelem aweh pangapura mamfangate kanggo kesehatan gede pisan. Gampang aweh pangapura bisa nukulna energi positif lan dadi sebab sehate awak lan pikiran. Wong sing gelem ngapurani ora kemrungsung uripe, ora gampang stress angger ana masalah.
Miturut ilmu Psikologi angger wong terus ngengken nepsu, angel aweh pangapura, duwe watek drengki, iri bisa dadi jalaran thukule pirang-pirang prenyakit. Kejaba kuwe, pengunek-unek sing desimpen neng ati ndadekna menungsa gampang wedi sing ora semesthine, gampang curiga maring wong liya. Akibate uripe ora jenjem, kaya-kaya kabeh dadi mungsuh.
Mulane seuwise Kabupaten Banjarnegara duwe bupati anyar sing maune padha ayon-ayonan mayuh padha bali maning kaya maune. Bupati sing anyar ora bakal bisa mbangun kanthi apik angger ora dedukung neng kabeh warga Kabupaten Banjarnegara.[AgusMukti]
UJAR INYONG:
Dalang Wayang Kulit manggon neng Semarang Kidul,Banjarnegara
Pemilukada Banjarnegara tumrape inyong wis cukup maen pelaksanaane. Rakyat bener-bener teyeng nglakoni hake milih kanti bebas. Angger esih ana perselisihan, gesekan, kuwe lumrah. Jenenge bae negara demokrasi, beda pendapat ya ora papa. Malah angger ora beda pendapat keton wagu. Ning kudu deeling, senajan negara demokrasi ningen Demokrasi Pancasila sing mikul dhuwur nilai-nilai spiritual, persatuan, keadilan lan kebersamaan. Mulane sing wingi padha congkrah, mayuh pada balen maning sing akur. Sing padha kompak, lan kompak. Neng tatanan pemrentahan semana uga, mangga padha rekonsiliasi, goli batiran bali maning kaya maune konsupayane bisa dadi tuladha tumrap rakyat Banjarnegara.
Mayuh padha nyambut pemimpin anyar lan nyengkuyung program-programe utawa janjine sejerone kampanye wingi konsupayane bisa kelaksanan lan masrakat ora gela. Merga kepemimpinan wingi wis apik, muga-muga siki lan seteruse Banjarnegara lewih moncer, Gilar-Gilar. Murah sandang pangan, papan kecukupan lan sejahtera. Kuwe jane sing dikarepna.
Cibangkong RT 3 RW 2 Kecamatan Pekuncen, Kabupaten Banyumas
Kaya inyong sing dadi rakyat kepengine teyeng nyawang para wakil rakyat lan pamong prajane padha guyub rukun,akur. Contone ana kedadiyan neng sewijine kabupaten wakil rakyat karo bupatine padha rebut bener bab APBD 2011, akibate masrakat angel gawe KTP merga blangko KTP-ne entong merga duwit anggaran APBD sing kudune nggo tuku blangko KTP urung bias dejiot. Mestine sebubare Pilkada mbuh sama sing menang, apa bae partene, golongane, status, agamane kabeh kudu bali nyewiji nunggal karep makmurna rakyate. Kabeh kudu akur maning lan sing neng 'ndhuwur' kudu bisa aweh conto maring rakyate. Aja mikir wudele dhewek thok. Aja seneng rebut bener, kawula rakyat sing neng ngingsor ujar-ujare ora tau ndelengna si ndean yah?. Imam sembahyang bae angger salah kena deelingna, semana uga imam kabupaten karo wakil-wakil rakyate.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar