Prekara
aweh pangapuran pancen gampang deomongna, ning abot goli ngiklasna. Bisa bae
lambene ngomong “Iya, tek ngampura sekabehane keluputane rika,” Ning, senjerone
ati urung kinaruhan. Pancen, babagan keluputane wong liya sing butul ati temenanan
ora gampang goli arep iklas ngapurani. Turane sing aran gelem ngapurani maring lupute
wong liya kuwe klebu dalan baline ketentramane batin, mulyane urip brayan.
Merga
klebu dadi srana mbalekna tentreme batin, aweh pangapura klebu plekara wigati. Bisa
bae ora aweh ngampura maring wong sing gawe salah, wong kuwe uga hak. Ning
angger kepengin rasa sing tentrem ya aja weya, gageyan delakoni. Kabeh menungsa
duwe potensi kenang prenyakit ati sing jenenge satron, dhendham utawa ngincim.
Ora mung neng jaman siki sing cara apa-apane pancen onjon-onjonan. Kawit jaman nabi
Adam uga wis ana. Sedawane sejarah uga akeh wong padha mungsuhan, incim-inciman
nganti gutul paten-patenan. Goli padha dhendham ora mung sedina rong dina,
malah nganti ana sing nganti butul pitung turunan.
Neng
kitab Pararaton kecrita lamona dhendham
uga sing nglambari mletike sumpahe Empu Gandring. Merga sumpah kuwe njuran
kerise Mpu Gandring mangan korban tekan pitung turunan. Mulabukane merga Empu
Gandring dadi kurban keris gaweane dhewek. Empu Gandring mati merga Ken Arok,
wong sing mrentah gawe keris, nujlebna kerise maring dhadhane sing gawe. Empu
Gandring ipat-ipat maring Ken Arok; “Keris kiye bakal mbaluki, Ko, nganti anak
putu pitung turunan kenang tulahe keris kiye.”
Neng
cerita Mahabharata, ngincim uga sing njalari murube perang Bharatayuda. Angger
ora ana dhendham neng atine Dewi Gendari merga kuciwa maring Raden Pandu ndeyan
Kurawa ora bakal satru bebuyutan karo anak-anake Pandu yakuwe Pandawa. Kedadeyan
perang gedhe rebut bener Bharatayuda nggambarna Dewi Gendari rumangsa marem
atine merga wis bisa males ukum maring anak turune Raden Pandu. Pirang-pirang
sing kudu dadi kurban males ukume Dewi Gendari. Ana-anake dhewek sing ketelah
Kurawa uga melu dadi kurban. Neng perang Bharatayudha antarane Kurawa lan
Pandawa sing jane esih sedulur padha congkrah. Paseduluran bubrah merga Dewi
Gendari ora bisa aweh pangapura maring Raden Pandu.
Anane
ukara sapa nandur bakale ngundhuh, sapa gawe bakale nganggo, sapa nyilih
mbalekena, lan sapa utang kudu nyaur dadi bukti lamona kabeh pancen ana
piwalese. Utang bandha nyaur bandha, utang pati nyaur pati kuwe dadi
pengeling-eling urip kudu sing ngati-ati. Pitakonane, apa enggane selawase kudu
ana males ukum? Apa enggane ora bisa aweh pangampura maring wong sing gawe salah-luput?
Ana
crita liya sing mesthine bisa dadi tuladha tumrap wong sing agi duwe dhendham.
Jenenge Mpu Bharadah sing deprentah dadi Duta
Sraya neng Raja Airlangga. Tugase kon mateni Calon Arang sing deanggep wis
ngrusak ketentremane negara. Calon Arang sing jeremonge sekti mandraguna njuran
bisa depateni neng Empu Bharadah. Ning merga Mpu Bharadah duwe rasa welas asih
njuran Calon Arang deuripna maning. Calon Arang dewulang barang bener lan
kebecikan supayane bisa muksa. Calon Arang rumangsa bungah pisan merga wis
detidhoki dalan maring swarga. Sawise kabeh piwulange rampung, Calon Arang njuran
depateni maning neng Mpu Bharadah. Jisime njuran deobong. Muride Calon Arang
sing jenenge Woksirsa lan Mahisawadhana uga detampa dadi muride Empu Bharadah.
Mpu
Bharadah goli gelem nguripi lan gelem mulang barang bener maring Calon Arang
semuride pancen iklas. Ancase ora liya kon Ratna Manggali, anake Calon Arang,
lan Bahula muride Calon Arang bisa meneb, atine padhang, pikirane ora ngewulani
hawa nepsu incime. Pancen ora gampang mbuwang watek satru dhendham. Inyong rika
padha kudu bisa ngrumangsani lamona dhendham mung arep gawe kapitunan. Gelem
aweh pangampura lan njagani aja nganti wong liya duwe rasa dhendham, kuwe lewih
mulya. Andum katresnan lan welas asih maring sapa bae klebu maring wong sing
wis nglarani, duwe keluputan, gawe gela maring inyong rika padha bisa dadi
jalaran kebukake lawang swarga.[04]
Ujare Inyong:
Lutfiani Kurnia D
Mahasiswa STIKES Harapan Bangsa,
Purwokerto
Urip
brayan batiran konsupayane langgeng ya kudu gelem ngakoni angger pancen luput,
njuran pasrah keluputan njaluk ngapura. Semana uga angger ana kanca batir sing
pasrah keluputan ya dhewek kudu gelem ngapurani kanthi ikhlas, ora mung lamisan
neng lambe. Cara inyong tah ora angel angger luput ngakoni keluputane njuran
jaluk ngapura. Uga sewalike. Pokoke gari apa niate lah.
Manggon neng Kota Malang, Jawa Timur
Kepriwe
arep mikir liane sing lewih wigati angger ketungkul padha satru bebuyutan.
Kejaba dendam marekena dadi prenyakit, cara inyong dendam uga marekena suda
dalan pangane. Mbokan kepenak-kepane wong angger bisa guyub rukun karo sapaha
bae. Sing uwis ya uwis, sing urung aja delakoni. Aja padha niru jenate
wong-wong kuna sing cokane goli dendam nganti butul anak putune. Muga-muga
inyong rika padha ora duwe sipat pendendam.
Susi Susilowati
Swasta mannggon neng Cikarang,
Jakarta Barat
Satru
bebuyutan klebu watek sing ora apik. Neng jaman siki wis ora mangsane maning
dendam-dendaman. Angger tembung ndilalah gegoh karo wong liya ya gagean njaluk
ngapura utawa aweh pangapura. Masalah bisa derampungi nganggo cara sing apik
yakuwe musawarah. Ana rembug ya derembug.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar