Kamis, 04 Agustus 2011

Wong Merdeka Wani Urip Bener


Saben wulan Agustus masrakat Indonesia mengeti dina kemerdekaane. Molahi sekang wong desa nganti butul kota kabeh padha gisus nganakena kegiatan. Seurunge biasane padha nganakna kerigan bersih lingkungan sing deterusna karo kegiatan masang bendera. Kabeh dalan lan lurung sing ana padha depasangi hiasan. Kegiatan werna-werna lomba uga deanakena. Ana sing nganakena lomba bal-balan,balap karung,tarik tambang,kasti nganti lomba masak sing delakoni neng para bapak.
Akehe acara mesthine mbutuhna wragad ora semendhing. Biasane masrakat ora kabotan angger dejaluki urunan nggo mragadi acara pitulasan. Goli padha regeng nyiapna acara pitulasan lan padha gelem melu lomba ora merga ngarep-arep kanugrahan. Kabeh goli gelem melu nyengkuyung nggo mujudna rasa tresna maring Negara Indonesia. Seliyane kuwe uga nggo nguntabna rasa sukur maring Gusti Allah merga wis deparingi kemerdekaan.
Kemerdekan tumrape wong akeh deartekna mung mligi ngrembug kemerdikan wadhag. Mulane neng pengertian kiye angger wong sing lagi kenang plekara njuran dekunjara deanggep wong sing lagi kelangan kemerdekane. Inyong rika padha teyeng ngrasakna kepriwe rasane wong dekunjara,debui neng njero panggonan sing cara apa-apane dewatesi.

Salam
Penyiar Radio Banyumasan
Kalibaru Rt.03/03 No.35, Depok 16414

Jere siki wis jaman merdeka ning inyong sing dadi rakyat urung bisa ngrasakna merdeka sing temenanan. Saben-saben ngadepi wulan puasa mesthi kabeh rega padha mundhak. Ana maning, urung mlebu wulan puasa acan karcis sepur sing nggo dina riyaya wis pada entong deborong neng wong sing akeh duwite. Inyong wong cilik sing cara apa-apane esih kurang dadi cokan takon,merdeka jane nggo sapa.


Setleraman kemerdekan angger degandhengna karo makna puasa ana pengertian sing madan beda. Angger inyong rika padha klebu menungsa sing merdeka tegese wong sing ora gelem depenjara. Kosok baline, ngibadah puasa bisa dearteni ngrilakna seblegere awak mlebu maring “penjara” sewulan lawase. Puasa meksa menungsa sing iman dadi ”narapidana”, kon nahan hawa nepsune menjarakna sipat alane. Sarwa-sarwine deatur lan dekurangi, contone mangan,nginum utawane kembul bojo neng wektu awan.
Njur apa iya, ilange “kemerdekaan” wong sing nglakoni puasa mung mligi arep olih upah kencot karo ngoklok?. Mesthine ana maksud liya sing lewih mulya. Puasa kudune bisa dadi dalan kon supayane menungsa bisa luwar sekang penjajahan nepsune sing wis menjarakna lan misahna menungsa karo Gusti Allah.

Winda Purwaningsih
Purbadana,Kembaran, Banyumas 53182

Miturut inyong merdeka tegese dewek dejamin kebebasane, ora nana rasa wedi saben dina anane mung ngrasa tentrem uga ngrasa sejahtera. Pitakonane,apa siki wis merdeka? Cara inyong siki bangsa Indonesia urung bener-bener merdeka merga esih akeh wong sing ora bisa sekolah, nganggur, pada korupsi. Kudune rakyat Indonesia wis makmur merga jeremonge sugih potensi alame. Ning nyatane potensi alame sing nggunakna malah wong Negara lia. Cekake dewek uga esih dejajah neng wong lia.




Merga nglakoni puasa weteng dadi kencot gulune ngoklok kepengin nginum, njuran dhewek nduweni krenteg kepengin mangan lan nginum. Akal banjur nuntun golet panggonan singkur kon supayane ora katon neng wong akeh. Dhewek nduweni kemerdekaan milih antarane nerusna goli puasa utawa arep medhot puasane. Angger milih nerusna goli puasa nganti wektune buka, sejatine dhewek wis gelem ngetutna nurani lan mliara fitrah kemenungsane, milih dadi “juru selamat” kanggo awake dhewek.
Menungsa bisa deanggep merdeka angger lakune bener. Gelem nglakoni barang bener lan ngedohi barang sing ala tegese setiya lan patuh maring hukume Gusti Allah lan hukum Negara. Laku ala mbuktekna lamona menungsa sing jeremonge wis merdeka ning sejati urung merdeka dejajah neng hawa nepsune. Pancen angger bisa nglakoni kabeh sing dekarepna katone merdeka, ning sejatine wong kuwe esih dejajah dekunjara daning nepsu merga ngabdi maring seliane sing kudune debekteni, Gusti Allah.

Mohamad Ningamullah:
Konsultan Keuangan Syariah
Perum Telaga Pasiraya Garden Jl.Lohan 3 blok B04/007 Sukasari,Serang Baru, Bekasi 17330 Email: m.ningamullah@gmail.com
Agustusan taun siki ngepasi neng wulan puasa. Mestine goli padha gawe acara pitulasan mandan beda,ora mung seneng-seneng tok ning ana liyane upamane deisis karo pengajian lan sukuran. Inyong dadi kemutan karo omongane sahabate kanjeng nabi sing unine:”Sapa wonge ngibadah mung andon ngarep-arep ganjaran kaya wong dodolan ngibadah. Angger goli ngibadah merga wedi karo siksa kuwe ibarate kaya budak, ningen ngibadah merga nyukuri nikmate Gusti Allah kuwe klebu ngibadahe wong sing merdeka temenanan”. Muga-muga inyong rika padha goli mengeti pitulasan tahun kiye sisan nglakoni puasa bener-bener nggo nyukuri nikmate GustiAlloh, merga esih bisa deparingi umur dawa nganti menangi jaman sing sumringah kiye. Moga-moga inyong rika padha klebu wong sing bener-bener merdeka.

Goli puasa taun kiye ngepasi dina pengetan 66 taun Kemerdekaan Indonesia. Kemerdekaan sing dadi tujuane perjuangan mesthine ora mligi mung demaknani menange politik lan kekuasaan. Hakikate kemerdekan sejatine nuntun menungsa kon supayane bali maring fitrah. Angger kaya kuwe, penjara “ketidakmerdekaan” nalika nglakoni puasa tegese menungsa kon eling lamona hakekat kemerdekaan sing wis dadi fitrah menungsa ora bisa depisahna sekang gusti sing maringi kemerdekan. Tekane dina riyaya Idul Fitri dadi pengarep-arep tuwuse kesadharan maring fitrah menungsa kon supayane dadi menungsa sing merdeka ucul luwar bebas sekang penjajahan, penindhasan penjara nepsu.[04]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: