Saben tanggal 10 Nopember Bangsa Indonesia mengeti Hari Pahlawan. Pengetan Hari Pahlawan deanakena nggo ngemut-emut jasane para pahlawan sing wis ngurbana dunya nganti nyawane merga berjuang mbelani kemerdekan. Tanggal 10 November depilih dadi Hari Pahlawan merga neng tanggal kuwe 66 taun sing wis kliwat para pejuang kita perang tohpati nglawan tentara Inggris neng Surabaya. Pejuang Indonesia dekomandani neng Bung Tomo. Nggo ngormati jasane para pahlawan sing wis sumareh, masrakat kon padha masang gendera merah putih sedhina nutug. Para PNS lan bocah sekolah biasane uga kon padha melu upacara gendera neng alun-alun utawane neng sekolahane dhewek-dhewek.
Pancen inyong rika padha ora melu korban nyawa kaya para pejuang sing neng perang Surabaya jaman kalasemana. Pengetan Hari Pahlawan kayane saben taun sengsaya suda regenge. Acara sing deanakena mung dadi seremoni rutin merga kaya-kaya mung netepi padatan.
Neng wulan Nopember taun kiye uga ngepasi karo tekane dina riaya Idul Adha. Tumprap umat Islam sing mampu duwe kewajiban nglakoni ngibadah haji lan nyembeleh kewan kurban. Mulabukane ana prentah qurban merga gemiyen Nabi Ibrahim AS, deprentah neng Gusti Allah konsupayane nyembeleh anake dhewek sing paling detresnani, yakuwe Ismail. Anane prentah sing kaya kuwe, ndadekna Nabi Ibrahim kudu ngadhepi pilihan sing ora gampang. Arep tundhuk karo Gusti Allah banjur nyembeleh anak sing paling detresnani utawa arep mbalela lan melu bujukane setan. Pancen pilihan sing angel, ora gampang delakokni angger Nabi Ibrahim ora duwe iman lan taqwa maring Gusti Allah. Senajana Nabi Ibrahim degodha neng setan konsupayane aja nglakoni prentahe Gusti Allah,ning merga Ibrahim duwe tekad madhep mantep maring dhawuhe Gusti Allah dheweke ihlas niat arep nyembeleh Ismail nggo qurban. Ndilalah kersaning Allah, jalaran keihlasan lan imane Nabi Ibarahim sing jejeg, banjur Ismail sing maune arep desembelih deganti karo wedus gibas.
Peristiwa perang Surabaya lan kurbane Nabi Ibrahim esih kena nggo tuladha tumrap inyong padha. Uga kena nggo pertakonan maring awake dhewek, apa sing wis delakoni nggo tandha bekti maring Gusti Allah lan Negara Indonesia.
Angger neng jaman siki ana wong sing wateke kaya Bung Tomo utawane Nabi Ibrahim, kayane mung arep dadi guyon kanca batir, malah bisa dearani ora waras merga deanggep ngrugekna awake dewek. Ning dekayangapa roh, tekad, jiwa lan rasa kepahlawanan tetep kudu ngrembaka lan murub neng atine kabeh wong sing rumasa urip neng Indonesia,utamane kanggo nom-noman.
Ngisi kamardekan lan maknani kepahlawanan dadi tugase inyong rika padha sing urip neng jaman siki. Goli maknani kepahlawanan ora mung nganggo upacara-upacara ning kita uga kudu bisa dadi pahlawan neng bidhange dhewek-dhewek. Pahlawan bisa demaknani wong sing pinunjul merga duwe prestasi, wani mbelani barang bener lan gelem ngurbane apa bae nggo kepentingane wong akeh.
Ngadepi kahanan bangsa Indonesia sing cara apa-apane agi ora apik akeh wong sing duwe pengarep-arep laire pahlawan jaman siki. Bangsa Indonesia agi mbutuhna wong-wong sing gelem nggatekna lan mentingna kebutuhane masrakat utamane masrakat miskin. Indonesia lagi mbutuhna pahlawan-pahlawan nggo mujudna cita-cita Indonesia sing makmur,adil lan demokratis. Indonesia mbutuhna pahlawan-pahlawan, neng babagan apa bae.
Angger jiwa kapahlawanan tukul neng atine kabeh masrakat Indonesia, ora bakal ana koruptor, teroris, maling lan liya-liyane. Angger gemiyen goli berjuang ngurak penjajah karo bedhil, granggang, panah, bendho lan apa bae. Angger siki goli berjuang kudhu bisa nolak wujud apa bae sing gawe kapitunan maring masrakat. Hukum kudu madeg jejeg aja mbelani wong sugih lan ngidek cengele wong mlarat. Aja nganti ana kedadean sing duwe duwit mbregengeng, sing mlarat dadi pendeng.
Pancen ora gampang dadi pahlawan sing sebenere. Akeh wong sing kepengin dadi pahlawan ning pog-pogane mung dadi pahlawan kesiangan. Pahlawan sing ngaku-aku melu berjuang, rumasa duwe jasa sewise perjuangan nglawan kahanana sing sarwa-sarwine angel wis kliwat.
Anane pengetan Hari Pahlawan lan tekane dina riaya qurban dadi titi mangsa sing wigati tumrap kita bangsa Indonesia sing agi akeh cobane. Kemiskinan, pengangguran, kasewenang-wenangan para “penggedhe”, kaadilan sing urung bisa mujud tumrap sakabehing rakyat; tingkah polah para koruptor ngrampoki dunya Negara, pendidikan sing esih urung pen lan gedhong-gedhong sekolah sing padha ambruk, wong tani sing urung sejahtera, tenaga kerja sing neng luwar negri urung duwe jaminan perlindungan, babagan wates karo Negara liya, bentrokan antar masrakat, rasa nasionalisme sing wis luntur, rasa persatuan lan paseduluran sing madan nguwatiri, lan lia-liane kudu temen-temen dedandani. Aja nganti para pahlawan padha ngresula neng alam kubur ndeleng kahanan Indonesia dina kiye. Pancen ora gampang mujudna, ningen angger kita nyawiji tekade, mesti bisa kaleksanan. Amin.[04]
UJAR INYONG:
Soetardjo
Pejuang ’45,mantan Anggota BKR [Barisan Keamanan Rakyat],
Desa Kalimanah Wetan, Purbalingga.
Pahlawan kuwe wong sing gelem nglakoni pegaweyan nggo kepentingane wong akeh. Pahlawan ora tau takon goli nyambet gawene arep debayar apa ora, sing penting wong liya seneng karo kepenak. Neng jaman siki wis langka wong sing bener-bener duwe watek gelem berjuang,berkurban nggo kepentingan masrakat. Jaman siki akehe jere makili kepentingane rakyat ning esih gotak angger ora debayar. Padha ora gelem nyambet gawe angger ora genah bayarane. Malah jere makili masrakat karo nggawa aspirasi masrakat, ning angger neng TV padha ngomonge gelem gawe Undang- undang utawane Perda kudu ana dhuwite, angger ora nana dhuwite njuran padha ngambek, mutung, malah ngancam bubar, kuwe tegese ya pahlawan lomboan. Inyong percayaa angger masrakat mestine kepengine wakil rakyat sing ngepenakena masrakat, udu wakil rakyat sing ngepenakna awake dewek.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar