Selasa, 12 Juli 2011

Kudu Isin Angger Ora Bener

“Ora denger isin”. Omongan kuwe metu sekang wong sing lagi nonton tv ndeleng brita derangkete oknum jaksa,hakim,pulisi utawane pejabat lia merga padha korupsi utawa nampa dhuit sogokan. Omongan kuwe uga kewetu angger lagi mlaku njuran weruh bocah nom padha alak-aluk [ngemis] neng dalan bodol. Ana maning kabar bocah sesekolahan goli ujian kon padha nyonto neng gurune merga wedi mbok padha ora lulus. Pancen jaman siki akeh pisan menungsa sing ora duwe isin, wis ilang wirange. Seurunge dedakwa korupsi wong esih sehat waras ning bareng deumumna njuran ndadak mriyang terus api-api mertamba maring luwar negri.
Korupsi sing neng basa inggris desebut corruption, seringe degandhengna karo mental utawa aten-atene pejabat pemerintah uga para politisi. Mulane akeh pejabat, pegawai, aparat hukum sing padha khianat, nyugihna awake dhewek nganggo cara sing ora bener. Laku nyogok, nyathil, nyolong, nepotisme, nampa preweweh sing ora genah asal-usule, lan ngumpetna barang sing udu hake wis denggep lumrah.
Istilah kleptokrasi -kleptocracy-, nggambarna kahanan negara sing deatur neng para pemimpin sing duwe watek maling, utawane maling sing nguwasani negara. Pemrentah angger wis desebut kleptokrasi deupamakna kaya wong kenang prenyakit kanker ganas, mlebu stadium akhir sing ora bisa dearep-arep marine, gari nunggu tekane pati. Sing lewih mbahayani angger nganti korupsi wis dadi budhaya. Sing nglakoni korupsi ora mung para pejabat lan politisine, ning uga rakyat padha melu nglakoni korupsi.
Mesthine goli padha ngartekna korupsi ora mung ngrembug babagan nyolong dhuite negara. Korupsi mesthine uga demaknani tindakan sing ngrusak sekabehane. Pancen korupsi goli ngrusak temenanan. Apamaning angger kabeh wong nganggep apa-apane lagi kangelan, ora bisa mbedakna endi sing salah endi sing bener. Korupsi dadi prenyakit kangker ganas sing nggrogoti pengarep-arep lan keprecayaane masrakat.

Agus Maryono
Pengurus PWI Jateng VI, lan Wakil Ketua Lajnah Ta'lif wa An-nashr PCNU Banyumas.
Perwira, wis jelas sifat luhur sing dewulangna neng para leluhure inyong rika padha . Sapa sing bisa nyekeli bakale melu ketularan sifat luhure. Senajan wis ora populer ning lewih apik ngalah, luhur wekasane, tetimbang deadohi kanca lan dulur tau depenjara. Esih pengaji deadohi neng kanca jalaran nyekeli sipat perwira.
Jaman siki kayane wis langka wong sing duwe sifat perwira. Angger neng dunia politik, ana sing sok perwira bisa-bisa ndarani kemlithak lan bakalan ora duwe kanca. Sing gelem perwira dearani politikus sing bodho,sing ora duwe posisi tawar. Ya, arep kepriwe maning, genah nyatane kaya kuwe. Tembung jujur ajur wis banget berlakune neng jaman edan, nek ora nggemblung malah bingung. Mung gari kepriwen sing nglakoni, tekan ndi pada goli ngati-ati nyekeli waton lan planggeran. Ana paribasan "Kaya kue ya kaya kue, tapi ora kaya kue".



Dra. Sri Wahyuni, MA, MA TESOL
(Kandidat Doktor neng University of Canberra, Australia).
Alamat : 51 Braine Street Page ACT 2614 Australia.

Inyong kemutan tembang dolanan sing dewulangna neng rama biyung gemiyen. Unine kaya kiye: Inyong weling ngger-angger, mumpung urung kedlarung, marenana ngger-angger; luwih ala luwih ala melik dhuweke wong liya.


Ujare inyong, sing marekna wong padha korupsi merga ilange watek apik, wateg prewira, watek sing jujur lan gelem mbelani barang bener. Kaya sing detulis neng tembang ndhuwur kuwe, seala-alane laku kuwe nek gelem melik dhuweke wong liya. Merga korupsi melik dhuweke wong liya, korupsi klebu tumintak sing paling ala. Sing dadi masalah, siki ketone watek prewira wis ilang sekang atine wong akeh. Mulane korupsi ngrembaka. Lha siki kepriwe carane konsupayane aja padha korupsi? Salah sijine kudu padha ngemutna sing agi kelalen uga gelem mulang lan nyontoni laku sing prewira.





Umi Hani'ah
Jl. A. Yani No. 100A Purwareja Klampok, Banjarnegara 53474
Cara inyong neng jaman sekiye esih ana wong sing gelem jujur lan isin nglakoni temindhak sing ora bener. Isen-isene dunya pancen werna-werna. Ana ala ana apik, ana kencot ana wareg, ana abang ana ireng lan sepiturute. Merga ana kejahatan kudune menungsa gelem sinau lan nglakoni barang bener.



Tsurono
Setu, Bekasi
Jaman siki akeh wong padha ora duwe isin. Ajamaning detawani, ora detawani bae njaluk, malah cokan njiot dhewek. Apamaning angger urip neng kota, akehe padha demen saingan banda dunya. Mulane akeh wong ora isin padha jaluk neng ndalan, senajan awake esih seger buger. Sejen karo wong kuna, lewih duwe rasa isin, tur wonge seneng aweh. Contone sing jaman kuna; bar kesambat ngedegna umah, nek baline desangoni, mesti detolak senajan sebenere mbutuhna. Bener ngendikane kanjeng nabi "...tangan neng nduwur lewih apik tenimbang tangan nengisor. ".
Ujare ramane inyong, sing jenenge prewira kuwe gelem ikhlas lillahi ta'ala, duwe watek satria. Rame ing gawe sepi ing pamrih mboten ngarep ngarep imbalan. Kayane nek alam saniki ya gur Sewu Siji

Yayat Banyumas Gèll
Bobotsari RT 01 RW 04, Purbalingga 53353
Merga pancèn godhane wong urip jaman sekiye werna-werna, akibate akeh sing padha golet dunya-brana nganggo cara apa singora. Dodolan pirang-pirang, banjuran menungsa degawe kon supayane butuh, nganti padha golet dalan apa bae konsupayane supaya bisa duwe. Akibate akeh sing banjur padha ninggal pitutur lan piwulang luhure. Pog-pogané ‘keharmonisan’ neng masrakat ora patiya deprelokna maning.
Sing jenengé korupsi neng endi bae ana, merga sing jane ora butuh njuran degawe kon supayane padha butuh. Sing duwe wateg tegel banjur gelem nganggo dalan ora semesthine, mung merga arep ngoyok kepenginan. Anane bakul sing padha promosi nyata-nyata wis ndadekna menungsa padha kepanjingan prenyakit konsumerisme. Ora gelam kreatif, mung kepengine tuku. Angger wis kaya kuwe banjur ilang rasa prewira-ne. Moga-moga bae kahanan sing kaya kuwe ora kebacut tekan jamne anak-putu.


Rusake aturan lan tatanan masrakat merga subure budaya korupsi ndadekna menungsa Indonesia kelangan jati dhirine. Sing maune bangsa Indonesia esih nyekeli bobot kebatinan utawa iman njuran ganti padha melik maring kedunyan, dadi kewulane bandha dunya, gumun lan demen maring kemewahan. Sipat jujur dadi barang sing regane larang merga tujuan uripe menungsa mligi ngurusi bab dunya. Akeh pejabat padha ngasorna drajate dhewek merga esih cokan ngarep-arep preweweh. Para pejabat sing kudune padha duwe sipat prewira malah dadi sewalike merga ngangep dheweke wong sing kudu “decaosi”.
Nggo ngadepi bahayane korupsi sing wis mbalungsungsum lan dadi budhaya, bangsa Indonesia kudu watek prewira. Tegese bangsa Indonesia kudu duwe sipat jujur, adil, mandiri, lewih seneng aweh tenimbang nampa preweweh, guyub rukun lan siap ngrewangi maring sapaha bae sing agi butuh bantuan uga mercayani.
Istilah perwira pancen kewentar dadi jeneng kepangkatan sing ana neng tentara utawane pulisi. Ning nyatane ora kabeh pulisi lan tentara sing pangkate perwira padha duwe watek prewira. Neng jaman siki akeh brita pulisi sing pangkate perwira ning esih gelem nyathil duwite Negara utawane nampa duit sing tujuane nggo nglancarna urusane wong sing lagi kenang prekara. Kosok baline, senajan pangkate prajurit utawane bintara ning angger duwe watek jujur,adil lan mercayani bisa dearani perwira.
Keprewiran mesthine bisa thukul neng babagan apa bae. Neng babagan olah raga bisa dearani perwira angger sportif. Neng babagan ilmu bisa dearani ilmuwan sing perwira angger apa sing deomongna obyektif. Neng babagan agama sapaha bae sing gelem nglakoni ajaran agamane uga desebut perwira lan sepiturute.
Watek perwira bisa tukul angger duwe sipat jujur. Sing padha dadi pemimpin utamane aparat hukum kudune duwe sipat jujur merga jujure pemimpin ndadekna thukule masrkat sing adil. Adil dadi hakekate hukum, angger ora adil hukum ora bisa mlaku. Jujur lan adil kudu mlaku bareng.
Bangsa Indonesia angger kepengin maju kudu dadi bangsa sing prewira, gentleman; krasa isin angger pancen nglakoni barang sing ora bener.[04]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: