Sabtu, 13 Oktober 2012

Wahana Petualangan Lan Rekreasi



Sapa bae mesthine kepengin marem angger agi plesir. Mulane jaman siki akeh banget panggonan plesiran sing ngupaya gawe fasilitas lengkap supayane sing teka marem. Angger marem njuran kepengin mbaleni maning. Apamaning angger panggonane nyediakna panggonan nginep, mesthine dadi goletan merga wong sing plesir ora kebingungen nggolet penginepan angger nyatane esih betah.

Angger kepengin plesiran sing gawe  seneng, seru, uga nantang adrenalin teka bae maring Surya Yudha Park neng Jl. Raya Rejasa, Banjarnegara. Surya Yudha Park ngumpulna nyawisna kebutuhane wong plesiran dadi sepanggonan. Anane kebutuhan rekreasi sing bener-bener bisa nggo ngademna pikiran dadi konsep utamane Surya Yudha Park. Dhasare goli debangun ancase pancen ora mung mligi gawe panggonan plesiran sing nyenengna pendelengan. Ning uga ana tantange.

Neng babagan penginepan, Bambang Suryadi, Senior Manager Surya Yudha Park, ngomongna lamona siki Surya Yudha Hotel duwe 101 kamar. Kamar hotele sekang Standar Room, Superior Rooms, Deluxe Room, Executive Room, Family Room, Royal Suite Room uga ana President Suite Room. Neng Surya Yudha Hotel uga delengkapi 7 ruang pertemuan sing kapasitase nggo 25 nganti 1000 wong. Mula kuwe bisa nggo pirang-pirang kegiyatane corporate, akademik utawane sosial. Neng kene uga ana fasilitas resto, kafe lan akses wifi. Rencanane Surya Yudha Hotel arep deresmekna tanggal 6 Oktober 2012.

Nyewijine hotel lan water park miturut para tamu kesane unik. Beda karo panggonan plesiran liya. Surya Yudha Park sing panggonane ora adoh sekang kali Serayu pancen  manpangatna potensi alam nggo plesiran lan bertualang.

Konsep Destinasi Wisata Terpadu
Surya Yudha Park klebu panggonan plesir anyaran neng Banjarnegara. Surya Yudha Park debangun kanti cara terpadu antarane fungsi penerangan, pendidikan lan hiburan. Delengkapi karo pirang-pirang sarana wisata rekreasi lan hiburan sing paling lengkap neng Jawa Tengah. Wahana sing detawakna Surya Yudha Park yakuwe:
1.      Fun Rafting (Arung Jeram)
Nyawang asrine alam desa kambi ngetutna ilene kali serayu sedawane 10 KM. Mlakune antara 2-3 jam suwene. Rutene demolahi sekang Singomerto utawa Bojanegara. Saben prau ana pemandu sing wis pengalaman, dekawal neng prau rescue. Basa finish njuran ana suguhan dawegan karo mendhowan, mandhang awan, sertifikat lan asuransi. Bab keslametan lan kenyamanan wisatawan dadi prioritas. Mulane ora usah kewatir kenang apa-apa sebab wis deupayakna maksimal.
2.      Surya Yudha Water Park
Ana 7 kolam, 7 variasi jerone. Ada kolam prestasi, kolam renang arus, kolam renang ombak tsunami, kolam lesehan, kolam anak, 10 cm, 20 cm, 40 cm, ngati 150 cm. Seliyane kuwe uga delengkapi pirang-pirang wahana dolanan sing mesthi seru lan nantang.
Kolam arus Surya Yudha Park banyune mili deres. Neng nduwur kolam arus pengunjung bisa ngelikna awake. Kolam arus Surya Yudha Park deoperasikna nganggo teknologi khusus mulane bisa mili 24 jam. Banjur Water Boom-e duwe seluncuran sedawane 30 meter muter terjal. Ngeli bareng banyu klebu sensasi sing detawakna water Boom Surya Yudha Park. Angger kolam Tsunami, ombake duwure nganti 1,5 meter nganti butul neng nduwur kolam. Banyune mili banter lan bisa mbalang awak. Neng kene pengunjung dewei sensasi deburu ombak sing dhuwur.
3.      Pijat Ikan
Ora mung ngilangna stres thok, pijat ikan uga depercaya bisa nurunaken tekanan darah tinggi. Pengunjung mung gari njagong njuran ngejorna iwak garafura padha nggrumuti sikil. Cokotane iwak bisa ngrangsang kebukake simpul syaraf lan peredaran darah. Awake dadi krasa rileks lan seger.
4.      Surya Yudha Sport Center
Pirang-pirang fasilitas olahraga cemawis nang kene. Ana lapangan badminton, voli, tenis meja, futsal. Lapangan futsale sekang suket sintesis uga lapangan kayu. Njuran ana lapangan tenis lapangan uga billiard. Kabeh neng indoor. Sing outdoor uga ana; lapangan voli lan lapangan golf 9 hole. Agger wisatawan kepengin olahraga ringan, neng kene uga ana fasilitas bilyard. 3 meja bilyard bisa denggo njajal drawshot lan followshot.
5.      Out Bond
Desediakna sarana Outbond neng darat lan banyu. Fasilitaase lengkap-lengkip. Uga debimbing neng instruktur sing profesional. Uga ana Flying Fox paling dawa neng Jawa Tengah, 200 meter, sing bisa nguji andrenalin.

Amazing Land
Anane fasilitas sing pepek ora ndadekna manajemen Surya Yudha Park rumangsa marem. Tetep ngrekadaya kepriwe carane apa sing wis ana delengkapi maning. Surya Yudha Park sing ambane 3 hektar ewih siki lagi ngrancang anane Amazing Land.
Wahana tambahan kiye delengkapi sarana dolanan lan hiburan kayadene kuda putar, kereta mini, bianglala, kora-kora, bola air, sepeda air, sepeda udara, pemancingan, drum molen, taman mini uga panggung hiburan.

Priwe, padha kepengin plesir mbokan? Maran nggolet wektu sing pas padha plesir mari Surya Yudha Park dejamin betah tur kepengin balik maning. Sing arep nginep ya hotele bersih, nyaman tur murah. (SR-RP)
Lewih Lengkape

Nekmate Ngampuranan



Prekara aweh pangapuran pancen gampang deomongna, ning abot goli ngiklasna. Bisa bae lambene ngomong “Iya, tek ngampura sekabehane keluputane rika,” Ning, senjerone ati urung kinaruhan. Pancen, babagan keluputane wong liya sing butul ati temenanan ora gampang goli arep iklas ngapurani. Turane sing aran gelem ngapurani maring lupute wong liya kuwe klebu dalan baline ketentramane batin, mulyane urip brayan.

Merga klebu dadi srana mbalekna tentreme batin, aweh pangapura klebu plekara wigati. Bisa bae ora aweh ngampura maring wong sing gawe salah, wong kuwe uga hak. Ning angger kepengin rasa sing tentrem ya aja weya, gageyan delakoni. Kabeh menungsa duwe potensi kenang prenyakit ati sing jenenge satron, dhendham utawa ngincim. Ora mung neng jaman siki sing cara apa-apane pancen onjon-onjonan. Kawit jaman nabi Adam uga wis ana. Sedawane sejarah uga akeh wong padha mungsuhan, incim-inciman nganti gutul paten-patenan. Goli padha dhendham ora mung sedina rong dina, malah nganti ana sing nganti butul pitung turunan.

Neng kitab Pararaton kecrita lamona dhendham uga sing nglambari mletike sumpahe Empu Gandring. Merga sumpah kuwe njuran kerise Mpu Gandring mangan korban tekan pitung turunan. Mulabukane merga Empu Gandring dadi kurban keris gaweane dhewek. Empu Gandring mati merga Ken Arok, wong sing mrentah gawe keris, nujlebna kerise maring dhadhane sing gawe. Empu Gandring ipat-ipat maring Ken Arok; “Keris kiye bakal mbaluki, Ko, nganti anak putu pitung turunan kenang tulahe keris kiye.”

Neng cerita Mahabharata, ngincim uga sing njalari murube perang Bharatayuda. Angger ora ana dhendham neng atine Dewi Gendari merga kuciwa maring Raden Pandu ndeyan Kurawa ora bakal satru bebuyutan karo anak-anake Pandu yakuwe Pandawa. Kedadeyan perang gedhe rebut bener Bharatayuda nggambarna Dewi Gendari rumangsa marem atine merga wis bisa males ukum maring anak turune Raden Pandu. Pirang-pirang sing kudu dadi kurban males ukume Dewi Gendari. Ana-anake dhewek sing ketelah Kurawa uga melu dadi kurban. Neng perang Bharatayudha antarane Kurawa lan Pandawa sing jane esih sedulur padha congkrah. Paseduluran bubrah merga Dewi Gendari ora bisa aweh pangapura maring Raden Pandu.

Anane ukara sapa nandur bakale ngundhuh, sapa gawe bakale nganggo, sapa nyilih mbalekena, lan sapa utang kudu nyaur dadi bukti lamona kabeh pancen ana piwalese. Utang bandha nyaur bandha, utang pati nyaur pati kuwe dadi pengeling-eling urip kudu sing ngati-ati. Pitakonane, apa enggane selawase kudu ana males ukum? Apa enggane ora bisa aweh pangampura maring wong sing gawe salah-luput?

Ana crita liya sing mesthine bisa dadi tuladha tumrap wong sing agi duwe dhendham. Jenenge Mpu Bharadah sing deprentah dadi Duta Sraya neng Raja Airlangga. Tugase kon mateni Calon Arang sing deanggep wis ngrusak ketentremane negara. Calon Arang sing jeremonge sekti mandraguna njuran bisa depateni neng Empu Bharadah. Ning merga Mpu Bharadah duwe rasa welas asih njuran Calon Arang deuripna maning. Calon Arang dewulang barang bener lan kebecikan supayane bisa muksa. Calon Arang rumangsa bungah pisan merga wis detidhoki dalan maring swarga. Sawise kabeh piwulange rampung, Calon Arang njuran depateni maning neng Mpu Bharadah. Jisime njuran deobong. Muride Calon Arang sing jenenge Woksirsa lan Mahisawadhana uga detampa dadi muride Empu Bharadah.

Mpu Bharadah goli gelem nguripi lan gelem mulang barang bener maring Calon Arang semuride pancen iklas. Ancase ora liya kon Ratna Manggali, anake Calon Arang, lan Bahula muride Calon Arang bisa meneb, atine padhang, pikirane ora ngewulani hawa nepsu incime. Pancen ora gampang mbuwang watek satru dhendham. Inyong rika padha kudu bisa ngrumangsani lamona dhendham mung arep gawe kapitunan. Gelem aweh pangampura lan njagani aja nganti wong liya duwe rasa dhendham, kuwe lewih mulya. Andum katresnan lan welas asih maring sapa bae klebu maring wong sing wis nglarani, duwe keluputan, gawe gela maring inyong rika padha bisa dadi jalaran kebukake lawang swarga.[04]

Ujare Inyong:

Lutfiani Kurnia D
Mahasiswa STIKES Harapan Bangsa, Purwokerto
Urip brayan batiran konsupayane langgeng ya kudu gelem ngakoni angger pancen luput, njuran pasrah keluputan njaluk ngapura. Semana uga angger ana kanca batir sing pasrah keluputan ya dhewek kudu gelem ngapurani kanthi ikhlas, ora mung lamisan neng lambe. Cara inyong tah ora angel angger luput ngakoni keluputane njuran jaluk ngapura. Uga sewalike. Pokoke gari apa niate lah.



Rusli Ansorulloh
Manggon neng Kota Malang, Jawa Timur
Kepriwe arep mikir liane sing lewih wigati angger ketungkul padha satru bebuyutan. Kejaba dendam marekena dadi prenyakit, cara inyong dendam uga marekena suda dalan pangane. Mbokan kepenak-kepane wong angger bisa guyub rukun karo sapaha bae. Sing uwis ya uwis, sing urung aja delakoni. Aja padha niru jenate wong-wong kuna sing cokane goli dendam nganti butul anak putune. Muga-muga inyong rika padha ora duwe sipat pendendam.



Susi Susilowati
Swasta mannggon neng Cikarang, Jakarta Barat
Satru bebuyutan klebu watek sing ora apik. Neng jaman siki wis ora mangsane maning dendam-dendaman. Angger tembung ndilalah gegoh karo wong liya ya gagean njaluk ngapura utawa aweh pangapura. Masalah bisa derampungi nganggo cara sing apik yakuwe musawarah. Ana rembug ya derembug.

Lewih Lengkape

Sambel Terong Piyandele Awet Enom Lan Trengginas



Sing wis wawuh karo Bu Puji Kristyaningtyas, S.Pd, MM, sing ketelah deceluk "Mba Ningtyas" mesthi manthuk-manthuk cocog angger dheweke kuwe pancen luwes, gandhes tur ora pilih-pilih batir. Neng endi papan duwe kanca, sugih bala. Neng pirang-pirang acara utawa kegiyatan, apamaning sing ana gandheng cenenge karo babagan kesenian, kena dearani mesthi ana Mba Ning. Sekang paduan suara, nyanyi, tari, MC gutul kethoprak bakale ketemu Mba Ning. Semana uga neng babagan olah raga uga kaya kuwe.  Nggayu sing seneng senam kiye ora gelem anteng, karepe wegig bae. Apa ya resepe deneng Ibu sing siji kiye keton awet ayu, ngenomi lan trengginas? Eh, dheweke langsung aweh rahasia. Jere resepe kuwe mung sambel terong. Loh, deneng sih?

“Iya, sambel terong resep kuncine," cekak aos. Mantep semaure Bu Ning maring ANCAS sing bingung njaluk dejelasna apa maknane. Bu Ning njur njlentrehna lamona dheweke karo Pak Edy Putra, bojone, saben esuk padha masak bareng nang pedangan. Tangine uput-uput gasik pisan, sewise sembayang subuh jamangah, wong loro kiye padha rebut resik nang umah. Sing wadon ngracik bumbu lan banah masak. Sing lanang nyapu lan nyiapna kendharaan. Si bontot uga melu mbresihi umah. Jan nyenengi pisan.

Bubar kuwe, sekeluwarga kumpul neng pedhangan padha bareng olah-olah. Dadi, pedhangan kejaba nggo panggonan olah-olah uga dadi srana komunikasi utawa gendhu-gendu rasa. Neng kono padha dopokan sawernane plekara sing ana. Ngrembug bab werta, butuh apa, persiapan lan masalah sing lagi deadhepi. Antarane anang-wadon aweh gaten, nyengkuyung kekurangan lamon ana kekurangan. Pak Edy Putra karemane asem-asem karo sambel terong. Oh, dadi sambel terong mau sing dadi srana wong loro kuwe nglakoni umah-umah sing harmonis.

Kreativitas
Mulane, Bu Ning sing lairan Jepara, 22 Januari 1966 tetep keton enom, sehat lan aktif. Mangkane putra-putrine wis padha gedhe, wis dadi bujang prawan. Sing mbarep Kreatifandi Pramana Putra, siki dadi pegawe BRI Ajibarang. Nomer loro jenenge Kreatifani Ayu Wardani (siki kuliah nang UII jurusan Akuntansi Semester III) lan si bontot Kreatifanti Nadia Aprilia, sing nembe sekolah nang SMA 1 Banjarnegara kelas II. Pak Edy Putra paring jeneng putra-putrane kabeh karo ukara "Kreatif", nduwe pengarep-arep supayane ngemben anak-anake bisa dadi wong sing kreatif pinemune, temindak lan omongane lan manpangati tumrap wong liya.

Bu Ning guru kesenian neng SMP 5 kawit umur 21 taun. “Menjadikan anak dari tidak bisa, menjadi bisa dan menjadi juara” kiye semboyane goli ndhidhik murid-muride. "Atine inyong melu neng murid lan atine murid ana neng inyong!" ujare Mba Ning sing ora kenal wektu angger nglatih murid-muride, apamaning angger ngarepi lomba. Mulane, prestasi kesenian SMP 5 moncer pisan. Langganan juwara lomba-lomba kesenian. Merga kiprah lan keprigelane sing wis nyata, Bu Ningtyas siki dadi Kepala SMP Negeri 1 Wanayasa, Banjarnegara.

Jamu
Ngadhepi tugas lan kegiyatane sing akeh kudu teyeng mbagi wektu lan njaga awak. Mulane Mba Ningtyas sregep nginum jamu kunir, kencur lan jahe sing deramu dhewek. Seliyane kuwe uga jus tomat lan apel angger arep mangkat. “Kiye jamu awet ayu Mas, hehehe..." Mba Ning nyriwis karo aweh bocoran. Mulane sih Ibu Guru kiye keton enom lan seger terus, merga kuwe ya resepe. “Ana siji maning, Mas. Murah senyum lan aja duwe pikiran ora becik maring wong liya, positip thingking bae," jerene nambahi.

Prestasi Mba Ningtyas akeh. Nglakon dadi Dirijen Terbaik, Juara 2 Lomba nyanyi tingkat Karesidenan Banyumas, Juara Jingle Bodrex lan jingle Miwon. neng jagad pendidikan, nglakon dadi lulusan terbaik S2 tahun 1999 neng Universitas Sarjana Wiyata Jogyakarta. “Lagi melu jingle Miwon jane inyong depenging neng Bapak, merga masake ora tau nanggo micin malah melu promosi micin, ya nggo pengalaman," ujare Mba Ning bareng karo Pak Edy Putra sing uga dadi guru olah raga nang SMA 1 Banjarnegara.

Wong loro kiye pancen mathuk pisan. Angger titi mangsane hubungan rumah tangga lagi madan ora bombong, salah siji ana sing ngalah. Ningen tugas pedinan tetep mlaku kaya biasa. Ya masak, jujug, bresih-bresih umah tetep beres. Sepisan maning, komunikasi sing dadi piyandele.Bu Ningtyas siki dinese lewih adoh, neng gunung, SMP Negeri 1 Wanayasa. Dadi tangine lewih gasik maning. Jam tengah 5.30 kudu mangkat supayane ora telat. Baline wis sore banget. Apamaning dheweke ora duwe rewang. “Kesel wis biasa, ning kudu denikmati”, ujare Mba Ning. Senajana sibuk hobby masak nggo kluwarga ora tau detinggal. Lewih-lewih Pak Edy ora tau gelem panganan tuku, kudu bojone sing masak. Karemane yakuwe mau sing ora tau lat: jagung bakarane. Eh... sambel terong sing luget pisan. (Mujipras).
Lewih Lengkape

Kepengin Mabur Ora Nganggo Wulu



Wis dadi lumrahe bocah wadon mesthi lulut maring biyunge. Apamaning anger bocah ragil. Semana uga Kreatifanti Nadia Aprilia sing biasa deceluk Nadia. Prawan manis sing duwe pawakan cilik dhuwur kiye ragilane Ibu Puji Kristyaningtyas lan Pak Edy Putra. Angger wis ketemu karo biyunge mesthi karepe ngglibed bae. Biyunge lunga maring endi Nadia mesthi nginthil mburine. Pokoke kaya es teh karo mie ongklok, hehehe.

Nadia asli weton Banjarnegara, 25 April 1996. Siki sekolah nang SMA 1 Banjarnegara Kelas XI IPA. Neng sekolahan lan pergaualan pedinane Nadia melu pirang-pirang kegiyatan. Melu paduan suara, teater, tari uga modelling. Bakat seni pancen mudhun sekang biyunge. Angger hoby olahraga ketularan ramane sing pancen dadi guru olah raga. Ning siki Nadia lewih fokus maring modelling. Mulane kegiyatan kaya Pemilihan Duta Wisata, Putri Batik lan sejenise wis bola-bali depeloni. "Melu kegiyatan kiye akeh manpangate," ujare Nadia, "kena nggo nglatih rasa precaya diri angger ngadhepi wong akeh."


Pancen ora luput, malah gathuk pisan karo cita-citane sing kepengin dadi pramugari. Dadi pramugari? "Ya, kon teyeng mabur senajana ora duwe wulu", ujare dheweke karo ngguyu. "Dadi pramugari teyeng lunga-lunga kesampak maring nusantara malah tekan manca. Gratis, malah olih gajih", kaya kuwe pinemune Nadia. Ning sing baku dudu kuwe thok alesane. Jerene, dadi pramugari uga propesi sing mulia merga nglayani wong akeh sing arep lelungan.

Nadia uga seneng pelajaran basa asing, utamane Basa Inggris lan Jepang sing deampu daning Bu Rani, guru Basa Jepang SMA 1 Banjarnegara. Kejaba kuwe, Nadia ora njur nyepelekna Basa Jawa utawane Basa Banyumasan. "Kuwe toli bahasa Ibu, kudu deregani lan kudu tetep lestari merga kuwe basa pedinane wong Banyumas Raya klebu wong Banjarnegara," ujare Nadia mantep.

Neng jagad bebrayan Nadia uga ora pilih-pilih batir, sapa bae dadi bala. Ning kuwe mau, dhasar bocah bontot sipat kabongane ora ilang. Ya maring kakang mbarepe, Kreatifandi Pramana Putra sing siki dadi pegawe BRI Ajibarang lan mbekayune Kreatifani Ayu Wardani sing lagi kuliah nang Jogja. Lan mesthi bae, karo biyunge, Bu Ningtyas sing seneng nggawekna sega goreng spesial karemane Nadia.

Bocah siji kiye kawit cilik pancen dewulang disiplin neng Rama Biyunge. Ujare ramane Nadia "Disiplin kuwe kunci keberhasilan". Ya disiplin neng babagan apa bae; wektu, anggon-anggon, administrasi uga sinau. Mulane senajan kegiyatane akeh Nadia tetep teyeng mbagi wektu. Kejaba kuwe, biyunge terus ngasah Nadia kon dadi bocah sing kreatip. Ya kreatip nang bab apa bae sing apik-apik lan kudu akeh keprigelane. Pancen wong tuwa aweh paring jeneng maring putrnane, kuwe donga. Supayane bisa kesembadan sing dadi gegayuhan mau: teyeng mabur senajan ora duwe wulu. (Mujipras).
Lewih Lengkape

Kang Limun


Kang Salimun ngrasa dina kiye dina sing nyenengi pisan. Siji-sijine dina, pengrasane Kang Salimun, sing tembe ana sedawan uripe. Goli seneng merga mblandhonge sedina upahe kanjat kena nggo urip seminggu. Sing wis-uwis olihe mung sepuluh ewu. Mung nggo nempur beras sekilo karo tuku uyah. “Alhamdulilah” kang Salimun neng mbatin nguntabna rasa syukur maring Gusti Allah.

Dina kiye Kang Salimun olih dhuwit seket ewu. Ora sepiraha mungguhe Pak Dirno, tanggane Kang Salimun, sing dadi pegawe negeri. Utawa mung dadi selilit, cara Kaki Darmin sing dadi juragan gribig. Senajan awake ngrememeh, pundhake mlothas kiwe tengen ning dhuwit seket ewu tumrape Kang Salimun bisa dadi tamba lara awak.

Seuwise nampa bayaran Kang Salimun gipyak bali umah, rasane bungah ora lumrah. Sedawan dalan dheweke mbayangna lamona si Sri, bojone uga melu bungah.  Bungah sing tembe kiye derasakna bojone.

Sedawan dalan Kang Salimun ora mandheg-mandheg singsotan. Matane ora clingak ora clinguk. Lurus ndelenge, mbayangna si Sri ngguyu karo wis nyiapna wedang clebek buket. “Sri, ko esih kemutan mbok pas dhewek lagi pacaran gemiyen? Inyong nglakon janji karo Ko, neng pinggir kali Klawing. Mbuh kapan tekane mesti inyong bisa gawe bungah maring Ko. Wektu semana inyong esih nganggur. Inyong uga esih kemutan janjimu, Sri, lamona ko arep nampa inyong apa anane” Kang Salimun mbatin karo mesam-mesem dhewekan kemutan jaman semana.

Kambi mlaku, Kang Salimun ora mandheg-mandheg goli kemutan si Sri. Dheweke krasa gumun. Bisa-bisane si Sri, prawan sing dadi rebutan neng gutheke dheweke milih inyong sing kalasemana urung duwe kodhean. Padahal akeh bujang sing seneng maring Sri kahanane nglewihi mapan tenimbang inyong “Inyong ora bakal arep gawe uripmu sengsara selawase, Sri?” Kang Salimun atine ngromed dhewekan.

“Yen ing tawang ana lintang, wong bagus… aku ngenteni tekamu…” Kang Limun mbari mlaku rengeng-rengeng tembangan. Mesthi si Sri esih kemutan tembangan kiye. Tembang sing marekna raine si Sri dadi abang ireng kisinan merga ijig-ijig Limun wis neng mburi geger pas si Sri lagi ngumbahi jarit neng pinggir kali.
“Lah kiye inyong teka, Sri?” Semaure Limun wektu si Sri rampung nembangna tembangan kuwe.
“Eh, kang Limun, rika gawe inyong isin” omonge Sri karo menjep.
“Ngeneh mentas sedhela Sri, njagong jejer inyong” Kang Salimun nerusna omonge.
Ndeleng raine Kang Salimun sing keton mercayani, Sri banjur krasa dheg-dhegan. Kambi cekelan watu, dheweke mentas sekang banyu karo nyekeli tapih jarit sing teles. Kemben jarit sing nggo nutup dhadha dekencengna. Sri  njimot srandhal njuran njagong neng jejer tengene Salimun.
“Ana apa, Kang?” Swarane Sri madan ndledheg.
Suwe Kang Salimun ora semaur. Tangane gramakan nggoleti watu cilik nggo mbandhem banyu kali. Sepisan, pindho, Kang Limun esih meneng.
“Ana apa koh, Kang? Aja gawe inyong penasaran” Sri mbaleni pitakonane.
Kang Salimun tesih meneng. Polahe kaya wong bingung. Tangane kukur-kukur rambute sing jane ora gatel.
“Inyong kepengin mbojo karo ko, Sri?” semaure Kang Salimun. Kocap kalimat kuwe Kang Salimun banjur mikir, bisa-bisane dheweke wani ngomong kaya kuwe? Padahal dheweke ngerti kahanan awake kaya apa.
***
Gutul dalan sing mengkol kiwe ijig-ijig Kang Salimun mandheg goli mlaku. Pipine krasa teles. Tangane sing esih blepot lebuh nggo ngusap. “Deneng inyong mrebes mili?” Kang Salimun mbatin karo ngerodna tangane maring kathok komprang irenge. Suwe Kang Salimun goli mandheg. Mbuh apa jalarane lagi bungah malah luhe dleweran.

“Ana apa rika padha ndelengna inyong? Lucu apa? Eh, malah rika padha mecicil? Nantang gelut apa? Mayuh ijen...!” cangkeme Kang Salimun ijig-ijig ngromed karo ngacung-ngacung wong sing padha ngadeg neng pinggir dalan.

“Pancen inyong wong kere! Ning bojone inyong gelem nampa kahanane inyong. Ora nana wong wadon ayu neng dunya kiye sing duwe watek nrima kaya Sri. Ngapa ko padha, hah!” Kang Salimun kaya wong gemblung. Ijig-ijig nangis seporete. Luhe tambah mbanteri goli mili. Kang Salimun meneng sedhela. Ngucek-ucek mata karo clingak-clinguk dhewekan. Mata sing katone pating pendelik jebule mung cokol pang randhu sing wis garing. Wit randhu sing ana neng kiwa tengene dalan katon kaya wong sing agi padha ngece maring Kang Salimun. Bareng ngrumangsani pendelengane salah, Kang Salimun njuran ngguyu dhewek. Untunge ora ana wong weruh polahe Kang Salimun sing kaya wong gemblung.

Lagi cengar-cengir gemuyu dhewek, ijig-ijig kupinge krungu swara calung. Sindhene kayong nembang Bendrong Kulon. Ora emut tangane njuran melu obah. Ngibing ngetutna wirama calung. Alon, alon, madan banter, banter pisan. Kang Salimun ngibing turut dalan. Awake kaya kelebon indhang lengger ngetutna onine calung.
“Jan kayong lagi bungah temen ko, Limun?” Swarane kaki Reja ngagetna Kang Salimun.
“Eh rika, Ki. Iya kiye inyong lagi bungah pisan. Seumur-ngumur inyong tembe krasa bungah kaya kiye, Ki?. Dina kiye inyong bisa gawe bungah maring Sri. Temenan kiyeh, Ki...” semaure Kang Salimun. Kaki Reja malah mikire si Limun kiye kaya wong gemblung goli semaur.
“Bungah kenangapa sih, Mun?” kaki Reja nambahi takon.
“Wis lah, Ki. Inyong arep balik. Si Sri wis ngenteni,” jawabe Salimun kambi ngenthirak nerusna mlaku.
“Ealah, bocah gemblung temenan apa yah?” kaki Reja mbatin karo gedheg-gedheg.
“Thok-thok-thok!” tangane Kang Salimun ndhodhog lawang ngarep.
“Sri, inyong balik, Sri. Inyong olih dhuwit kena nggo urip seminggu, Sri?” amleng ora ana sing nyemauri.
Ora sranta Kang Salimun banjur nyurung lawang pring kuwe.
“Gedhubrag!” swara lawang kaya debanting seporete.
“Sri, dhewek sugih, Sri. Sugih, Sri. Dhewek bisa bungah kaya Pak Dirno. Dhewek bisa tuku ayam, Sri?” Amleng. Esih bae ora nana sing nyemauri. Kang Salimun njuran mlayu maring senthong. Salimun meneng. Dhuwit sing kawit mau deewer-ewer gigal maring jogan. Bojone ora nana neng senthonge. Kang Salimun weruh ana kertas putih ngglethak neng nduwur amben. Salimun tangane gemeter njikot kertase.

“Inyong wis ora kuat urip kere kaya kiye! Ngapurane Inyong lunga, Kang!” rampung maca  tulisan kuwe Kang Salimun nggabrug maring jogan. Salimun nangis, tangane nggebugi jogan lemah. Lebune ngebul maring rai. Salimun nangis nggerung-nggerung kaya bocah cilik njaluk othok-othok. Kambi mlayu maring latar Kang Salimun mbeker seru pisan ngundang bojone “Sriiiiiii…..!!!” Awake nggabrug maning neng latar. Langite peteng ndedet. (Dening Sukman Ibrahim)
Lewih Lengkape

Geger Genjik


Kyai Patekur karo bojone lagi kayong bingung ora etung. Esuk-esuk jeput ketekan dhayoh, si Tebok, tur goli teka karo mingseg-mingseg nangis. “Ana apa, Tebok. Deneng teka-teka nangis kaya kiye,” Nyai Patekur takon karo nyekeli pundhake si Tebok. Sing detakoni ora semaur, malah ngabruk neng pangkone si Nyai krasa melas senajan urung ngerti dhodhok selehe perkara sing deadepi.

“Tebok,” si Nyai ngarih-arih bocah wadon sing esih nangis neng pangkone. “Angger ana rembug ya derebug. Ana masalah apa jere, koh teka-teka terus nangis kaya kiye? Jajal ngomong sing cetha. Angger inyong karo Kyaine bisa ngrewangi ya mengko tek rewangi.”
“Wis meneng, Tebok,” Kyai Patekur nambahi. “Istighfar, Bok, nyebut...nyebut...”
Tebok unjal ambekan ping kopang-kaping. Ora let suwe banjutan tebok goli nangis molai leren. Gari mingseg-mingsege sing urung ilang. Nyai Patekur ngiling banyu kendhi kon deinum si Tebok.
“Wis, siki jajal ko crita karo inyong, ana apa deneng teka-teka ngabruk nangis,” Kyai Patekur ngendika.
“Kula sedhih, Kyaine... “
“Sedih kepriwe ?”
“Biyunge kula kalih ramane badhe sami pegatan,” Tebok semaur.
“Astaghfirullahaladziiiim... kenangapa deneng ujug-ujug ana kedadian kaya kuwe?”
“Kirangan, Kyai.” Tebok semaur mbari gedheg, “Kula jan rungsing sanget, enjang sonten ngrungokna biyung kalih bapane kula sami gegoh mawon. Mulane kula sowan Kyaine badhe nyuwun tulung, cobi dengendikani nika rama-biyunge kula, Kyai...”

Kyai Patekur unjal ambekan. Nyawang bojone sedhela, banjur ngendika, “Ya wis mayuh Nyaine, padha maring nggone Tebok.” Wong telu banjutan padha mlaku bareng. Ora nana sing cemuit sedawane dalan. Kabeh padha mikir deneng koh ujug-ujug ana kedadeyan Kaki Tisun karo bojone padha geger genjik arep pegatan. Turan sepenyawange Nyai Patekur, Kaki Tisun karo bojone katon guyub rukun ora nglakon padu. Lah, koh siki jeremonge arep padha pegatan.

Lah temenan, basa tekan umahe Kaki Tisun, wong loro katon esih padha pating prengut. Kaki Tisun njagong neng jogan karo klepas-klepus udud banter. Bojone njagong neng pedangan. “Kiye ngeneh padha njagong neng kene, Sun,” Kyaine ajek Kaki Tisun. “Tebok, jajal biyunge kon ngeneh.” Tebok mlebu. Ora let suwe njuran metu karo biyunge. “Ngeneh padha jagongan,” Kyai Patekur mbukak rembug. “Ana apa-apa kuwe derembug. Angger rembugan aja padha rebut bener. Ora usah padha otot-ototan. Goli ngomong gentenan. Angger sing siji ngomong, liyane ngrungokna dadi mengko ngerti apa karepe.”

Kaki Tisun karo bojone padha meneng ora kemecap. “Kiye si Tebok maring umah inyong karo nangis, bingung jalaran rika sekloron padha padudon, rebut menang, ora nana sing gelem ngalah. Jajal siki crita karo inyong, anu kepriwe jane?” Kaki Tisun ngomong jere wis pirang-pirang dina kiye bojone ora tau gelem nggawekena wedang clebek. Ujare Kaki Tisun, wong kadaran mung wedang clebek ora mawi nganggo lawuh medang, sepira abote. Angger detakoni, mbekayu Tisun goli semaur nyengak, kaya jangkrik mbagag.

Mbekayu Tisun ngomong jere siki apa-apa larang, sing lanang goli ngodhe mlondho. Pekolihe ora sepiraha. Nggo madhang baen kurang. Engganua kaki Tisun goli udud karo medang clebek delong semendhing merga akeh kebutuhan liya sing lewih penting.
“Njur, rika njaluk pegatan ?” si Kyai Takon.
“Lha enggih, Kyai. Nggo ngapa wong lanang ora nana gunane.”
“Lha ko priwe, Sun ?”
“Kula tah mendel mawon, Enggane kula ngiyani mengkin talake dhawah, Kyai.”
Kyai Patekur manthuk-manthuk.
“Kiyeh padha dengertiya ya. Siki pancen kahanan lagi angel. Apa-apa larang, ora nana panen, akeh tanduran pari padha puso merga ora nana banyu. Sing angel uripe ora kur ko sekloron. Saben wong ya ngadhepi plekara sing ora beda. Sebab, kahanan ekonomi sing angel kiye lagi kedadian neng endi ora. Dadi, ora usah padha gegoh. Inyong weling telung plekara. Urip kuwe, sepisan kudu ikhlas. Ngadepi apa baen sing ikhlas karana Allah. Nomer loro, urip sing bener. Tegese bener kuwe ngetutna paugeran agama lan pemrentah. Nomer telu, urip sing sabar. Tegese sabar kuwe kuwat ngadhepi kahanan. Angger lagi gampang ya kudu sabar, aja boros. Angger lagi angel ya lewih-lewih goli kudu sabar, aja gampang kesuh utawa ngresula. Dadi, ikhlas, bener, sabar.”

Kaki Tisun karo bojone padha ndingkluk ngrumangsani.
“Wis siki padha salaman. Ora usah padha rebut bener, melas Tebok. Ora patut wong wis kaki nini arep padha pegatan. Mengko malah deguyu kadhal-cbancet.” (Fat)
Lewih Lengkape

Pancen Plural


Indonesia kuwe dadi bangsa lan negara sing desepakati bareng. Udu sebab wong siji sing bisa ngraketna kaya critane Gajahmada jaman Majapahit. Sing ndadekna siji kuwe antarane sejarah lan kondisi dejajah bareng nang Landa. Semenane, taun 1926, deanakna Kongres Pemudha I sing ngrembug masalah arah lan tujuan perjuangan pemudha-pemudha sing nganggo jeneng dhaerah lan kelompok utawa golongan, kaya dene Jong Java, Jong Sunda, Jong Ambon, Jong Celebes, Jong Sumatera utawa Andalas, Jong Islamiten Bond. Kongres mau antarane ngrembug arah lan tujuane perjuangan sing nganggo jeneng dhaerah lan golongane dhewek-dhewek. Nang Kongres mau desepakati deanakna Kongres Pemudha II lan sepakat denadekna siji wadah pemudha, Pemuda Indonesia.

Nang Kongres Pemudha II 28 Oktober 1928 akhire sepakat bertumpah darah satu, berbangsa satu, lan berbahasa satu Indonesia lan cukup gerakan Pemuda Indonesia. Kawit anane kesepakatan mau sing dejenengi Sumpah Pemuda isine kesepakatan telu perkara kae mau njuran lair bangsa Indonesia. Dadi bangsa Indonesia lair udu karepe wong siji sing kuwat. Ning kesepakatan kabeh masrakat Indonesia sing dewakili nang para pejuang muda. Mulane Indonesia dearani negara sing plural utawa Bhinneka Tunggal Ika.

Bhinneka Tunggal Ika kuwe semboyane Indonesia. Frasa bahasa kiye pancen asale sekang basa Jawa Kuna. Bhinneka artine "werna-werna utawa beda-beda", tunggal artine "siji", lan ika artine "kuwe”. Dadi, bhinneka tunggal ika artine werna-werna utawa beda-beda ning siji anane. Mangsude senajan bangsa Indonesia werna-werna isine, beda suku, beda adat, beda agama, beda keyakinan, beda unggah-ungguhe ning karepe padha utawa mung siji. Ya, dadi bangsa lan negara Indonesia. Mulane kudu degatekna Indonesia isine werna-werna ning wis dadi kesepakatan; urip bareng, brayan.

Kalimat bhinneka tunggal ika kewentar awit kuna mekuna. Jaman Majapahit nang buku anggitane Mpu Tantular sing jenenge Kakawin Sutasoma, sekitar abad 14, deajarna ngenani tepa salira (toleransi, tasamuh) antara umat Hindu Siwa karo umat Buddha.
Kitab Kakawin Sutasoma bagian pupuh 139, bait 5 njelasna:

“Rwāneka dhātu winuwus Buddha Wiswa,
Bhinnêki rakwa ring apan kena parwanosen,
Mangkang Jinatwa kalawan Śiwatatwa tunggal,
Bhinnêka tunggal ika tan hana dharma mangrwa.”

(deartekna bebas : “decritakena Buddha lan Siwa kuwe zat loro sing beda,
Senajan beda, ning kudu dekenali loro-lorone,
Sebab benere Jina (Buddha) lan Siwa kuwe siji anane;
Beda-beda ning mung siji anane. ora nana kerancuan nang kabeneran.”).

Indonesia sing pancen werna-werna anane utawa isine mau wis desadhari para tokoh bangsa sing akhire dedadekna lendhesan negara rupane Pancasila khususe sila 3; “Persatuan Indonesia”. Nggo negesna Indonesia kuwe isine werna-werna, Sultan Hamid II sekang Pontianak sing deawasi nang Presiden Soekarno nggawe lambang sing njuran dejenengi Garuda Pancasila. Lambang kiye ngemu perlambang heraldic (ngelmu ngenani asal-usul, perkembangan, utawa makna lambang) nang gegere Garuda ana lambang sila-sila Pancasila. Cakar Garuda nyekel pita sing ana tulisane werna ireng, “Bhinneka Tunggal Ika”. Nang Presiden Soekarno lambang Garuda Pancasila dedadekna lambang negara lan semboyan negara tanggal 11 Februari 1950. Njuran detetepna nganggo Peraturan Pemerintah Nomer 66 Tahun 1951, dedadekna undang-undang nang Tambahan Lembaran Negara Nomor 176 Tahun 1951 PADA 28 November 1951.

Wektu ana perubahan UUD 1945 taun 2000, Lambang Negara Garuda Pancasila sing ana semboyane Bhinneka Tunggal Ika deangkat dadi Pasal 36 A UUD 1945, Lambang Negara ialah Garuda Pancasila dengan semboyan Bhinneka Tunggal Ika.

Sawise deangkat lan dedadekna salah sijine pasal konstitusi, ndadekna semboyan bhinneka tunggal ika duwe posisi kuat, kudu desadhari lan dedadekna landhesan urip bareng nang Indonesia. Mulane masrakat ora kena mbeda-mbedakna utawa ngece siji lan sijine mung sebab beda werna keturunan (ras), suku, agama lan keyakinan, golongan, lan liyane. Bangsa Indonesia kuwe bangsa sing plural. Paham pluralisme (ngregani perbedaan) kudu decekel nang bangsa Indonesia. Sikap sing ora kena detawa sing mujudna paham pluralisme antarane kudu ngregani, ngormati, tenggang rasa, lan tepa salira (tasamuh/toleransi) maring sepadha-padha warga Indonesia.

Drs. Fuad Aljihad, MH.
Guru SMA Negeri 1 Cilacap, Ketua MGMP PKn SMA/MA Kabupaten Cilacap.

Lewih Lengkape

Sepet Manise Gawe Kepengin Maning



Lemah Indonesia pancen subur. Tanduran apa bae bisa thukul, apa bae bisa metu wohe. Mula ora gumun angger mangsan rebah njuran regane dadi murah. Ora kejaba nang Banjarnegara sing seprana-seprene kewentar salake. Angger lagi mangsan rebah uga ora beda. Mula akeh sing ora payu njuran dadi mubah. Angger ora kebeneran malah bosok ora dadi dhuwit.

Banjarnegara duwe potensi salak lokal sing wujude gede, legi tur masir. Ning njuran nang dhaerah liya ana salak pondok, salak lumut sing rasane legi ning ukurane lewih cilik. Petani salak Banjarnegara ora njura mbabad salak lokal sing wis ana ning njuran salak lokal desilangna karo salak pondok uga salak lumut. Kasile wis genah, Banjarnegara duwe salak sing khas.

Banjarnegara ana 20 kecamatan, sing 18 kecamatan masrakate pada nandur salah. Angger gelem ngetung emperen lewih sekang 17 juta wit merga dhapurane ombyok pisan. Kasile salak nganti 282 ton unggal taune (data 2009).

Pemrentah Banjarnegara uga mbantu ngrewangi petani salak supayane teyeng ningkatna produksi, njaga mutu uga pemasaran. Mulane njuran ada kusus pasar salak sing manggone nang perek terminal supaya sing arep kulak ora kangelen goli nggawa.

Anane potensi sing pirang-pirang kiye, masrakat njuran padha kreatif. Salake ana sing degawe kripik, jenang, sirup utawane manisan lan liya-liyane. Trisila Juwantara, salah sijine masrakat sing kreatif nekuni bisnis kiye. Mau-maune mung njajal. Ning respon pasar jebule apik. Akhire dadi klangenan. Malah goli masarna produk ora mung nang Banjarnegara thok, ning kota-kota nang Jawa Tengah uga wis semebar. Malah wis gutul Jakarta, Bali , Batam, Kalimantan, DIY, Jabar uga Jatim.

Dheweke nekuni usaha kawit taun 2003. Mekar Sari Boga, manggon nang komplek Pertokoan Brayut Indah No. 4-5 Desa Gembongan, Jl Raya Sigaluh, Banjarnegara. Sekang alun-alun prenah ngetan arah Wonosobo. Aset usahane siki malah wis meh ngancik semilyar. Ana 10 karyawan tetep lan 20 karyawan borongan. Kapasitas produksine tambah dina tambah akeh. Asinan salake bisa 1000 karton/wulan @ 24 kemasan, sirupe ya 1000 botol/wulan @630 ml. Kripik Salak ya akeh, nganti 1500 bag/wulan @ 100 gram, njuran Carica in Syrup ya malah lewih akeh, bisa 2000 carton/wulan @ 24 kemasan.

Goli ngolah panganan kerajinan home industri kiye Pak Trisila nganggo teknologi sing canggih. Karyawane uga propesonal, mutu dadi jaminan, kebersihan dadi andalan. Goli nggoreng kripik salak uga dejamin ora ngrusak kadhar gizine. Sebab Pak Trisila nganggo teknologi terkini njuran panase lenga uga dejaga, kurang 100 drajat.

Merk dagange , CARIZONE, ZIGA. Malah wis hak ciptane uga wis depatenaken nang Kementrian Hukum lan HAM. Urusan ijin sekang para pihak sing kawogan uga pepek. Pengawasan produk uga wis olih ijin sekang BPOM malah olih predikat Bintang 1. Mula ora usah kwatir olahan produk Boga Sari Boga aman dekonsumsi. Pancen siki lagi ngupaya bisa nembus jaringan pemasaran supermarket Matahari grup, ramayana grup, alfamidi lan liya-liyane sing pancen ana nang kabeh wilayah Indonesia. Priwe, padha penasaran karo olahan salak Banjarnegara? Maran padha decicipi. (03)
Lewih Lengkape

Tumuju Sekolah Konservasi



Sapa sing ora ngreti SMP Negeri 2 Banjarnegara? Sekolah sing kondhang dearani Esphero kiye, panggonane persis neng lor dalan gedhe Banjarnegara-Wonosobo. Antarane 3 km sekang pusat kota prenah ngetan, persise nang Jl. Tentara Pelajar No. 31 Sokanandi. Manggone neng kota tur gedhonge megah, mulane dadi sekolah favorit neng tlatah Banjarnegara. Siswane akeh. Ana sing sekang Kecamatan Purwonegoro, Bawang lan Banjar Kota, Madukara, Banjarmangu, Wanayasa, Pagentan nganti Dieng Kulon. Seliyane kuwe uga akeh sing asale sekang Sigaluh lan Sukoharjo sing wis mlebu tlatah Wonosobo.

Sekolahan sing depandhegani daning Doko Harwanto, SPd, SE, MM manggon persis nang pinggir dalan jalur propinsi kuwe pancen gampang transportasine. Seliyane gampang dalane uga akeh wong tuwa sing nyekolahna anake neng kana merga kepencut prestasine sing moncer temenan. Apamaning sekolahan kiye wis kewentar babagan disiplinane. Neng tahun pelajaran 2012/2013 SMP Negeri 2 Banjarnegara jumlah siswane 664 kebagi dadi 24 rombongan belajar.

Prestasi Akademik lan Non Akademik
Ngomongna prestasine SMP Negeri2 Banjarnegara pancen pirang-pirang. Sing aran piala retep jejer sajerone lemari ruang tunggu dhayoh. Awit juwara tingkat kabupaten, propinsi nganti nasional. Piagam Penghargaan uga akeh pisan pating trempel neng tembok ruang tunggu.

Babagan akademik, SMP Negeri 2 Banjarnegara klebu sekolahan sing bisa nglulusna siswa 100%. Malah taun pelajaran 2010/2011 wingi dadi siji-sijine SMP neng Banjarnegara sing nglulusna siswane mung nganggo nilai UN murni. Prestasi akademik liyane kayadene OSN Fisika, OSN Biologi, OSN Matermatika lan OSN IPS olih juwara neng tingkat Kabupaten.

Seiyane prestasi akademik uga akeh sing non akademik. Dadi juwara neng babagan olahraga, seni, pramuka, kegiatan kemasarakatan lan mading uga olih juara. Kabeh prestasi sing ana demulai sekang program kegiatan ekstrakurikuler. Siswa sing duwe potensi delatih temenanan neng guru pembina. Angger kayong esih kurang marem biasane sambat pelatih sekang njaba. Anggaran BOS utamane degunakena nggo kemajuan prestasi siswa.

Juwara Nasioal Sekolah Sehat
Taun 2009-2010 dadi taun sing ngemu sejarah kanggone keluwarga besar SMP Negeri 2 Banjarnegara merga bisa juara 4 Lomba Sekolah Sehat Tingkat Nasional. Semenane SMP Negeri 2 depandhegani daning Dasuki, S.Pd, M.Pd malah olih undangan sekang Presiden melu upacara bendera 17 Agustus neng Istana Negara. Kiye pancen prestasi sing langka lan ora kabeh sekolah bisa juwara. Syarate angel tur wragade ora semendhing. Contone, lingkungan sekolah kudu resik tur endah. Saluran banyu ya kudu resik, lancar. Jumlah toilet imbang karo jumlah siswane. Kantin sekolah kudu patut, pangane bergizi tur bersih. Kudu ana wadhah runtah organik lan anorganik sing debedakna. Kudu ana daur ulang runtah organik njuran dedadekna pupuk kompos. Ana resapan banyu neng sejerone lingkungan sekolah. Nggon wisuh tangan kudu ana neng saben ngarep ruang kelas detambah fasilitas pendukung liyane.

Neng lingkungan sekolah kabeh guru lan karyawan apamaning siswa ora kena udud. Dhasare pancen ora padha udud temenan. Cethane, pancen kabeh masrakat SMP Negeri 2 Banjarnegara nyengkuyung anane predikat dadi sekolah sehat. Mula nggo ngemutna njuran depasang papan peringatan: AREA BEBAS ROKOK.

Program Sekolah Konservasi
Lingkungan SMP Negeri 2 Banjarnegara  pancen resik, ijo royo-royo, hawane krasa adem tur asri. Meh sawernane tanduran ana. Wit-witan sing klebune tanaman keras kayadene pinus, jati, sukun, cemara udang lan sepiturute ana kabeh. Tanaman hiase uga pepek. Latare kaya karpet, kebek suket ijo sing kerumat maen pisan. Jan cocog karo Visi Sekolah: Unggul dalam Prestasi, Luhur dalam Budi Pekerti dan Peduli Lingkungan. Pokoke swasanane kondusif nggo pesinaon.

Mulane sekolahan sing wektu wulan Juli 2011, depandegani daning kepala Sekolah Drs. Bambang Budi Setyono, M.Pd, persise neng tanggal 28 Maret 2012 olih nugraha Juara II Green School Award sekang Universitas Negeri Semarang.

Ngepasi nampa kanugrahan neng kampus UNNES, ngiras-ngirus studi banding. Pekolihe njuran Kepala Sekolah gawe program anyar rupane Sekolah Konservasi. Program kiye pancen ana gandheng-cenenge karo program sing wis mlaku. Anane program Sekolah Konservasi wujud nyata preduline SMP Negeri 2 Banjarnegara ngadhepi isu global warming lan pencanangan Hari Bumi Sedunia sing depengeti saben 22 April. Mulane Program Peduli Lingkungan sing urung ana arep deanakna. Sarana prasarana sing urung pepek arep depepeki. Ora isin nyonto sekolah liya sing wis nglakon kasil juwara. Kabeh ancase nggo mujudna Program Sekolah Konservasi.

Kepala sekolah anyar, Doko Harwanto S.Pd, SE, MM, uga banget nyengkuyunge Progran Sekolah Konservasi. Pak Doko sing njabat kepala sekolah molahi tanggal 1 September 2012 gedhe cilike pancen duwe niat  nyuksesna Program Sekolah Koservasi satutuge.

Nggo nyuksesna Program  Sekolah Konservasi, SMP Negeri 2 Banjarnegara uga kerjasama karo Dinas Kehutanan lan Dinas Lingkungan Hidup. Rencana program pembibitan tanaman keras uga olih respon positif sekang pihak PT. Indonesia Power Pembangkit PLTA Mrica sing kabare siap nampa bibit-bibit mau nggo nanggulangi sedimentasi Waduk Mrican liwat program reboisasi.

Program Sekolah Konservasi nang SMP Negeri 2 Banjarnegara demolahi karo kegiyatan nandur tanduran langka neng lahan ngarep sekolahan daning Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga, Drs. Muhdi. Kepala Dinas duwe pengarep-arep lahane bisa dadi taman konservasi sing bisa nglestarikna anane tanaman langka sing wis meh ilang. Koleksi tandurane pancen durung akeh. Siki wis ana tanduran kepel, kenari, sawo kecik, kopi anjing, obat nyamuk, kementeng, glenggem, bisbul, mundhu, lobi-lobi, nagasari, jatung, salam, keningar, kesemek, kwuni, walisanga, kesambi, asem jawa, blimbing wulung, kenanga lan dhuwet. Mulane kanca sedulur sing padha duwe bibit tanduran sing kagolong langka, SMP Negeri 2 Banjarnegara siap nampa nggo nambah koleksine. Maran padha dejujugna utawa tilpun bae maring 0286-591327. (SR)
Lewih Lengkape

Aja Mbrengkunung


Rapat RT wulan awal Oktober kiye kayong sejen karo rapat-rapat seurunge sing adem ayem. Kabeh padha pur-puran jalaran ana acara silaturahmi. Ning nembe debukak sepuluh menit, urung ana pelapuran sekang bendahara lan seksi-seksi wis akeh warga sing ancang-ancang ngomong, usul lan maido maring pengurus RT. Kang Pitra sing nembe ngemben tugas dadi Ketua RT rong wulan katon semlengeren semu gumun. Deneng wargane akeh sing omonge aos ora kena deselani tur ngarah menange dhewek?

Ketua RT kepeksane mbukak acara usul, saran lan pinemu maring kabeh warga. Kabeh pengurus RT siap karo nyathet nampung usulan utawa uneg-unege warga. Cempuleke pancen akeh kedadeyan sing prelu derempug bareng.

“Kula ajeng lapur Pak RT, mpun sering kula aruh-aruh angger mbucal runtah ampun teng dalan banyu. Ningen kula taksih semerep kiyambak nika Nggayu Teblo meh saben enjing lan sonten mbucale runtah teng saluran, angger deluruhi kayong mrina,” Ujare Kang Badri ngawiti lapuran maring RTne.

“Wonten malih Pak RT, warga RT mbok kecathet 45 KK ning angger rapat mirunggan kados dinten niki koh mung separo sing teka. Malah wonten warga sing sejrone setaun teka mung ping pindo?” Kang Marno nambahi werta lamona warga sing mbrengkunung ora gelem rapat RT, kerigan lan rondha kon de dhendha bae, mbayar nggo kas RT.

Kuwe prenyakit lawas, Kang. Inyong uga arep aweh lapuran lamona jogan, senthong lan latare umahe inyong kebek tembelek pitik sing deumbar. Mbokyaha angger ngingu ayam padha dekurungi. Sukurbage sisan degawekna kandhang supayane ora jag-jagan maring umahe tanggane, jan ngesuhi pisan,” ora gelem kalah karo warga liyane, Kang Bino uga nglapurna kahanan sing jane bisa derempungi bareng-bareng.

Ketua RT lan inyong sing jeremonge dadi sesepuh RT nengahi lan ngadhemna swasana. Angger ora depenggal cepet-cepet malah gagang ora nana poge. Inyong njuran aweh wawasan lamona urip neng lingkungan RT ora bisa segeleme dhewek, ana platuran sing wajib detaati. Angger mbuwang runtah aja neng saluran got sing marekena blabur lan sarang prenyakit. Sing duwe ingon-ingon wedhus utawa pitik ya aja deumbar, gawekna kandhang sing mapan. Kewan sing gedhe kaya kebo lan sapi apike kandhange aja kepereken umah. Sing kadhung senthonge jejer karo kandhang sapi utawa kebo angger bisa ya deowahi.

Bab rapat RT sing kur sewulan sepisan utawa kerigan sing ora mesthi saben minggune, pengurus RT uga sepakat, sapa bae sing ora mangkat lan ora nana alesan bakal kenang dhendha sepuluh ewu. Sing ora gelem kerigan kon mbayar limalas ewu perak nggo kas RT. Jan-jane angger kabeh guyub rukun ora prelu ana sing kenang  dhendha aliase sregep mangkat. Ning angger wis kebangeten pancen prelu ana  dhendha nggo ndhidhik disipline warga.

Pancen angger depikir sing jero, wong urip brayan neng masrakat aja cokan padha ngarah benere dhewek. Anane Rukun Tetangga (RT) kuwe nggo madahi kabeh plekara lan pinemu sing ana neng masrakat. Ancase supaya wargane guyub rukun. Angger ana warga sing temindak ora bener, ora gelem deatur bisa cokan kenang sangsi sosial, dekucilna tangga teparone, sering nggo grundhelan lan sing ora ngepenakna ati angger ana warga sing ora lumrah deparabi “wong mbrengkunung” jan paribasan sing paling ala tumrape wong neng tlatah Banyumas Raya.

Wong mbrengkunung kuwe ngemu surasa lamona wong kuwe ora gelem deatur, ora gelem musawarah, senenge njawal, ngarah menange dhewek, ora gelem nampa pinemu wong liya, sombong lan aja dumeh. Jan ala banget wateke malah angger kebablasen cokan deparabi maning karo tembung “mbentongor” sing ngemu surasa lamona wong kuwe atine kaku, arogan, ora ramah tur kemlithak.

Akeh pinemu lamona urip neng RT angger bisa rukun ngungkuli rakete sedulur, ana sing cokan tukar masakan, munjung, malah ngemong anakae angger agi repot, nyilihi duwit uga pitulungan liyane sing urung mesthi olih karo sedulure dhewek.

Urip neng lingkungan RT angger delakoni kanthi tulus lan niyat apik akeh manpangate, sing baku yakuwe gelem rapat mirunggan saben wulane kerigan lan rondha mbengi tibane seminggu sepisan lan angger tarikan dhuwit nggo pembangunan ya gelem nyengkuyung.

Miturut tatanan pemrentahan, Ketua RT kuwe cuwilane presiden, mangsude tugas lan wewenange neng ngisor dhewek ngatur masrakat lan depilih langsung daning masrakat. Mula ana sing ngomongna tugas RT abot urut-urutane sekang Presiden, Gubernur, Bupati/Walikota, Camat, Kades terus maring RT/RW sing tugase ngatur pemrentahan lan ngatur warga sing paling ngisor.

Angger ana warga nyepelekna maring RT kuwe salah gedhe. Ngonoh jajal angger arep ngurus KTP, surat keterangan mlarat, ngedegna usaha, utang bank, ningkahan, pegatan, gawe KK lan liyane angger ora nana tandha tangan keterangan RT mesthi detolak daning pemrentahan nduwure kaya RW, kantor desa/kelurahan lan Kecamatan. Inyong sing dhongkolan Camat jaman semana nglakon mbalekna warga, mbalekna berkas sing ora ana keterangane sekang RT. Mula mayuh sedulur-sedulur penginyongan nang endi baen bisaha aweh pakurmatan maring ketua RT saperangkate, aja cokan nyepelekna mbok malah cilaka. Klilan. (Bambang S Purwoko)
Lewih Lengkape