Sabtu, 13 Oktober 2012

Kang Limun


Kang Salimun ngrasa dina kiye dina sing nyenengi pisan. Siji-sijine dina, pengrasane Kang Salimun, sing tembe ana sedawan uripe. Goli seneng merga mblandhonge sedina upahe kanjat kena nggo urip seminggu. Sing wis-uwis olihe mung sepuluh ewu. Mung nggo nempur beras sekilo karo tuku uyah. “Alhamdulilah” kang Salimun neng mbatin nguntabna rasa syukur maring Gusti Allah.

Dina kiye Kang Salimun olih dhuwit seket ewu. Ora sepiraha mungguhe Pak Dirno, tanggane Kang Salimun, sing dadi pegawe negeri. Utawa mung dadi selilit, cara Kaki Darmin sing dadi juragan gribig. Senajan awake ngrememeh, pundhake mlothas kiwe tengen ning dhuwit seket ewu tumrape Kang Salimun bisa dadi tamba lara awak.

Seuwise nampa bayaran Kang Salimun gipyak bali umah, rasane bungah ora lumrah. Sedawan dalan dheweke mbayangna lamona si Sri, bojone uga melu bungah.  Bungah sing tembe kiye derasakna bojone.

Sedawan dalan Kang Salimun ora mandheg-mandheg singsotan. Matane ora clingak ora clinguk. Lurus ndelenge, mbayangna si Sri ngguyu karo wis nyiapna wedang clebek buket. “Sri, ko esih kemutan mbok pas dhewek lagi pacaran gemiyen? Inyong nglakon janji karo Ko, neng pinggir kali Klawing. Mbuh kapan tekane mesti inyong bisa gawe bungah maring Ko. Wektu semana inyong esih nganggur. Inyong uga esih kemutan janjimu, Sri, lamona ko arep nampa inyong apa anane” Kang Salimun mbatin karo mesam-mesem dhewekan kemutan jaman semana.

Kambi mlaku, Kang Salimun ora mandheg-mandheg goli kemutan si Sri. Dheweke krasa gumun. Bisa-bisane si Sri, prawan sing dadi rebutan neng gutheke dheweke milih inyong sing kalasemana urung duwe kodhean. Padahal akeh bujang sing seneng maring Sri kahanane nglewihi mapan tenimbang inyong “Inyong ora bakal arep gawe uripmu sengsara selawase, Sri?” Kang Salimun atine ngromed dhewekan.

“Yen ing tawang ana lintang, wong bagus… aku ngenteni tekamu…” Kang Limun mbari mlaku rengeng-rengeng tembangan. Mesthi si Sri esih kemutan tembangan kiye. Tembang sing marekna raine si Sri dadi abang ireng kisinan merga ijig-ijig Limun wis neng mburi geger pas si Sri lagi ngumbahi jarit neng pinggir kali.
“Lah kiye inyong teka, Sri?” Semaure Limun wektu si Sri rampung nembangna tembangan kuwe.
“Eh, kang Limun, rika gawe inyong isin” omonge Sri karo menjep.
“Ngeneh mentas sedhela Sri, njagong jejer inyong” Kang Salimun nerusna omonge.
Ndeleng raine Kang Salimun sing keton mercayani, Sri banjur krasa dheg-dhegan. Kambi cekelan watu, dheweke mentas sekang banyu karo nyekeli tapih jarit sing teles. Kemben jarit sing nggo nutup dhadha dekencengna. Sri  njimot srandhal njuran njagong neng jejer tengene Salimun.
“Ana apa, Kang?” Swarane Sri madan ndledheg.
Suwe Kang Salimun ora semaur. Tangane gramakan nggoleti watu cilik nggo mbandhem banyu kali. Sepisan, pindho, Kang Limun esih meneng.
“Ana apa koh, Kang? Aja gawe inyong penasaran” Sri mbaleni pitakonane.
Kang Salimun tesih meneng. Polahe kaya wong bingung. Tangane kukur-kukur rambute sing jane ora gatel.
“Inyong kepengin mbojo karo ko, Sri?” semaure Kang Salimun. Kocap kalimat kuwe Kang Salimun banjur mikir, bisa-bisane dheweke wani ngomong kaya kuwe? Padahal dheweke ngerti kahanan awake kaya apa.
***
Gutul dalan sing mengkol kiwe ijig-ijig Kang Salimun mandheg goli mlaku. Pipine krasa teles. Tangane sing esih blepot lebuh nggo ngusap. “Deneng inyong mrebes mili?” Kang Salimun mbatin karo ngerodna tangane maring kathok komprang irenge. Suwe Kang Salimun goli mandheg. Mbuh apa jalarane lagi bungah malah luhe dleweran.

“Ana apa rika padha ndelengna inyong? Lucu apa? Eh, malah rika padha mecicil? Nantang gelut apa? Mayuh ijen...!” cangkeme Kang Salimun ijig-ijig ngromed karo ngacung-ngacung wong sing padha ngadeg neng pinggir dalan.

“Pancen inyong wong kere! Ning bojone inyong gelem nampa kahanane inyong. Ora nana wong wadon ayu neng dunya kiye sing duwe watek nrima kaya Sri. Ngapa ko padha, hah!” Kang Salimun kaya wong gemblung. Ijig-ijig nangis seporete. Luhe tambah mbanteri goli mili. Kang Salimun meneng sedhela. Ngucek-ucek mata karo clingak-clinguk dhewekan. Mata sing katone pating pendelik jebule mung cokol pang randhu sing wis garing. Wit randhu sing ana neng kiwa tengene dalan katon kaya wong sing agi padha ngece maring Kang Salimun. Bareng ngrumangsani pendelengane salah, Kang Salimun njuran ngguyu dhewek. Untunge ora ana wong weruh polahe Kang Salimun sing kaya wong gemblung.

Lagi cengar-cengir gemuyu dhewek, ijig-ijig kupinge krungu swara calung. Sindhene kayong nembang Bendrong Kulon. Ora emut tangane njuran melu obah. Ngibing ngetutna wirama calung. Alon, alon, madan banter, banter pisan. Kang Salimun ngibing turut dalan. Awake kaya kelebon indhang lengger ngetutna onine calung.
“Jan kayong lagi bungah temen ko, Limun?” Swarane kaki Reja ngagetna Kang Salimun.
“Eh rika, Ki. Iya kiye inyong lagi bungah pisan. Seumur-ngumur inyong tembe krasa bungah kaya kiye, Ki?. Dina kiye inyong bisa gawe bungah maring Sri. Temenan kiyeh, Ki...” semaure Kang Salimun. Kaki Reja malah mikire si Limun kiye kaya wong gemblung goli semaur.
“Bungah kenangapa sih, Mun?” kaki Reja nambahi takon.
“Wis lah, Ki. Inyong arep balik. Si Sri wis ngenteni,” jawabe Salimun kambi ngenthirak nerusna mlaku.
“Ealah, bocah gemblung temenan apa yah?” kaki Reja mbatin karo gedheg-gedheg.
“Thok-thok-thok!” tangane Kang Salimun ndhodhog lawang ngarep.
“Sri, inyong balik, Sri. Inyong olih dhuwit kena nggo urip seminggu, Sri?” amleng ora ana sing nyemauri.
Ora sranta Kang Salimun banjur nyurung lawang pring kuwe.
“Gedhubrag!” swara lawang kaya debanting seporete.
“Sri, dhewek sugih, Sri. Sugih, Sri. Dhewek bisa bungah kaya Pak Dirno. Dhewek bisa tuku ayam, Sri?” Amleng. Esih bae ora nana sing nyemauri. Kang Salimun njuran mlayu maring senthong. Salimun meneng. Dhuwit sing kawit mau deewer-ewer gigal maring jogan. Bojone ora nana neng senthonge. Kang Salimun weruh ana kertas putih ngglethak neng nduwur amben. Salimun tangane gemeter njikot kertase.

“Inyong wis ora kuat urip kere kaya kiye! Ngapurane Inyong lunga, Kang!” rampung maca  tulisan kuwe Kang Salimun nggabrug maring jogan. Salimun nangis, tangane nggebugi jogan lemah. Lebune ngebul maring rai. Salimun nangis nggerung-nggerung kaya bocah cilik njaluk othok-othok. Kambi mlayu maring latar Kang Salimun mbeker seru pisan ngundang bojone “Sriiiiiii…..!!!” Awake nggabrug maning neng latar. Langite peteng ndedet. (Dening Sukman Ibrahim)

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: