Selasa, 11 September 2012

Sukarjo Wiryopranoto (1903 – 1962)

Sukarjo Wiryopranoto lair neng Kesugihan, Cilacap, tanggal 5 Juni 1903. Seuwise ngrampungna sekolah Hukum taun 1923, dheweke nyambut gawe neng pengadilan negeri lan pindah-pindang sekang siji kutho maring kutho liyane. Taun 1929 dheweke mandeg, banjur ngedegna kantor pengacara “Wisnu” neng Malang, Jawa Timur. Wektu semana dheweke banjur deangkat dari pengacara neng Pengadilan Tinggi Surabaya, uga dadi anggota Dewan Propinsi lan Wakil Walikota Malang.
Taun 1931 Sukarjo dadi anggota Volksraad. Bareng karo dr. Sutomo, dhewehe ngedegna organisasi Persatuan Bangsa Indonesia (PBI) nggo nggulawethah bocah nom-noman. Taun 1934 PBI nganakena perkampungan kerja. Senjerone perkampungan kuwe, kabeh bocah nom-noman delatih dadi tukang kayu, tukang pande, ahli pertanian, lan liya-liyane.
 Sukarjo goli aktif neng kegiatan pulitik sengsaya sibuk bareng dheweke dadi anggota Partai Indonesia Raya (Parindra) taun 1936. Minangka anggota Parindra, dheweke sering teka maring daerah-daerah, klebu kutho-kutho neng Sumatera.
Neng sidang Volksraad taun 1937, dheweke ngusulna konsupayane wong-wong Indonesia dewei kesempatan dadi walikota. Mosine dedukung neng mayoritas anggota Volksraad, ningen detolak neng Pamrentah Belanda.
Sunarjo kejaba aktif neng Parindra, dheweke uga aktif dadi sekretaris Gabungan Politik (Gapi). Tanggal 22 Agustus 1940 Sukarjo liwat organisasi Gapi nuntut konsupayane neng Indonesia degawe parlemen lan pemrentah bertanggung jawab maring parlemen.
 Lagi jaman pendudukan Jepang, Sukarjo aktif dadi wartawanan mimpin surat kabar Asia raya. Goli aktif dadi wartawan deterusna nganti Indonesia merdeka uga melu mbina majalah Mimbar Indonesia. Goli aktif neng bidang politik demulai maning seuwise pengakuan kedaulatan.
Sukarjo tau depercaya dadi Duta Besar Indonesia neng Vatikan, Duta Besar Luar Biasa neng Italia lan Duta Besar Luar Biasa dan Berkuasa Penuh untuk Republik Rakyat Cina. Neng taun 1962 dheweke olih tugas dadi Wakil Tetep Indonesia neng Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB). Wektu semana Sukarjo ngupayani bisa aweh pengaruh maring negara-negara liyane konsupayane mbantu perjuangane Indonesia mbebasna Irian Barat sekang penjajahan Belanda.
Sukarjo tilar dunya neng New York tanggal 23 Oktober taun 1962 lan demakamna neng Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta. Banjur dheweke denobatna dadi Pahlawan Kemerdekaan Nasional / Tokoh Nasional adedasar Surat Keputusan Presiden Republik Indonesia No. 342 Taun 1962 tanggal 29 sasi Oktober 1962. Sukarjo Wiryopranoto klebu salah sijine pejuang kemerdekaan lan pahlawan nasional Indonesia.
Lewih Lengkape

Aja Cokan Sulaya

Sulaya miturut kamus dialek Banyumas, tegese: tidak cocok, salah mengerti, berbeda, pe-an, bertengkar, cekcok. Kedadeyan sing katon, wektu siki gawe dhewek tambah mamang maring anane pembrantasan korupsi neng negeri kiye. Sekang sisi penegakan hukum, sering padha gumun weruh putusan pengadilan sing ora pas kanggone para koruptor.

Sing nggelani maning ana koruptor sing deputus bebas utawane sing devonis entheng. Ana maning koruptor-koruptor sing esih buron bebas kluyuran neng luar negeri nikmati hasil jarahan. KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi) ora tedheng aling-aling goli bakal nglakokna kewajiban mbrantas para durjana sing ngrugekna duit negara. Ora ndeleng wong pusat apa wong dhaerah kabeh angger salah bakale detindak. Bakale delandrat neng pengadilan TIPIKOR pusat utawa dhaerah.

Ning sing dadi hakim engganua goli nglakoni kwajiban ngadili kudu jejeg lan bener. Goli aweh putusan hukum aja nyidrani rasa keadilane masrakat. Angger pancen luput ya kudu deukum, aja malah debebasna. Angger hakim goli aweh pengadilan bisa jejeg saora-orane bisa dadi pelajaran tumrape masrakat.

Akeh crita hakim sing kena dearani nyulayani tugas kwajibane goli njejegna rasa keadilan. Akeh kedadean plekara sing uwis deputusi njuran didadekna perkara maning neng Mahkamah Agung mergan hakim sing mutusi deanggep ora mercayani lan tumindak nyalahi hukum.

Anane suap menyuap sekang wong sing kena plekara mau sing marekena dadi rakyat padha pesulayan, deneng kaya kuwe goli nglakoni kwajibane. Ora cocog karo sumpah janjine. Sulaya, tegese ora cocog, salah pangerten, beda pendapat pancen jaman siki wis dadi tumindak sing kena dearani padha karo murang tata. Wis ora duwe rasa tanggung jawab sing mercayani.

Pancen ora gampang ngowahi pakulinan sing ora apik. Kudu mbutuhna kesabaran uga ketlatenan. Babagan ngowahi pakulinan ala neng para penegak hukum klebune plekara sing wigati. Negarane bisa ndandani kahanan sing wis morat marit angger aparate uga apik. Sapa baen jane teyeng ndandani kahanan sing agi ora apik.

Sapaha bae, klebune masrakat jane duwe kewajiban lan bisa ndandani kahanan. Sing penting kudu duwe krenteg niat kuwat lan gelem nglakoni.  Utamane para tokoh masrakat lan para pejabate uga aweh tuladha sing apik. Aja mung mikirna butuhe dhewek-dhewek. Gelem ngrumangsani menawa tumindak sulaya kuwe ora bener tumrape urip sing nduweni gegayuhan tumuju maring rasa keadilan.

Neng endi ana masrakat, neng kono ana planggeran (hukum, aturan). Adigium (pepesthen) mau wis dengerteni daning kabeh ahli hukum. Soale, sing jenenge planggeran kuwe anane sawise ana kumpulan manungsa (Ancas: 28, 3 Juli 2012).

Mergane anane planggeran, negara ora kena sewenang-wenang maring rakyate. Sing mangku negara kudu nganggo planggeran konsupayane rakyate uga melu disiplin hukum. Goli njalana kwajiban nganggo planggeran sing maton nggo landhesan nyejahterakena masrakat, ora mung kanggo awake dhewek.

Banget preyatine angger ndeleng kasus korupsi neng Indonesia. Angger depikir wong-wong sing keblinger kuwe wong sing kelangan jatidirine, ucul sekang karakter budhayane. Pancen karakter kuwe larang regane. Mbangun karakter butuh wektu lan komitmen. Ora mung depercayakena maring wong-wong sing uwis duwe pengalaman lan ngelmu. Kabeh mlaku bareng ndandani kahanan.

Mulane mayuh padha demolahi sekang awake dhewek-dhewek. Aja padha mung bisane prentah ning uga kudu bisa nuladhani. Aja cokan demen gawe sulaya. Angger wis wani janji ya kudu detepati. Disiplin neng babagan apa bae, hukum utamane banget wigatine. Laku alane wong-wong nduwur sing seneng korupsi aja detiru.
Kebumen, 27 Agustus 2012

A M B I J O
Jl. HM. Sarbini 40 Kebumen
Lewih Lengkape

Padha Dadia Teplok

Ana wong picek wengi-wengi ngendong njuran pamitan bali. Sing duwe umah prentah kon nggawa teplok nggo obor. Si tamu sing matane picek ora gelem nampa teploke merga deweke rumangsa ora weruh, nggawa teploka ya percumah. Tujuane sing duwe umah prentah kon nggawa teplok jane konsupayane angger neng ndalan sing peteng papagan karo wong liya ora nganget-kageti lan tubrukan. Merga depeksa, tamune sing matane picek njuran gelem nggawa teploke.

Temenan, urung adoh goli mlaku, wong sing matane picek detabrak neng wong lia merga dalane pancen peteng “Mlaku pecicilan apa ora duwe mata?”. Merga rumangsa salah, sing nabrak meneng baen ora semaur apa-apa, klius nerusna mlakune. Tembung ndilalah, nembe mlaku pirang jangkah wong picek mau detabrak maning neng wong sejene. Sing detabrak ngumpa-umpa ”Apa ko picek ya? Apa ora ndeleng? Inyong goli nggawa teplok toli konsupayane ko bisa weruh inyong.” Sing detabrak ora trima dearani wong picek, njuran mangsuli ”Rika sing picek! Apa rika ora ngreti angger teploke ora murub?. Basan ngreti sing detabrak pancen wong picek, sing nabrak banjur njaluk ngapura. Sing detabrak uga gelem ngapurani lan nerusna mlakune.

Pancen dasare dalane peteng ndedet, ndilalah wong piceke detabrak maning neng wong sejene. Ning wis ora jengkel malah takon maring sing nabrak apa teploke mati. Semana uga sing nabrak uga takon maring sing wong picek apa deweke nggawa teplok.

Wong sekeloron meneng kabeh. Ndilalah kaya ana sing mrentah njur bareng-bareng takon ”Pangapurane apa rika wong ora weruh ?”. Wong sekeloron uga bareng-bareng njawab ”ya”. Jebule wong loro padha piceke. Wong loro wengi-wengi neng petengan padha ngguyu cekakakan banjur padha nggoleti teploke sing tiba. Lagi padha gramakan nggoleti teplok, ana maning wong liwat meh bae nabrak wong loro mau. Wong sing nembe liwat mbatin ”Pancen angger mlaku mbengi kudu nggawa teplok, konsupayane bisa weruh dalan tur wong liya ya dadi weruh angger ana wong liwat.”

Sekang crita neng nduwur mau ana piwulang lamona “lampu teplok“ kuwe bisa gawe padhang, lan kewicaksanan urip. Tegese wong urip kudu bisa gawe padhang lan kudu duwe kewicaksanan sing gedhe. Bisaha goli dadi menungsa nglindungi menungsa liane sekang kedadean lan kahanan sing ora dekarepena.

Wong sing picek nomer siji perlambang watek kemlungkung, gumedhe, gampang jengkel, senenge nyalahena wong liya. Deweke ora rumangsa jane akeh kekurangane. Ning merga olih pitulungan banjur ngrumangsani, bisa dadi wong sabar, ora gumedhe, lan dadi seneng aweh pangapura maring wong liya.

Sebanjure, gambaran wong sing nabrak sepisan, kuwe nggambarena angger siki akeh wong sing padha ora preduli karo wong liya. Neng jaman siki akeh wong sing ngreti hukum ning uga nglanggar hukum. Jane ngreti korupsi kuwe salah ning tetep bae padha korupsi. Mula neng jaman siki akeh sarjana hukum lan para penegak hukum sing dekunjara merga nglakoni korupsi.

Wong sing nabrak kepindone nggambarena wong sing seneng cang-cung salahe wong liya. Padahal kabeh menungsa bisa kepanggonan salah. Engganua angger ana wong liya sing agi kepanggonan salah aja cokan maido. Salahe wong liya mestine bisa dadi kacabenggala. Sapa sing gelem kepanggonan salah. Sapa sing gelem nguja-uja dadi wong picek. Mestine wong sing agi ora weruh dalan detulungi neng wong sing weruh. Gelem padha tulung tinulungan lewih mulya tenumbang mung andon golet salahe wong liya.

Wong sing picek kepindhone nggambarena, kepriwe arep aweh pitulungan maring wong liya wong dheweke baen ora weruh utawane ora ngreti. Mulane saben menungsa engganua seurunge nyalahena wong liya jajal padha ndeleng githoke dhewek disit. Aja padha rumangsa bener lan pintera dhewek. Maling ora kecekel-kecekel pemrentahe sing dealak-alakena, jere ora becus nyambut gawe. Basan kecekel nang luar negeri jere wis ana kong-kong kalikong.

Wong sing liwat keri dhewek nggambarena lamona menungsa kudu duwe kewicaksanan sing gedhe. Angger kepengin uripe migunani maring wong liya kudu bisa jembar ati lan pikirane. Apamaning angger agi deprecaya makili rakyat aja mung mligi mikirna golongane. Aja padha mung senenge nyalahena pemretah sing dadi mitrane. Sing agi deprecaya mimpin pemrentahan uga goli nyambutgawe sing temenanan. Kudu bisa gawe ukara sing sekirane kabeh rakyat padha bisa melu ngrasekena kepenake.

Ana unen-unen ”Sewu obor bisa murub sekang obor siji, lan obor sing nggo ngurubena ora bakal urube dadi sudha”. Gotongroyong, guyub rukun lan padha gelem bagen karo liyane ora bakal marekna suda. Sapa sing gelem mbantu maring wong liya bakale olih pinwales sing lewih gedhe.

Angger mata ora nana sing nutupi dadine weruh, kuping ora nana sing nyumpel dadine krungu, cungur ora nana sing mithet dadine bisa ngambung. Pikiran angger ora ana sing ngaling-alingi dadine thukul kewicaksanaan. Mayuh goli nggolet pepadhang, blajar laku wicaksana aja mandeg konsupayane goli dadi menungsa bisa mampangati tumrap menungsa liyane.

Sri Indriyati, SPd*
Mulang neng SDN 1 Kedungwuluh, Kalimanah, Purbalingga

Lewih Lengkape

Siap Nyithak Prestasi

Salah Sijine Kegiatan MOS SMK N 1 Kawunganten Cilacap

Neng jaman globalisasi sing sarwa cepet mestine debutuhna sumber daya manusia sing mumpuni neng bidange lan ora ketinggalan jaman. Mulane jaman siki debutuhna lembaga pendidikan sing apik, bisa nyukupi kebutuhan ilmu ning ora ucul sekang ciriwancine. Nggo nyukupi kebutuhan sing kaya neng nduwur, taun 2010 madeg SMK Negeri 1 Kawunganteng. Siji-sijine SMK sing ana neng Kawunganten. Manggon neng Jl. Pramuka Gunung Jaya, Bojong, Kawunganten. Goli gawe sekolahan manggoni lemah duweke Pemda sing ambane 15.000m2.

Kawitan madeg SMK Negeri 1 duwe 8 kelas. Ningen siki wis ana 21 kelas lan esih nolak siswa sing arep ndaftar. Kekarepane masrakat nyekolahna anake neng sekolahan negeri pancen dhuwur banget, utamane neng sekolah kejuruan. Mula saben taun ajaran anyar mesti ora kabeh bisa ketampa. Kabeh sekolahan duwe program milih siswa sing bijine apik uga duwe prestasi.

SMK Negeri 1 Kawunganten sing siki depandegani neng Drs. H. Kirso Sugiarto, MM kiye pancen umure klebu enom. Tembe 3 taun. Mulane apa bae detata kawit siki konsupayane manajemene bisa temata kanthi apik. Malah siki SMK Negeri 1 Kawunganten nerapna Sistem Manajemen Mutu ISO 9001: 2008 minangka strategi tumuju sekolahan sing unggul. Nggo mujudna pangangenane, SMK Negeri 1 Kawunganten duwe motto “Pelayanan Prima” Kurikulum. Siki pedoman kurikulume Spektrum Keahlian Baru Tahun 2008.

Bidang Studi Keahlian
SMK Negeri 1 Kawunganten sing siswane ana 876 siki duwe 2 Bidang Studi keahlian yakuwe Teknologi dan Rekayasa lan Teknik Informasi dan komunikasi. Banjur kompetensi keahliane Teknik Kendaraan Ringan 2 kelas, Teknik Sepeda Motor 2 kelas , Multi Media 2 kelas, lan Animasi 2 kelas. Jurusan sing paling akeh peminate yakuwe Multi Media lan Otomotif. Saben taun anyar mesti mbludak sing kepengin mlebu jurusan loro kuwe.

Nggo ndukung suksese kabeh program sing deanakna neng SMK Negeri 1 Kawunganten, siki sekolahane wis duwe laboratorium lan ruang praktek. Laboratorium Komputer tujuane nggo ngoptimalna siswa konsupayane bisa sinau kanthi temen lan ora keri jaman. Ruang praktek deenggo siswa-siswa jurusan teknik konsupayane bisa sinau nyambi praktek merga ana paribasan pengalaman sinau teori ora bakal mumpuni angger ora tau depraktekna. Angger lagi praktek ya mestine ilmu teorine debuktikna. Nah sekang kene pengalaman sinau lan kerja siswa arep tambah mantep.

Bisa Unjuk Gigi
Bocah enom urung mesti kalah karo sing tuwa. Semana uga SMK Negeri 1 Kawunganten. Senajan umure esih telung taun utawa esin enom, ning wis bisa mbuktekna maring sekolahan liyane lamona umur ora bisa dadi alangan duwe prestasi.

Prestasine SMK Negeri 1 Kawunganten akeh pisan, yakuwe: dadi juara II tingkat Kabupaten MTQ taun 2011, juara I Kabupaten Body Repair, Juara I Taekwondo Tingkat Kabupaten taun 2012. Juara II Taekwondo tingkat kabupaten taun 2012, lulus Diklat Salatiga (Sekolah Olahraga Jawa Tengah) sepak bola taun 2011, lan taun 2012 dadi juara III Animasi tingkat Kabupaten.

Siswane tansah deasah kepinterane, semana uga para gurune. Nggo ningkatna profesionalisme, guru-guru neng SMK Negeri 1 Kawunganten sering dekirim melu pelatihan sing wujude diklat, seminar lan liya-liyane.

Ngupayani Siswa Cerdas lan Religius
SMK Negeri 1 Kawunganten kejaba siswane duwe program intrakulikuler uga duwe kegiatan extra kurikuler kayadene: Pramuka, FRISA (Forum Remaja Islam Abu Bakar), BKC (Bandung Karate Club), sepak bola, Volly, English Club, KIR (Karya Ilmiah Remaja), dan Musik.

Nggo mbentuk pribadi sing ora mung pinter neng babagan ilmu lan teknologi, SMK Negeri 1 Kawunganten uga nganakna kegiatan siraman rohani. Kegiatan kiye deanakna saben dina Setu selang-seling karo kegiatan olah raga. Sing aweh siramah rohani kejaba guru uga para Kyai lan Ustadz utamane angger ngepasi pengetan keagamaan. Kegiatan kiye deanakna ancase nggo mbentuk siswa sing nguasai ilmu lan teknologi ning tetep duwe iman, etika lan budipekerti.[SR]

Lewih Lengkape

Siap Sajen, Sowan, Sungkem


Wulan September kiye bar badha masrakat utamane umat Islam wis molahi makarya maning kaya adat sabene. Sing bakul rames wis molahi bukak. Sing dadi pegawe kantoran goli mangkat uga wis gasik. Kaum tani goli meng sawah sedina muput. Sing padha ngode angger wulan puasa langka medangan, siki a uwis padha olih medangan maning. Langgar, Tajug lan Mesjid akeh-akehe bareng wulan puasane wis rampung uga semending maning sing jamangah.
Ana maning owah-owahan neng babagan ronda. Angger wulan Puasa gerdune kebek merga sing ronda uga karo nunggu wektu saur, siki bali kaya maune maning sing ronda mung separo be ora genep. Sing padha ronda wis tekane madan kewengen, nembe dog teka njuran nglegoso jere kemlakaren dadi ngantuki. Angger regune inyong kaya kang Dulah, kang Pitra lan kang Sarwo esih mandan giras ning yakuwe sanguine wedang kopi jahe karo rokoke rong contong.
“Wah kang Dulah rika rampungan nglakoni puasa kayong dadi lewih sehat, wis ora ngangluh boyoke kumat. Kae kang Pitra uga bobote jere suda patang kilo. Inyong uga melu seneng, rampungan puasa watuke kang Sarwo ora grak-grek kumat manig” inyong nyobati karo mertakna keslametan.
“Ya…ya..ya bener kang, wong puasa angger deniati ikhlas lan ngibadah ana bae ganjarane. Kaya inyong siki wis ora kumat rematike merga goli mangan ora jor-joran. Emping mlinjo, jeroan lan kacang tek ilari temenan. Pancen bener ujare Pak dokter, angger puasane temenanan, ngatur mangan bisa ndadekna sehat waras” ujare kang Dulah pamer lamona siki rematike wis mari. Semana uga kanca batir liyane rumangsa lewih waras seuwise nglakoni puasa sewulan muput.
“Angger prenyakite inyong ilang, ana kahanan sing ora ilang-ilang ya kang Bambang, kaya bab kurupsi, rega-rega padha mundak, akeh kacilakan nengendi ora, maling rampog merajalela” Kang Pitra nyelani kambi ngresula bab kahanan sing ora ngepenakena neng jaman siki.
“ Lha …rika koh kaya juru werta akeh temen infone, kayonge uga bener kabeh. Mulane neng jaman siki kudhu akeh iguh pertikele konsupayane ekonomine ora morat-marit. Aja boros, angger bisa ya nyelengi ora ketang seperak rong perak” Inyong melu aweh wawasan semedhing babagan ngatur ekonomi neng jaman siki.
“Angger Inyong sejen maning Kang, dela maning desane dhewek arep ana pilkades. Jago sing uwis kluruk jeremonge ana lima. Ningen pilihan kurang telung wulan ning urung ana gatrane, esih sepi. Malah ana jago sing uwis ngetung-etung ora arep gawe tratag lan ora arep nyuguh angger ana warga sing teka ndengkeng. Jere marekna bojrot. Ning uga ana calon sing uwis wani ngumbar janji jeremonge saben pemilih arewp desangoni Rp. 25 ewuan. Plekara mangan lan udud wis deagani kabeh, sing arep ndengkeng gari njembreng wudhele bae”, Ujare Kang Sarwo ndrememel dawa pisan.
Lha…kiye sing kudhu ngati-ati. Warga sing duwe hak pilih aja padha nggegemangsa. Aja ngiler angger ana sing ngiming-imingi duwit. Aja lena angger ana sing njanjeni muluk-muluk. Dedeleng disit program kerja lan visi misine. Akeh bae calon sing ora duwe program apamaning visi lan misi. Akehe calon padha kemrungsung kepengin gageyan dadi ratu njagong neng kursi empuk” inyong ngemutna kanca bathir sing akeh-akehe padha kepencut karo janji-janjine calon Kades uga calon-calon liyane kayata calon Bupati, Walikota, Gubernur lan Presiden.
“Iya..kang, inyong krungu kabar sekang tangga desa jeremonge nggo nyalon kades ora semending wragade. Ana sing ngomong entenge nganti atusan juta. Wong kadar mung kepengin nyalon ulu-ulu utawane kayim bae ana sing entong nganti jut-jutan. Lah angger njago pilihan Bupati sependuwur sih etenge pira?” ujare Dulah ora kalah goli ngetuprus babagan wragad sing ora semending angger kepengin dadi pemimpin.
“Yakuwe rika kabeh, masrakat kon maklum jaman repormasi lan alam demokrasi kaya kuwe kedadeane. Jeremonge ahli piker, demokrasi kuwe larang regane. Sebab ana perangan UU sing ngatur bab pemilihan langsung nggo ndadekna pemimpin” Inyong nambahi wawasan adhedasar pengalaman lan kedahadean sing uwis mlaku kawit taun 1998.
Anger depikir sing jero, calon Kades sependuwur nyatane kudu siap 3 S sing wujude SAJEN: sing rupane pawitan dhuwit nggo wragad nyalon. SOWAN: yakuwe sregep nemoni masrakat utamane tokoh masrakat sing duwe pengaruh gedhe. SUNGKEM: njaluk pangestu maring para sepuh, uga kulak tutur lan sembur.
Ningen sing lewih penting maning, calon Kades sing menang kudu duwe program sing trewaca, temata bisa derasakena neng masrakat. Pirang-pirang sing bisa delakoni,upamane: Pelayanan sing cekat-ceket lan ora ana pungli, Lembaga Desa kaya LKMD, PKK, Karang Taruna, Kelompok Tani lan RT-RW defungsikna. Sing uga prelu degatekna babagan keamanan, nyengkuyung industry kreatif nggo penguripan warga, ngusahakena wajar 9 tahun, nguripna jiwa gotong royong warga lan ndidik masrakat patuh hokum.
Sing lewih wigati maning, poma-depoma angger wis kepilih Kades lan sepamong-pamonge aja padha kurupsi bandha desa, raskin, PBB, PNPM lan liyane sing marekena bisa dadi plekara neng pulisi utawane kejaksaan. Klilan.[BSP]

Lewih Lengkape

Peyek Yutuk

Mumete Ora Ngapoki

Yutuk utawa sering uga diarani undur-undur segara. Kewan kiye angger sing lembut cokan nggo umpan mancing. Ning angger sing wis sejempol-jempol cokan deolah nggo sing mancing, contone nggo gawe peyek yutuk. Peyek yutuk gampang pisan degolet nang sedawane pantai mbang wetan Cilacap. Nang Pante Widarapayung ya akeh pisan. Saben warung mesthi nyandhing. Peyek yutuk enake depangan bareng pecel utawa lotek nyambi nyawang banyu segara. Angger arep karo kupat ya enak.

Bumbu lan bahan sing nggo gawe peyek yutuk ya padha bae karo gawe peyek liyane. Bawang, ketumbar, uyah karo kencur. “Aku jan-jane angger bar mangan peyek yutuk madan mumet, tapi wong enak ya tek pangan bae. Sing penting aja kakehen,” Ujare Nanung, wong Purakerta sing lagi plesir nang Widarapayung.

Bakul-bakul bisa nggolet yutuk dhewek nang pinggiran segara. Ning sing akeh ya padha tuku yutuk njuran degawe peyek. Rega yutuk urip sekilone Rp. 15 ewu. Rata-rata peyek siji ana yutuke lima. Ning ana uga sing degawe kerep, nganti 8 utawa 10 blindhi.
Carane gawe peyek, yutuk degodhog dhisit njuran dekisatna. Angger wis adhem nembe degoreng karo jer-jeran glepung sing wis debumboni. “Pokoke padha karo gawe peyek lah,” critane Mbok Slamet sing dodolan peyek yutuk, pecel, tahu, mendhowan, kupat lan panganan liyane.

Rega peyek yutuk mung sewu lima ngatus. Angger tukune madan akeh ya malah cokan deimbuhi, jere nggo seduluran karo sing tuku. Angger sing yutuke madan kerep ya rong ewu. “Ya, alhamdulillah. Wingi bar bada akeh pisan sing padha plesir. Dadi peyek yutuke payu akeh,” Mbok Slamet crita karo mesam-mesem.

Jere kabar nang internet, yutuk utawa undur-undur segara kiye uga duwe kasiat. Ana penelitian sing nidhoki lamon yutuk kuwe ngandhung lemak total sing cukup dhuwur antara 17,22 nganti 22,56 presen. Kandhungan asam emak omega3 total (EPA lan DHA) uga dhuwur, anara 7,75 nganti 14,48 presen debandhing karo kewan sing cangkange atos kaya yuyu utawane urang.

Nah, angger kandhungan EPAne kuwe 6,41 nganti 8,41 presen lewih dhuwur teninmbang DHAne sing mung 1,34 nganti 6,57 presen. Anane kandhungan asam emak omega3, yutuk jere monge bisa ngunggahna kadhar insulin sing fungsine bisa ngedhunaken kadhar gula kanggone penderita diabetes. Senajan yutuk ngandhung zat sing apik nggo kesehatan, ning gutul siki ahli gizi urung kompak nemtokna fungsine yutuk nggo kewarasan utawa obat.

Ucul sekang bab kesehatan, peyek yutuk pancen kena dearani panganan khas nang pesiri kidul, Cilacap mbang wetan. Dadi angger padha plesir maring Widarapayung utawa pantai seatan liyane, maran padha decicipi peyek yutuke sing gurih.(03)

Lewih Lengkape

Berlangganan

Cara Berlangganan Majalah ANCAS

Bagi Anda Yang Ingin Berlangganan Majalah ANCAS silahkan menghubungi Nomor Telpon 0281-642386 atau SMS ke 085721261785

Lewih Lengkape

Alamat Redaksi

Jalan DI.Pandjaitan No 8 Purwokerto

Telpon. 0281-642386 Kode Pos 53147

Email: ancas_banyumas@yahoo.co.id

Lewih Lengkape

Minggu, 09 September 2012

Bi Dadi Bu


Uwis sepuluh dina Pak Marto detinggal mati neng sing wadon. Neng umah uwis ora nana sing dejeki gendhu-gendhu rasa. Ora nana sing ngladheni angger wektune madhang. Umah dadi sepi nyenyet. Anak-anake uwis padha bali maring umahe dhewek-dhewek merga kudu mlebu kerja. Sing mbarep bali maring Semarang. Sing nomor loro bali maring Jogja lan sing bontot bali maring Solo. Jane anak-anake wis aseng Pak Marto kon melu maring Semarang, Jogja, utawa Solo. Merga Pak Marto wis pansiun, dadi ujare anak-anake, lewih apik aja urip dhewekan. Urip bareng karo anak lan putu konsupayane ora cinclung. Kuwe uga mujudna tresna lan bektine anak maring rama. Ningen Pak Marto ora gelem.

Inyong arep neng kene bae. Neng umah kiye. Umah kiye akeh kenangan karo swargi ibu,” omonge Pak Marto nalika anak-anake nawani kon melu.

“Bapak teng mriki kalih sinten?” takone Ardi, anak mbarepe sing neng Semarang.

“Neng umah kiye esih ana Bi Rasinah,” jawabe Pak Marto. Rasinah, rayat sing uwis melu Pak Marto kawit enom. Sing momong anak-anake Pak Marto kawit esih cilik. Malah dadi kepercayane Bu Marto jaman mriyange. Rasinah sing blanja. Rasinah sing olah-olah. Rasinah sing ngladheni Pak Marto sekeluwarga.

Anak-anake tetep ngrintihi Pak Marto konsupayane gelem ninggal umah njuran melu salah siji anake. Ningen Pak Marto tetep ora gelem.

Inyong sewektu-wektu dolan maring nggone ko kabeh. Tilik putu kaya gemiyen. Ningen inyong ora bisa melu manggon melu ko padha. Inyong kepengin neng kene bae.”

“Menawi tekade Bapak mpun kados niku, nggih mangga kersa,” ujare anak bontote sing manggon neng Solo. Anak-anake ora bisa meksa bapane.

Bar anak-anake bali maring umahe dhewek-dhewek, siki Pak Marto dadi krasa sepi. Gemiyen isih ana bojone. Siki mung karo Rasinah, rewange. Kuwe bae angger wengi Rasinah bali maring nggone sedulure, merga ora kepenak karo tangga teparo. Jere mbok dadi pitnah. Neng umah ana Pak Marto sing uwis dadi dhudha lan Rasinah sing pancen uwis suwe dadi randha. Mulane angger mbengi Pak Marto thilang-thileng dhewekan. Ora duwe pegawean apa-apa, kejaba mung nonton tipi. Pikirane nglangut. Lakon nalika bojone esih urip cokan kemlebat mrentul neng pikirane.

“Inyong urip dhewekan. Kayane ora sanggup angger deterus-terusna goli urip ora nana sing ngancani,” Pak Marto lambene ndremimil ngomong dhewek. Dheweke dadi mrentul mikir, angger mbengi ana apa-apa ora nana sing nulungi. Senajan kahanan siki sehat, ora duwe riwayat prenyakit sing mbebayani, ning sapa sing ngreti ana bebaya? Sapa sing ngreti lamona sewektu-wektu bisa mriyang?

Pak Marto urip dhewekan uwis sewulan. Tambah dina, tambah krasa sepi. Urip tambah nglangut. Mbuh kepriwe mula bukane, dadakan Pak Marto kepengin mbojo maning. Ning karo sapa? Umure dheweke uwis ora enom maning. Dheweke pensiunan. Angger ora kebener, mbojo maning malah dadi masalah. Urip malah dadi rekasa.

“Rasinah, ya, Rasinah,” Pak Marto mbatin karo ngemper-emper kemutan saben dinane deladeni mangan neng Rasinah. Rayat sing melu dheweke kawit umure isih nembelas taun. Rasinah ngerti aten-atene Pak Marto. Uwis paham pisan apa panganan sing dadi klangenane Pak Marto. Wektu umur rong puluh taun, Rasinah nikah karo Sarno. Ning goli bebojoan ora suwe merga pancen Rasinah ora dhemen karo Sarno.

“Angger inyong mbojo Rasinah, etung-etung mbantu dheweke. Suwe melu inyong. Mengko angger inyong ndhisiti depundhut Gusti Allah, Rasinah bisa olih pansiunan,” Pak Marto ngomong neng mbatin kayong wis mantep arep mbojo maning ngarah rewange.

Dina Ahad, esuk-esuk kaya biasane Rasinah teka maring umahe Pak Marto. Seuwise pegawean pedangan rampung kabeh, Pak Marto njuran ngajak dopokan maring Rasinah. Pak Marto ngomong lamona dheweke kepengin mbojo maning. Lan sing depilih Rasinah. Mesthi bae Rasinah kaget seporete. Dheweke ora nggliga arep delamar neng majikane.

“Bapak ampun guyon kados niku,” Rasinah mangsuli omongane majikane sekligane.

Inyong ora guyon. Merga sing paling ngreti maring inyong, ya mung ko,” omonge Pak Marto katon temenanan.

Rasinah meneng. Mbuh apa sing derasakna. Apa seneng merga drajate arep mundhak sekang rewang dadi Bu Marto. Apa goli meneng merga bingung arep mangsuli apa. Ningen nyatane Rasinah urung precaya maring omongane majikan lanang sing urung suwe dadi dudha.

“Mengkin kepripun Mas Ardi, Mas Galih, lan Mbak Ragil dhateng rencanane Bapak? Kulo yakin, mesthi putra-putrine Bapak mboten bakal setuju mergi kulo niki rewang. Namung bibi teng griya mriki,” Rasinah ngomong karo ndhengkluk.

“Kuwe urusane inyong sing arep ngomong karo bocah-bocah. Sing penting ko gelem dhisit,” omonge Pak Marto.

Rasinah urung bisa njawab apa-apa. Dheweke urung percaya satus persen. Dheweke isih mang-mang.

“Mbok gelem angger ko mbojo karo inyong?” Pak Marto takon maning

“Nggih, kulo ndherek mawon,” jawabe Rasinah karo manthuk.

Bareng Rasinah njawab gelem debojo, Pak Marto banjur njikot HP nelpun anak-anake sekang senthong. Swarane madan seru. Rasinah esih bisa ngrungokna sekang njaba.

“Bapak urip dhewekan, dadi kepengin umah-umah maning.”

Terus meneng. Rasinah ora bisa krungu omonge anak-anake Pak Marto. Rasinah uga ora ngreti sapa sing agi detelpun neng Pak Marto.

“Apa ana aturan angger wong lanang detinggal mati neng bojone kudu nunggu satus dina? Angger wong wadon pancen kudu nunggu telung wulan.” Pak Marto ngomong mandan songol.

Pak Marto uwis mantep arep ngepet bojo Rasinah. Uwis ora kena deomongi neng sapa-sapa. Pokoke wis mantep.

Pak Marto ngurus layang sing debutuhna maring bale desa lan KUA.

Urung satus dina bojone mati, Pak Marto nikah maning. Mung ana petugas KUA, ketua RT, lan tangga teparo sing umahe perek kon dadi seksi. Jumlahe ora ana wong rong puluh acan.

Akad nikah uwis rampung. Dhayoh sing teka padha ngglewehi Pak marto. Sing deglewehi mung mesam-mesem. Rasinah mung meneng. Bingung ngadhepi glewehane dhayohe. Ora let suwe, tamu-tamu padha pamit.

“Bu, ngeneh nonton tipi. Njagong ngeneh,” omonge Pak Marto maring Rasinah sing uwis resmi dadi bojone. Rasinah gisus dhewek neng pedangan. Ora njawab acan pengajake Pak Marto.

Pak Marto nusul marani maring pedangan.

“Bu, ngasah-asahi piring ngesuk bae,” Pak Marto ngrebut piring sekang tangane Rasinah.

“Ko siki udu Bibi maning. Ko siki uwis dadi bojone inyong. Siki dadi Bu Marto,” omonge Pak Marto mbombongi, Rasinah mesem.

*Drs. Widi Purwanto

Guru SMP Negeri 3 Punggelan, Banjarnegara, Jateng 53462

Lewih Lengkape