
Uwis sepuluh dina Pak Marto detinggal mati neng sing wadon. Neng umah uwis ora nana sing dejeki gendhu-gendhu rasa. Ora nana sing ngladheni angger wektune madhang. Umah dadi sepi nyenyet. Anak-anake uwis padha bali maring umahe dhewek-dhewek merga kudu mlebu kerja. Sing mbarep bali maring Semarang. Sing nomor loro bali maring Jogja lan sing bontot bali maring Solo. Jane anak-anake wis aseng Pak Marto kon melu maring Semarang, Jogja, utawa Solo. Merga Pak Marto wis pansiun, dadi ujare anak-anake, lewih apik aja urip dhewekan. Urip bareng karo anak lan putu konsupayane ora cinclung. Kuwe uga mujudna tresna lan bektine anak maring rama. Ningen Pak Marto ora gelem.
“Inyong arep neng kene bae. Neng umah kiye. Umah kiye akeh kenangan karo swargi ibu,” omonge Pak Marto nalika anak-anake nawani kon melu.
“Bapak teng mriki kalih sinten?” takone Ardi, anak mbarepe sing neng Semarang.
“Neng umah kiye esih ana Bi Rasinah,” jawabe Pak Marto. Rasinah, rayat sing uwis melu Pak Marto kawit enom. Sing momong anak-anake Pak Marto kawit esih cilik. Malah dadi kepercayane Bu Marto jaman mriyange. Rasinah sing blanja. Rasinah sing olah-olah. Rasinah sing ngladheni Pak Marto sekeluwarga.
Anak-anake tetep ngrintihi Pak Marto konsupayane gelem ninggal umah njuran melu salah siji anake. Ningen Pak Marto tetep ora gelem.
“Inyong sewektu-wektu dolan maring nggone ko kabeh. Tilik putu kaya gemiyen. Ningen inyong ora bisa melu manggon melu ko padha. Inyong kepengin neng kene bae.”
“Menawi tekade Bapak mpun kados niku, nggih mangga kersa,” ujare anak bontote sing manggon neng Solo. Anak-anake ora bisa meksa bapane.
Bar anak-anake bali maring umahe dhewek-dhewek, siki Pak Marto dadi krasa sepi. Gemiyen isih ana bojone. Siki mung karo Rasinah, rewange. Kuwe bae angger wengi Rasinah bali maring nggone sedulure, merga ora kepenak karo tangga teparo. Jere mbok dadi pitnah. Neng umah ana Pak Marto sing uwis dadi dhudha lan Rasinah sing pancen uwis suwe dadi randha. Mulane angger mbengi Pak Marto thilang-thileng dhewekan. Ora duwe pegawean apa-apa, kejaba mung nonton tipi. Pikirane nglangut. Lakon nalika bojone esih urip cokan kemlebat mrentul neng pikirane.
“Inyong urip dhewekan. Kayane ora sanggup angger deterus-terusna goli urip ora nana sing ngancani,” Pak Marto lambene ndremimil ngomong dhewek. Dheweke dadi mrentul mikir, angger mbengi ana apa-apa ora nana sing nulungi. Senajan kahanan siki sehat, ora duwe riwayat prenyakit sing mbebayani, ning sapa sing ngreti ana bebaya? Sapa sing ngreti lamona sewektu-wektu bisa mriyang?
Pak Marto urip dhewekan uwis sewulan. Tambah dina, tambah krasa sepi. Urip tambah nglangut. Mbuh kepriwe mula bukane, dadakan Pak Marto kepengin mbojo maning. Ning karo sapa? Umure dheweke uwis ora enom maning. Dheweke pensiunan. Angger ora kebener, mbojo maning malah dadi masalah. Urip malah dadi rekasa.
“Rasinah, ya, Rasinah,” Pak Marto mbatin karo ngemper-emper kemutan saben dinane deladeni mangan neng Rasinah. Rayat sing melu dheweke kawit umure isih nembelas taun. Rasinah ngerti aten-atene Pak Marto. Uwis paham pisan apa panganan sing dadi klangenane Pak Marto. Wektu umur rong puluh taun, Rasinah nikah karo Sarno. Ning goli bebojoan ora suwe merga pancen Rasinah ora dhemen karo Sarno.
“Angger inyong mbojo Rasinah, etung-etung mbantu dheweke. Suwe melu inyong. Mengko angger inyong ndhisiti depundhut Gusti Allah, Rasinah bisa olih pansiunan,” Pak Marto ngomong neng mbatin kayong wis mantep arep mbojo maning ngarah rewange.
Dina Ahad, esuk-esuk kaya biasane Rasinah teka maring umahe Pak Marto. Seuwise pegawean pedangan rampung kabeh, Pak Marto njuran ngajak dopokan maring Rasinah. Pak Marto ngomong lamona dheweke kepengin mbojo maning. Lan sing depilih Rasinah. Mesthi bae Rasinah kaget seporete. Dheweke ora nggliga arep delamar neng majikane.
“Bapak ampun guyon kados niku,” Rasinah mangsuli omongane majikane sekligane.
“Inyong ora guyon. Merga sing paling ngreti maring inyong, ya mung ko,” omonge Pak Marto katon temenanan.
Rasinah meneng. Mbuh apa sing derasakna. Apa seneng merga drajate arep mundhak sekang rewang dadi Bu Marto. Apa goli meneng merga bingung arep mangsuli apa. Ningen nyatane Rasinah urung precaya maring omongane majikan lanang sing urung suwe dadi dudha.
“Mengkin kepripun Mas Ardi, Mas Galih, lan Mbak Ragil dhateng rencanane Bapak? Kulo yakin, mesthi putra-putrine Bapak mboten bakal setuju mergi kulo niki rewang. Namung bibi teng griya mriki,” Rasinah ngomong karo ndhengkluk.
“Kuwe urusane inyong sing arep ngomong karo bocah-bocah. Sing penting ko gelem dhisit,” omonge Pak Marto.
Rasinah urung bisa njawab apa-apa. Dheweke urung percaya satus persen. Dheweke isih mang-mang.
“Mbok gelem angger ko mbojo karo inyong?” Pak Marto takon maning
“Nggih, kulo ndherek mawon,” jawabe Rasinah karo manthuk.
Bareng Rasinah njawab gelem debojo, Pak Marto banjur njikot HP nelpun anak-anake sekang senthong. Swarane madan seru. Rasinah esih bisa ngrungokna sekang njaba.
“Bapak urip dhewekan, dadi kepengin umah-umah maning.”
Terus meneng. Rasinah ora bisa krungu omonge anak-anake Pak Marto. Rasinah uga ora ngreti sapa sing agi detelpun neng Pak Marto.
“Apa ana aturan angger wong lanang detinggal mati neng bojone kudu nunggu satus dina? Angger wong wadon pancen kudu nunggu telung wulan.” Pak Marto ngomong mandan songol.
Pak Marto uwis mantep arep ngepet bojo Rasinah. Uwis ora kena deomongi neng sapa-sapa. Pokoke wis mantep.
Pak Marto ngurus layang sing debutuhna maring bale desa lan KUA.
Urung satus dina bojone mati, Pak Marto nikah maning. Mung ana petugas KUA, ketua RT, lan tangga teparo sing umahe perek kon dadi seksi. Jumlahe ora ana wong rong puluh acan.
Akad nikah uwis rampung. Dhayoh sing teka padha ngglewehi Pak marto. Sing deglewehi mung mesam-mesem. Rasinah mung meneng. Bingung ngadhepi glewehane dhayohe. Ora let suwe, tamu-tamu padha pamit.
“Bu, ngeneh nonton tipi. Njagong ngeneh,” omonge Pak Marto maring Rasinah sing uwis resmi dadi bojone. Rasinah gisus dhewek neng pedangan. Ora njawab acan pengajake Pak Marto.
Pak Marto nusul marani maring pedangan.
“Bu, ngasah-asahi piring ngesuk bae,” Pak Marto ngrebut piring sekang tangane Rasinah.
“Ko siki udu Bibi maning. Ko siki uwis dadi bojone inyong. Siki dadi Bu Marto,” omonge Pak Marto mbombongi, Rasinah mesem.
*Drs. Widi Purwanto
Guru SMP Negeri 3 Punggelan, Banjarnegara, Jateng 53462
Tidak ada komentar:
Posting Komentar