Selasa, 11 September 2012

Siap Nyithak Prestasi

Salah Sijine Kegiatan MOS SMK N 1 Kawunganten Cilacap

Neng jaman globalisasi sing sarwa cepet mestine debutuhna sumber daya manusia sing mumpuni neng bidange lan ora ketinggalan jaman. Mulane jaman siki debutuhna lembaga pendidikan sing apik, bisa nyukupi kebutuhan ilmu ning ora ucul sekang ciriwancine. Nggo nyukupi kebutuhan sing kaya neng nduwur, taun 2010 madeg SMK Negeri 1 Kawunganteng. Siji-sijine SMK sing ana neng Kawunganten. Manggon neng Jl. Pramuka Gunung Jaya, Bojong, Kawunganten. Goli gawe sekolahan manggoni lemah duweke Pemda sing ambane 15.000m2.

Kawitan madeg SMK Negeri 1 duwe 8 kelas. Ningen siki wis ana 21 kelas lan esih nolak siswa sing arep ndaftar. Kekarepane masrakat nyekolahna anake neng sekolahan negeri pancen dhuwur banget, utamane neng sekolah kejuruan. Mula saben taun ajaran anyar mesti ora kabeh bisa ketampa. Kabeh sekolahan duwe program milih siswa sing bijine apik uga duwe prestasi.

SMK Negeri 1 Kawunganten sing siki depandegani neng Drs. H. Kirso Sugiarto, MM kiye pancen umure klebu enom. Tembe 3 taun. Mulane apa bae detata kawit siki konsupayane manajemene bisa temata kanthi apik. Malah siki SMK Negeri 1 Kawunganten nerapna Sistem Manajemen Mutu ISO 9001: 2008 minangka strategi tumuju sekolahan sing unggul. Nggo mujudna pangangenane, SMK Negeri 1 Kawunganten duwe motto “Pelayanan Prima” Kurikulum. Siki pedoman kurikulume Spektrum Keahlian Baru Tahun 2008.

Bidang Studi Keahlian
SMK Negeri 1 Kawunganten sing siswane ana 876 siki duwe 2 Bidang Studi keahlian yakuwe Teknologi dan Rekayasa lan Teknik Informasi dan komunikasi. Banjur kompetensi keahliane Teknik Kendaraan Ringan 2 kelas, Teknik Sepeda Motor 2 kelas , Multi Media 2 kelas, lan Animasi 2 kelas. Jurusan sing paling akeh peminate yakuwe Multi Media lan Otomotif. Saben taun anyar mesti mbludak sing kepengin mlebu jurusan loro kuwe.

Nggo ndukung suksese kabeh program sing deanakna neng SMK Negeri 1 Kawunganten, siki sekolahane wis duwe laboratorium lan ruang praktek. Laboratorium Komputer tujuane nggo ngoptimalna siswa konsupayane bisa sinau kanthi temen lan ora keri jaman. Ruang praktek deenggo siswa-siswa jurusan teknik konsupayane bisa sinau nyambi praktek merga ana paribasan pengalaman sinau teori ora bakal mumpuni angger ora tau depraktekna. Angger lagi praktek ya mestine ilmu teorine debuktikna. Nah sekang kene pengalaman sinau lan kerja siswa arep tambah mantep.

Bisa Unjuk Gigi
Bocah enom urung mesti kalah karo sing tuwa. Semana uga SMK Negeri 1 Kawunganten. Senajan umure esih telung taun utawa esin enom, ning wis bisa mbuktekna maring sekolahan liyane lamona umur ora bisa dadi alangan duwe prestasi.

Prestasine SMK Negeri 1 Kawunganten akeh pisan, yakuwe: dadi juara II tingkat Kabupaten MTQ taun 2011, juara I Kabupaten Body Repair, Juara I Taekwondo Tingkat Kabupaten taun 2012. Juara II Taekwondo tingkat kabupaten taun 2012, lulus Diklat Salatiga (Sekolah Olahraga Jawa Tengah) sepak bola taun 2011, lan taun 2012 dadi juara III Animasi tingkat Kabupaten.

Siswane tansah deasah kepinterane, semana uga para gurune. Nggo ningkatna profesionalisme, guru-guru neng SMK Negeri 1 Kawunganten sering dekirim melu pelatihan sing wujude diklat, seminar lan liya-liyane.

Ngupayani Siswa Cerdas lan Religius
SMK Negeri 1 Kawunganten kejaba siswane duwe program intrakulikuler uga duwe kegiatan extra kurikuler kayadene: Pramuka, FRISA (Forum Remaja Islam Abu Bakar), BKC (Bandung Karate Club), sepak bola, Volly, English Club, KIR (Karya Ilmiah Remaja), dan Musik.

Nggo mbentuk pribadi sing ora mung pinter neng babagan ilmu lan teknologi, SMK Negeri 1 Kawunganten uga nganakna kegiatan siraman rohani. Kegiatan kiye deanakna saben dina Setu selang-seling karo kegiatan olah raga. Sing aweh siramah rohani kejaba guru uga para Kyai lan Ustadz utamane angger ngepasi pengetan keagamaan. Kegiatan kiye deanakna ancase nggo mbentuk siswa sing nguasai ilmu lan teknologi ning tetep duwe iman, etika lan budipekerti.[SR]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: