“Sing jenenge murid nang endi baen
mesti ngadhepi masalah pirang-pirang. Kadhangan masalah sekang umah urung
rampung, ketemu maning masalah nang sekolah, nang pergaulan. Malah ketambahan kudu
ngadhepi ulangan sing pirag-pirang. Pokoke sing aran masalah ora ana rampunge. Ning
anane masalah kuwe ora njuran dejorna, tapi derampungi. Supaya ora mumet ya
karo mesem goli ngadhepi,”
Kaya kuwe tinemune Anisa Faedatul
Warohmah utawa sing sering deundang Nisa. Siswa kelas VIII SMP Negeri 3
Bukateja kiye dadi ranking 1, rata-rata bijine 89. Kawit nang SD bijine uga
apik.
“Angger kabeh masalah deadhepi karo
mesem, ora grusa-grusu, ora kesusu, ora kemrungsung emperen masalah kuwe bisa
rampung,”
Nisa pancen bisa dearani bocah ndesa
sebab pancen asline bocah desa. Nisa lair nang Desa Kebutuh, Bukateja. Sugito
Ali Miftahudin lan Rahmawati sing dadi rama biyunge mung buruh tani. Senajan
wong tuwane mung buruh tani, Nisa ora mungkret goli duwe cita-cita. Dokter. Ya,
Nisa kepengin dadi dokter sing bisa tulung sepadha-padha, maring wong ora
mampu, lewih-lewih maring wong desa sing pancen esih kurang wigaten maring
babagan kesehatan.
Bijine apik bocahe aktip. Nisa
pancen sregep nang organisasi sekolahan, ana OSIS, PMR, Pramuka uga KKR. Sebab
pancen dheweke ketua PMR nang sekolahan, mulane angger ana lomba PMR ya Nisa
kon makili. Maju lomba PMR Teladan Tingkat Kabupaten kasil Juara I, Tingkat
Propinsi dadi Juara Harapan I. Lomba Pramuka Perwira Adventure Tingkat
Kabupaten olin Nomor I, Lomba BFAI Tingkat Kabupaten ya Juara I lan esih akeh
prestasi liyane maning.
Nalikane Nisa dejaluki penemu
ngenani akehe tawuran sing detayangna TV dheweke semaure entheng.
“Alhamdulillah nang SMP 3 Bukateja Kepala Sekolah wis gawe tim khusus. Tugase
ana sing ngemutna murid saben arep mlebu sekolahan, ana sing tugase ngecek tas
ngantisipasi murid ana sing nggawa macem-macem. Seliyane kuwe, murid lan wong
tuwane uga dekumpulna bareng nang sekolahan saprelu njelasna platuran lan tata
tertib sekolah. Sing lewih tegas kuwe; murid SMP 3 mbuh sapa bae angger
terlibat gelut utawa tawuran mesthi bakal langsung detokna.” Semaure Nisa
ndrubul mungkasi dopokan. (Kang Narso)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar