Mangsa
ketiga dawa akeh wong kangelan golet banyu. Apamaning neng panggonan sing
pancen dhasare angel banyune. Mangsa ketiga dawa nyebabna kali, sumur, belik
utawa tuk padha sat. Kanggone masrakat sing pedinane goli nganggo banyu
ngendelna maring sumur utawane belik banget rekasane merga banyu pancen dadi
plekara sing wigati tumrape wong urip. Ora mung kuwe, mangsa ketiga uga akeh
pelanggan banyu ledheng padha ngangluh jere miline angger wengi thok. Wis kaya
kuwe banyune uga ithir-ithir.
Jaman
gemiyen senajan mangsa ketiga ora patiya kangelan golet banyu. Apamaning angger
ketigane ora suwe. Ya ana, ning mung nggon-nggonan, kena deetung. Neng mangsa
rendheg banyu uga dadi plekara wigati. Tekane mangsa udan jaman siki cokan dadi
mala. Akehe banyu kejaba marekena blabur uga bisa dadi jalaran gugure lemah
sing cokan nggawa kurban.
Mangsa
ketiga utawa mangsa rendheng kanggone kaum tani neng jaman siki padha-padha
bisa dadi jalaran rusake tanduran. Angger neng mangsa ketiga tandurane garing, parine
puso merga kurangen banyu. Lah angger mangsa rendheng tandurane bosok merga
keblaburen. Banyu kejaba bisa dadi berkah, manpangati tumrap menungsa uga bisa
dadi mala sing ngrugekna penguripan.
Pitakonane;
kenangapa banyu sing kudune dadi berkah
malah dadi mala? Unen-unen angger mangsa ketiga ora bisa cewok, mangsa
rendheng ora bisa ndhodhok bisa kedadeyan neng ngendi bae. Neng kota sing jaman
ganu ora tau kenang blabur, neng jaman siki udan sekrayakan paribasane bisa
njalari sedawane dalan kebek banyu.
Banyu
pancen banget wigatine tumrape menungsa. Neng sejarah uga kecrita akeh
peradaban manungsa sing lestari ngetutna sumbere lan iline banyu. Bangsa
Mesopotamia sing ketelah dadi pembukane peradaban modern uga manggon neng
antarane kali Tigris lan Euphrates. Mesopotamia miturut etimologi asale sekang
tembung Mesos sing artine tengah lan Potamos sing artine kali. Anane kali
Euphrates sing dawane 2.815 km lan kali Tigris sing dawane 2.045 km dadi
piyandel sing utama tumrap ngrembakane bangsa Mesopotamia. Dhaerahe nggo
tetanen sing banget subure, tlatahe antarane Laut Tengah nganti butul Teluk
Persia. Kewentar dearani “daerah subur bulan sabit” utawa neng basa inggrise
dearani “the fertile crescent“, merga
dhaerah kuwe wujude kaya wulan tanggal enom.
Peradaban
bangsa Mesir Kuna uga gemantung maring kali Nil. Bangsa India banget goli
ngendelna maring kali Gangga. Umat Hindu sing ana neng India nganti nganggep
kali Gangga dadi panggonan suci sing kramat. Banyune kali Gangga deanggep bisa
nggo ngumbah dosa-dosane menungsa. Peradaban bangsa Tiongkok utawa Cina uga
thukul sekang pinggir kali sing dearani kali Yang Tse Kiang lan kali Hoangho.
Semana uga akeh pusat pemrentahan jaman kerajaan neng Nusantara sing madege
milih neng pinggir kali utawane segara.
Nah,
jaman siki banyu sing maune dadi piyandel kemajuane peradaban wis owah merga lakune
menungsa. Banyu sing ana sajrone bumi pancen bisa uga enteke esih ewonan utawa
jutaan taun maning. Ning babagan lahan pertanian sing kurangen banyu, kurange
banyu sing bresih lan sehat siki wis derasakena.
Saben-saben
mangsa ketiga teka akeh dhaerah metu werta kurangen banyu. Kaum tani rebutan
banyu nggo ngileni sawah, malah-malah bisa ana kedadeyan wong tani dadi
congkrah merga rebutan banyu ngieni tanduran. Wong tani gedhe banget
pengarep-arepe maring pemrentah gageyan mbrantas pleraka kurange banyu.
Semana
uga sing neng kota, angger teka mangsan terang dawa krasa pisan rekasane. Banyu
resik sing nggo nyukupi kebutuhan pedinan sing ngendelna PDAM sengasaya ngithir
cilik iline. Padahal angger wong kota akeh-akehe wis ora padha ngingu sumur.
Tuku banyu ideran kejaba madan larang uga kewatir mbokan banyune goli ngangsu
sekang kali sing wis kenang cemar limbah. Sarwa-sarwine angger mangsan terang
dawa kangelan babagan banyu resik ora nang kota ora ndesa.
Bagen
banyu resik sing dewatesi, cemare banyu sajrone bumi, sengsaya sudane
sumber-sumber banyu dadi sebab gari kurange banyu resik. Tekan mangsane mengko temen-temen
ana kedadeyan banyu dadi barang sing banget larang regane. Sing njalari owahe
banyu sekang gawe manpangat dadi bebaya kuwe merga lakune menungsa dhewek.
Kejaba masalah jumlah menungsane sing terus tambah akeh sudane banyu resik uga
merga rusake lingkungan. Abrasi kisik njalari mrembese banyu segara maring
daratan. Kiye dadi sebab banyu sing neng njero lemah terkontaminasi. Goli padha
ator wit-witan gedhe, nggugrugi gunung sing cokan sekarepe dhewek uga dadi
sebab ilange banyu. Goli padha mbuwang runtah lan mbuwang limbah pabrik maring kali
uga njalari banyu dadi kotor lan mbebayani angger dekonsumsi.
Miturut
lembaga Wold Water Assesment Programe
(WWAP), taun 2025 sepertelon penduduk bumi bakale manggon neng tlatah sing
kurangen banyu. Merga krisis banyu sing nemen pisan dadi jalaran thukule
pirang-pirang prenyakit. Merga krisis banyu sing parah bakale akeh negara penduduke
padha kencoten. Saking rumite babagan banyu akeh sing ngomongna mengko ana titimangsane
akeh wong padha congkrah, malahane perang mung rebutan banyu kaya siki padha
perang rebutan sumber energi minyak utawa gas bumi.
Inyong
rika padha siki wis mangsane kudu mikirna, ngada-ada, ngupayani kepriwe carane
ora kentekan sumber banyu utamane banyu resik. Mayuh padha molahi seneng nandur
wit-witan lan mandheg goli ngguguri gunung. Mbuwang runtah neng kali, laku
boros banyu uga kudu delereni. Nganggo banyu secukupe. Lestarine lingkungan,
lestarine banyu. [04]