Purbalingga duwe kali Klawing sing ngliwati
pirang-pirang desa lan kecamatan. Tuk kali Klawing nang Gunung Slamet iring
wetan njuran mili adoh tempuk maring kali Srayu nang kecamatan Somagede,
Banyumas. Kali Klawing nduweni pirang-pirang crita sing ngemu sejarah. Malah
ana kemungkinan dadi salah sijine pusat peradaban neolitikum antarane
5000-10.000 taun kepungkur. Data nang Museum Purbalingga wis ana 24 situs
sejarah sedawane kali Klawing. Ana 21 jejak sejarah, 8 watu menhir uga 42 ewu
alat watu liyane sing wujud gelang, sisir, beliung lan sepenunggale. Mung bae
urung nemu rangka menungsa nggo nguwatna temuan barang-barang jaman purba kuwe.
Saliyane ngemu sejarah kali Klawing uga pirang-pirang
potensine. Ana potensi ekonomi rupa pasir sing biasa dejukut nggo mbangun
gedhong, iwak kali sing gurih tur legi, krikil utawa watu sing bisa nggo gawe mata ali-ali, bandhul
kalung utawane liontin. Ana watu le
sang du christ, pancawarna, badar besi, biduri lumut, naga sui, kinyang uga ana
fosil kayu.
Malah winginane ana tim sekang Museum Geologi Bandung
teka saprelu nganakna penelitian anane potensi batu mulia rupa le sang du crist utawa watu kristus. Alesane watu
kiye dadi goletane para kolektor watu sing ora nang dalam negri thok malah
tekan Prancis mbirengan. Dadi pihak Museum Geologi Bandung kudu duwe koleksi
lan rinciane.
Potensi iwak ana nang sedawane kali Klawing,
werna-werna rupane tur enak rasane. Ana melem, tawes, baceman lan sapanunggale.
Mulane angger liwat pinggiran kali Klawing gampang pisan ketemu wong
jejer-jejer nunggoni walesan utawane padha njala. Debet banyune uga akeh.
Mulane kawit taun 2010 debangun Bendungan Slinga nang kecamatan Kaligondang
sing anggarane 47 milyar lewih. Bendungan kiye mengko-mengkone bisa ngileni
sawah nganti 6.727 hektar. Dadi masrakat bisa ngumat sawah ora kangelan banyu.
Sawise rampung gawe bendungan kuwe njuran arep ana Tahap II sing rupa
pembangungan jaringan irigasi nggo 3 kecamatan; Bojongsari, Purbalingga lan
Kemangkon sing ngileni sawah antarane 6 ewu hektar sing ngentekna biaya 50
milyar sekang APBN.
Seliyane nggo ngileni sawah, nang desa Palumbungan,
Bobotsari uga arep debangun bendung mikrohidro nggo gawe pembangkit listrik
tenaga air kapasitas 5 miga watt sing biayane 25 milyar murni investasi swasta.
Angger watu utawa krikil sing regane larang tah nang sekitaran kecamatan
Bobotsari, Karanganya lan Mrebet. Mulane akeh uga mahasiswa sing padha nganakna
penelitian nggo tugas kuliah nang kali Klawing.
Malah siki nang ndhuwure kali Klawing lagi degawe
proyek gedhe, Jembatan Linggamas. Anggaran gawe brug kiye Rp
16,7 milyar paroan karo kabupaten Banyumas. Purbalingga 9,3 milyar, Banyumas
7,4 milyar. Seliyane nggo nggampangna transportasi masrakat jembatan kiye mengko-mengkone
uga arep dadi jalur utama maring Bandara Wirasaba nang desa Wirasaba, kecamatan
Bukateja. Rencana debukake bandara nggo penerbangan komersial kiye lagi
deseriusi temenan.
Program kiye uga desengkuyung
kabupaten tangga; Banyumas, Banjarnegara, Wonosobo uga Kebumen. Para bupati
kompak duwe pinemu lamon Lanud Wirasaba debukak nggo komersil bisa aweh
manpangat gedhe tumrap ningkate perekonomian, niaga uga wisata. Sing kaya kiye
genah bisa gawe efek domino sing
positip maring pembangunan sekabehane.
Nggo njaga lestarine kali Klawing,
Pemda Purbalingga uga nganakna normalisasi rupa masang bronjong, pengerukan uga
gawe tanggul nggo nahan abrasi sekang bendung slinga nganti tempuran kali
Srayu. Moga-moga kali Klawing tetep aweh berkah sumrambah minangka ningkate sejahtera
lan makmure masrakat sekaehane. Klilan. (03)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar