Rabu, 14 November 2012

Pesta Ngadeg


Warti nampa uleman sekang batire neng Jakarta. Amplop wernane abang tuwa, kertase kandel pisan. Ambune wangi kaya desogi kembang melati. Tulisane nganggo mangsi kuning emas. Ana gambare calon penganten sing tangane agi padha cekelan karo mesem pandeng-pandengan. Warti goli gumun ora mandheg-mandheg. Gawe undangan koh maen temen, sepira regane, njuran ngesuk arep kondangan pira pantese?

Nampa uleman kaya kuwe batine Warti niyat arep teka maring Jakarta senajan sangune kudu akeh. Dheweke ya kemudu-kudu teka wong wis dewanti-wanti nang Surti, angger dheweke ningkahan Warti kudu teka. Pancen dhasare kawit cilik Warti karo Surti kuwe batir sing ruket. Sekang SD gutul SMP, bocah loro kuwe bareng terus. Ya dolan, ya sekolah, mesthi bareng-bareng. Neng endi papan ana Warti mesti ana Surti. Warti lan Surti kaya sedulur sinarawedhi.

Mung bareng wis lulus SMP bocah loro kuwe banjur pisah. Warti milih neng urip neng desa. Surti jere arep golet pengalaman neng Jakarta. Senajan kaya kuwe bocah loro ora tau pedhot goli batiran. Surti sering SMSan karo Warti. Angger bada Surti ya mesthi bali lan ora kelalen nggawakna jajan bada nggo Warti.
***
Selawase neng Jakarta, Surti sing dhasare pancen ayu lan pinter jeremonge ngodhe dadi pelayan toko. Ndilalah juragane seneng karo penggaweyane Surti. Mulane Surti kon sekolah maning. Bareng wis lulus SMA, Surti njuran kon nerusna kuliah neng bagian komputer. Suwe-suwe juragane kepencut gutul ati. Si Juragan nganti niat arep mbojo Surti. Pancen wis dadi tulise ndeyan. Surti uga gelem debojo nyatane dheweke meneng-meneng uga seneng maring juragane. Apa maning dheweke ya kepengin ngubah nasibe.

Ningkahane Surti karo juragane wis detemtokna wektune. Goli resepsi neng gedhong neng dhaerah Pasar Senen. Undhangan wis desebar kabeh nganti butul Warti. Warti nyepur maring Jakartane. Gutul Jatinegara Warti SMS adhine sing neng Jakarta kon methuk. Warti nginep neng kontrakane Parno, adhine. Ngesuke dheweke teka maring nggon pesta ningkahane Surti debatiri Parno.

Warti mlebu gedhung karo Parno. Senajan mangkate gasik ning jebule dhayohe wis akeh sing teka. Warti karo Parno antri saprelu nyalami penganten.
“Selamat ya. Ti. Ko siki wis dadi wong sugih. Ning aja kelalen karo inyong, ya,” Warti ngrisiki Surti.
 “Ya War, inyong ya tetep batire Ko. Inyong ora bakal kelalen.” Ujare Surti karo mesem katon bungah pisan.
Pancen si Surti praupane ayu, dedandani sandhangan penganten ya tambah keton murub ayune. Kabeh dhayoh sing teka ngalem maring Surti.
“Trims ya War, ko bisa ngeneh nekani ijabe inyong,” Ujare Surti.
Rampung goli salaman Warti desengi Parno maring nggon panganan.
“Mayuh, Yu, arep mangan apa? Gari milih sekarepe rika” Warti mung ngetutna adhine mubang-mubeng bingung ndeleng panganan pirang-pirang. Warti tambah ora mudheng bareng ndeleng tamu semana akehe goli padha mangan karo ngadeg merga pancen ora desediani kursi nggo njagong. Wis kaya kuwe tamune umyek akeh pisan.
Warti wadul karo Parno. ”Lha, wong padha mangan koh karo mlaku-mlaku karo dopokan. Kiye sih anu kepriwe deneng ora nana jagongane, No,” Warti takon adhine.
 “Yu, kiye arane standing party. Cara jawane pesta ngadeg. Siki umume wong mbaranggawe neng kota ya kaya kiye,” Parno semaur karo nerangna lamon pesta ngadeg wis dadi lumrahe wong mbaranggawe neng kota gedhe kaya Jakarta.
“Ngeneh, Yu. Arep mangan sing endi. Arep nyicipi kambing guling, apa?” Parno nawani mbokayune sing esih keton gumun maring kahanan sing ana.
“Mengko dhisit, No. Inyong tek ndeleng-ndeleng dhisit, panganan koh akeh temen”.
Warti terus mlaku-mlaku karo Parno. Warti tambah bingung bareng maca neng saben gubugan ana jeneng panganane. Pokoke werna-werna pisan. Ana Tempura, Sukiyaki, Korean Barbeque, Zupa Zup, Kambing Guling terus mbuh apa maning saking akehe.
Wong semana akehe goli padha mangan katon dhokoh pisan. Kabeh karo ngadeg, karo guyon.
“Korean Barbeque si apa, No,” Warti takon maring adhine.
“Oh, kuwe daging panggang, Yu. Arep nicipi apa?”
“Lha, mangan daging thok ora nganggo sega?”
“Ya ora, angger arep mangan sega, ya kae nang kana”.
“Lha angger Zupa Zup kae apa?”
“Carane dhewek goli ngarani ya sop. Kae ndhuwure ana rotine njero ana sope”.
“Ya inyong tek njajal sop bae lah,” Warti njukut sop sing ndhuwure ana rotine. Rotine desogi saos terus decemplungna maring sop. Bareng rotine wis decampur sop, Warti nyendhok. Warti kaget, jebule sope esih panas. Warti ora sida mangan sop. Warti ndeleng Parno sing keton wis pengalaman neng Jakarta. Sawernane panganan neng Parno decicipi, ketone enak pisan. Warti mbatin; “Apa Parno ora kewlakaren, apa-apa depangan?”
Warti mereki Parno. “No, Angger ko wis rampung goli mangan mayuh padha gageyan bali bae. Inyong ora bisa mangan neng kene”.
“Kenaangapa si, Yu?” Parno takon semune mandan ora cocog krungu omongane mbekayune.
“Ilate inyong ora teyeng mangan panganan kaya kiye, No. Apamaning goli mangan karo ngadeg. Inyong ora teyeng. Inyong kemutan welinge mamake angger mangan karo nginum kon kudu njagong,”
“Rika lah ndeos temen lah, Yu. Siki toli jaman wis modern,” ujare Parno kayong mbelani kahanan sing ana.
“Ya, modern kena bae, No. Ning angger ora nglanggar sopan santun. Lha, angger apa-apa modern mesthi deconto mengko ya uripe ora karu-karuan. Lha, wong mangan karo mlaku-mlaku apa patut si? Kuwe ya udu mung jere wong tuwa thok, neng agama ya delarang angger mangan karo ngadeg utawa mlaku-mlaku. Pokoke iyong ora bisa melu-melu kemajuan jaman kiye sing ora pas karo budayane dhewek,” Warti goli ngomong maring parno madan dawa tur keton madan kesuh. “Angger goli mangan wis rampung, mayuh padha bali” Sidane Warti ora mangan apa-apa nang pestane Surti. Warti urung bisa nampa budaya-budaya sing jere modern, ninggal tata krama.
***
Gutul kontrakane Parno si Warti ngejog wedang kopi mau esuk sing urung deinggirna. Gedhang goreng karo munthul sing tuku mau esuk sisan desaut njuran depangan. Kanggone Warti, munthul karo gedhang goreng senajan wis adhem lewih enak rasane tenimbang mangan panganan sing jeremonge enak-enak ning goli mangan karo ngadeg. Batine Parno ngrundel, “Dhasar wong ndesa dejaki mangan enak ya malah kakehen cangkem”.
Sumilir, Mei 2012

Kusbarlinah, S.Pd.SD.
Sumilir Rt 03/I, Kec. Kemangkon, Purbalingga

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: