Seprane-seprene
wong Jawa Tengah lan sakubenge wis ora pangling karo permen Davos. Wujude
gepeng, putih rasane semriwing. Lah, angger Dawos kiye asli weton Purbalingga?.
PT Slamet Langgeng depimpin daning Bapak Siem Tjong An kawit
taun 1961 nganti taun 1968, lan taun 1968 jabatan pimpinan perusahaan deweken
maring Bapak Toni Siswanto Hardi merga Bapak Siem Tjong An nutugna sinau maring
Belanda. Bapak Toni Siswanto Hardi mimpin PT Slamet Langgeng nganti akhir wulan
Juni 1983 merga dheweke tilar dunya. Kawit kuwe perusahaan depimpin Ibu Corie
Sumadibrata nganti Mei 1985. Merga umur, jabatan pimpinan deweken maring Bapak
Budi Handoyo Hardi kawit tanggal 1 Juni 1985 nganti siki.
Davos kuwe jeneng kutha hawane adhem sing ana neng Swiss. Kutha cilik nang pegunungan Alphen kuwe dadi insprirasine PT Slamet
Langgeng njenengi permen rasa methol
kiye lan sing
pertama ana neng
Indonesia. Merga wis dadi perusahaan sing nglegenda
mestine udu prekara entheng nggo ngupakara
supaya tetep eksis.
Angger
ngomongna permen Davos sing wujude buder putih debungkus kertas biru tuwa. Apamaning permen Davos pancen ketelah dearani kembanggulane wong tuwa. Nggo ngrubah
image kiye perusahaan nganakna pirang-pirang
terobosan salah sijine
diferensiasi produk. Rasa permen
Davos pancen beda karo permen liyane.
Seger alami tur
semriwing.
Pancen kiye istimewane
permen Davos angger debandhingna
karo permen-permen liyane. Mula ora gumun
senajan merk permen wis ora etungan ning permen
Davos nganti siki akeh pelanggane.
Miturut Nicodemus Hard, Managing Director
PT. Slamet
Langgeng, lagi jaman
Jepang
perusahaane nglakon bangkrut.
Njuran menyat
maning sawise
taun 1945.
Jeneng perusahaane
deganti dadi PT Slamet Langgeng & Co. sing mroduksi Permen Mint Davos,
Kresna, Aplina lan Davos Lux. Seliyane
mroduksi kembang gula uga ana produk liya kayadene limun lan biskuit merk Slamet.
Ningen kawit taun 1973 Biskuit
Slamet leren produksi merga kangelen bahan baku. Jeneng Slamet Langgeng dejukut sekang aran
Gunung Slamet. Langgeng kuwe
supaya usahane ora mandheg. Banjur Davos inspirasine sekang jeneng kota sing hawane adem neng Swiss nggo nggambarna adem lan semriwinge kembang gula
kiye.
Bahan sing nggo gawe permen Davos 98
persen gula pasir. Bahan liyane mentol lan zat pengikat. Permen Davos ora ngango zat
pewarna, pengawet lan pemanis liyane.
Bisa desimpen nganti 1,5 taun malah 2 taun lawase. Produk pertama Davos werna-werna rupane, ana Davos
Roll sing bungkuse werna
wungu.
Sebungkus isi
10 blindhi
regane
Rp. 1000,-. Kejaba kuwe, nggo nyukupi
konsumen lan ngetutna perkembangan jaman uga deproduksi Davos Lux sing bungkuse werna ijo regane Rp. 500,- nganti Rp. 1000,-. Njuran ana Davos Klasik, Rp 100,- saben blindhine. Uga ana
Davos Mild lan Davos Mini.
Taun 2009
PT Slamet Langgeng gawe produk
anyar, rupane Permen Koffie. Kembang gula rasa kopi kiye sebungkuse isi 50, regane
Rp. 4000,-.Nicodemus Hardi ngakoni lamon konsumen sing wis klangenan karo semriwinge permen
Davos utawa permen produksi PT Slamet Langgeng liyane bakal angel ucule. Senajan konsumen kuwe wis
njajal permen liyane ning akhire balik maning maring permen Davos.
Kejaba kuwe Davos arep ngetokna produk
inovasi liyane nggo nuruti perkembangane kebutuhan lan selera pasar. Kayadene
permen nggo bocah-bocah lan nom-noman lan permen sugar free. Nggo ndhukung pemasaran Davos uga nganggo pirang-pirang
konsultan pemasaran nggo ndhukung
Above the Line lan uga Brand Activation. Kejaba kuwe Davos uga
nganggo tagline anyar “Cara Baru Menikmati Davos”. (Joko TW)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar