Rabu, 14 November 2012

Mangsan Terang Sat, Mangsan Udan Banjir


Senajan ana sing ngarani  telat, ningen Pemkab Banjarnegara rumangsa prelu gawe Peraturan Daerah (Perda) Daerah Aliran Sungai (DAS).  Alesane Banjarnegara duwe DAS Serayu sing aweh dampak gedhe maring penguripane masrakat ngkono. Banjarnegara duwe wadhuk Mrica sing sengsaya suwe banyune asat merga kebek belet.

Neng pegunungan Dieng, lemah longsor terus merga alase wis gundhul. Maning-maning Dieng sing maune tandhon banyu, siki telaga-telagane angger mangsan terang padha asat. Banyu udan mlayu maring kali Serayu campur belet merga ora nana wit-witan sing bisa nahan banyu mau.

Krisisbanyu resik neng Banyumasmangsan terang kedawan-dawan  dirasakaken warga kawit wulan Juli-Septmebre kepungkur. Seorane neng KabupatenBanyumas ana 15 kecamatanutawa 38 desasing aben taun mesthi ngalami krisis banyu resik.
Mangkane alokasianggaran nggo nyaluraken banyu resik  men desa-desa nang Banyumas mung ana Rp 400 juta sekang APBD Induk 2012. Denggo kawit wulan Januarigutul wulan Oktober siki wis meh entong. Merga senajan udane wis teka ningen esih ana bae desa sing njaluk kiriman banyu resik.

Neng APBD-Perubahan, Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) BanyumasngusulakenanggarantambahanRp 3 miliarnggo kegiatanbencana , klebu  nggonanganganikrisisbanyu resik. Ningen kira-kira mung disetujui separone utara karo tengah milyar rupiah.

Ana kabupaten sing gawe Perda, ana maning sing nyediaaken anggaran ngasi milyaran kanggo njaga kebutuhan banyu resik bisa dirasakaken neng masrakat luas. Sewise bumi dipanggoni milayaran menungsa, banyu dadi barang sing kajen banget. Angger menungsa ora bisa nangani banyu kanthi ngati-ati, neng tembe mburi krisis banyu resik bakal tambah ngambani
.

Kringet ngurusi banyu resik urung garing, siki mlebu mangsan udan akeh banyu sing merekaken bencana.Seora-orane kedaiyan lemahlongsorsejrone minggu kiye wis ana rong bencana sing gawe rong umah kurugan lemah. PemrentahdaerahBanyumas mertelakaken sekang 27 kecamatan neng Kabupaten Banyumas, sing, 26  pancenberpotensikedadeyan lemah longsor.

Maning-maning cathetan sekang BPBD Banyumaskedadeyan longsor neng mangsan udan kiye njaluk korban umahwargaDesaGununglurah, KecamatanCilongok. Kedadiyan mau uga ngrusak blumbang iwak, merg kurugan lemah dhuwure 12 meter ambane seket meter.
Sedurunge longsorugakedaeyan nengDesaBanjarpanepen, KecamatanSumpiuh. Kecamatan liya sing rawan longsor antara liya Ajibarang, Cilongok, Baturraden, Pekuncen, Gumelar, danKedungbanteng.

Mangsan udan esih dawa, bencana egin ngancanm warga. Mulane kudu ngati-ati maring banyu. Sepethil gawe  kekurangan, angger kelewihan gawe banjir apa longsor. Kabeh mau kudu olih perhatian sekang masrakat kabeh. Aja gemampang maring banyu, sing dadi kebutuhan utama masrakat. (Dr. H. Pudjo Sumedi AS, SE, M.Ed-Pimpinan Umum Majalah ANCAS)

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: