Sabtu, 13 Oktober 2012

Pancasila Wis Ora Sekti Maning?


SABEN  tanggal 1 Oktober neng  Indonesia  wargane padha mengeti  hari Kesaktian Pancasila. Pengetan Kesaktian Pancasila kiye oyode sekang  peristiwa tanggal 30 September 1965. Mula bukane  Gerakan 30 September (G30S/ PKI), kuwe pemberontakan nggo ngubah dasar negara  Pancasila dadi  ideologi komunis.

Dina kuwe, ana nem Jendral karo pirang perwira liyane sing dipateni minangka ngrebut kekuasaan utawa kudeta. Ningen merga anane kesadharan nggo ngugemi Pancasila, mulane upaya kuwe gagal. Mulanesewise kasil numpas Gerakan 30 September, tanggal 1 Oktober ditetepaken dadi Dina Kesaktian Pancasila. Anane pengetan  Kesaktian Pancasila merga gagale misi kaum Komunis ngganti dhasar negara Indonesia. Merga  kegagalan mau, banjutan Pancasila dianggep sakti.

Ningen barengan karo gantine pemimpin negara kiye, cut sepethil pengetan Hari Kesaktian Pancasila mulai diilangi. Jere ahli  sejarah, Dr Phil Ichwan Azhari MS,  kawit jaman  Presiden Megawati Soekarno Putri, peringatan kiye wis ora dianakaken maning. Semana uga neng jamane Presiden Susilo Bambang Yudhoyono.

Ora nanane  upacara pengetan  peristiwa monumental kuwe, wujud  sekang bengkokane sejarah sing degawe penguasa jaman sing dhisit. Bosa gole mimpin wis rampung, ora nana pengakuan sekang pemimpin sing ngganti merga maune anu depeksa.

Miturut  Erond Damanik  Peneliti nang Pussis-Unimed, pengetan Hari Kesaktian Pancasila kudune dipengeti nang bocah sekolahan minangka generasi penerus. Kiye penting ben sejarah ora luntur, semana uga sejarah peristiwa G 30 S/PKI esih diwulangaken neng sekolah-sekolah.

Tanggal 1 Oktober ngemu arti, semangat anyar kanggo sijine pondhasi. Kudune tanggal kuwe dadi pancadan semangat anyar mbangun Indonesia sing lewih demokratis, adil, tur gawe sejahterane rakyat kabeh.

Pengetan  Hari Kesaktian Pancasila perlu banget kanggo para siswa, nggo nandur jiwa-jiwa  nasionalisme karo aweh pangerten bab nilai-nilai luhur  Pancasila kuwe.  Angger bab sing kaya kiye wis ora dilakoni maning pangerten Hari Kesaktian Pancasila kuwe, bisa nglunturaken  sejarah mau.

Pancen masrakat siki wis padha pinter tur kritis. Ora cukup diomongi lamona Pancasila kuwe sekti. Ningen kudu dewi uga bukti-bukti pengalaman sejarah, lamona kabeh usaha arep ngganti Pancasila sing dadi dhasare negara kuwe mesthi ora kedaden.

Ningen penting uga, ngrembug bab Pancasila neng jaman siki sarwa terbuka, merga Pancasila dudu dogma sing ora kena dikritisi. Angger Pancasila mung disakralaken, malah kelangan kasektene utawa ora sekti maning.

Angger kedadiyane wis kaya kiye, bisa-bisa Pancasila ngalami krisis ideologi. Tandha-tandha maring kahanan kuwe wis bisa dirasakaken pirang taun kepungkur kiye. Pengetan laire Pancasila utawa Dina  Kesaktian Pancasila wis ora krasa greng maning.

Mulane mayuh sedulur, aja padha ninggalaken sejarah. Arus globalisasi aja ngasi ngilangaken sejarah utawa identitas bangsa. Wong Indonesia tekan kapan bae ya kudu nggodogi Pancasila sing esih dadi dasar negara, utawa sumber utama hukum neng Indonesia.(Dening Pudjo Sumedi-Pimpinan Umum ANCAS)

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: