Minggu, 09 September 2012

Wis Ora Mangsane Manggul Bedhil


NALIKA Perang Kemerdekaan (1945-1950) para pemuda nang Banyumas padha melu berjuang. Sing esih pada sekolah nggabung karo Pasukan Pelajar IMAM utawa Tentara Pelajar Brigade XVII. Jeneng Soeparto karo EntjoengAbdoelah Sadjadi dadi kembang lambene wong Banyumas.

Perjuangane para pelajar ora mung neng mburi thok, ningen melu mudhun neng kancah pertempuran. Pertempuran Prompong, Pamijen, Glempang mbuktekaken semangate para peuda p[elajar wektu kuwe. Jaman semana, padha ninggalaken sekolah, melu manggul bedhil mbantu Barisan Keamanan Rakyat, sing dadi cikal bakale Tentara Keamanan Rakyat/ Tentara Nasional Indonesia.

Siki neng zaman global para pemuda wis ora mangsane manggul bedhil maning. Kemardikan bangsa kudu diisi karo kedaulatan ekonomi, demokratisasi karo mbebasaken bangsa sekang blenggu kemlaratan, kebodhonan karo ketinggalan. Tengere, bab ekonomi karo sosial kiye sing nemtokaken makna karo tingkatan kamardikan sing direngkuh. Sisan gawe uga nggo nandhanianane bangsa sedawane laku sejarah nggone nggula wentah negara

Neng jaman globalisasi siki, makna kamardikan dadi wujudlamona bangsa, kelompok, masrakat jan-jane padha saling ngisi kebutuhane dhewek-dhewek. Kabeh mau minangka nggo bareng-bareng majokaken peradaban karo pengembangan kemanusiaan.Ora arang sejrone proses saling butuh kuwe, mencungul pirang-pirang jedhodan kepentingan utawa konplik peradaban sing bisa nggiring masrakat keblosok neng pasangan politik.

Globalisasi karo liberalisasi angger ora diadhepi kanthi arif, khususe neng para elite politik, bisa ngancam maknane kamardikan neng masrakat. Mulane, pengukuhan maring nilai-nilai dhasar sekang nasionalisme sing wis debentuk kawit kamardikan yakuwe kecintaan maring pluralisme bangsa, solidaritas karo persatuan, wujudihwal sing penting nggo dikembangaken, kanggo ngisi maknane kamardikan.

Pluralisme mau dadi bab sing nemtokaken nang laku dawane sejarah bangsa Indonesia, mangsa sing wis keliwat, sing lagi delakoni karo sing arep delakoni. Mulane kudu ana kesadaran karo janji sekabehe bangsa kiye nggo ngurmati majemuke bangsa Indonesia, kanggo gawe persatuan urip neng masrakat, bangsa karo negara sing ndadekaken In donesia lewih apik.

Siki alangan karo kebutuhane bangsa wis rubah. Manggul bedhil karo perang wis ora perlu maning merga sing diadhepi siki dudu mungsuh sing nyekel bedhil. Kahanan sing ana neng ngarepe dhewek siki wis brubah adoh. Secara umum kahanan siki wis akeh ngalami perubahan dibbandhingaken karo kahanan nalika Perang Kamardikan.

Ningen mungsuh ya esih akeh kaya jaman kuna mekuna, Siki esih pirang-pirang kahanan sing ala neng negri kiye. Kayata korupsi egin marak, semana uga kolusi karo nepotisme. Gole perang wis ora karo penjajah ningen karo bangsane dhewek. Seliyane kuwe ana ancaman liyae kayata agama sengsaya didohi, akeh generasi mudha sing belan narkobarkembang.

Mengingat besarnyNgemuti gedhene persoalan sing diadhepi bangsa kuwe, perlu kekuatan sing gedhe tur hebat nggo ngatasi alangan-alangan mau. Kekuatan mau bakal wujud angger kabeh warga negara dcuwe komitmen maring cita-cita nasional bangsane dhewek.

Gandheng karo bab kiye, kudune kabeh padha pahamikatan batin karo pembaruan tekad bareng-bareng sekang kabeh komponen bangsa. Kesempatan sejarah kiye ora kalah heroike dibanding kesempatan sejarah jaman Pereang kemerdekaan tahun patang puluhan.(02)

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: