Minggu, 09 September 2012

Kepengin Dadi Pramugari


Hawa sore sing adhem krasa anget bareng nyawang eseme Laras. Arane Amanda Laras Sakanthi ning biasa deceluk Laras, lair 3 Oktober 1996. Bocah wadon sing duwe kesenengan njoged karo acting kiye anak nomer telu sekang bapak Sujoko lan Ibu Ismiyati. Umahe neng desa Pandansari RT 01 RW IV kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas. Pancen bocah bontot, solah bawane ya sarwa aleman. Maring ngendi bae mesti njaluk detutna neng bapane utawa neng biyunge. Ningen Laras klebu bocah sing manut karo wong tuwa lan ora kakehen polah.

Prestasine Laras pirang-pirang. Contone, neng sekolahan tau dari juara 1 Tari Jawa tingkat kecamatan taun 2006, juara 1 lomba Senam Sehat Indonesia taun 2007, juara 1 tari tingkat kecamatan taun 2007, juara dongeng kecamatan taun 2007, juara II dongeng Jawa tingkat Kabupaten, lan juara 1 pidato tingkat kecamatan. Laras uga tau dadi juara III lomba musikalisasi puisi antar SLTP taun 2008, juara I lomba musikalisasi puisi antar-SMP taun 2009, juara III Kompetensi tari Banyumas antar SMP se-eks Karesidenan Banyumas lan juara III lomba tari (tari Srikandi Mustokoweni) antar SLTP se eks Karesidenan Banyumas.

Prestasine neng njaba sekolah uga ora semendhing, kayadene ; juara 1 foto model Java ent. Taun 2005 neng Jakarta, juara 1 anak berbakat BMC taun 2006 neng Jakarta, juara harapan 1 pesona busana Pesta taun 2007 neng kabupaten, juara harapan 1 model cilik piala Bupati taun 2007, lan juara I busana muslim tingkat remaja taun 2008.

Laras sing siki kelas XI IPA 1 neng SMAN 1 Rawalo, prestasine pirang-pirang ning ora mung mentingna prestasine neng bidang nonakademik. Dheweke uga mentingnya masalah sekolah, mulane neng kelase ya esih klebu sepuluh besar. Dheweke peringkat 5 neng kelase. Ujare bapak Wahyu Wibowo guru olahraga sing dadi wali kelase neng SMA, pelajaran basa Inggrise Laras bijine 9. Pak Wahyu nambahna, kejaba pinter Laras uga bocah sing energik, supel, ceria lan dheweke uga dadi motivator kanca-kanca liyane.

Sing pungkasan Laras detakoni babagan cita-cita. Laras mangsuli karo mesem jere dheweke kepengin dadi pramugari. Mulane arep sregep sinau ben cita-citane kesembadan. “Dongakna ya...,” ujare Laras karo mungkasi tembung.[SR]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: