Selasa, 28 Februari 2012

"Karcis Nggo Ramane"

Joko Triwinarso
Kaki Suta,ramane Darmin umure pitung puluh taunan. Angger dedeleng awake esih keton akaslan bregas. Nganti seprene esih cokan numpak montor. Dodolan meng pasar numpakmontor. Pokoke lunga maring endi bae sing mandan adoh mesthi numpak montor.Nini Tasem bojone wis ninggal limang taun kepungkur. Duwe anak pitu kabeh padhakasab golet pangan neng kota-kota. Dadi Kaki Suta siki urip dhewekan.
Wayah soreantarane jam limaan. Kaki Suta njagong metonggo neng risban kayu sing ana nengbale umahe. Wedang clebek gaweane dheweke esih kemebul kukuse. Karo ngenteniadhem dheweke nglinthing mbako karo klembak menyan. Linthingane dessuled. Barngemot linthingan terus nyruput wedang clebek. Karo ngudud linthingan, atineKaki Suta ngomong ngudarasa dhewek.
”Ora nyanaora nggliga angger nyong arep nemoni urip kaya kiye. Kepriwe maning urip kudubisa nrima apa anane sekang kasunyatane. Ana mengkone dadi ora nana. Teka dadilunga. Bar kumpul njur padha bubar. Mikine bareng terus ana pisahe. Kayanenyong mandan kenomen ndean goli umah-umah. Enggane mandan tua semendhing kayanesiki nyong esih ketunggon anak. Ingatase anak sekandhang mbenthang koh siki wisbubar kabeh. Jan ora sijia sing nunggoni inyong. Ora papa kiye wis dadi lakonuripku!”
Kaki Sutaatine setengahe mandan nelangsa. Jantung sing dadi gantelane ati. Senjerone atiana rasa, eling maring sing gawe urip. Sekabehane rasa sing ana depasrahenameng Gusti sing gawe urip. Ora krasa luh sekang mata ndlewer. Nembe bae agingusap lan ucek-ucek, krungu ana aban swara bocah. Dheweke menyat sekang risbannjuran metu mereki aban-aban mau. Putu anak mbontot sing nembe patang taunsekang Sleman teka. Weruh anak putune atine Kaki Suta seneng banget.
”O, ala putuneinyong jebule! Wayah apa sekang ngkana?” takone Kaki Suta karo mbopong putune.
”Mauantarane jam loroan, Ma.” semaure Surti anake. Anak, putu karo ramane mlebungumah terus njagong bareng. Kaki Suta nakokena sing lanang.
”Sing lanangora melu deneng?”
”Ora, agiakeh gawean, Ma. Siki mbok pas gilirane inyong bali. Senajan ora karo singlanang wong wis dadi kewajibane, inyong ya tetep bali.”
”Jan-janeangger depikir inyong kiye dadi ngrepoti Ko padha, ya?”
Bareng weruhmatane ramane ngecembong ana luhe, Surti ora age-age mangsuli. Surtingilang-ngileng nggatekena matane ramane.
”Rika tesnangis ya, Ma?” takone Surti ngeget.
”Ora. Nangisngapa? Wong wis dadi lakon nggo ngapa detangisi.”
”Lha, genahrika mesthi tes nangis. Kuwe mbok luhe esih ana neng mata.”
Kaki Sutangusap mata. Jebule pancen esih krasa ana banyu luh neng mata. Dheweke njurngomong.
”Ora nangisora koh. Anu mung nelangsa thok.”
”Mbok ajakaya kuwe si ngapa, Ma. Nyong dadi melu krasa ngawak. Gyeh, Ma. Ganu sebarebiyunge ninggal anak-anake rika kuwe wis sepakat. Nggo ngurangi rasa nglanguterika, inyong padha kon gentenan bali. Lha siki agi gilirane inyong. Kalan-kalanmbok rika kepengin tilik anak putu, gari nelpun bae.”
”Kuwe kabehbener lan apik. Ning dekayangapaa inyong dadi ngrepoti ko padha. Ya angger agikebeneran ana dhuwit. Lha, angger agi ora nana? Apa enggane ko padha njurndadak utang-utang? ”
”Iya, ya.Jan-jane omongane ramane akeh benere.” Semaure Surti neng ati. Ora suwe Surtinjur pamit arep ngaso. Anake sing kawit mau njagong neng pangkone kakine dejekmlebu meng senthong. Kaki Suta njagong dhewek. Ora suwe ana aban swara telpunmoni. Bareng deangkat bojone Darmin sing neng Jakarta nelpun. Dheweke nglirihiramane.
”Mbok senikiramane empun mboten susah sadean teng peken. Ramane pindhah mawon teng Jakarta.Mengkin idhep-idhep kumpul kalih putune.”
”Ya, gampanglah kapan-kapan bae. Melas wedhuse ora nana sing ngrumat.” Wangsulane Kaki Sutaajeg kaya sing wingi-wingi.
Jan-janeKaki Suta sering lunga nekani anak putune sing ana neng ngkana-ngkana. Ningsing sering detekani mung Darmin, anak sing neng Jakarta sing uripe mandanmoncer. Senajan neng nggone Darmin ora kon ngapa-ngapa, suwe-suwene ya mungseminggu.
Surti balimeng Sleman telung dina kepungkur. Sedawane telung dina kiye urung ana anaksing bali maning. Awan antarane jam sangaan atine Kaki Suta mak grenjetkepengin meng Jakarta. Pas jam pitu numpak montor mangkat meng setasiun. Barnitipna montor neng parkiran, njuran tuku karcis. Numpak sepur ekonomi jam wolumangkat. Gutul ngumahe Darmin esuk jam pituan. Ndilalah anak-anake Darminsekolahe agi padha prei. Dadi kebeneran banget, saben dina isine kur glewehankaro putu.
Kaki Sutawis rong dina neng nggone Darmin. Mbengine dheweke ngimpi detekani Nini Tasembojone. ”Ki, rika aja lunga-lunga bae. Inyong aja detinggal dhewek. Balilah,nyong debatiri, Ki!” omonge Ni Tasem neng senjerone ngimpi genah pisan. KakiSuta njur gregah tangi. Atine bola basehan. Gutul esuk Kaki Suta ora teyengturu maning.
Esuke weruhDarmin agi njagong neng kursi empuke, Kaki Suta age-age melu njagong. Kaki Sutagrok njagong terus bae ngomong.
”Min, dinakiye nyong kudu bali”
”Bali? Balimeng endi, Ma? Biasane rika neng ngkene mbok nganti seminggu?”
”Iya, ningsiki inyong kudu bali. Bali meng desa. Desa kelairanmu, Desa Banar!”
”Ora bisa,Ma! Inyong urung olih cuti. Dadi inyong ora teyeng njujugena rika. Kaya-kayaneminggu ngesuk ndean. Dadi tek jaluk rika debetah-betahena dhisit neng ngkene. Demandansabar sewetara ya, Ma!”
”Angger koora teyeng njujugna. Ora papa, nyong tek bali dhewek bae, Min. Inyong waniikih. Ning tulung inyong detukokna karcis bis bae!” jalukane Kaki Suta.
”Ma, orasusah, minggu ngesuk mangsaora tek jujugna!”
Kaki Suta mandan kesuh, atine dadi orabombong. Dheweke terus klepat mlebu meng senthong. Darmin terus klamben karotata-tata arep mangkat ngode. Bareng Darmin arep mangkat, Kaki Suta metu kangsenthong ngomong maning.
”Min, dinakiye nyong tetep kudu bali!”
”Lah,ramane. Inyong toli wis ngomong. Apa enggane rika budheg apa? Inyong urung bisacuti. Siki inyong agi akeh gawean, agi sibuk banget. Mbok deana pengertenesemendhing si ngapa rika, Ma !” omonge Darmin mandan kesuh.
Ora poyanora apa, Darmin terus bae klepat metu, ngonekena mobile terus mangkat mengkantor. Kaki Suta meneng karo nglogog.
Njagong nengkursi ora ngomong sekecap-kecapa. Wedang karo lawuhe ora desenggol acan.Detawani apa-apa neng mantune, ya meneng bae. Bojone Darmin njur nelpun singlanang nyritakena kahanane ramane. Dheweke njaluk maring sing lanang, kondetukokna karcis bis patas bae. Sing lanang gelem. Bojone Darmin njur merekimertuane, ngomong angger arep detukokna karcis bis patas. Krungu omonganemantune, atine Kaki Suta bombong, setengah mesem karo nginum kopi singdesandhingna.
Bener,antarane jam teluan, Darmin bali karo nggawa karcis bis nggo ramane. Dhewekenjur prentah ramane kon tata-tata. Ora suwe njur mangkat dejujugna mengterminal. Sedawane neng dalan wong loro ora omong-omongan. Anane wong padhakesuhe. Gutul terminal, bis sing arep detumpaki ramane wis arep mangkat. Ramane wis ngerti bis sing arep detumpaki.Mulane metu kang mobil, Kaki Suta terus bae munggah meng bis.
Bareng bismangkat, atine Darmin kaya derontok. Ngajog banget merga kesuh karo ramane.Metu kang terminal weruh bakul gedhang goreng, atine tambah kerontok. AtineDarmin ora karuh-karuhan. Batine ngomong, kenang apa nyong deneng ora nggawanigedhang goreng panganan klangenane ramane? Njagong neng mobil, ora krasa luhemetu dleweran. Bar nyetater mobil luh sing neng matane deusap karo kacune.
Mbengisebare ramane bali, Darmin ora teyeng turu. Atine bola-basehan. Ngajoge orailang-ilang. Gutul jam telu Darmin urung teyeng turu. Nembe bae mandan ngliyep,telpune umahe bola-bali moni. Merga ora nana sing ngangkat, kepeksane Darminmenyat nampani. Jebule telpun kang desa. Darmin kaget seporete, paribasanedaginge deiris ora metu getihe. Pikirane ora nggenah, setengah percaya setengahora. Atine Darmin ora karuh-karuhan. Isine telpun ngabarna angger ramane nembebae ninggal sedhoge sekang Jakarta. Darmin njuran nggebrot nangisnggembor-ngembor, kosehan kaya bocah cilik. Wong seumah uga padha melu nangis.Karo nangis Darmin ngorong-ngorong. ”Ramane, lah! Ramane lah! Inyong dosa!Inyong salah! Inyong njaluk ngapura, ramane! Inyong salah gedhe! Iyong dosa,ramane! Iyong njaluk ngapura, ramane!” Bareng mandan aso, Darmin karo anakbojone njur tata-tata bali meng desa.[04]


Sebarna Tulisan Kie!



1 komentar:

Kang Panjoel mengatakan...

Jyan persis nemen karo ramane inyong...
nek maring omahe anake ora bisa lewih sekang seminggu....