![]() | |
Drs. H.Mardjoko,MM |
Umume wong Banyumaswis padha ngreti ana tembungan sing onine, biyungkuwe ibarate gusti sing maujud. Ana maning piwulang agama sing onine, suwerga kuwe neng ngisor tlapakane biyung. Tembung loro kuwe mesthine wis dadi cekelanutawa wis nyalira tumrape inyong kabeh.
Pancen iya, anggerdiemut-emut; kabeh wong sing siki padha gagah-gagah utawa ayu-ayu nalikanenembe lair wujude bayi abang cenang-cenang, ora duwe daya apa-apa. Teyenge mungnangis. Angger kencot kepengin nyusu bisane mung nggoar-nggoar. Kuwe bae susunebiyung kudu dejejelna. Angger ora, ya ora bisa ngejel dhewek.
Angger ngompol utawangobrok ya si biyung sing tandang gawe. Biyung delakoni lara-lapa kawit bayiurung lair. Mbabarna bayi kuwe toh pati. Sewise jabang bayi lair si biyungtambah-tambah goli preyatin sebab kudu kurang turu. Angger si biyung duwerewang, kuwe mandan. Ning akeh biyung sing ora kewawa nggajih rewang sebabekonomine mung pas-pasan. Angger kaya kiye si biyung repot sing ora karuhan. Yakudu ngrumat bayi, umbah-umbah, olah-olah karo bresih-bresih umah.
Saben tanggal 22Desember inyong kabeh padha mengeti Hari Ibu. Crita sing neng ngarep maumoga-moga bisa dadi gambaran, pancen labuhan utawa jasane biyung gedhe temenan.Mula wis dadi kudune, sapa bae wajib ngormati lan bekti maring biyung, senajanupamane, si biyung mung wong tani, ora sugih, ora teyeng maca, lan seteruse. Biyungbanget asihe maring anak, gelem nglakoni apa bae nggo mbelani anak.
Neng tataranmasrakat utawa negara, labuhane kaum ibu uga penting lan wis keton nyata.Nganti ana tembungan, maju-mundure masrakat gemantung maring apike kaum ibu.Tembungan kiye pancen bener. Angger kabeh bale-somah deatur neng biyung utawaibu rumah tangga sing apik, masrakate mesthi dadi apik, lan sewalike.
Dadi mbeneripengetan Hari Ibu tanggal 22 Desember taun kiye, inyong sing lagi kepatah dadiBupati Banyumas melu mengayubegya. Lan asung pengeling-eling, mayuh padhakemutan maring labuhan utawa asihe biyung maring inyong kabeh. Sebab wis kesebut dadi gusti sing maujud,mulane dongane biyung mustajab. Ana wulangan sing apik, onine kaya kiye: Renautawa bombonge Gusti Allah gemantung neng bombonge biyung. Mangkane wong uripsing digolet mung siji, yakuwe rena utawa bombonge (ridone) Gusti Allah. Mulasapa bae sing kepengin uripe padhang, bombongen biyunge.
Neng jaman siki akehibu sing padha dadi pegawe negri. Tek jaluk, utamane ibu-ibu PNS sing regeng goli mengeti HariIbu. Upacarane kudu sing rame tur apik. Ning aja kelalen maring sari-pathiutawa substansine, yakuwe mbangun watek ibu sejati: memeyu keluwarga, nastiti,ngati-ati, , omber welas-asihe.
Tumrap anak lanbapak-bapak, Hari Ibu bisa dadi pengeling-eling, kudu ormat lan bekti maringbiyung ora kejaba maring biyung bocah alias bojo. Sebab pancen bener wulanganekaki-nini, nyaur asihe biyung ora gadhang pur. (01)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar