![]() |
Dr.H Pudjo Sumedi AS, SE, M.Ed Pemimpin Umum Majalah Ancas |
Wis lumrah angger sedawane Pilkada Banjarnegara degelar klompok masrakat padha duwe fanatisme dukungan maring calon bupatine dhewek-dhewek. Alesane pemilih werna-werna, ningen sing menang neng Pilkada ya mung siji. Mulane para pemimpin neng Banjarnegara awit gasik wis ngelingna kabeh calon bupati sing ana kudu siap menang uga siap kalah.Sing menang ora kena petenthengan,sing kalah ora kena ngamuk.
Ewandene, senajan Pilkada Banjarnegara wis rampungan, esih ana dinamika masrakat. Kaya sing uwis padha dengerteni, pasangan Tedjo-Peno sing wis detetepna dadi pemenang neng KPU degugat neng pasangan independen Budhi Sarwono-Kusuma Winahyu Diah AT (Buwin) kiwat Mahkamah Konstitusi (MK). Pasangan no urut 2 mau njaluk MK konsupayane netepna pasangan mau sing dadi pemenang. Buwin nganggo alesan lamona dewekeolih suara 310.791 padha karo dukungan warga sing dekumpulna wektu dheweke ndaftar calon bupati. Ningen MK ora nampa penjalukane.
Bali maring makna demokrasi sing bener, mestine seuwise Pilkada rampung masrakat Banjarnegara dejaki bali maning mikirna arah karo strategi nggo mbangun daerahe. Calon sing kalah legawa kanthi kesadaran penuh mbantu calon sing wis kepilih konsupayane Labupaten Banjarnegara sing arep teka dadi lewih temata.Wibawane calon sing kalah kena nggo pawitan mbangun kahanan sing guyub rukun serampunge Pilkada. Aja kelalen, sing kalah uga duwe janji maring masrakat Banjarnegara.
Gegoh nganti kedawan gagang merga Pilkada pogpogane masrakat sing kapitunan. Seliane arah pembangunan dadi ora genah, kebijakan politike sing sing menang bakalan lewih akeh nguntungna basis pemilihe. Angger kayakiye kedadeyane, demokrasi lokal sing (boros?) anggarane bakale ora mamfangati maring masrakat Banjarnegara. Sing kaya kuwe malah bisa dadi jalaran ruwage kekuatan masrakat sing agi molahi menyat mbangun Banjarnegara. Prekara kayakiye sing kudune deilari neng masrakat lan uga elit pulitik utawa sing arep ngayahi dadi bupati karo wakile.
Calon sing kepilih sing sedela maning delantik neng Gubernur kudu bisa mamfangati lan bisa mbangun Kabupaten Banjarnegara limang taun mengarep. Bupati sing kepilih uga kudu bisa ngayomi, aja nganti mabuk kemenangan karo pendhukunge. Sing menang kudu bisa ngrangkul guyub karo sing kalah.
Rekonsiliasi utawa nata maning Banjarnegara serampunge Pilkada dadi siji-sijine cara sing maen tenimbang padha gegoh sedawane taun. Dendam pulitik mung arep dadi sangkrah sing ngalang-alangi mlakune pembangunan neng Banjarnegara. Rekonsiliasi masrakat Banjarnegara kudu terus debangun neng sepaha bae, lintas komponen lan lintas kultural. Bupati kepilih uga kudu gelem nglantari tukule rekonsiliasi Banjarnegara kabeh.
Aja nganti kelalen, Bupati kepilih uga kudu bener-bener bisa mujudna lan nglakoni janji pulitike lagi mangsan kampanye. Anggaran sing cekak lan semending aja nganti dadi alesan nggo nglunturna pengarep-arepe masrakat. Bupati kepilih malah kudu pinter goli ngligar-liger anggaran sing cekak kanthi kebek tanggungjawab.[02].
Tidak ada komentar:
Posting Komentar