Jumat, 30 September 2011

"Masrakat Guyub Rukun, Negarane Terus Mbangun"

DRS. Ir. H. Djasri, MM, MT

Pilkada Banjarnegara uwis rampung kanti lancar, aman, lan bermartabat. Pemrentah lan masrakat wajib nguntabna syukur maring Gusti Allah SWT merga neng Pilkada wingi ora ana kedadeyan sing bisa ngrugekna wong akeh, kabeh padha bisa njaga keamanan. Neng Pilkada wingi uwis kepilih Bupati lan Wakil Bupati Banjarnegara nggo masa bhakti 2011 – 2016, yakuwe Bapak H. Sutedjo Slamet Oetomo, SH, M.Hum lan Bapak H. Hadi Supeno, M. Si. Minangka pimpinan daerah sing rampung masa tugase wulan Oktober kiye, inyong ngaturaken “Selamat mimpin Banjarnegara, Muga-muga tansah pinaringan pitulungan sekang Gusti Allah lan bisa adil, amanah kanggo mujudna Kabupaten Banjarnegara dadi lewih maju,makmur rakyate”.
Inyong sejerone ngemban amanah mbangun Banjarnegara rong periode : 2001-2006 karo Wakil Bupati Drs. H. Hadi Supeno, M. Si, lan periode 2006-2011 karo wakil bupati Drs. H. Soehardjo MM olih akeh pisan pengalaman lan pemikiran sing werna-werna. Kabeh sing wis klakon ora liya demi perjuangan lan pengabdian nggo mbangun Banjarnegara sing lewih apik. Syukur Alhamdulillah, sejerone sepuluh taun Banjarnegara wis bisa luwar bebas sekang predikat “Daerah Tertinggal” lan siki uwis dadi “Kabupaten Maju”.
Ningen inyong senajana Bupati ning uga menungsa biasa sing akeh kekurangane. Mulane inyong njaluk ngapura upamane sejerone ngayaih tugas dadi pemimpin Banjarnegara se-dasa warsa lawase esih akeh sing urung kecendhak utawane urung cocok karo sing dekarepna masrakat. Muga-muga Bupati lan Wakil Bupati sing anyar bisa nerusna lan nyembadani apa sing dekarepna masrakat, nggo mbangun masa depan Banjarnegara sing lewih apik, lewih temata, lan lewih sejahtera.
Welinge inyong maring kabeh sedulur Banjarnegara, mayuh padha sing guyub rukun. Angger lagi kampanye wingi akeh sing padha congkrah merga beda pilihan mangga siki padha kumpul maning, padha ngapura-ngapuran. Beda pilihan kuwe lumrah, merga Indonesia kuwe negara sing njunjung dhuwur asas demokrasi, masrakat bebas aweh pendapat sing sejen. Mayuh kabeh sing asih kinasihan padha andum katrensan konsupayane kondusip. Angger kabeh bisa guyub rukun, pemimpin Banjarnegara sing anyar bisa madhep mantep goli mbangun. Syukur bage, generasi nom lan tokoh masrakat sing pinter padha melu urun rembug, aweh sumbang saran maring pemimpin sing anyar konsupayane Banjarnegara lewih moncer lan gilar-gilar.
Mangga sedulur, keberhasilan utawa kemenangan kuwe padha desyukuri minangka nikmat sekang Gusti Alah. Malah kudu deiguh, dekelola sing maen, adil, lan bijaksana. Malah nang QS. al Takatsur uga nyebutna: Tsumma latus’alunna yaumma’iddin “anima’im [Sesungguhnya pada hari ini kami akan ditanya tentang nikmat yang kamu peroleh hari ini). Sing ora kurang wigatine mayuh sedulur padha sing pinter goli bersyukur konsupayane Gusti Allah ngijabaih masrakat Banjarnegara dadi wong sing luhur lan uripe makmur. Bahagia neng ndunya lan akherat, amin.

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: