Daning Drs H. Mardjoko MM
Pancen wis dadi kersane Gusti Allah, merdhekane Negara Republik Indonesia tanggal 17 Agustus 1945 pas neng dina Jemuah Manis tanggal 9 Puasa taun 1364 Hijrah. Ya, tumrape wong sing percaya maring Gusti Allah, neng alam dunya kiye ora nana barang kebeneran. Kabeh wis pinesthi, kabeh wis ditulis neng ngarsane Gusti.
Angger kaya kuwe siki ayuh padha depikir deneng tanggal 17 Agustus 1945 pas neng dina Jemuah Manis tur wulan Puasa? Kiye ngemu sasmita apa? Ujare para sepuh, wulan Puasa kuwe wektune wong padha preyatin, ora mangan ora nginum, akeh ngibadahe maring Gusti. Tujuane wong puasa, ujare para kyai, kon supayane padha dadi wong sing takwa. Tembung takwa mawa pengerten, watek sumarah, manut, utawa setiya tuhu maring apa bae sing dadi kersane Gusti.
Ning apa sejatine sing dadi kersane Gusti? Sangertine inyong, Gusti Allah ngersakna menungsa kon pada idhep maring barang bener lan utama, karo ngedohi barang sing luput tur nistha. Cekake Gusti Allah ngersakna manungsa kon padha setiya nglakoni ngibadah sing ancase dadi wong sing maen kelakuane utawa budi luhur, nglakoni akhlaqul karimah. Kiye angger degandhengna karo kemerdekaan RI, dadine apik temenan.
Maksude, merdhekane Indonesia, sing debelani nganggo nyawa lan patine pahlawan sing jumlahe atusan ewu, pancen duwe tujuan luhur tur suci. Tujuan kuwe ora bakal kaleksanan angger rakyat Indonesia, sing dadi warga biasa utawane sing nyekel kewasa, ora padha nggandhuli watek luhur. Watek luhur sing kepriwe? Ya watek sing setiya utawa takwa maring Gusti, sing cak-cakane wis gamblang yakuwe jiwa Pancasila. Tegese, sapa bae sing lakone ora laras karo jiwa Pancasila padha bae karo ngrusak tujuan kemerdekaan Indonesia.
Anane kaya kuwe, inyong sing lagi depercaya dadi Bupati Banyumas ora tau leren goli ajek-ajek, ayuh padha nyengkuyung kemerdekaan Indonesia kanthi amal nyata. Kiya wulan Puasa, wektune wong padha nglakoni introspeksi, takon maring awake dhewek-dhewek, apa sing wis desumbangna maring NKRI. Ora prelu nyumbang nyawa kaya jaman revolusi, ning cukup nyumbang apa sing dadi kewajibane warga Negara; upamane, aja padha nglanggar aturan utawa undang-undang Negara. Uga padha mbayar pajeg kanggone sing duwe kewajiban kuwe. Lan penting maning, padha nyambet gawe sing sengkug, regeng tur jujur. Kabeh mau deniyati nggo njujug maring tujuan kemerdekaan Indonesia.
Kosokbaline minangka makili Negara, inyong seandhahan terus ngupaya kon sangkane hak-hake warga Negara bisa kecukupan kaya apa mesthine. Sebab kewajiban warga Negara gandheng dadi siji karo hak-hake.
Pancen senyatane kewajiban kari hak warganegara esih akeh sing urung bisa lemaku kanthi apik. Ning maran bareng-bareng karo inyong lan Pemkab Banyumas padha brayan nyambet gawe, makarya mulih enggal mujude tujuan kemerdekaan. Moga-moga berkahe wulan Puasa dadi daya sing bisa gawe regenge masrakat Banyumas. Sugeng Siyam, MERDEKA! (01)
1 komentar:
Inyong setuju lah Pak, Moga-moga berkahe wulan Puasa lan dina kemerdekaan RI dadi daya sing bisa gawe regenge masyarakat Banyumas.
Posting Komentar