Sabtu, 27 Agustus 2011

Aja Gawe Dosa Maning

Bambang Purwoko
Umat Islam wis nglakoni kwajiban puasa Ramadan sewulan muput. Rampung puasane njuran padha sholat Id utawa riyaya. Sing nembe nglakoni puasa lan sing ora puasa padha silaturahmi pur-puran neng dina Bada. Sedalan-dalan uga akeh spanduk lan baliho sing depasang neng penggede pemrentahan, anggota DPR, pemimpin parte, pengusaha lan wong-wong sing agi ngenalnya arep nyalon bupati, isine “Selamat Hari Raya Idul Fitri 1432 H Minal Aidin Wal Faizin Mohon Maaf Lahir batin”.
Kuwe berkahe riyaya sing nguntungna tumrape tukang sablon lan pengusaha reklame. Jan… lumangyan banget bathine ndean soten. Tumprape masrakat ora deukur karo akeh-akehe spanduk lan gedene baliho ningen njaluk bukti nyata kepriwe punggawa pemrentahan, anggota DPR, tokoh parte, lan tokoh masrakat olehe mujudaken kesejahteraan lan kemakmuran. Masrakat uga njaluk bukti ana program pro rakyat men ngurangi pengangguran, rega sembako ora larang, sekolah ora larang wragade, lan pelayanan umum sing maen aja mung teyeng gawe spanduk lan baliho gedhe.
Let telung dina bada inyong kloyong maring kanca batir sing lewih tuwa, njaluk pangapura, lan pur-puran ngiras takon kuwarasan merga suwe ora ketemu. Neng tengah ndalan inyong kepethuk karo kanca pensiunan Pemda, jenenge kang Sapro, umure jane nembe sewidak lima tahun ningen mlakune kayong angel temen, sikil tengen delarak kaya wong kenced, awake gemether.
“Wah… kang Sapro, pur-puran ya, jaluk pangapura inyong wong enom akeh lupute,” inyong nyobati karo nyalami kanca sing pernah tuwa kambi takon kenangapa mlakune rekasa.
“Ya, padha-padha, wong tuwa akeh lupute ningen kiye inyong mandan kesiksa, bubar riyaya rematike kumat, boyoke pegel linu,” Kang Sapro nerangna kanthi terwaca sebabe nandang lara.
“Kiye mau salahe inyong dhewek,” ujare waleh blak-blakan.
“Lha… jalarane keprimen Kang Sapro koh nganti lara kaya kuwe?” inyong miterang semu mengen wong pedinane jere sehat.
“Lha… kiye nggo tuladha, sejrone puasa lan dina bada inyong dokoh banget olehe mangan emping mlinjo, kacang bawang, lan jeroan rempela ati. Jane inyong wis deemutna neng anak bojo ningen ya kuwe… nepsu kepengen panganan klenyis malah ndrawasi tumrap kuwarasan awak,” kang Sapro nerangna karo matane kembeng-kembeng nahan lara lan ngaku nglanggar prentahe dokter kon ngilari aja mangan “BENJOL” yakuwe bayem, emping mlinjo, nanas, jeroan, otak, lan lemak sing biasa marakna kumate prenyakit rematik, diabet, bludrek, lan pegel linu.
“ oh, dadi salaeh rika, ya aja maning-maning nglanggar dawuhe pak dokter,” inyong ngemutna.
Sing padha nandang lara kaya Kang Sapro jebule akeh, Puskesmas lan Klinik kebek pasen angger bubar Bada, pasene umume ngangluh rematike, diabet, bludreke, uga lara weteng kumat, yakuwe bate mangan dablongan kaya Kang Sapro.
Angger depikir sing jero, puasa njuran riyaya Idul Fitri terus silaturahmi tumrape bangsa Indonesia kuwe ngandung makna sing adhi luhung nggo pondasi urip bebrayan. Tuladha sing becik kuwe kudhu deterusna nggo nggayuh ketentraman, kamulyan lan tatanan masrakat sing nyenengna, lan mbesuk tembe olih pahala uga mlebu maring suarga.
Makna puasa sing jero banget, aja demen ngrasani ala maring wong liya, ngekang hawa nepsu, ora ndeleng barang ala sing marakna batal lan dosa, ora demen ngrungokna tembung ala, ora nyolong, ora korupsi, lan ora tmindhak sing gawe rugine wong liya. Angger terus dehayati ndean dunya kiye bisa tentrem, apamaning desambung karo halal bihalal, mestine ora nana maning wong sing arep gawe luput lan dosa taun ngarepe, jalaran terus emut aja gawe luput lan dosa maning.
Kahanan tlatah Banyumas Raya sing adhem tentrem uga terus deuri-uri aj usreg senajan nembe ana pilihan bupati banjarnegara, sedela maning neng Cilacap deterusna neng Banyumas. Sing penting angger ana Pilkada kabeh padha sesanti “ Sing menang aja umuk, sing kalah aja ngamuk”.
Mayuh sedulur kabeh sing neng tlatah Banyumas Raya lan neng endi bae bubare wulan puasa tambah sengkud nyambet gawe, tumrape punggawa pemrentahan lan Abdi Negara uga terus ningkatna pelayanan umum nggo masrakat. Para pengusaha aja numpuk dagangan, utamane beras nggo nggolet bathi seakeh-akehe, sing dadi petani ayuh padha sengkud tetanen, sing mahasiswa karo pelajar ya kudu sengkud sinaune, tumrape para guru mayuh padha ikhlas makarya ndidik generasi bangsa lan kabeh masrakat uga lewih patuh maring ukum, gelem mbayar pajeg lan njaga ketentraman lingkungan.
Angger kabeh Ulama lan Umaro kompak nggulawentah bangsa kiye mesthi Negara Indonesia bakal tentrem lan adil makmur, jalaran wis duwe pondasi urip bebrayan sing dedasari ajaran agama, apamaning wis bali maring janining urip utawa idul Fitri. Kelilan. [BP]

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: