Daning Bambang Purwoko
Wulan Agustus taun kiye, umat Islam agi nglakoni kewajiban puasa Ramadan sewulan muput. Kaya adat sabene bubar solat isa padha jamangah solat traweh. Ningen neng ndi bae musola lan mesjid ramene mung neng awal puasa. Angger wis tanggal likuran barisane wis molai ana “kemajuan” alias wis arang sing padha jamangah traweh.
Ngibadah puasa dadi kewajiban wong Islam sing kudu delakoni angger esih ngaku umate Gusti Allah. Kewajiban kuwe kudune ora marakna abot tumrape wong sing iman. Pancen abot angger ora deniati kanthi tulus ikhlas. Ningen angger ikhlas akeh ganjarane lan ora marakna abot.
Inyong duwe tangga jenenge Mbekayu Teblo. Sekluwarga nglakoni puasa lan sregep ngibadah. Wingi esuk inyong ketemu rombongan wong sing nembe padha becer neng pasar, ana Nggayu Ngatiah, Nggayu Soblem, Nggayu Darsem, sing tuwa dhewek Mbekayu Teblo. Jan… kranjang beceran karo kandhi isine mbethethet kayong abot pisan isi werna-werna.
Inyong semu gumun, koh kadingaren temen goli becer kaya nggo kulakan warung grabadhan. Inyong nglongok isi kranjange, isine werna-werna pisan, ana endhog ayam, iwak mujaer, kolang-kaling, sirup, mi jawa, lenga temen, bumbon dhapur sewernane uga ana gedhang kapok rong lirang.
“Wah… Yu Teblo kayong arep mbarang gawe, becer koh werna-werna temen rika,” Inyong nyobati karo mandan ngleweh.
“Yah… kiye sing jenenge wulan puasa, mbok rika ngerti inyong duwe anak papat lanang kabeh, agi padha semega,dokoh mangane. Jere angger buka puasa karo saur ora klenyis bebeh goli mangan. Biasane lawuh tahu tempe karo oseng kangkung, ning siki ora delirik acan-acan,” Ujare Yu Teblo, kanca batire padha ngamini.
“Lha… kuwe sing ora bener. Rika mbokan sering melu ngaji, wulan puasa dudu wulan sing marakna boros. Puasa ora prentah wong padha dablongan mangane. Sing pedinan lawuhe tahu tempe kudune ora owah sebab bisa ngrusak ekonomi keluarga,” Inyong ngemutna karo mandan ngguroni.
“Iya… ya, angger depikir inyong kabeh umume padha keliru ngecakna mangsud puasa. Ningen yakuwe… kegawa batir sing marekna bonjrot angger ora ngati-ngati,” Nggayu Teblo ngrsa salah.
“Lha… syukur rika kabeh wis arep ngowahi laku boros. Siki nganah bali ngumah ningen aja kelalen jam 10 awan pada melu tadarusan neng Tajug ngo nambah ganjaran neng wulan puasa.”
Ora let suwe rombongan sing nembe becer pada mangslup umahe dhewek-dhewek. Inyong ketemu Kang Gutho, tukang batu sing wis puluhan taun ngodhe. Senajan wulan puasa,Kang Gutho ora pedhot gole ngodhe. Lemes tetep mangkat maring proyek irigasi. Kiye patut nggo tuladha tumrap pegawe pemrentahan, para pamong lan abdi Negara. Jalaran agi puasa aja nganti ana kedadean pelayanan umum dadi mandheg utawa kendho, kantor tutup gasik, pegawene mangkat awan bali awan. Apa maning pengetan HUT RI ping 66 pas puasa, semangat goli mengeti ya aja owah kudu tetep khitmad lan tetep gawe bungah masrakat.
Pancen angger depikir sing jero, wulan puasa tumrape wong Islam malah dearep-arep pisan sebab klebu wulan sing kebek barokah lan migunani nggo ngrumat awak. Neng wulan puasa malah ana istilah “turun mesin”, ora ngumbar hawa nepsu. Jan angger delakoni kanthi niyat ngibadah rumangsa kelangan detinggal wulan puasa.
Malah inyong krungu crita lamona akeh wong puasa prenyakit kaya mag, bludrek, rematik, diabet uga ambeyen mandan suda lan ilang babar blas. Kajaba kuwe akeh brayat sing tukang main maksiat, tukang adu jago, mabok-mabokan lan laku ala jere rumangsa olih hidayah sekang Gusti Allah.
Mulane sing duwe prenyakit dejajal puasa bae karo donga: “ Mala lunga, waras teka” mangsude men prenyakit lunga adoh sing teka warase. Amin. [BP]
2 komentar:
Blog ini unik dan menarik...salam ngapak ...
Nggih Matur Nuwun...
Posting Komentar