Selasa, 12 Juli 2011

Mesjid Ganu

Daning Pudjo Sumedi AS*
Jaman ganu seliyane nggo sembayang, mesjid uga ana fungsi liyane. Inyong melu ngrasakna. Dadi nggon turu. Deneng turu neng mesjid? Ya, pancen turu neng umah rasane ora nyaman. Ambene mung nganggo plupuh sing akeh ketinggine. Urung mangsan kasur utawa bantal. Turu neng mesjid rasane nyenengna pisan. Akeh batire tur sembayang subuhe dadi bisa jamangah, tangine ora krahinan.
Angger wektu subuh mesti degugah. Tukang adan goli nggugah pinter pisan. Ora mawi deoreg-oreg. Cukup deusap-usap karo sarunge dheweke maring raine bocah-bocah sing lagi padha turu, ora kejaba inyong dhewek. Sing inyong seprene kelingan terus kuwe ambune sarung utawa andhuk sing cokan nggo nggugah. Jan…. temenan, ora kelalen.
Si tukang adan ngemong pisan maring bocah-bocah mesjid. Sedawane nggugah dheweke karo puji-pujian; ‘Subhaanallaah walhamdu lillaah, walaa ilaaha illallaah, wallahu akbar’. Sanajan swarane blero ning nggrentes tekan ati.
Biyung-bapane inyong ora menggak angger inyong cokan turu neng mesjid. Emperen genah akeh positipe ikih, dadi dejorna bae.
Angger wulan puasa uga nyenengna pisan. Meh kempleng sedina-dinane inyong ngentongna wektu neng mesjid. Esuk, sore nganti wengi. Bali umah angger mangsan buka. Sewise rambung buka njuran sembayang magrib neng umah. Bar kuwe gageyan mangkat mesjid maning sisan sangu takir nggo agan saur.
Bar traweh biasane padha nderes Qur’an, gentenan. Angger lagi begya cokan ana sing njujugi jaburan nggo medangan sing agi darusan. Nglakon sawijine wengi bar nderes ora nana sing njujugi jaburan. Wetenge inyong krasa kemruwuk, akhire takir agan saur tek pangan. Lah akhire goli saur mung ngukup banyu pedasan thok.
Seliyane bar traweh goli padha nderes kaya wong lagi balapan. Saben-saben bocah nyekel Qur’an siji-siji. Sadawane wulan puasa padha akeh-akehan ngatamna Qur’an. Inyong paling mempeng mung bisa katam ping telu thok. Kanca batir liya cokan ana sing sanggup katam nganti ping lima.
Lah kiye wis meh wulan puasa. Kira-kira esih ana mesjid sing anget kaya critane inyong ora ya? Jan, temenan inyong cokan kemutan bae sweet memory dadi bocah mesjid. (03)

Dr. H. Pudjo Sumedi AS, SE, M.Ed*
Pemimpin Umum Majalah ANCAS, Wakil Rektor II UHAMKA Jakarta

Sebarna Tulisan Kie!



3 komentar:

Anonim mengatakan...

Bar maca tulisan kiye, ingyong kelingan jamane inyong cilik... pancen kaya kuwe... bocah cilik jaman dhisik diajari priatin, salah sijine gelem turu nang mesjid... tapi mesjid jaman saiki, akeh sing dikunci yen bengi... kepiye ya, carane ngajari bocah cilik jaman saiki ben prihatin...?

siswana mengatakan...

Bar maca tulisan kiye, ingyong kelingan jamane inyong cilik... pancen kaya kuwe... bocah cilik jaman dhisik diajari priatin, salah sijine gelem turu nang mesjid... tapi mesjid jaman saiki, akeh sing dikunci yen bengi... kepiye ya, carane ngajari bocah cilik jaman saiki ben prihatin...?

siswana mengatakan...

bagus tulisanne...