Daning Drs. H. Heru Sudjatmoko, M.Si
Aja mung teyeng ngedheng thok, sepisan-pisan kudu ngulungi. Kaya kuwe pesene wong tuwa jaman kuna maring anak putu. Maksude, dadi wong kudu ana sipat plewirane. Aja mungt njaluk thok, ningen sepisan-pisan kudu weweh. Pitutur mau kudu dadi pepeling lamona kabeh wong kudu duwe sipat plewira utawa perwira.
Perwira kuwe sipat utawa budi sing kudu deduweni neng para manggalaning jurit. Sipat perwira kuwe sipat tatag-tanggon, kendhel, ora weden. Perwira uga ora wedi kangelan, bisa mrantasi pegaweyan, disiplin, karo nggodhogi barang sing bener. Perwira kuwe duwe sipat sing tanggung jawab sing gedhe, ora keri njaga martabat uga rega dirine, adhoh sekang polah sing nistha.
Angger nganti temindak sing luput, wong sing perwira kudu wani ngakoni keluputane tur wani ngadhepi ukum sing delangggar. Sipat sing kaya mau kuwe, ora mung kudu deduweni manggala utawa prajurit, ningen kudu deduweni neng abdi negara liyane. Para mentri, kepala daerah, para wakil rakyat. Para pemimpin uga kudu duwe sipat perwira.
Tambah dhuwur pangkate kudu tambah perwirane. Neng masrakat sing sipate ngurmati maring garis turunan bapa, para pemimpin kudu eling lamona tindak-tanduke ora ucul sekang sorotan masrakat tur dadi tuladha neng anak buah lan rakyate. Mulane para pemimpin kuwe kudu bisa dadi tuladha sing apik.
Pemimpin, pamong praja kabeh kudhu duwe sipat perwira sing bisa dewaca neng solah tingkahe. Sapaha bae sing agi olih amanh mimpin kudu kemutan lamona kursi sing dejagongi ora nggo mikirna kemakmurane dewek, ning nggo ngabdi maring Negara, makmurna rakyat. Ningen akeh pemipimpin merga goli kepilih nganggo wragad sing oa sepethil njuran padha golet balen, nggolet tambahan isen-isen gledheg nggo kemakmurane keluwarga gutul anak putu.
Sewetara pejabat uga ana sing nganggo “aji mumpung”. Mumpung olih jagongan kepenak, mumpung bisa nyolong utawa ngediraken sipat cluthake. Mulane sering krungu neng sewetara daerah ana brita kebocoran anggaran, duwite Negara banjur ora cukup nggo mbangun praja utawa kemakmurane rakyat. Senajan wis mardika pirang-pirang puluh taun, masrakat sing adil makmur nganggo dhasar Pancasila urung bisa deranggeh.
Kabeh para pemimpin uga prelu duwe rasa tanggung jawab lan njaga kehormatane. Seliyane kuwe uga kudu wani ngakoni keluputan angger polahe pancen mlenceng sekang aturan. Jaman siki uga esih akeh pemimpin sing padha ngilari kritik, golet alesan karo mbeneraken tindakakane.
Sipat perwira kuwe ngedohi polah sing nistha. Pemimpin kudu ngemuti lamona pangkat nggendhong tanggungjawab sing abot. Duwe pangkat dhuwur uga kudu duwe budhi pekerti sing dhuwur kon supayane bisa dadi tuladhane masrakat utawa wong akeh. Pancen pemimpin sing duwe jiwa utawa sipat perwira kuwe debutuhna banget.
Sapaha bae sing dadi pemimpin bisaha kalis sekang godha utawa iming-iming. Dadi pemimpin kudu ngilari laku aji mumpung, ngrasa kuwasa, apa nggolet kesenengan dhewek.
Inyong precaya, senajan pemimpin sing duwe jiwa perwira kaya dadi barang langka ning mayuh sing langka kuwe dedukung konsupayane bisa dadi conto pemimpin liyane. Aja njuran malah apriori desramba uyah ujare kabeh pemimpin padha wateke.[02]
1 komentar:
Inyong wong Ardilawet - Panusupan Kec. Rembang.
Pak Heru mesti pirso.
Dengan adanya bongkar hutan di pegunungan Lawet, emang manfaat sekarang meningkat koyoto; Tanaman Kapulogo, Sereh, Nilam, Cinco, Salak Pondoh lan ono liane.
Sing tak gawe kewatir apa wis di teropong mengkone nek musim udan longsor dan sebagainya, sekarang hutan di Gunung Lawet bener Botak Pak, Jalan sudah parah rusaknya, sejak kampanye, Janji 1. Jalan, 2. PNS, kasunyatan siki malah STROK kabeh, sepeninggalan Pak Tri jan sama sekali tidak ada pengembangan malah kemerosotan, semua hanya memikirkan kepentingan project personal
Posting Komentar