Daning Tasdi, SH, MM
Purbalingga kasil olih maning Piala Adipura, sing gawe mongkog masrakat kabeh. Apa sing bisa diranggeh kuwe ora mung sekang kringete pemrentah thok. Ningen rakyat sing wis sadhar maring kebersihan, mbuwang runtah ora mung asal ber karo njaga lingkungan uga pantes olih pangalembana. Semana uga bakul-bakul neng Pasar Sega Mas sing padha njaga ketertiban karo kebersihan pasar, kudu diacungi jempol.
Ora luput angger Perwira dadi motone wong Purbalingga. Tangung jawab masrakat sing gedhe maring pemrentah, ora idhep rekasa, kesadharan njaga kebersihan karo lingkungan, jan-jane bisa dadi tengere watek perwira. Pancen esih pirang-pirang sipat perwira liyane, sing kabeh ngemu nilai-nilai positip tumrap kemajuane bangsa. Semangat perwira uga bisa ngobar-obar kiprahe pembangunan.
Kanggo nukulaken sipat perwira, bangsa Indonesia ora mung butuh ahli utawa professional sing paham maring bab tehnis neng sewijine bidhang. Ningen para kadher bangsa uga kudu nyadhari tur paham maring panggonan karo, perane maring pembangunan Seliyane kuwe, perlu dideleng lamona neng perkembangan umat manusia, ngelmu pengetahuan karo teknolog mung ngasilaken para spesialis sing nguasai siji keahlian jero ningen sesek.
Mangkane, saben keahlian dadi bagian sekang penguripan sing amba sing siji karo sijine ora bisa dipisah. Angger para spesialis mung ngerti keahliane dhewek thok, tur ora ngerti neng endi manggone karo perane maring pembangunan, bisa nekakakaken reribed sing gawe rugi penguripane bangsa.
Para spesialis kudu dijek rembugan karo duwe pikiran sing manunggal, ben olih manfangat kanggo penguripane bangsa. Pikiran sing manunggal kuwe ora liya sipat perwira sing kudu dipahami neng generasi penerus bangsa. Senajan ana reformasi ningen sipat perwira esih migunani tumrap bangsa, wigatine nggo sangu urip generasi nom-noman sing arep neruskaken lakune Negara.
Senajan reformasi ndadekaken wong pada duwe sipat individualism karo kebebasan neng kabeh bidhang, sipat satria bisa mbendung ben ora kebablasen. Senajan ana kebebasan, ningen peraturan perundang-undangan kudu dipanuti. Kebebasan neng sekabehe bidhang aja didaekaken dalan nggo ndhukung keperluan individu. Sebab neng kancah demokrasi uga ana rasa tanggungjawab sosial, karo kudu ngormati pikirane wong liya ora mung nggugu karepe dhewek.
Kabeh mau ana ning watek perwira sing dadi salah sijine pathokan urip kawit jaman kuna mekuna gutul siki. Angger neng lakune jaman akeh wong sing padha kelalen karo sipat perwira, senajan luput ningen ora duwe idhep ngisin, dadi kewajibane para pemimpin nggo ngelingaken. Aben dina neng siaran TV masrakat weruh tontonan anane pemimpin sing adoh sekang sipat satria.
Wis genah-genah duwe keluputan, malah mlayu meng mancanegara. Deundang neng KPK ora teka malah gole umpetan tambah primpen. Kuwe mau nidhokaken lamona esih ana bae pemimpin sing ora duwe sipat perwira, ngindhani aturan hukum sing wis dadi pranata sosial. Mangkane neng Indonesia masrakat esih butuh pemimpin sing duwe jiwa karo wawasan perwira kanggo ngrampungaken pembangunan.(02)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar