Menungsa angger agi ketiban apes ana bae jalarane. Inyong duwe tangga dadi supir trak. Arep laut pas sendhekala, ndilalah nabrak wong boncengan pit montor. Sing mboncengna thek sek tiwas, sing deboncengna tatu mlebu klinik. Ora ana seksi, mbuh sing luput sapa.
Tanggane inyong kuwe jenenge Kang Sirad, jane goli dadi supir wis lewih sekang selawe taun, ningen sapa sing ngreti arep ketiban apes nabrak wong nganthi mati. Urusane dawa molahi sekang pulisi, keluargane sing detabrak, urusan pengadilan, nebus trak nganti tekan nglakoni dekunjara sejrone setaun. Bandhane gusis nggo mragadi urusan pirang-pirang.
Rong dina bali sekang buen, inyong ngendhong nggo mbombongna atine Kang Sirad sing agi bunek. Apamaning juragane pasir mecat kang Sirad, jan…melasi banget nasibe Kang Sirad.
“Kang Sirad...sepuluh-puluh agi kenang apes, rika sing sabar mengko toli ana gantine maning. Gusti Allah ora sare, sing penting rika aja nganti pedhot pendongane”. Inyong nyobati kambi ngelus pundake. Bareng deelus kang Sirad malah nglegoso neng risban karo kembeng-kembeng matane.
“Iya Kang…Inyong kesuwun, rika ana kawigaten karo inyong. Ningen angger mikirna dhuwit sing wis metu, paribasane entong alas entong umah, entong bebek entong meri endhase inyong kaya pecah-pecaha. Angger detotal jendral inyong wis entong dhuwit nganti telungpuluh juta. Wis kaya kuwe detambah ora teyeng ngodhe maning”. Ujare Kang Sirad melas banget. Malah kang Sirad waleh lamona ali-ali jamane ningkahan ya delorod dedol nggo mragadi urusan nganah-ngeneh.
“Angger pancen rika gelem, inyong ana lowongan ningen udu dadi supir. Dadi tukang jaga gudang rika gelem”.
“Wah…kesuwun pisan Kang, muga-muga bisa dadi dalan pangan,” Kang Sirad mandhan bombong bareng ana pengarep-arep kodhean anyar.
“ Ningen inyong takon Kang Sirad, dhuwit puluhan juta sing detokna jane nggo ngapa bae?”
“Lha…rika kayong gumun temen, mbok jaman siki angger ngadhepi urusan hokum wong kudu cucul dhuwit? Jajal rika ngetung dhewek; inyong kudu nebus trak sing detahan neng kantor Pulisi; aweh dhuwit maring keluwarga korban sing mati; aweh sumbang nggo sing neng rumah sakit, urusan pengadilan, wragad neng buen liya-liyane.”
Krungu critane Kang Sirad, inyong thenger-thenger. Gedene supir trak, angger ketemu urusan ukum marakna bonjrod, entong bandhane. Inyong dadi kelingan wong sing korupsi trilyunan perak padha lolos mlayu maring jaban rangkah ngilari hukuman. Jan jaman edan temenan.
Siki akeh aparat, punggawa sing kudune njejegna hukum malah gawe rekasane masrakat, kayong ora nana perwirane babar pisan. Malah ana parikan sing kewentar, angger ana wong kelangan wedhus ora prelu lapur, mengko malah sapine melu kontal bate nggo ngurus prekara.
Angger depikir sing jero, jaman siki wis langka wong sing perwira utawa nduweni tepa slira. Apa kiye sing ketelah jaman edan, angger ora ngedan ora kebagian.
Jamam siki wis langka wong perwira mula aja kaget angger ana lakon kaya sing dealami Kang Sirad. Tembung Perwira miturut Kamus Lengkap Bahasa Indonesia karangane WILLIAM H. ISMAN M. B. ALI ngemu surasa “Pahlawan, berjiwa pahlawan, pemberani, gagah, dan tingkah lakunya baik.”
Mayuh depetani bareng-bareng, apa siki esih ana wong sing perwira sing bisa nggo panutan wong akeh? Perwira uga dadi mottone tlatah Kabupaten Purbalingga. Muga-muga brayat Baling nyontoni sipat perwira. [BP]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar