Senin, 09 Mei 2011

Wewarahe Ki Hajar Aja Detinggal

Saben tanggal 2 Mei Bangsa Indonesia mengeti Hari Pendidikan Nasional. Tanggal 2 Mei dejikot merga kuwe dina laire Raden Mas Suwardi Suryaningrat sing mengkone ketelah Ki Hajar Dewantara. Ki Hajar dadi pelopor Pendidikan Nasional. Dheweke pancen temenenan goli mikirna pendidikan. Neng jaman penjajahan Landa Ki Hajar ngedegna sekolah pribumi sing dejenengi Taman Siswa. Neng sekolah pribumi Taman Siswa, Ki Hajar Dewantara mulangna bab nasionalisme uga aweh cara kon supayane bisa ucul sekang kolonialisme lan imperialisme penjajah. Ki Hajar Dewantara uga nglairna wewarah “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”.

Nura Khabita
Utadzah TPQ Nurul Fatihah, Pageraji, Cilongok, Banyumas
Sistem pendidikan neng Indonesia esih manut maring tuntutane pasar global. Gemblengan belajar mengajar sing ana mligi nggo ngasah utek lan pikiran. Angger sing babagan nata ati lan jiwa kayadene pelajaran budipekerti lan mbentuk karakter sing apik kuwe esih kurang.
Program sertifikasi guru jere tujuane nggo ningkatna mutu pendidikan, ning nyatane sing ningkat siki nembe bayarane. Senajan wis olih sertifikasi ning esih akeh guru goli mulang urung duwe mutu sing apik. Tunjangan sertifikasi ora marekna guru dadi sregep sinau nambah ilmu lan keprigelan. Ana maning program RSBI utawa SBI. Sing jere Sekolah Bertaraf Internasional jebule ya mung anu jeneng tok. Mung enggo nggedekna gensi sekolahe.
Jaman gemiyen inyong rika padha esih cokan krungu wewarahe Ki Hajar Dewantara deomongna neng para guru, bocah sekolah nganti tekan para pejabat Dinas Pendidikan Nasional. Neng jaman siki wewarah “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani” wis ora tau deomongna maning. Ki Hajar Dewantara goli gawe wewarah pancen nggo para guru. Neng ngarep, guru kudu bisa dadi tuladha sing apik kanggone para murid. Neng tengah-tengahe para murid, guru kudu bisa aweh gagasan. Neng mburi, guru kudu bisa aweh semangat maring murid-muride. Sebenere wewarahe Ki Hajar Dewantara bisa dadi pondasine pembangunan pendidikan neng Indonesia.
Angger ndeleng sejarah dina laire, pengetan Hardiknas kudu dadi pengeling-eling lamona hakekat lan tujuane pendidikan kuwe mbangun semangat kemajuan. Pendidikan kudu bisa dadi srana nggo ngrubah kahanan sing maune dejajah dadi merdeka. Sing maune bodho kudu dadi pinter lan cerdhas [intelektual,spiritual,emosional]. Sing maune rekasa sewise ngalami pendidikan kudu dadi reja.
Novita Wijayanti
Ketua DPD KNPI Jawa Tengah
Bocah sekolah jaman siki renggane abot pisan, pelajarane beda adoh karo jaman gemiyen inyong sekolah. Siki bocah kelas siji SD pelajarane kaya bocah kelas siji SMP. Arep ndaftar sekolah uga sarate werna-werna nganti cokane ana sing ora ketampa. Nek ngadepi Ujian Nasional akeh bocah sing stress merga kewatir ora lulus. Bareng wis lulus uga padha bingung maning. Sing arep kuliah bingung merga wragade ora semending. Sing kepengin ngode nyatane jaman sekiye angel pisan golet kodeyan. Lulusan SMU utawa Perguruan Tinggi kabeh padha bae goli kangelan golet kodeyan.

Ngrembug masalah pendidikan neng Indonesia pancen ibarate kaya wong ngoceti brambang, sengsaya deonceti matane goli mrebes mili tambah banter. Ngonceti prekara pendidikan neng Indonesia ora ana tutuge merga akeh banget prekara sing urung bisa derampungi. Upamane program Rintisan Sekolah Bertaraf Internasional [RSBI] lan Sekolah Bertaraf Internasional [SBI]. Program RSBI-SBI jane duwe tujuan sing apik nggo ningkatna kwalitas pendidikan. Neng sekolah RSBI siswa kudu bisa ngomong, ngreti basa Inggris lan basa asing liyane, siswa uga kudu pinter nggunakna komputer lan program aplikasine.
Ning tujuan sing apik neng program RSBI-SBI kuwe urung gathuk karo kenyataane. Bantuan dana sing jumlahe ora semendhing sekang pemerintah pusat sering deiguh dadi program liya sing ora ana hubungane karo RSBI.
Program RSBI-SBI dekawiti taun 2006. Siki akeh ahli pendidikan sing ngusulna kon debubarna. RSBI-SBI deanggep wis nyidrani semangate pasal 31 ayat 1 UUD 1945 lan Undang-Undang No.20 tahun 2003 tentang Sistem Pendidikan Nasional. Wragad ora semendhing sing ana neng sekolah RSBI-SBI dadi marekna ora kabeh wong tuwa bisa nyekolahna anake. Kanggone wong sugih nyekolahna bocah neng RSBI-SBI pancen ora dadi soal. Ning kanggone bocah pinter sing wong tuwane ora duwe, sekolah neng RSBI ming arep dadi soal merga wragade. Jane akeh masrakat sing ora paham kenangapa arep blajar basa Inggris kudu larang wragade.
Mulyono Mardisukarto
Karet Kuningan RT003/02 Setia budi Jakarta Selatan.
Pendidikan jaman siki karo jaman gemiyen wektu inyong sekolah pancen beda. Molahi sekang kurikulume, bukune, wektune. Ning kayane pancen kudu debedakna angger ora beda kapan goli arep maju. Contone neng bab buku pelajaran, jaman gemiyen bukune bisa delungsurna meng adine. Jaman siki wis ora bisa delungsurna maning merga buku sing deenggo bola-bali ganti judul. Muga-muga bedane pendidikan jamn ndisit karo jamn siki akeh manfangate lan bisa bersaing karo negara liya.

Babagan blajar basa Inggris jane ora kudu nganggo wragad sing akeh. Sekolah swasta sing uwis kebukti bisa ngasilna bocah pinter basa Inggris ning ora ngendelna biaya larang contone Pondok Pesantren Gontor.
Ana maning sing ngomongan lamona anane RSBI-SBI ndadekna pendidikan sing ana neng Indonesia dejajah neng basa Inggris. Seweneh sekolah goli majibna pinter basa Inggris nganti ora kemutan lamona pendidikan neng Indonesia uga duwe kewajiban nguri-uri basane dhewek.
Wis dadi rahasia umum, esih akeh bocah sing ora bisa sekolah merga wong tuwane ora teyeng mbayar sekolah. Wacana pendidikan sing ana sering ndadekna bingun neng masrakat. Jeremonge ana program pendidikan gratis lan tambahe anggaran pendidikan nganti 20 persen nyatane esih akeh sekolahan sing narik biaya. Sekolah goli esih padha narik biaya merga anggaran sekang pemerintah urung bisa nganani kabeh kebutuhan sing ana. Tuntutan pengembangan lembaga pendidikan lan fasilitase dadi sarat utama sekolahan bisa dearani maju, apamaning angger wis wani nganggo jeneng Sekolah Bertaraf Internasional [SBI].
Teguh Trianton
Guru lan penulis
Desa Pagerandong RT 02 RW 01 Kecamatan Mrebet, Kabupaten Purbalingga 53352.
Pendidikan neng Indonesia kaya tlapakan tangan bar guleran belet terus depotokopi. Ora genah wujude, antara landasan filsafat karo cak-cakane neng sekolahan ora gatuk babar blas. Bocah sekolah mung dewulang kepriwe carane ngode, dadi buruh utawa kuli neng pabrik. Pelajaran nggo ngenal awake dewek, watek budayane sing sebenere dadi tujuan pendidikan malah ora dewulangna. Dadine bocah sekolah jamn siki ora padha ngreti tata-krama, lakune seneng niru niru wong luwar sing beda budayane.

Neng babagan srana pendidikan uga esih akeh masalah. Neng koran lan tv esih sering ana brita neng sewiji dhaerah ana gedhong sekolah arep rubuh merga ora duwe wragad nggo dandan. Bocah-bocah goli padha sinau neng ruang kelas sing jane ora wis patut depanggoni. Kiye uga masalah sing mesthine dadi kawigatine pemrentah.
Mayuh goli padha mengeti Hari Pendidikan Nasional mestine ora mung nganakna acara sing ora nana gandengcenenge karo masalah pendidikan. Esih akeh masalah pendidikan sing kudu gageyan detandangi nganti tuntas.
Wewarah tut wuri handayani sing temempel neng lambange Departemen Pendidikan Nasional mujudna lamona Depdiknas jan-jane bisa dadi motivator kemajuan lan perkebangane dunia pendidikan neng Indonesia. Wewarahe Ki Hajar Dewantara ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani” aja nganti detinggal kon supayane para guru lan pemimpin padha kemutan maning apa sejatine tujuane pendidikan.[04]

Sebarna Tulisan Kie!



1 komentar:

Aan Cendika mengatakan...

Nek ditutna pendidikan indonesia karo era global nggegirisi banget. apamaning para pejabat sing asal camat comot kebijakan maraih mumet ideologine. Sing penting pendidikan kuwe sesuai karo hati nurani pribadi indonesia seutuhnya karo pengaruh positif era global"