Daning Sumiarti *
Angger ngrembug masalah tujuan pendidikan kudu debedakna antarane aspek ideal, kaya sing ana neng Undang-undang No.20 taun 2003 tentang Sistem Pendidikan Nasional, karo tujuan pendidikan sing ana neng kebijakan lan pelaksanaane. Tegese, apa iya tujuan pendidikan sing ana neng UU Sistem Pendidikan Nasional kuwe wis temenan bisa delakoni?
Hendry Y. Trueba (2000) ngomongna, saben masrakat duwe cara sing khas neng uripe. Tegese, kabeh masrakat duwe konsep pendidikan sing padha karo karakter khas masrakate. Angger kaya kuwe saben bangsa mesthine wis padha duwe konsep sing khas lan tujuan pendidikan dhewek-dhewek. Arah pendidikan sing arep detuju dadi gambaran menungsa ideal sing arep debangun. Merga sing arep debangun kuwe menungsa ideal Indonesia, mesthine tujuan pendidikan sing ana neng Indonesia kudu ora kena ninggal dhasar kebudayaane. Goli padha gawe tujuan pendidikan dasare sekang budaya Indonesia.
Miturut Leslie M. Brown (1970:x) tujuan pendidikan ana loro. Sepisan Privat or self-aims: pendidikan sing tujuane nggo kepentingane awake dhewek. Upamane gelem sekolah merga ngarep-arep olih biji sing apik konsupayane gampang golet kodheyan lan bisa urip mandhiri. Sing kepindone Public-aims; pendidikan sing tujuane mentingna kepreluane wong liya lan masrakat. Pendidikan kudhu duwe tujuan nggo mbangun lan ngembangna keprigelan, kepinterane menungsa dhewek-dhewek (pembangunan manusia Indonesia seutuhnya) lan mbangun kepinterane masrakat (pembangunan masyarakat Indonesia seluruhnya).
Ki Hadjar Dewantara sing dadi Bapak Pendidikan Nasional wis ngomongna Pancadharma Pendidikan utawa lima prekara sing kudhu dadi dhasare pendidikan. 1. Kodrat alam tegese hakikate menungsa dadi bagian sekang alam semesta sing duwe rasa seneng lan duwe kepengin maju. 2. Kemerdekaan tegese kabeh menungsa kuwe jane pribadi sing kuat lan sadar bisa akur mangun peseduluran karo masrakate. 3. Kebangsaan artine kabeh menungsa ngrasa nyewiji karo bangsane dhewek sulaya karo bobot kemenungsan. 4. Kebangsaan tegese kabeh menungsa prelu njaga bobot lan kebudayaan nasional sing ana. 5. Kemanusiaan: Kabeh menungsa ora kena mungsuh maring menungsa sekang bangsa liya, kanthi pawitan keluhuran akal budi nuwuhna rasa ketresnan karo manungsa liya.
Angger deonceti, neng Indonesia goli padha gawe tujuan pendidikan kaya sing ana neng Undang-undang Pendidikan, kebijakan lan laku pendidikane siki mligi tujuane nggo mbangun akal [positivistic] lan mentingna baline pawitan [kapitalistik]. Tujuan pendidikan sing ana neng Indonesia esih niru pendidikan neng luwar negeri apa anane sing dewujudna neng kebijakan Negara uga sing delakoni neng lembaga pendidikan swasta.
Henry A. Giroux neng bukune “Is There a Places of Cultural Studies in Colleges of Education?” nakokna kenangapa esih semending ahli pendidikan sing nglebokna study budaya neng babagan reformasi pendidikan utamane neng lembaga pendidikan guru. Giroux ngomongna, penyebabe; 1. Model “teknokratik sempit” sing ngewasani lembaga pendidikan. Neng tradisi tektokratik bab menejemen lewih penting tenimbang ngembangna sekolah sing demokratis. 2. Padha ora gelem mahami lan ngregani anane beda. Kabeh murid deanggep asale sekang masrakat sing padha. Sing dadi guru kudu professional, duwe kepinteran lan objektif. 3. Studi kultural nolak pemahaman pedagogi dadi teknik utawa keterampilan sing netral. Pedagogi kuwe praktek budaya sing ora bisa ucul kudu melu ngrembug bab sejarah, politik, kekuasaan lan kabudayan. Sekolah jaman siki ora bisa ngindhani babagan isu akeh lan campure pirang-pirang budaya, kesukuan, identitas, kekuasaan, unggah-ungguh lan maknane kerja. Pedagogi kudu njawab pertakonan kepriwe carane mulang murid sing agi urip neng jaman globalisasi, teknologi canggih, system komunikasi jaringan produksi lan kabeh sing beda jaman sejarah seurunge.
Pendidikan Indonesia neng tingkat kebijakan uga prakteke nyatane esih lewih mentingna babagan kognitif. Niru pendidikan neng luwar negeri, ning dadi salah kaprah. Neng luwar negeri sing dekembangna intelektuale, neng Indonesia mung ngembangna kognitif tingkat rendah. Bocah mligi deblajari apalan ning ora deblajari mahami. Pendidikan siki esih lewih mentingna hasile tenimbang prosese. Murid ora duwe pengalaman sinau dadi (learn to be) menungsa apa anane sing duwe martabat (values), duwe pengetahuan (knowledge) lan keprigelan. Esih akeh sing nganggep lamona bocah goli sinau kasil lan orane dedeleng sekang bijine ora ndeleng keahlian lan kemampuane.
Dadi, mumpung urung kebanjur mayuh pendidikan sing ana neng Indonesia padha deapiki maning. Tujuane konsupayane anak putune dhewek dadi menungsa Indonesia sing lewih pinter, trampil ning tetep ora ninggalna budayane.
Sumiarti, M.Ag.
Dosen Jurusan Tarbiyah lan Ketua Program Studi Pendidikan Agama Islam Jurusan Tarbiyah STAIN Purwokerto. Kandidat Doktor Ilmu Pendidikan neng Universitas Negeri Yogyakarta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar