Daning K. Siswanto
Awake dhewek kabeh kudu tuwuh dadi apa bae temuju maring sing de-ancas
(Mahatma Gandhi)
Kabeh wong Banyumas wis ngreti maring Bawor? Bawor kuwe anak mbarepe Kyai Badranaya utawa kaki lurah Semar sing arepa dheweke kuwe dewa, ning uripe tetep presaja. Keluargane Semar momong trahe wong Pendhawa, momong para kesatria men aja padha klalen karo sipat satriane. Bawor urip neng njerone keluwarga sing lingkungane kaya kuwe. Bawor duwe wateg slonang-slonong, polos, nyablak ning ngerti pakarti, omongane medhok blak-blakan, blaka suta. Bawor wonge jujur, blaka, seneng mbela barang bener, seneng seduluran.
Nah Bawor, dedhapuk dadi perlambange wong Banyumas. Apa sih jane hebate B.A.W.O.R?.Men kemutan, kepenak deapal, men bisa deruntut siji-siji cekakane B.A.W.O.R tek etha-etha nganggo basa Inggris kaya kiye:
B : ‘be’ – macane [bi:], dumadi, dadi apa bae sing digagas, dekarepna.
A : ‘act’ – tandang, nglakokna apa sing depikir, ora mung ndopok thok.
W : ‘wisdom’ – wijaksana, solahe bisa dadi paugeran.
O : tinarbuka– terbuka, gelem ngrungokna pituture liyan, ora mung nggugu karepe dhewek, pinter mawas dhiri.
R : ‘relation’ – seneng brayan, mentingna srawung karo batir, nduwe watek ‘nyong seneng rika ya seneng’, mentingna guyub, ora gois methakil mung sekarepe dhewek.
Dadi wong Banyumas kabeh kudune ya duwe sipat BAWOR. Miwitine kepriwe? Ya sekang mbangun karakter BAWOR maring awake dhewek dhisit. Kabeh nom-noman Banyumas, kudu paham arti BAWOR mau. Ning ora mung paham thok, ya kudu delakokna, dedadekna laku pedinan– MAKE IT A HABIT. Lha angger wis dadi angleh, suwe-suwe dadi budaya. Dewiwiti sekang wong siji-siji, sekang inyong, sekang rika, sekang keluwarga kita, sekang sekolahan kita, kecamatan kita, kabupaten, karesidenan, propinsi, suku bangsa, bangsa Indonesia kabeh. Sipat BAWOR ya ora cempulek terus dadi, kabeh wong uripe ora bisa langsung m-BAWOR. Kabeh perlu wektu, perlu patang ”C” – 4C, sing nglakonine ya ora angles kaya wong arep semaput.
“C” sing siji sing dearani ‘jer basuki mawa beya’: cost. Ora kudu dhuwit sing deenggo ngongkosi sekolah lan liya-liyane, ning cost sing maksude padha karo paugeran ‘satria kudu wani tapa’. Tapa brata kuwe ya cost. Wektu, tirakat, upaya, pokoke kabeh sing sipate pengurbanan sesebut ‘cost’.
“C” kepindo dearani ‘change’: ngowahi. Kiye pancen angel. Sering awake dhewek padha ora ngreti arep kudu ngowahi dadi kaya apa? Angger mung owah, praenan ya gampang. Rambut decukur beda wis keton sejen. Ning sing demaksud owah kuwe owah dadi wong sing mbejaji, wong sing sukses, wong Banyumas sing dadi wong temenan. Kuwe tuli sing angel. Kudu owah pola pikirane lan tindak tanduke.
“C” nomer telu, ‘commitment’ – komitmen; kenceng neng ati, men tatag angger rika arep nglakokna apa-apa, ora mencla-mencle. Angger komitmene kenceng biasane wonge ora mleyat-mleyot kaya amben bodhol. Wonge tegas, lakune mantep, ancase ya jelas.
“C” kaping papat ’communication’ – komunikasi. Keprigelan nganggo ati lan lambe angger lagi berkomunikasi. Komunikasi kiye penting banget. Suksese wong kuwe ditentokna 85% sekang keprigelane goli komunikasi. Ora mung asal ndopok, ora mung asal mengap, ora mung asal moni. Komunikasi kudu ana isine. Ning isi thok ya ora cukup, kudu debarengi karo keprigelan mbabaraken liwat media sing pas men wong kabeh padha mudheng. Umpamane ana wong sing pinter banget, ngreti akeh silsilah lan crita wayang, ning ora bisa nyampekna karo wong akeh, apa dheweke bisa dadi dhalang kondhang? Wong ya pada bebeh nanggap mbok?
Sekang jlentrehan neng ndhuwur mau, lamat-lamat wis keton urut-urutane mbangun jati dhiri Banyumas lewat konsep patang langkah C-ne B.A.W.O.R. Lamat-lamat wis keton urutan carane mbangun Banyumas, mbangun urip men dadi wong sing sukses. Iya pancen isih lamat-lamat, urung cetha banget, isih kudu dijlentrehna maning, dijlimeti maning men engko langkah-langkahe karo konsepe BAWOR bisa dianut-turuti karo kanca-kanca Banyumas. Ora apa-apa. Konsep kudu mlebu sethithik-sethithik. Patang langkahe B.A.W.O.R engko dikaji siji-siji, nang setiap terbitan Ancas. Sing penting: ‘you hold the tiller of your own life’ – rika nyekel welahe uripe rika dhewek. Gemantung rika welahe arep nggo apa. Mangga kapan-kapan desambung maning. (01)
K. Siswanto,
Direktur HR. Management Panasonic Shikoku Electronics Indonesia,
asli Sidareja Cilacap
7 komentar:
apa kbr pak, senang bs kembali lihat senyumnya meski hanya di foto/ teman lama-wahyu
its nice knowing u
apa kbr mas, frm: wahyu / long time no see
its nice knowing u dari wahyu teman lama( see my fb wahyu pramesthi fadjar)
its nice knowing u dari wahyu teman lama( see my fb wahyu pramesthi fadjar)
its nice knowing u dari wahyu teman lama( see my fb wahyu pramesthi fadjar)
apa kbr pak siswanto? ( my fb account: wahyu pramesthi fadjar
Posting Komentar