![]() | |||
Tatto S. Pamudji |
Daning Tatto S. Pamuji
Wakil Bupati Cilacap SABEN tanggal 2 Mei, dhewek ngurmati Dina Pendidikan Nasional, mergane tanggal kuwe laire Bapak Pendidikan yakuwe Ki Hajar dewantara. Minangka Bapak Pendidikan, Ki Hajar duwe pinemu lamona saben bocah sing delairna , jan-jane wis duwe potensi dhewek-dhewek. Ben potensine ngembang, deprlukaken anane pendidikan sing bisa ngewongaken murid.
Dhasar pinemune Ki Hajar sing ketone singget kuwe duwe pengerten sing amba tur jero. Dadi, pengertene apik utawa alane pendidikan, gemantung keprimen hubungane antarane pendidik karo si murid. Merga kuwe, pemrentah bener-bener serius lkaro duwe janji nggo majokna pendidikan neng Indonesia.
Pemrentah Kabupaten Cilacap uga ndadekaken program pendidikan dadi bab sing utama. Minangka wong sing lagi deamanahi kon mimpin Cilacap, Inyong kepengin pendidikan nang Cilacap uga maju. Merga kuwe, Inyong ngampanyekaken “ora ana bocah umuran sekolah sing ora sekolah”. Slogan kuwe mangsude nggo gerakan mbrantas pedhot sekolah. Inyong sadar, salah siji kunci suksese urip kuwe merga nduweni kepinteran utawa merga nglakoni sekolah sing dhuwur.
Pancen sih ana wong sing sukses mangkane ora duwe pendidikan sing dhuwur, ningen kuwe mau merga duwe ketrampilan karo keuletan. Pancen ora kabeh wong bisa golet penguripan mung sangu bakat karo ketrampilan thok. Ningen nggo nggolet pegaweyan kantoran kayata neng pemrentahan, perusahaan, utawa pabrit tetep kudu duwe ijazah. Lah, nek tau njagong neng bangku sekolahan, wani tarunge nggo golet gaweyan.
Pendidikan Gutul Ndesa
Jaman siki wis ngliwati jaman merdeka lan, mangsane ngisi pembangunan. Pemrentah pusat duwe greget mbangun sekabehane bab. Ana bab pendidikan, ekonomi, kabudhayan,keamanan, sosial karo liya-liyane. Kebijakan pemrentah pusat uga kudu bisa dijlentrehaken nang pemrentahan propinsi uga pemrentah kabupaten/kota.
Gubernur Jawa Tengah Bibit Waluyo kawit mula wis duwe kebijakan pembangunan kanthi slogan “Bali nDesa mBangun Desa”. Intine slogan kuwe, ngejek rakyat Jawa Tengah kon nguri-nguri desane dhewek ben maju tur bisa ggo golet penguripan. Gerakan Bali nDesa mBangun Desa uga duwe mangsud wara-wara kon ora susah buara marig kota. Mangganua ya bisa urip neng ndesa bae, nggo ngapa kudu ndhandheng kota.
Lah, kebijakan Gubernur Bibit Waluyo mestine uga ditanggapi neng pemrentah kabupaten/kota sing dadi wakile neng wilayah. Merga kuwe, gerakan Bali nDesa Mbangun Desa uga denggo neng pemrentah Kabupaten Cilacap nganggo slogan gerakan ‘’Bangga Mbangun Desa’’.
Gerakan Bangga Mbangun Desa kuwe duwe saka guru sing dadi ancas utamane. Ana patang saka gurur Gerakan Bangga Mbangun Desa yakuwe bab Pendidikan, Kesehatan, Ekonomi, karo Lingkungan.
Kebijakan Gerakan Bali Ndesa Mbangun Desa karo Bangga Mbangun Desa sejatine duwe ancas sing utama yakuwe manfangataken Sumber Daya Manusia karo Sumber Daya Alam sing ana neng ndesa. Tulung, aja duwe pikiran lamona gerakan Bangga Mbangun Desa ancase minangka gerakan politik praktis merga ngadhepi Pilkada 2012.
Gerakan Bangga Mbangun Desa jan-jane minangka tambahan gas nggo pembangunan sekabehe, sing dadi salah sijine wujud tanggung jawab Inyong sing diamanahi mimpin Kabupaten Cilacap gutul taun 2012. Sebabe apa? Sebab, minangka pimpinan mesthine Inyong kudu tanggung jawab maring rakyat uga tanggung jawab maring Gusti Allah. Tekan taun 2012, Inyong kepengin apa sing ldadi tanggung jawabe Inyong bisa rampung tur beres.
Keprimen bab tanggung jawab neng bab pendidikan? Inyong kepengine ora ana bocah sing pedhot sekolahe. Mergane Inyong kepengin, bocah-bocah kuwe neng tembe mburi, nasibe lewih apik, drajate dhuwur, duweni kepinteran sing mumpuni, duwe mora. Merga bocah-bocah mau neng tembe mburine dadi calon-calon pemimpin. Nah, Inyong karo pemrentah Kabupaten Cilacap mesthine duwe tanggung jawab nyiapaken generasi kanggo tembe mburine Bangsa karo Negara Indonesia. Mulane, mayuh padha depikul bareng-bareng. Pemrentah karo rakyat padha iring-irngan mlakune, nyuksesaken gerakan Bangga Mbangun Desa, sing salah sijine nyuksesaken bab pendidikan.
Alhamdulillah, program pendidikan sing dipandegani Dinas Pendidikan, Pemuda dan Olahraga Kab upaten Cilacap alon-alon ningen klakon. Kejaba dinas, sokongan lembaga kemasyarakatan karo sosial uga padha melu nyengkuyung, klebu pribadhi-pribadhine. Gerakan beasiswa uga mlaku, sing opadha nyumbang terustambah, uga sing padha duwe greget melu mbangun sekolahan. Wong-wong sing padha sukses ekonomine, uga padha nduweni greget gawe sekolah swasta malah ana sing neng ndesa pucuk gunung. Kabeh mau sing padha nyengkuyung kuwe, kudu diregani. Merga kiprahe dadi bukti lamona padha duwe tanggung jawab maring Bangsa karo Negara.
Muga-muga pendidikan neng Indonesia, utamane Kabupaten Cilacap tambah maju tur berkembang. Merga ilmu kuwe migunani nggo majukaken regane Bangsa karo Negara. Salam. (02)
1 komentar:
Bener kue gan..
Posting Komentar