Tiara Gian Puspi. Undangane Tiara, lair 15 Juli 1992 neng Cilacap. Ngrampungna sekolah dasar neng SD Al Irsyad 01 Cilacap, nerusna maring SMP Negeri 1 Cilacap. Sewise kuwe njuran mlebu SMA Negeri 1 Cilacap. Siki dadi Mahasiswa Semester 2 neng Fakultas Kedokteran Universitas Jenderal Soedirman Purwokerto.
Seliyane sibuk kuliah Tiara uga aktif neng organisasi Pecinta Alam Fakultas Kedokteran Unsoed, OSIPITAL. Njuran aktif uga neng HSC (Health Study Club), kumpulane mahasiswa kedokteran sing padha seneng jagad tulis.
Pancen, Tiara ora kepengin mung dadi dokter thok. Tegese dheweke kepengin dadi dokter sing ngreti kahanan lingkungan. Ora mung lagi neng ruang praktek, ngadhepi pasien utawane ngracik obat, ning nggatekna kewarasane masrakat. Contone, aweh pengerten maring masrakat bab pentinge njaga kesehatan awak lan lingkungan.
Putri mbarepe pak Yoni Sugianto sing dadi PNS neng RSUD Cilacap lan Ibu Endah Puspitowati sing uga PNS neng Dinas Kesehatan Kabupaten Cilacap duwe pengangen-angen dadi dokter neng desa. Tujuan seliyane bias tulung ngobati masrakat sing mriyang uga bisa melu ningkatna kesejahteraan masrakat. “Angger masrakate sejahtera, tolih pada ora gampang lara,” semaure Tiara detakoni kenangapa masrakat kudu urip sejahtera.
Senajan mbekayune Sekarini Gian Puspi lagi dhong pemotretan krasa kangelan nglumuhi bocah cilik depriksa dheweke malah tambah mantep goli kepengin dadi dokter. “Apamaning mbesuk angger wis mriksa sing temenanan ya. Wah tambah menarik,” Tiara ngomong karo mesem.
Manggu-manggua saben desa ana dokter, anak polindese uga ambulane sisan. Dadi masrakat sing mriyang gageyan bisa detulungi. “Insya Allah mbesuk tek usahakna bisa kaleksanan.” Pengarepe Tiara. Amin. (03)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar